Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 7

KLUWUNG KANG NGETUTI BADAI

(Dening: Rizki Amalia Arifiani / XII MIA 6 – 27)

‘KRIIING!’

Bel alarm muni pas jam setengah enem isuk. Karo males-malesan, Kintan nyoba njupuk
jam bekere, nanging jam iku malah ceblok. Mula, munine alarm mati dhewe. Wis sepuluh
menit dheweke tangi, nanging durung bisa ucul saka jeratan kasure sing pancen anget banget,
amarga isuk iku cuacane adhem. Sakwise kasil ngumpulake kabeh nyawane, Kintan tangi saka
kasur lan langsung narik andhuk sing gumantung ing gantungan cidhek lemari kamare.

Kintan, mangkono celukane. Jeneng jangkepe Kintan Shafna Malik. Bocah ayu sing
rambute ngandhan-andhan kacoklatan lan mripate coklat iki asale teka kaluwarga sing sugih.
Wong tuwane nyambut gawe ing perusahaan sing padha. Bapake, njabat dadi direktur utama
lan ibune dadi sekretaris sing dipercaya dening perusahaan asuransi sing kondhang ing Kota
Kembang, kota ing ngendi Kintan lan kaluwargane tinggal saiki.

Sawise Kintan siap-siap sekolah lan wis rapih, dheweke nlusuri saben bagian omahe
kanggo nggoleki sapa sing mbokmenawa ana ing kono.

“Lho, kok sepi banget, ya? Isih jam 6 isuk omah wis kosong mlompong wae,” grundel
Kintan ing njero ati, “yah, mesthi bapak lan ibu wis budhal nyambut gawe dhisikan. Isuk banget
budhale, mulihe ya bengi banget. Kapan ana wektu mung kanggo mangan bareng?” Kintan
nerusake grundelane, “sarapan dhewean maneh, deh.” Dheweke nyoba mesem lan cepet-cepet
nyamber sairis roti tawar lan selai sing jebule wis disusun rapih ing dhuwure meja makan.

---

Saiki, Kintan kacathet dadi murid kelas XII ing SMA Bina Nusantara. Dheweke kalebu
arek sing digolongake istimewa ing sekolahe. Bayangna wae, saka kelas X, dheweke mesthi
mlebu ranking paralel. Dina iki kuwi pembagiane rapot sisipan, sawise 2 minggu kepungkur
Kintan nindakake Ulangan Tengah Semester Ganjil.

“Kintan!” celuk Dahlia sing lagi lungguh ing bangkune, nalika Kintan mlebu kelas.

“Sugeng enjing, arek ayu. Ora biasane raut wajahmu ketok sumringah banget isuk iki.
Ana apa?” godha Kintang sing uga heran.
“Ha-ha, ora apa-apa. Aku mung ngrasa seneng amarga dina iki rapot sisipan dibagi.
Aku wis ora sabar pingin ndelok bijiku, muga wae ora ‘kobongan’ kaya semester sadurunge!”
jawabe Dahlia karo tangane nyilang ing dada, tandhane kaya dheweke lagi deg-degan.

“Iya iya, arek pinter. Yen aku sih, biasa wae. Toh, senajan bijiku elek utawa apik,
reaksine wong tuwaku ya padha wae. Mung ngangguk-ngangguk lan ngomong ‘Ooh’.
Mangkelna, kan?” Kintan ndeleh tas pink-e lan lungguh ing jejere Dahlia. Raine dumadakan
dadi sedhih amarga omongan sing dheweke ucapake ana pirang detik kepungkur.

Ya, Dahlia, sahabat karibe pancen wis ngerti kepriye sifat wong tuwane Kintan. Sibuk,
arang nang omah, lan ketokane ora nggatekake Kintan. Kintan mesthi ditinggal nyambut gawe
karo wong tuwane. Budhal isuk banget nalika Kintan isih turu lan mulihe bengi banget nalika
Kintan wis turu. Ora arang, Kintan ngomong yen dheweke kesepian lan katresnane wong
tuwane, kaya pas dheweke cilik biyen.

“Dhuh, mulai deh cemberute. Wis wis, lalina wae. Ndang siapna buku-bukumu. Pak
Calum wis teka,” Dahlia ngalihake omongan supaya Kintan ora katerusan ing mood-e sing
dumadakan acak-acakan.

---

“Kintan Shafna Malik,” celuk Pak Calum, wali kelase. Wektune dheweke nrima rapot
sisipan. Karo wajah sing lesu, Kintan njupuk rapot saka tangane Pak Calum lan ndelok biji-
bijine.

“Bijiku mudhun, ora kaya semester sadurunge. Ya, palingan amarga aku saiki males
sinau. Ah, aku ora ngurus. Toh, ibu lan bapak ora bakal nyeneni aku. Nanging lumayan, aku
entuk biji sampurna ing 3 pelajaran. Bahasa Inggris, Matematika, lan Fisika. Muga wae
mengko ibu lan bapak seneng ndeloke,” grundhel Kintan ing njero ati karo ndedungo reaksi
wong tuwane luwih tekan biasane.

“Piye, Tan? Biji ing rapotmu apik-apik, kan? Kayake aku ndelok ana biji satus ing
rapotmu, nanging kok wajahmu isih pancet lesu wae?” takon Dahlia mbuyarake lamunane
Kintan.

“Eh? Apa?” Kintan kaget amarga dumadakan Dahlia wis ngadeg ing cidheke. Dheweke
nyoba focus, “iya, pancen ana. Nanging Li, aku ora sanggup mbayangake reaksine wong
tuwaku sing biasa banget nalika ndelok bijiku mengko. Aku wis ngupadi mati-matian kanggo
ngentukake biji apik, nanging apa reaksine wong tuwaku mung kaya ngono wae? Sakit banget,”
Kintan njlentrehna isi atine. Dahlia mung bisa ngangguk, lan nyoba nyenengake atine Kintan.

---

Jam 3 sore, Kintan tekan omahe. Ing ngarep omah gedhe cat putih iku, ketok ana loro
montor sing parkir. Kintan langsung meruhi montor iku, amarga iku montore bapak lan ibune.

‘Hmm.. Arang banget bapak lan ibu ana ing omah sore-sore kaya ngene,’ ucape Kintan
ing njero ati.

Karo nentheng rapot sisipan, Kintan nglangkahake sikile mlebu ing njero omah.

“Pak, Bu. Kintan mu…,”

Gurung mari Kintan ngucapake salam, dheweke malah keprungu swara ribut saka njero
omahe. Langkahe mandheg, lan nyoba ngerungokake swara iku kanthi saksama. Kintan
kaget…

“Iki kabeh salahe ibu! Yen wae ibu gelem ngrungokake omonganku biyen, mesthi wae
perusahaan ora bakal bangkrut kaya saiki! Delok wae, kena apa awakmu menehi kabeh saham
perusahaan nang kanca lawasmu kuwi? Dheweke kuwi tukang mbujuk! Perusahaan dadi rugi
banget amarga ulahmu, bu!” jare bapake Kintan nang bojone iku kanthi kasar. Ibune Kintan
mung bisa nangis ing dhuwure sofa.

“Ru… rungakake ibu dhisik, pak. Aku ora ngerti yen ngene dadine. Jonas iku biyen
kancaku sing becik, bisa dipercaya. Nanging…”

“Wis ta, apa maneh sing bisa dijelasna? Sing jelas, saiki dheweke ora becik kaya sing
ibu kira! Dheweke wis nyebabake perusahaan awakdhewe rugi. Kepriye nasib urip iki
sateruse?!” Bapake kintan medhot omongan bojone. Raut wajahe tegang, lan uga katon
kuwatir.

Kintan sing wiwit mau ngrungokake omongan wong tuwane saka walike tembok ruang
tamu, mung bisa lungguh amarga lemes. Rapot sing dheweke gawa ceblok. Pandangane
kosong, pikirane ya mabur ing ngendi-endi.

---
“Apa artine iki kabeh? Aku lagi wae mulih nang omah, niate ngabari yen biji rapot
sisipanku apik. Nanging, kok malah kabeh iki kedadeyan? Ah…,” ucape Kintan, swarane lirih.
Dheweke ngupadi sakkuat tenaga nahan luhe, karo lungguh ndeprok ing lantai.

Perdebatan wong tuwane tambah tegang. Ora tau sadurunge bapak lan ibu Kintan debat
kanthi bapake nglepasake omongan sing kasar kaya saiki. Awake Kintan makin gumeter.
Dumadakan dheweke keprungu…

“Aku nyesel wis percaya karo awakmu! Tak kira awakmu bisa njaga perusahaan
awakdhewe kanthi becik. Nanging apa kenyataane? Awakmu uga sing mbuat perusahaan
bangkrut lan pindhah nang tangane Jonas, kanca lawas sing mbokpercaya iku!” bentak bapake
Kintan.

“Tenang dhisik, pak. Coba diomongi kanthi ati sing adhem. Dudu maksudku menehi
kabeh saham perusahaan nang Jonas, nanging aku ngrasa dijebak karo dheweke. Aku ora ngerti
yen sawise dheweke nrima saham iku arep didol kabeh aset perusahaane. Tulung percaya
aku..,” Ibune Kintan ngupadi ngeyakinake bojone iku.

PLAK!!

Tamparan ndharat nang pipi ibune Kintan, nimbulake swara sing banter. Ibune Kintan
kanthi tiba ing lantai. Kintan sing ngerti yen bapake barusan wae nampar ibune, spontan nangis.

“Sepurane, pak…,” Ibu Kintan ngomong karo swara lirih. Mung iku sing bisa diomongi
karo dheweke.

“Wis tak kandhani, aku wis ora gelem percaya karo awakmu maneh! Pancen aku bodho
banget ngejarno bojo sing tak percaya malah ngrusak kapercayaanku kuwi! Luwih apik kita
pisah wae, muak aku!”

Kintan syok banget ngerungokake ucapan bapake nang ibune. Awake lemes kaya ora
duwe balung.

Astaghfirullah.. Apa bener sing barusan tak rungokna? Apa mungkin bapak tega kayak
mangkono? Aku ora tau ngrasa seneng, kok mesthi sedhih wae sing ana ing uripku? Aku wis
ora kuat, Astaghfirullah…,” Kintan nglontarake isi atine saiki.
Kintan dumadakan ngrasa frustasi banget, rasa ing atine campur adhuk. Dheweke
durung bisa nggawe akal sehate kanggo mikir. Dheweke nyeka luhe sing mbanjiri pipine.

“Yen ngene, mending aku minggat wae saka omah. Aku ora betah! Aku ora pernah
ngrasa seneng ing omah!” Kintan njupuk kaputusan. Dheweke langsung lari nang njobo omah,
ora ngurusi kondisi awake sing nguwatirake.

Dheweke mlayu, terus mlayu. Dheweke wis trauma karo kondisi ing omah. Omongan
wong tuwane mau terus mbayangi relung fikire. Nganti…

BRUAKK!!!

“Awake Kintan terhempas karo mini bus sing liwat ing jalan raya. Kintan ora sadar yen
dheweke lagi ngliwati jalan gedhe sing rame. Awake nggeletak ora sadar karo bersimbah getih
abang seger. Wong wong sing ndelok langsung nolong bocah ayu sing malang iku.

---

Swara sing lemah keprungu nganti ujung kamar. Kintan kanthi alon-alon mbukak
mripate.

“Hah? Aku ini nang ngendi? Kok kabeh awakku rasane lara? Kok sirahku diperban?”
takon Kintan kanthi swara lirih.

Ibu Kintan sing uga ana ing kono sadar yen putrine wis siuman.

“Kintan? Ora apa-apa, sayang? Maaf…,” jare ibune karo nangis terisak-isak.

“Kintan wonten pundi, bu? Bapak pundi?” Pitakon iku sing spontan Kintan takok nang
ibune.

“Kintan saiki ana ing rumah sakit. Alhamdulillah, kondisimu saiki wis tambah apik.
Bapak saiki lagi ngurusi biaya administrasi,” jawab ibune Kintan karo nggenggem tangane
Kintan sing lemah.

“Maaf ya, nak. Ibu barusan sadar yen Kintan ngerungakna omongane ibu karo bapak
sore mau. Ibu nyesel banget…,” Ibu Kintan nerusna omongane.

“Ibu kaliyan bapak wonten napa? Kok ngantos kados menika? Punapa kedah maketen
rumiyin dadosipun enggal dalem saged nyaged angetipun asih gandrung ibu kaliyan bapak?
Jujur, seprika dalem sampun ngersakaken sedaya menika..,” Wajah Kintan dumadakan dadi
sedhih banget.
Mung wae Kintan arep nglanjutna omongane, bapake Kintan teka karo nentheng tas
kresek sing isine obat tebusan saka rumah sakit.

“Kintan? Wis sadar, nak? Piye rasane, apa wis mendingan?” takon bapake Kintan.
Ekspresi ing wajah bapake nekanake yen kesel lan kuwatir.

“Nggih, bokmenawi langkung sae saking saderengipun. Pak, bu, saleresipun enten
samukawis ingkang kersa Kintan ngantosaken datheng ibu uga bapak..,” jare Kintan kanthi
intonasi sing lembut lan alem. Mripate Kintan wis kudu nangis wae.

“Apa iku, nak? Ngomong wae supaya bapak lan ibu ngerti,” takon bapake.

“Punapa ibu uga bapak kedah maben wau? Kintan wau mireng sedaya ingkang ibu uga
bapak ginemaken, raosipun Kintan kegebag sanget. benjing menapa Kintan sanguh ngradini
kegesangan keluarga ingkang normal kados kanca-kanca Kintan bentenipun?” Butiran mutiara
kuwi ngalir ing pipine Kintan. Dheweke wis ora tahan mbendung rasa sedhihe.

“Kintan kersa, bapak uga ibu saekaken malih. Kintan kersa, Kintan sanguh rumaosaken
angetipun asih tresna bapak kaliyan ibu ingkang wetah, tanpa kirang sekedhika. Kintan kersa
ibu uga bapak mboten kesupen kaliyan Kintan amargi urusan padamelan..,” jare Kintan.

Dumadakan, swasanane dadi hening. Bapak lan ibu Kintan bingung kudu ngomong
kaya apa, bapak lan ibune wis sadar saiki.

“Ya, nak. Saiki bapak lan ibu sadar. Maaf ya, sayang. Bapak janji ora bakal ngulangi
kedadeyan sore mau. Bapak khilaf…,” Bapak njawab karo nahan luhe.

“Perkara sing sore mau, lalina wae. Kabeh sing elek iku Insya Allah ora bakal
kedadeyan maneh,” Bapake Kintan mesem ngeyakinna Kintan.

“Uga, awit detik iki, Ibu bakalan mandheg nyambut gawe. Ibu janji bakal ngurusi
Kintan lan bapak. Maaf ya, nak. Ibu tresna Kintan…,” jare ibune Kintan nglanjutna omongan
sadurunge. Ibune nangis, terus ngambung keninge Kintan.

“Kintan uga tresna ibu… kaliyan bapak,” Kintan mesem, bibire gumeter amarga
terharu.
Pungkasane, apa sing dikarepake Kintan kabeh wektu iki mawujud. Tresna asih lan
perhatian sing utuh saka wong tuwane. Senajan kudu ngliwati proses sing ora penak kaya
ngene, nanging kanggo Kintan, kabeh ora krasa lara. Amarga, mung wae ibune janji bakalan
ngurusi dheweke kanthi sagenep ati. Ya, kaya pas Kintan isih cilik biyen. Kaya apa sing
dikarepake Kintan.

---

“Kabeh wong pingin begja, ora ana sing pingin nandhang susah. Nanging, kita ora bisa
ngrasakake endahe kluwung, sadurunge udan mudhun, badai teka, lan mandheg.”

You might also like