Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 47

‫السل م عليكم ورحةم ال وبر كا ته‬

‫ك‬ ‫ب‬ ‫ب‬


‫ر‬ ‫ن‬‫ك‬ ‫با‬ ‫ب‬
‫ك‬ ‫ك‬‫و‬ .ً‫أ‬
‫ر‬ ‫ه‬ ‫ب‬ ‫ص‬
‫ص‬ ‫و‬ ‫با‬ ‫ب‬ ‫س‬‫ك‬‫ن‬ ‫ه‬ ‫ب‬ ‫م‬ ‫ل‬
‫ك‬ ‫ع‬ ‫ج‬ ‫ف‬
‫ك‬ ‫ا‬
‫ر‬ ‫ب‬ ‫ش‬ ‫ب‬ ‫لب الببذى خلكبق صمبن الهمببا ص‬
‫ء‬ ‫ص‬ ‫اكهلههمبهد‬
‫ه ك ك ك ك ك ك ك ك ك ه كر ك هر ك ك ك‬
‫ كوكعلكبىَ أًكلصبصه‬.‫ضبصل اهلكهلبصق كوالهبكوكرى‬ ‫ك‬ ‫ه‬‫ف‬‫ك‬ً‫أ‬ ‫صلكةه والمسلكم عكلىَ سيصدكنا هممم د‬
‫د‬ ‫ك‬ ‫ك ه ك ك‬ ‫م‬ ‫ال‬
‫و‬ ‫ا‬
‫ر‬
‫هك ك‬ ‫ب‬ ِ‫ي‬ ‫قك ص‬
‫د‬
‫ل الهكعلصبيي‬ ‫ فكلك حبوكل و كل قهبموكة اصلم ببصبا ص‬.‫ أًكمما ببعهد‬.‫وصحبصصه صلكرة وسلكما ككصثيبرا‬
‫كه ك‬ ‫كه‬ ‫ك ك ه ك ك ك ر هر‬
.‫الهكعصظهيصم‬
Poro Bapak, poro Ibu Shoho sedoyo tamu undangan walimatul
Ursy ingkang kawulo mulya’aken. Mboten kesupen dumateng
sedoyo poro pengantar kemanten ingkang kawulo hormati. Shoho
poro hadirin lan hadirot ingkang kulo hormati.
Wonten ing mriki kawulo minongko wakilipun Bapak Shohibul
Hajat utawi ingkang kagungan dalem, langkung rumiyin kulo
nglahiraken puji lan syukur dateng Alloh subhanahu wa ta’ala,
ingkang sampun paring pinten-pinten Rohmat Taufik shoho
Hidayah dumateng kito sedoyo. Sehinggo kito saget keroyo-royo,
guyub lan rukun, sami rawuh wonten ing dalemipun Bapak Hamid
puniko, kanthi kawontenan ingkang sehat wal afiat.
Shoho Rohmat lan Salam bahagia Alloh mugio tetep dipun
limpahaken dateng junjungan kito Nabi besar
Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam. Ugi dumateng poro ahli
keluarga lan poro sohabatipun, mugi-mugi atas kerawuhan kito
sedoyo ing saat meniko andadosaken sababiyahipun kito mbenjang
pikantuk syafaatipun kanjeng Nabi.

‫ي‬ ‫ب الهعا لك ص‬
‫م‬ ‫م‬ ‫ر‬ ‫يِا‬ ‫ي‬ ‫اكص‬
‫م‬
‫ك هك‬ ‫هك ك ك‬
Poro Rawuh Ingkang Kulo Hormati
Wonteng ing mriki kawulo minongko wakilipun Bapak Hamid
ingkang kagungan dalem sepindah kawulo ngaturaken sugeng
Rawuh, dumateng poro tamu-tamu sedoyo, sami ugi sangking
undangan walimatul Ursy, utawi poro pengantar kemanten. Dene
punopo panjenengan sedoyo kerso ngrawuhi undanganipun Bapak
Hamid sekeluarga boten kesupen Bapak Hamid sekeluarga
ngaturaken.

‫كمهر كحربا أًكههلر صبه ه‬


‫ضهو صر هكهم‬
Ingkang kaping kalih Bapak Hamid sekeluargo nyuwun agunging
pangapunten dateng hadirin sedoyo mengenai kekirangan sangking
segi nopo kemawon. Sami ugi sangking segi panggenan, papan
pinaraan, pasugatan, shoho poro sinoman ingkang sami leladen,
lan monggo hidangan ingkang sampun kasediaaken meniko kito
ni’mati utawi kito dahar kanthi dipun kawiti mawi upacara
Bismillahirrahmanirrahim. Monggo dipun dahar sa’wontenipun.
Poro rawuh ingkang kawulo hormati !
Sa’lajengipun kolo wahu Bapak wali utawi tiang sepuhipun
penganten putri sampun masrahaken putro-putrinipun, dumateng
keluarga mriki, khusus ipun dumateng Bapak Hamid selaku tiang
sepahipun penganten putri inggih puniko ingkang asmo sederek
Hindun. Pramilo ing mriki kanti raos maremipun penggalih shoho
bingahipun manah, shoho kanti ucapan Alhamdulillah,
penyerahanipun kolo wahu kulo trami kalean asto kaleh. lan
langsung mulai saat meniko kemanten kaleh kolowahu kulo akehi
dados putro kulo kiambak lan dados keluarga kulo. Shoho kulo
nyuwun tambahi doa restu. Mugi-mugi kulo selaku tiyang sepuh
mriki, sageto mendidik shoho ngopeni dateng putro kaleh
kolowahu, sehinggo saget membentuk rumah tangga ingkang
bahagia, sejahtera, maslahah lan barokah dibawah naungan ridho
Alloh subhanahu wa ta’ala. Amien.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Ingkang terakhir mbok bilih acara meniko mangke sampun
paripurno, menawi panjenengan wonten ingkang kerso jagong,
kawulo inggih nyumbanggaaken, ugi malah matur nuwun. Dene
menawi terus kundur kawulo mboten saget nyangoni menopo-
menopo, namung saget ndonga’aken, mugi-mugi kundur
panjenengan saking griyo mriki, ngantos dumugi dalemipun
piyambak-piyambak, kalian Alloh dipun paringi wilujeng, mboten
wonten alangan punopo Amien.
Akhiripun kangge kulo, kulo cekapi semanten kemawon, kirang
langkungipun anggen kulo matur, sedoyo kelepatan kulo, kulo
nyuwun agunging pangapunten.

‫و بال التو فيق و الدايِةم‬


‫والسل م عليكم ورحةم ال وبر كا ته‬
PIDATO PENYERAHAN KEMANTEN

‫السل م عليكم ورحةم ال وبر كا ته‬


‫صبلكةه كوالمسبلكهم‬ ‫ كوال م‬.‫يب اليسبكفا كح‬ ‫ل‬
‫ك‬ ‫ع‬ ‫م‬‫ر‬
‫م‬ ‫ب‬ ‫ح‬‫و‬ .‫ح‬ ‫با‬ ‫ب‬
‫ك‬ ‫ك‬ ‫ن‬
‫ي‬‫ال‬ ‫با‬ ‫ن‬‫م‬‫ل‬ ‫ح‬ ‫ك‬
ً‫أ‬ ‫ذى‬ ‫ل المب ص‬
‫اكهلمهدص ص‬
‫ك ك ك ك ك هك‬ ‫ك‬ ‫ك‬ ‫كه‬
‫صبكحابصصه‬ ‫وك‬
ً‫أ‬ ‫ وعلبكبىَ اكلصب ص‬.‫عكلىَ سبيصد نبكبا همممبدد المبصذى هبكدا نبكبا إصكلب سببصيصل النمجبباح‬
‫ه‬
‫ك ه‬ ‫ك ه ك ك كك‬ ‫ك‬ ‫ك‬ ‫ك ك‬
‫صلكصح أًكمما بعهد فكلك حوكل ولك قهبموكة إصلم صبا ص‬
‫ل‬ ‫م‬ ‫ال‬
‫و‬ ‫ق‬ ‫أًكهلصصه الصهد ص‬
‫كه ك‬ ‫ك ص ك‬
Poro Bapak, Poro Ibu, Poro Tamu undangan ingkang kawulo
mulyaaken, shoho poro tamu pengantar penganten ingkang kulo
hormati. Sa’derengipun kulo matur nopo ingkang bade kulo
aturaken mangke, langkung rumiyen kulo muji syukur
Alhamdulillah dateng ngarsanipun Allohsubhanahu wa ta’ala,
ingkang sampun pareng Rohmat soho nikmat dumateng kulo lan
panjenengan sedoyo, sehingga kulo lan panjenengan sami saget
rawoh wonteng ing majlis puniko, kanti kawontenan rahayu
wilujeng widodo lir sambi kolo.
Ingkang kaping kalihipun mugiho Rahmat Ta’dzim Alloh soho
salam tansah tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi
Besar Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam soho para ahli
keluarga lumeber dateng kito ingkang sami rawuh ing majlis
puniko. Sehinggo kanthi pertemuan kito ing majlis puniko saget
dadosaken sababiyahhipun kito pikantuk syafaatipun kanjeng Nabi
benjang ing dinten Qiamat. Amien
Poro rawuh ingkang kulo mulyaaken !
Ingkang kaping tigonipun kawulo ngaturaken agunging panuwun
dumateng sederek pranoto acoro ingkang sampun paring wekdal
dumateng kulo, mugi-mugi wekdal meniko saget kulo gunaaken
ingkang sa’sahe-sahenipun.
Poro rawuh, wonten ing mriki kawulo minongko wakil sangking
walinipun pengantin putro shoho atas nami wakil sedoyo tamu
pengantar pengantin putra.
Sepindah kawula ngraos syukur Alhamdulillah dateng
Allah subhanahu wa ta’ala. Shoho matur nuwun sa’agengipun
dumateng Bapak Shohibul baik mriki sekeluarga, ingkang sampun
bersusah payah budhi dhaya nyediaaken papan pinara’an, shoho
hidangan engkang arupi daharan lan unjukan ingkang kados
mekaten meniko mewahipun, wonten ing mriki kawulo atas nami
wakil para tamu pengantar pengantin, mboten saget mbales atas
penghormatan meniko kejawi namung saget dungaaken dateng
Bapak Shohibul bait mriki kanthi ucapan

‫خيبكر اهلككزا ككثهبررا‬


‫كجكزا هكهم اله ك ه‬
Mugi-mugi atas jerih payahipun utawi penghormatanipun Bapak
Shohibul bait mriki sekeluarga tansah andadosno amal sholehipun
ingkang ditrimo dening Allah, shoho dipun bales kanthi balesan
ingkang sakkatah-katahipun.

‫ي‬ ‫ص‬ ‫ص‬


‫ب الهكعا لكم ه ك‬
‫ي كيِا كر م‬
‫اكم ه ك‬
Poro rawuh sedoyo kangge selajengipun, wonten ing mriki kawulo
minongko wakil saking walinipun pengantin putro inggih puniko
Bapak Hamid. Kolo wahu bidal sangking dalemipun, kawulo nampi
Amanat sangking Bapak Hamid, ingkang supadoso masrahaken si
manten jaler ingkang Asma sederek Hasan puniko, dumateng
bapak Shohibul bait mriki minongko tiyang sepuhipun pengantin
putri. Pramilo, sakrehning sederek Hasan puniko sampun trami
dados putro mantunipun bapak shohibul bait mriki, ugi kulo wahu
sampun dipun laksanakaken Aqad Nikah. Pramilo kanti raos
bingahipun manah, shoho kanthi ucapan “Bismilah” sederek
Hasan meniko kulo pasrahaken sa’doyonipun dumateng Bapak
Shohibul bait mriki, kanti pasrah bongko’an tegesipun inggih kados
mekaten meniko kawontenanipun. Dene menawi wonten
kekirangipun sangking segi nopokemawon, Dene menawin wonten
kekiranganipun sangking segi nopokemawon, sami ugi : segi
pendidikan, segi pengalaman, pendamelan lan sanesipun, kawulo
suwun Bapak Shohibul bait mriki umumipun, sedoyo keluarga lan
masyarakat mriki kersoho paring bimbingan soho tuntunan, kados
pundi amrih saget sahenipun.
Poro rawuh ingkang kulo mulya’aken !
Ingkang terakhir kawulo ugi atas kami nami wakil saking
rombongan pengantar penganting mbok bilih acara puniko mangke
sampun paripurno, kawulo sa’rombongan, ugi nyuwun pamit
pindah, soho nyuwun tambahipun do’a restu. Mugi kulo
sa’rombongan wangsul saking dalem mriki, tumuju dateng
griyanipun piyambak, tansah dipun paringi slamet, wilujeng, boten
wonten setunggal alangan punopo. Amien.
Shoho sa’derengipun kulo pungkasi, kawulo minongko wakil saking
sedoyo pengantar pengantin, kulo nyuwun agunging pangapunten,
saking tingkah laku, ucapan-ucapan, tindak tanduk ingkang
kurang nyocokidateng panggalehipun Bapak Shohibul Bait mriki
sakeluarga. Shoho kangge kulo pribadi sedoyo kesalahan awal
ngantos akhir kulo nyuwun pangapunten ingkang sak katah-
katahipun.

‫و بال التو فيق و الدايِةم‬


‫والسل م عليكم ورحةم ال وبر كا ته‬
PIDATO SAMBUTAN WALIMATUL URSY

‫السل م عليكم ورحةم ال وبر كا ته‬


‫ كواكنهصكهح ب بهوا اهلكيِبم بباكمىَ صمهنهك ب بهم‬.‫ل ب ب المب بصذل قكب بهد قكب ببا كل صف ب ب كصتكب ببابصصه الهككصرهيب بب‬
‫اكهلم ب بهدص ص‬
‫كه‬
‫ي صمبهن صعبكباصد هكبهم كوإصكمبا ئصهكبهم كوإصكم ئصهكبهم إصهن يِكهكهونهبهوا فهبكقبكراءك يِبههغنصهيصهبهم الب‬ ‫وال م صص‬
‫صال ه ك‬ ‫ك‬
‫صبلكةه كوالمسبلكهم كعلبكبىَ كسبيصدكنا كوكمهولكنبكبا همكممبد‬ ‫ كوال م‬.‫ضبلصصه كو الهب كواصسبمع كعلصهيبمم‬
‫صمهن فك ه‬
‫ب فصطهبكر تبصبىَ فكبهليكتككس بمن بصهس بنمصت كوعلكببىَ الببه كو‬‫القائببل النصكببا هح هس بنمصت فككم بهن أًككح ب م‬
‫صكحا به كوكمن والها اصما بعد‬ ‫أًك ه‬
Poro bapak, poro ibu, hadirin sedoyo ingkang kawulo mulyaaken.
Sakderengipun kulo matur nopo ingkang Alloh subhanahu wa
ta’ala, ingkang sampun paring pinten-pinten rohmat dateng kito
sedoyo, sehinggo kito saget makempal wonten ing meniko majlis,
dalam rangka menghadiri undangan walimatul Ursy ing saat
meniko.
Poro rawuh ingkang kulo hormati,
Ngawontenaken walimah meniko hukumipun sunah, kranten
meniko derek dawuhipun kanjeng Nabi, bilih wonten salah
setunggulipun wekdal, sohabat Abdurrohman bin Auf, matur
dateng kanjeng Nabi, bilih piyambakipun nglaksanaaken nikah
damel maskawin (Mahar) rupi emas sak bobotipun kelungsu kurmo
salajengipun kanjeng Nabi ngendiko.

‫ك أًكهوصله كولكهو بصكشادة‬


‫كباكر كك ال لك ك‬
“Tegesipun kanjeng Nabi donga’aken barokah, lajeng perintah
ngawontenaken walimah senajan namun nyembelih maendho
setunggal.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Bicoro masalah walimah meniko, weninipun katah. kados ingkang
kasebut wonten ing kitab-kitab fiqih. Wonten kala : Walimatul ‘Ursy
wonten kalane walimatul khitan, wonten kalane walimatul maulid,
wonten kalane walimah ngedekaken griyo utawi boyongan, shoho
sanesipun. Dene ingkang paling utami utawi ingkang afdhol inggih
meniko “Walimatul ‘Ursy utawi Walimah Manten”
Dene masalah ijabatut-da’wah, utawi dugeni dateng walimah,
meniko hukumipun inggih benten-benten. Menawi walimah
manten, meniko ingkang dipun undang, wajib ndugeni, selagi
wonten majlis walimah manten kolowahu, boten wonten perkawis
mungkar utawi maksiat. Lan menawi wonten perkawis maksiat
utawi perkawis ingkang nglaraaken manah, meniko boten wajib
nekani.
Dene menawi walimah saklintunipun manten, sami ugi walimah
khitan utawi maulud, utawi aqiqoh, meniko ndugeni hukumipun
sunat. Poro rawuh !, sa’lajengipun, menawi wonten setunggal
wekdal meniko wonten undangan kaleh, utawi tigo, meniko
ingkang dipun dugeni gedah ingkang langkung parek griyanipun.
Dene menawi perekipun, meniko podo ingkang dipun dugeni
langkung rumiyin ngundangipun. Hal meniko damel dasar
hadisipun kanjeng Nabi ingkang dipun riwayataken deneng Abu
Dawud

ِ‫ب المبصذي‬
‫ه‬ ‫ب‬ ‫ فكبصإهن سببق أًكحبهدهها فكبأك ص‬.‫إصكذا إصجتمبع دا صعيبباصن فكبأكصجب أًكقهبرببه بابببا‬
‫ج‬ ‫ككك ك ك‬ ‫ه كه ك ك ر‬ ‫هك ك ك ك ك‬
‫كسبككق‬
Ingkang artosipun :
“Menawi kempal tiang ngundang kalih (sareng wekdalipun) moko
ingkang dipun dugeni, tiang ingkang langkung parek lawang
griyonipun. Menawi salah setunggalipun meniko langkung rumiyin,
inggih ingkang langkung rumiyin meniko ingkang dipun dugeni“
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Kolo wahu kawulo ngaturaken bilih ndugeni dateng undangan
walimah manten meniko hukumipun wajib. Benten kaleh dugeni
undangan saklintunipun walimah manten, kados dene walimah
khitan utawi walimah maulid meniko dugeni hukumipun sunat.
Poro rawuh, meniko nopo rahasianipun utawi sebabipun masalah
dugeni walimah meniko kok benten-benten ? menurut sebagian
Ulama meniko wonten ingkang njelasaken, menawi ndugeni datang
walimah manten meniko wajib. Sebabipun wonten ing majlis
walimah manten meniko wonten tiyang ingkang nyandang susah
utawi sakit malah sedoyonipun ngraosaken ayem seneng lan
bungah. Tegesipun tiyang ingkang dipun unddang seneng, lan
menikolah ingkang dados wajibipun dugeni undangan walimah
manten.
Lan menawi walimah khitan utawi walimah maulid (kelahiran)
tumrap tiyang ingkang dipun undang dugeni walimah meniko
hukumipun sunat, kranten wonten ing griyanipun tiyang ingkang
kagungan hajat meniko wonten ingkang ngraosaken sakit utawi
payah. Tegesipun tiyang ingkang dipun undang seneng tiyang
ingkang ngundang seneng, tapi lare ingkang dipun khitani utawi
ibu ingkang nglahiraken meniko ngalami sakit. Pramilo dugeni
dateng undangan walimah khitan utawi kelahiran hukumipun
sunat boten wajib.
Tepi sedoyo kolowahu utaminipun dipun dugeni kranton meniko
derek dawuhipun kanjeng Nabi ingkang dipun riwayataken dening
Imam Muslim :

‫صب بيل كواصهن كك بباكن همهفصطب بررا‬ ‫ي‬‫ل‬‫ه‬


‫ك ر هك‬‫ب‬
‫ك‬ ‫ف‬ ‫با‬ ‫ب‬ ‫م‬‫إصكذا دصعب بي اكحب بهدهكم فكبهليصجب بب فكببإ هن كك بباكن ص ببا ئص‬
‫ه ك ك ه ه ه‬
‫فكبهليكطهكعهم‬
Ingkang artosipun :
“Menowo siro diundang mangko becik tekoho manwa siro poso
mangko donga’no bagus lan barokah menawo siri ora poso mongko
mangano“
Poro Rawuh kintenipun cekap semanten kangge sambutan kulo
akhiripun kulo akhiri kupat lepet taline janur, lepat luput
panggahodadi sedulur, sedoyo kelepatan kulo nyuwun
pangapunten.

‫و بال التو فيق و الدايِةم‬


‫والسل م عليكم ورحةم ال وبر كا ته‬
PIDATO NASEHAT PERNIKAHAN

‫السل م عليكم ورحةم ال وبر كا ته‬


‫ كونكبكهببا ههب بهم كعب بصن اليسب بكفا صح كوال م‬.‫اكهلههمب بهد لب ب الصببذى كسب بمن لصعصبكبباصدصها النيككبباكح‬
‫صب بلكةه‬
‫ تكبكنا ككهحهوا كوتكبنبكبا كسبلههوا فكبصإين همككبباثصهر بصهكبهم‬: ‫كوالمسلكهم كعكلىَ كسيصدكن همكممدد الهكقائصهل‬
‫ص ص‬ ‫صص‬ ‫ص ص‬
‫يب أًكمببا بكبهعبهد فكلك كحبهولك كولك قهبموكة‬ ‫صبكحابصه اكهجكع ه ك‬‫اهلهكمبكم يِكبهوكم الهقكياكمبةم كوكعلبكبىَ اكلبه كواك ه‬
.‫ل الهكعلصيي الهكعصظهيصم‬‫اصلم صبا ص‬
Poro Bapak Kiyai, poro pini sepuh, poro tamu undangan ingkang
kulo hormati, poro hadirin, lan hadirot ingkang kulo hormati.
Sepindah kawulo muji syukur dateng ngarsanipun
Alloh subhanahu wa ta’ala ingkang sampung paring rohmat, taufik
shoho hidayah dateng kito sedoyo, sahinggo kito saget pepanggihan
wonten ing puniko majlis, dalam rangka menyambut hari
kebahagiaan, utawi hari resepsi pernikahan ingkang sanget
keramat meniko
Mugi-mugi kerawuhan kito sedoyo meniko kalian Alloh dipun catet
dados amal sholeh kito sedoyo. Amien.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Ingkang kaping kalih mugiho rohmat ta’dzim dan salam bahagia
Alloh tansah dipun limpahaken dumateng junjungan kito Nabi
Besar Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, soho poro ahli
keluarga lan sohabatipun.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Berbicara tentang nikah meniko sampun mboten terpandang asing
di kalangan umat Islam. Kranten menurut ajaran agama Islam,
melaksanakaken nikah meniko dipun catat sebagai amal ibadah.
Sebab nikah meniko derek sunnahipun kanjeng Nabi, soho
ngamalaken dawuhipun kanjeng Nabi :

‫تكبكنا ككهحهوا كوتكبكنا كسلههو فكصإ نصىَ همككاثصهر بصهكهم اهلهمةمك يِكبهوكم الهصقكياكمصةم‬
Ingkang artosipun :
“Podo nikaho siro kabeh lan podo duweho keturunan siro kabeh,
krono besuk ingsun ing dino qiamat akeh-akehan umat lantaran siro
kabeh“
Shoho Islam didalam nikah meniko dados syarat syahipun nikah.
Menurut Islam, nikah boten dados syah kejawi mboten Islam.
Dados kanti meniko saget kito simpulaken, bilih Islam lan nikah,
meniko merupakan hal ingkang selalu berhubungan, mboten
kenging dipun pisahaken. Sebab nikah di dalam Islam meniko
dados amal ibadah. Dene Islam didalam nikah meniko, dados
syarat syahipun nikah.
Poro rawuh ingkang kulo hormat !
Salajengipun menurut sebagian Ulama, wonten ingkang jelasaken
bilih tembung nikah meniko asalipun tembung arab ingkang terdiri
saking tigang huruf. Inggih meniko :
Huruf Nun, Huruf Kaf lan Huruf Ha’ (Nikah ‫ )نكح‬ing tigang huruf
kolowahu anggadahi
singkatan utawi anggadahi arti piyambak-piyambak. Nomer
setunggal huruf Nun meniko singkatan sangking kata Ni’mat,
tegesipun tiang dados manten utawi tiang nikah meniko
ngraosaken nikmat lahir lan batin.
Nomer kaleh huruf Kaf, meniko singkatan saking kata Karomah
utawi keramat. Tegesipun dados manten meniko selalu dipun
mulyaaken selalu keramat, sehinggo panggonan lenggahipun
meniko dipun utamaaken wonten ngajeng piyambak kados dene
palenggahanipun raja lan permaisuri.
Nomer tigo Huruf Haa meniko singkatan saking kata Hikayah.
Ingkang artosipun cerito tegesipun tiyang menawi sampun nikah,
meniko maleh saget cerito-cerito kaleh garwanipun, benten kaleh
tiang taksih bujangan, menawi wonten kamar tilem piambek
kleasak-klesik, glimpang-glimpung, kaleh bantal guling, tapi
menawi sampun nikah, yen teng kamar saget cerito-cerito kaleh
garwane
Poro rawuh ingkang kulo hormati !!
Kajawi saking meniko taksih wonten malih kewajiban-kewajiban
ingkang kedah dipun laksanaaken. Antara suami lan istri. Dene
kewajibanupun tiang jaler sebagai suami, meniko kedan mulang
dumateng istrinipun ingkang sahe. Shoho perintah ngamalaken
dawuh-dawuhipun Alloh kados dene : puoso, sholat, sesuci, adus
jinabat, lan sanesipun. Kranten tiang jaler meniko ingkang
bertanggung jawab dumateng tiang istri lan putro-putrinipun.
Alloh sampun dawuh wonten Al-Qur’an

‫المر كجاهل قكبمواهمهو كن كعكلىَ النيكسآَ صء‬


Artosipun :
“Bilih tiang jaler meniko ingkang jemenengi/mimpin dateng tiang
estri“
Dene kewajiban tiang estri dateng tiang jaler, ing antawisipun
inggih meniko, menawi dipun shallallahu ‘alaihi wasallamang
ingkang jaler, kedah tansah bingahaken. Lan menawi dipun
perintah kedah selalu to’at, utawi manut, selagi perintahipun kolo
wahu mboten perkawis maksiat. Shoho menawi dipun tinggal
kesah ingkang jaler, tiang estri kedah selalu anjagi dirinipun (utawi
badanipun) lan njagi bandanipun, kados dawuhipun kanjeng Nabi,
ingkang dipun riwayataken dening shohabat Abi Hurairah, ingkang
dawuhipun mekaten :

‫ك كواصهن‬
‫ك كوا كك هك ك ك كه ك‬
‫ب‬ ‫ب‬‫ت‬ ‫ع‬ ‫با‬ ‫ب‬‫ك‬‫ط‬ ‫ا‬ ‫با‬ ‫ب‬ ‫ه‬ ‫ب‬ ‫ت‬
‫ر‬ ‫م‬ ‫ا‬ ‫ن‬
‫ه‬ ‫ص‬
‫ت إصكهليبكه ببا كسب بمرته ك‬
‫ص‬
‫خي ب بهر النيكس ببآَء إصهمب بكأًركةم إصكذا نكظبك بهر ك‬
‫كه‬
‫ك كونكبهفصسكها‬ ‫صغبت عهنبها حكفظكهتك صف مالص‬
‫هك كك ك ك ك ك‬
Ingkang artosipun :
“Sak apik-apike wong wadon sing naliko siro shallallahu ‘alaihi
wasallamang, deweke tansah bungahake marang siro, lan naliko
siro perintah tansah manut lan naliko siro tinggal lungo, tansah jaga
awake lan bondo siro“
Porp Bapak poro Ibu kintenipun namung mekaten atur kawulo,
lintu wekdal Insyaa Allah saget dipun sambung malih.
Kupat lepet taline janur
Lepat luput tetep dadiho sedulur
Akhiripun sedoyo kelepatan kulo awal ngantos akhir kulo nyuwun
pangapunten.

‫و بال التو فيق و الدايِةم‬


‫والسل م عليكم ورحةم ال وبر كا ته‬
PIDATO WALIMATUL MAULID

‫السل م عليكم ورحةم ال وبر كا ته‬


‫ي البم بصذهيِ كخلكب بكق اهصلنهس بباكن صمب بهن صط ه د‬
‫ كوقبك بمدكر كسب بكعااكدةه‬.‫ي بب‬ ‫ب الهع ببالك ص‬
‫م‬
‫ك ك هك‬ ‫ي‬ ‫ر‬ ‫ب‬ ‫ب‬‫اكهلمب بهدص ص‬
‫ل‬ ‫كه‬
‫ك‬
‫ كواكهخكركجبهه صمبهن بكطهبصن اهيمبصه كوههبكو لك‬.‫يب‬ ‫وكشكقا وتكهه وركزقكهه واككجلكهه وههو صف قكبرصر كمصك ه د‬
‫ك ك كك ك ك ك ك‬
‫ض بصل اهلكهل بصق‬ ‫د‬ ‫ص‬ ‫ كوال م‬.‫يِكبهعلك بهم بصكش بهيدئ همبصهيبب‬
‫ص بلك ةه كوالمس بلكهم كعلببىَ كس بيد نكببا همكمم بد اكفه ك‬
‫صكحا بصصه كوكمهن تكبصكعهه اصكل يِكبهو اليدهيِن اصما بعد‬ ‫ك‬
‫ك ه‬‫ا‬
‫و‬ ‫اله‬
‫ك‬ َ‫لى‬
‫ك‬ ‫ع‬ ‫و‬ ‫ي‬
‫ك هك ك ك‬
‫اكهجعص‬
Poro Bapak poro Ibu, hadirin, hadirot ingkang kulo mulya’aken !
Sa’derengipun kulo matur nopo ingkang bade kulo aturaken
mangke, sepindah monggo kulo lan panjenengan sedoyo, samio
nglahiraken rasa puji syukur dateng ngarsanipun Alloh, kang Maha
Kuasa kanthi ucapan Alhamdulillah. Dene menopo wonten ing saat
meniko, Alloh sampun paring pinten-pinten rahmat, taufiq, dateng
kulo lan panjenengan sedoyo, sehinggo kulo panjenengan sedoyo
saget karoyo-royo bucal tempo ninggalno griyo, ninggal bondo lan
rojo koyo, saget ngrawuhi undanganipun Bapak Ahmad sakeluarga.
Dene menopo wonten ing saat puniko, Bapak Ridhwan nampi
ni’mat sangking ngarsanipun ingkang Maha Kuoso, ingkang arupi
kelahiran sang putro, ingkang lahiripun kanti keadaan wilujeng,
boten wonten satunggal alangan punopo.
Poro Bapak poro Ibu, hadirin sedoyo, dene kulo panjenengan dipun
rawuhaken wonten ing dalem meniko, boten sanes dipun suwuni
tambahipun barokah dugo mugi-mugi putri ingkang tembih lahir
puniko, sagedo dados putro ingkang berguna migunani tumraping
masyarakat, bangsa lan agama. Amien.
Poro hadirin ingkang kulo hormati !
Dene bayi ingkang nembeh lahir ing saat meniko dipun paringi
tetenger, utawi dipun paringi asmo “Zainul Haqqi” (contoh) pancen
sampun dadaos kewajibanipun tiang sepuh, meniko menawi
kagungan putro, kedah pareng asmo ingkang sahe, shoho paring
pendidikan-pendidikan dateng putronipun kados ingkang dipun
dawuhaken dening Kanjeng Nabi Muhammadshallallahu ‘alaihi
wasallam

‫كحبق الهكوالصصد كعكلىَ كولكصدصها اكهن ههيصسكن اصهسكهه كواككد بكهه كواكهن يِبهكعليكمهه الهصككتابكبةمك كواليسبكبا كحبكةم‬
‫كوالمر كمايِكةمك كواههن لك يِكبهر هزقكهه اصلم طكيربا كواكهن يِكبكزيو مجهه اصكذا اكهدكركك‬
Ingkang artosipun :
“Haq utawi kewajibanipun tiang sepuh dumateng putranipun inggih
meniko :
1. Kedah paring asmo utawi nami ingkang sahe
2. Kedah mbagusi dateng adabipun
3. Kedah mulang nyerat utawi nulis
4. Kedah mulang dateng renang utawi nglangi
5. Kedah mulang dateng manah utawi nembak
6. Kedang paring rizki ingkang halal
7. Kedah ngrabekaken/nikahaken menawi sampun dewasa utawi
menawi sampun ketemu jodohipun.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Kejawi keterangan wonten ing nginggil kolo wahu bilih anak
meniko amanatipun Alloh ingkang dipun titipaken dumateng kito
sedoyo, ingkang mbenjang wonten akhirat kito dipun suwuni
pertanggung jawab. Tegesipun kito dipun dangu kados pundi
anggen kito ngramut dateng putro kito. Menawi didikan kito
meniko sahe, kito inggih dipun bales sahe dening Alloh, shoho
putro ingkang sholeh meniko saget dados amal jariyahipun tiyang
sepuh, menawi sampun sedo. Dene menawi anggen kito didik putro
meniko awon, meniko kito inggih pikantuk sikso sangking
ngarsanipun Alloh kanjeng Nabi dawuhaken.

‫صكدقكدةم كجاصريِكدةم اكهو صعهلدم يِبههنتكبكفهع‬ ‫إصكذا مات إصيِن أًكدم إصنهبكقطكع عملهه اصلم صمن ثكلك د‬
‫ث‬
‫ك‬ ‫ه‬ ‫ك كك ه‬ ‫ك ك ه ه كك‬
‫صا لصدح يِكهد عههو لكهه‬ ‫بصصه اكوولك د‬
‫د‬
‫هك ك‬
Ingkang artosipun :
“Naliko Ibnu Adam (Manungso) meniko sampun sedo/wafat mangko
putus sedoyo ngamalipun kejawi saking tigang perkawis. 1.
Sodaqoh, 2. Ilmu ingkang manfaat 3. Putro ingkang sholeh, ingkang
ndongaaken dateng Ibnu Adam kolo wahu (utawi tiang sepahipun)“
Poro rawuh ?! pramilo lewat kesempatan meniko, kulo ngajak
dateng panjenengan sedoyo, monggo putro-putro kito meniko kito
didik ingkang sahe kito wulang dateng ilmu agomo, supados
benjang dados lare ingkang sholeh, minongko dados amal
jariyahipun kito sedoyo.
Kejawi saking meniko ugio saget nerusaken perjuangan kito
sedoyo, supados kejayaan Islam lan kemulyaan Islam ing masa
mendatang saget tetep gilang gemilang. Amin.
Poro rawuh
getuk menopo gedang goreng ?
Sampun ngantuk menopo dereng ?
Kintenipun cekap semanten atur kawulo, menawi lepat nyusun
pangapuro.

‫و بال التو فيق و الدايِةم‬


‫والسل م عليكم ورحةم ال وبر كا ته‬
PIDATO WALIMATUL KHITAN

‫السل م عليكم ورحةم ال وبر كا ته‬


‫ هثمب اكو ص‬: ‫المببد لب الببذى قببد قببال فب كتببا بببه الكريب‬
‫ك اكصن اتمبصبهع صملمبةمك‬ ‫حيبنبكبا الكهيب ك‬
‫ه كه‬
َ‫صب بطككفى‬ ‫م‬ ‫ل‬
‫ه‬ ‫ا‬ ‫ب‬ ‫ب‬‫ب‬ ‫ص‬‫م‬
‫ن‬ ‫ال‬ ‫صب بلكةه والمسب بلكم علكببىَ سب بيصد نكببا همممب ب د‬
‫د‬ ‫م‬ ‫ال‬
‫و‬ .‫با‬ ‫ب‬ ‫ف‬
‫ر‬ ‫ب‬ ‫صاببراصهيب بم حص‬
‫ني‬
‫ه ه‬ ‫ي‬ ‫ك‬ ‫ك‬ ‫ك‬ ‫ه‬ ‫ك‬ ‫هك ه ك ك ه ك‬
‫صهدصق كوالهكو صف ا صما بعد‬ ‫صكحابصصه اكههصل ال ي‬ ‫صص‬
‫كوكعكلىَ اكله كواك ه‬
Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin sedoyo ingkang kulo hormati !
Sepindah Monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho nglahiraken
rasa puja lan puji syukur dateng ngarsanipun Allah subhanahu wa
ta’ala. Ingkang sampun paring pinten-pinten rohmat lan taufiq
soho hidayah dumateng kito. Sehingga wonten ing kesempatan
meniko kito saget rawuh wonten ing puniko majelis dalam rangka
Jabatud Da’wah, utawi ngrawuhi dateng undangan dateng
walimatul khitan, mugi-mugi kerawuhan kito sedoyo, kalian Allah
dipun catet minongko dados amal sholeh kito sedoyo amin-amin ya
robbal alamin.
Ingkang kaping kalih, mugi-mugiho salam bahagia Allah, lan
rahmatipun, tansah kalimpahaken dateng junjungan kito Nabi
Besar Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam sebagai Nabi
pemimpin umat, Nabi ingkang bade paring syafa’at dateng sedoyo
umat benjang wonten ing dinten qiamat mboten pandang sugih
utawi mlarat. Mboten pandang rakyat utawi pejabat, selagi umat
puniko taksih purun nindaaken syariat, tegesipun taksih purun
to’at lan boten purun ngelampahi maksiat.
Ingkang kaping tigonipun kawulo matur nuwun dumateng sederek
pembagi acara ingkang sampun paring wekdal dumateng kulo.
Mugi-mugi wekdal meniko mangke saget kulo gunakaken ingkang
sak sahe-sahenipun.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Nindaaken khitan utawi sunat meniko derek tindak lampanipun
Nabi Ibrahim as ingkang wonten sejarahipun Nabi Ibrahim
nindaaken khitan meniko sampun yuswo 80 tahun. Lan jenggote
kaleh brengosipun sampun dowo. Tur wonten zaman semanten,
dereng wontek calak utawi dokteng ingkang tukang nyunat. Dados
dipun sunat piyambak !? Mungkin bapak-bapak utawi ibu-ibu
timbul pertanyaan. Lhoooo! Menopo Nabi Ibrahim puniko
tiyangipun wedi pemes, utawi wedi lading kok sampek umur 80
tahun lagek sunat ?
Poro Ibu ingkang kulo hormati !
Nabi Ibrahim puniko sanes tiyang jerih utawi tiyang weden. Shoho
sanes tiyang wedi pemes utawi lading. Tapi pancen wontenipun
printah sunat utawi khitan meniko inggih sampun umur 80 tahun
niku. Dados asal-usulipun sunat puniko awit zamanipun Nabi
Ibrahim. Lajeng Allohsubhanahu wa ta’ala paring wahyu dateng
kanjeng Nabi supados derek agaminipun Nabi Ibrahim. Dawuhipun
Alloh wonten Al-Qur’an

‫ص‬ ‫ص‬ ‫ص ص‬ ‫ص‬ ‫هثم أًكوحيبكنا إصلكي ك ص‬


‫ك أًكن اتمبصهع ملمةمك صإبهبكراهيكم كحنيرفا ۖ كوكما ككاكن مكن الههمهشصرك ك‬
‫ي‬ ‫ه كه ه‬
Artosipun :
“Nuli ingsun wahyuake marang siro (Muhammad), supoyo melu
(condong) marang agamane Nabi Ibrahim” (QS. An-Nahl ayat 123).
Poro Bapak poro Ibu ingkang kulo hormat !
Lhoooo…… sakniki fungsinipun utawi faedahipun khitan meniko
katah ing antawisipun : No. 1 Dipandang saking segi agama, khitan
meniko saget ngilangi najis utawi kotoran ingkang kentung
wonteng pucukipun zakar/kucur utawi kepala penis. Padahal
ngilangi najis puniko dados syarat absyahipun sholat. Lhoooo
sholat gangsal wekdal meniko wajib. Pramilo menurut qo’idah
ushul fiqh :

‫ب‬‫ج‬‫صل بصصه إصكل الهواصجب فكبهو وا ص‬


‫ك ه هك ك م‬ ‫هكبل كما يِهبتكبكو م ه‬
Artosipun :
”Sakabehe perkoro sing digawe lantaran maring nindakne perkara
wajib meniko hukume wajib“
Pramilo ngilangi najis utawi kotoran wonten pucukipun zakar utawi
kucur/helm puniko wajib. Sebab andadosaken absahipun sholat.
Dene kaidah ingkang No. II inggih puniko : Dipandang sangking
segi kesehatan dokter khitan puniko saget ngilangi penyakit-
penyakit ingkang timbul sangking pucukipun zakar utawi kucur.
Dene faedah ingkang No. III khitan meniko saget nambahi dateng
keberanian utawi kekendelan, shoho nambahi kewibawaan. Hal
meniko saget dipun bukte’aken menawi panjenengan pikir, sedoyo
poro pejuang 45 ingkang gagah berani, wantun ngusir panjajah,
wantun bertanding melawan musuh, meniko sedoyo, pejuang-
pejuang kolowahu inggih sampun sunat. Lan boten wonteng tiyang
ingkang dereng sunat, puniko wantung perang ngusir penjajah.
Dados mekatenlah pentingipun khitan utawi sunat. Pramilo kangge
akhir kata kulo monggo bapak poro ibu menawi kagungan putro
dereng dipun khitanaken, enggal mawon dipun khitani. Kranten
hubunganipun meniko dateng masalah ibadah.
Kintenipun cekap semanten atur kulo
Kupat lepet taline janur
Lepat luput tetepa dadi sedulur
Masang pulut ing duwur cemoro
Menawi luput nyuwun ngapuro

‫و بال التو فيق و الدايِةم‬


‫والسل م عليكم ورحةم ال وبر كا ته‬
PIDATO PEMBERANGKATAN JENAZAH

‫السل م عليكم ورحةم ال وبر كا ته‬


‫ت كواهلكيكب بباكة لصكهيببلهب بكو هكب بهم اكيِبهكب بهم اكهحكسب بهن كعكم ر‬
.‫ل‬ ‫ص ص‬
‫اكهلكهمب بهدصلب ب المب بذى كخلكب بكق الهكمب بهو ك‬
‫صلة والصسلم علىَ سيدنا ممد أًكهحكسصن اهلكهلبصق قكبهو لر كوفصهع ر‬
‫ وعلببىَ الببه‬.‫ل‬ ‫وال ص‬
‫ فقببال‬.‫ أًكمببا بعبد‬.‫ل‬‫ت نكبكهباررا كولكهي ك‬ ‫ب‬ ‫ع‬‫ك‬‫ل‬‫ك‬‫ط‬ ‫ر‬ ‫ب‬ ‫م‬ ‫ق‬
‫ك‬ ‫ل‬
‫ه‬ ‫ا‬
‫و‬ ‫س‬ ‫م‬ ‫ب‬ ‫ش‬
‫ك‬ ‫ال‬ ‫ت‬‫واصبحا ببه مباد مب ص‬
‫ه ه ك كه ك ه‬ ‫ككك‬
‫ إصكذا كجببآَءك أًككجلهههبهم لك يِكهسبكتاهء صخبهرهوكن كسببا كعبةمر كولك‬.‫الب تعببال فب القبران الكريبب‬
.‫يِكهستكبهقصدهمهوكن صإنا ل و إنا إليه راجعون‬
Poro Rawuh, Hadirin-hadirot ingkang kulo hormati !
Ing mriki kulo atas nami wakilipun Bapak H. Umar sekeluargi,
ingkang ing dinten meniko nampih musibah sangking ngarsanipun
Alloh, inggih puniko sedanipun ……. (SI Fulan).
Sepindah kulo muji syukru Alhamdulillah, shoho ngaturaken
matur nuwun atas kerawuhan panjenengan sedoyo, ingkang sami
keroyo-royo kerso ta’ziah utawi bela sungkowo, lan hormat atas
jenazahipun si Fulan meniko. Ing mriki kulo nyuwun agunging
pangapunten dateng panjenengan sedoyo, amergi kulo mboten
saget nyaosi papan pinaraan ingkang sekeco, shoho hidangan
ingkang ngremenaken manah panjenengan sedoyo. Kejawi saking
meniko kulo boten saget bales menopo-nopo atas bantuan
panjenengan sedoyo ingkang arupi tenaga lan fikiran shoho
sanesipun. Lan ing mriki, kulo, namung saget ndongaaken mugi-
mugi sedoyo amal sholeh panjenengan kolowahu dipun trami
dening Alloh subhanahu wa ta’ala. Lan dipun bales ingkang sak
katah-katahipun.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Sampun sakmesthinipun sangking keluarga Bapak H. Umar lan
poro kerabat, shoho kulo panjenengan sedoyo meniko sami susah
lan getun, atas sedanipun si Fulan meniko. Ananging kados pundhi
maleh pancen sampun dados taqdiripun Alloh ingkang boten saget
kito gadali lan boten saget dipun unduraken malih. Inggih boten
sanes monggo kito ikhlasaken mawon, lan dipun paringi jembar
kuburipun, shoho dipun ngapunetn dosa-dosanipun lan dipun
tampio amal-amalipun ingkang sahe sehingga sagedo angsal
rahmat sangking ngarsanipun Allahsubhanahu wa ta’ala. Lan
mugi-mugi kito sedoyo ingkang dipun tilar sagedo nerusaken
perjuanganipun lan nyampurnakaken amal kesahenanipun soho
usahanipun ingkang kapundut. Amin.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Sa’derengipun jenazah dipun berangkataken, ten mriki kulo
aturaken dateng panjenengan sedoyo bilih sak sumerep kulo si
Fulan meniki termasuk golongan tiang ingkang sahe. Baik segi
ibadah dateng Alloh, ugi sesrawungan dateng tanggo, utawi dateng
tiyang sanes. Tapi ing mriki perlu kulo saksekaken dateng
panjenengan sedoyo, bilih jenazahipun si Fulan puniko sahe nopo
sahe ? 3x. Alhamdulillah.

‫ده كعكلىَ اهلكهر ص‬


‫ض‬ ً‫أًكنهبتههم هشكه ك أ‬
Poro Rawuh nggih si Fulan meniko anggadahi “haqqul Adam”,
utawi utang piutang, soho sanesipun dateng panjenengan sedoyo,
kulo suwun supados panjenengan sedoyo, kulo suwun supados
panjenengan ihlasaken. Dene menawi amrat menawi dipun
ikhlasaken, kulo suwun supados langsung mawon hubungan kalih
pihak keluarga utawi ahli warisipun. Lain malih sebagai meningso
tentu kemawon sekedi utawi katah, si Fulan meniko gadah
kalepatan dateng tiang sanes. Pramilo saking meniko, ing mriki
kulo aturaken sedoyo kalepatan si Fulan meniko, saking segi
nopokemawon, panjenengan kersoho paring pangapunten.
Kintinipun cekap semanten atur kulo, sedoyo kelepatan kulo
nyuwun pangapunten. Monggo jenazah sareng-sareng kito
berangkataken, kanti mahos Sholawat (kalimat Toyibah).

‫و بال التو فيق و الدايِةم‬


‫والسل م عليكم ورحةم ال وبر كا ته‬
PIDATO PERINGATAN MAULID NABI

‫السل م عليكم ورحةم ال وبر كا ته‬


َ‫المبد لب البذى أًكنهبكعبكم كعكهليبنكبا بصنصهعكمبصةم اهصلهيبكباصن كواهصلهسبلكصم كأًوكهركسبكل كرهسبهو لكبهه كعلبكبى‬
‫ كوكعلكبىَ اكلصبصه‬.‫صبلكةه كوالمسبلكهم كعلبكبىَ كسبيصد نكبا همكممبدد كخ هصيب اهلككصنب‬ ‫ كوال م‬.‫مكا فمصةم اهلهكمصم‬
‫ كوكمب ببا‬.‫ فقب ببال الب ب تعب ببال فب ب القب ببر أًن الكريب بب‬.‫ أً صمب ببا بعب ببد‬.‫صب بكحابصصه الهصكب بكراصم‬
‫كواك ه‬
‫ص‬
.‫ي‬ ‫أًكهركسهلكناكك إصلم كرهحكةمر ليهلكعالكم ه ك‬
Hadratul Mukarromin, Poro Ulama’ul amilin. Poro Bapak, poro Ibu,
hadirin sekalian ingkang kulo hormati.
Lewat suasana ingkang indah, cerah, terang benderang ing saat
meniko, monggo kulo lan panjenengan sedoyo jaler-estri, enom-
tuwo sami muji syukur dateng Alloh Kang Maha Kuoso, ingkang
nitahaken poro menungso, soho ingkang paring patrapan lan sikso,
dumateng tiyang ingkang nglampahi duso, ingkang boten purun
tobat, getun lan nelongso, soho boten purun sholat lan poso, mugi-
mugi kulo panjenengan pinaringan iman ingkang kuat rusho,
sehinggo saget nglampahi perintahipun zat kang murbo waseso,
Akhiripun pinaringan gesang aman, damai lan sentoso, Amin yaa
Robbal Aaalamin.
Ingkang kaping kaleh, mugiyo Rohmat Alloh lan salam, selali dipun
limpahaken dateng kanjeng pejuang Islam, Nabi pemimpin arab lan
Ajam, ingkang beto umat manusia saking masa ingkang murko,
bengis lan kejam, menuju masa damai, aman lan tentram, yakni
masa jahiliyah menuju masa Islamiyah.
Poro Bapak, Ibu, Hadirin sedoyo !
Ingkang kaping tigonipun kulo matur nuwun dumateng sederek
pemimpin acara, ingkang sampung paring wekdal dateng kulo.
Mugi-mugi, wekdal meniko saget kulo gunakaken sak sahe-
sahenipun. AMin
Poro Bapak, poro Ibu ingkang kulo hormati !
Berbicara tentang peringatan “Maulid Nabi”, meniko sampun boten
terpandang asing wonten kalangan umat Islam. Sebab pancen
sampun dados keharusan, utawi dados hal ingkang perlu, tumrap
umat ingkang dipun pimpin meniko mengenang utawi melestarikan
sejarah seorang pemimpinipun.
Lha panjenenganipun Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam,
meniko setunggalipun pemimpin ingkang sukses perjuanganipun
sampun sukses membangun umat manusia saking zaman jahiliyah
menuju zaman islamiyah. Hal meniko terbukti wonten kitab-kitab
Tareh, wonten kitab Al-Barzanji, wonten sejarah-sejarah Islam,
bilih zaman sak derengipun kanjeng Nabi lahir keadaan alam gelap
gulita. Menungso dereng mengenal sinten Tuhan ingkang wajib
dipun sembah. Taksih katah tiyang ingkang menyembah berhala,
menyembah hewan, kayu, watu lan sajenisipun. Saben dinten sami
permusuhan, tukar padu, nopo malih, nasih qoum wanita katah
ingkang lahir dipun pejahi urip-uripan. Menungso boten mengenal
perkemanusiaan. Boten mengenal hukum agama, selajeng kanti
sifat Rohman Rohimipun Alloh subhanahu wa ta’ala, wonten ing
tengah-tengah kegelapan, meniko dipun terbitaken cahaya ingkang
terang benderang, inggih meniko tepat wonten dinten Isnen tanggal
12 Robiul Awwal tahun Fil, utawi tahun Gajah Alloh nglahiraken
seorang Rosul supados paring tuntunan, lan membawa Rohmat
bagi umat seluruh alam. Terbukti wonten Al-Qur’an surat Al-
Anbiya : 107

‫ص‬
‫كوكما أًكهركسهلكناكك إصمل كرهحكةمر ليهلكعالكم ك‬
‫ي‬
Ingkang artosipun :
“Lan ingsun ora ngutus siro Muhamamd kejobo menehi Rohmat
tumrap umat semesta alam”
Poro Rawuh sedoyo ingkang kulo hormati !
Pramilo wonten ing kesempatan meniko, kanti kedatangan wulan
maulid meniko, monggo kito nglahiraken roso bungah, kito
tingkataken anggen kito syukur dateng Alloh subhanahu wa ta’ala.
Lan minongko kangge mbuktekaken anggen kito syukur dateng
Alloh subhanahu wa ta’ala. Lan minongko kangge mbuktekaken
rasa cinta kito dumateng Rosululloh shallallahu ‘alaihi wasallam,
kito kedah selalu ngatah-ngatahaken amal kesahenan, berkorban
harta benda kangge kepentingan agama Islam. Lan ugi kito kedah
sering maos Sholawat Nabi, menyebut asmane kanjeng Nabi, soho
kito kedah selalu menjaga lan melestarikan sareat utawi
ajaranipun, kranten kito sebagai umat ingkang dados ajaranipun.
Keranten kito sebagai umat ingkang mengharap syafatipun benjing
ing dinten qiamat, meniko syaratipun kedah cinta kanjeng Nabi.
Kados dawuhipun kanjeng Nabi :
‫ت لكهه كشكفا كعصت‬ ‫ب‬‫ج‬ ‫و‬ ِ‫ي‬‫د‬‫من إصعتبن مو لص ص‬
‫ك ه هك ك ك ه ه ك ك ك ه‬
“Sing sopo wonge gelem nemen-nemeni dino kelahiranku mangko
tetep oleh syafaatku“
Poro rawuh ingkang kulo hormat !
Pancen tiyang niku menawi cinta kedah netepi rukun telu

(‫) اركان الصبةم ثل ثةم‬


Rukunipun cinta meniko wonten tigo
1. Tiyang cinta meniko kedah rela berkorban harta benda.
Berkorban demi cinta, tanpa korban cinta sia-sia.
2. Tiang cinta kedah selalu eling lan nyebut asmane ting ingkang
dipun cintai, enjing sonten, siang ndalu, selalu emut lan nyebut-
nyebut
3. Tiang cinta kedah purun nyocoki lan derek tingkah laku lan
perkataanipun tiang ingkang dipun cintai. Tanpa mencocoki lan
mengikuti ucapan lan perbuatanipun, cinta bade timbul
perselisihan, ingkang akhiripun timbul kegagalan.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
La’ kito sebagai umatipun kanjeng Nabi menawi kito sampun
menyatakan cinta dateng Kanjeng Nabi, meniko kito ugi kedah
remen berkorban kangge memperingati dinten maulid ipun Kanjeng
Nabi kados ing saat meniko.
Lan maleh, kito kedah sering mahos sholawat, sebagai bukti remen
kito dateng kanjeng Nabi. Soho kito kedah purun nindakaken nopo
ingkang dados ajaranipun, lan nebihi nopo ingkang dados
laranganipun. Kanti mekaten kolowahu, mugi-mugi ingkang hadir
ing majelis puniko sageto tergolong dateng umatipun kanjeng Nabi,
ingkang saget nampi syafa’atipun, benjang ing dinten qiamat.
Poro rawuh, kintenipun cekap semanten atur kulo, kirang
langkungipun kulo nyuwun agungipun pangapunten.

‫و بال التو فيق و الدايِةم‬


‫والسل م عليكم ورحةم ال وبر كا ته‬
PERINGATAN ROJABIYAH

‫السل م عليكم ورحةم ال وبر كا ته‬


‫ت الههمكقبمدصس صفب كليلكبصةم اله هه‬
.َ‫كب بكرآ‬ ‫ل المبصذى جعبل إصسبراها صمبن ممكبةمك اصكلب ببيب ص‬ ‫اكهلمهدص ص‬
‫كه‬ ‫كك ك هكه ه ك‬ ‫كه‬
‫ص ب بلكةه‬ ‫واكرس ب بلكه بصشب ببيبرا ونكب بصذيِبرا ودا صعيب ببا إصكل ب ب ا ص‬
‫ كوال م‬.ً‫ل ب ب بصب بصإهذنصصه صس ب بكرارجا كوهمصهنيب ب بررأ‬ ‫ك ه ك ه ك ه ر ك هر ك ك ر‬
‫صبلكرة كوكسبلكرم‬ ‫والمسلكم عكلىَ سيصدكنا همممدد أًكفهضصل الهورى وعكلىَ اله واكصحابصص‬
‫ه‬
‫ك هك ك‬ ‫ك كك ك ك‬ ‫ك‬ ‫ك ه ك ك‬
‫ككصهثيبررا أًصما بعد‬
Dumateng poro Bapak, poro Ibu soho hadirin ingkang kulo
hormati.
Sakderengipun kulo matur ingkang bade kulo aturaken mangke,
langkung rumiyin kulo muji syukur Alhamdulillah dateng
ngersanipun Alloh subhanahu wa ta’ala. Shoho nyuwunaken
tambahipun Rohmat lan salam bahagia Alloh mugio tetep dipun
limpahaken dumateng junjungan kito Nabi Muhamamd shallallahu
‘alaihi wasallam, shoho poro ahli keluargo lan sahabatipun.
Poro hadirin sedoyo ingkang kulo mulyakaken !
Pengajian ing saat meniko dalam rangka memperingati dinten
ulang tahun Isro’ Mi’roj ipun junjungan kito Nabi Besar
Muhamamd shallallahu ‘alaihi wasallam. Kini kembali mengenai
hal-hal historis revolusi fisik, utawi sejarah perjuanganipun
Rosululloh shallallahu ‘alaihi wasallam, ingkang panjenenganipun
tepat tanggal 27 Rojab tahun 571 M. Dipun aturi kalian Malaikat
Jibril, nindaaken perintahipun Alloh subhanahu wa ta’ala, dipun
Isro’aken utawi dipun lampahaken dalu, awit saking Masjidil
Harom (Mekkah) ngantos Masjidil Aqsho (Palestina). Selajeng dipun
Mi’roj aken saking Masjidil Aqso minggah dateng langit ngantos
Syidrtoul Muntaha. Ingkang perlunipun dipun sumerapaken
dateng pinten-pinten tanda kekuasa’anipun Alloh subhanahu wa
ta’ala, shoho nampi kewajiban ibadah sholat gangsal wekdal. Hal
meniko dipun jelasaken wonten Al-Qur’an surat Bani Israil ayat 1
ingkang surasosipun mekaten :

‫ هسبهبكحاكن المبصذيِ أًكهسبكرىى بصكعهببصدصها لكهيرل يمبكن‬: ‫فقال الب تعببال فب القببر ان الكريب‬
‫صب ببىَ المب بصذيِ كباكرهكنكب ببا كح ب بهولكهه لصنهصريِكب بهه صم ب بهن‬
‫ك‬ ‫ق‬
‫ه‬ ‫ل‬
‫ك‬ ‫ه‬ ‫ا‬ ‫الهمس ب بصجصد اهل ب براصم إصكل ب ب الهمس ب بصج ص‬
‫د‬ ‫كه‬ ‫كك‬ ‫كه‬
‫صهي‬ ‫آَيِاتصكنا ۚ إصنمه هو المسصميع الهب ص‬
‫ه ك‬ ‫ه هك‬ ‫ك‬
Ingkang artosipun :
“Maha suci Allah ingkang nglampahaken dateng hambanipun
wonteng ing wekdal dalu, saking Masjidil Harom dateng Masjidil
Aqso kang ingsun berkahi kiwo tengene, sa’perlu ingsun tunjukne
sebagian tanda-tanda kekuasaan Ingsun. Saktemene Alloh iku
Maha Mendengar lan Maha Mengetahui“
Poro hadirin ingkang kulo hormati !
Kanti pengajak kulo monggo kanti wontenipun peringatan Isro’ lan
Mi’roj meniko, kito tingkataken segala bidang, Monggo Pak, Bu,
warga umat Islam, ,lewat peringatan meniko, kito tingkataken No. 1
Bidang Ubudiyah urusan ibadah dateng Alloh subhanahu wa
ta’ala, ingkang maksudipun sak sampunipun peringatan Rojabiyah
meniko, sampun ngantos wonten tiang ingkang ngaku agamane
Islam, anangeng ibadahe taksih plintunan, utawi namun asal
kober, menawi boten kober boten ibadah. No. 2 Niat bantu program
pemerintah, dalam rangka meratakan pendidikan utawi
mencerdaskan Bangsa ingkang maksudipun, saksampunipun
peringatan Rojabiyah nimu sampun ngantos wonten umat Islam
sing taksih lolak-lolok utawi taksih dereng sadar hidup
berorganisasi, hidup bermasyarakat, lan hidup bergotong royong
lewat jam’iyah-jam’iyah. Lewat pengajian-pengajian kito saluraken
santapan rohani supados umat Islam ngertos endi barang sing
Halal, lan endi barang sing Haram. No. 3 Niat demi terwujudipun
Akhlaqul Karimah, mewujudkan sopan santun, toto kromo,
ingkang maksudipun supados umat Islam saget sesuai antara
ucapan lan perbuatan. Sampun ngantos Islam namung dumel
akon-akon thok, nanging tumindha’ipun boten sesuai. Mangane
boten diatur coro Islam, pergaulane boten diatur coro Islam, nek
pados rizki boten diatur coro Islam, meniko sampun ngantos
terjadi. No. 4 Niat demi wujudipun pengamalan wajib ingkang
dados rukunipun agami Islam. Terutama pengamalan wajib
ingkang dados intinipun utawi hasilipun Isro’ Mi’roj meniko
ingkang sampun dipun kumndangaken setiap waktu, wonten
masjid-masjid, utawi saben-saben mushollah.

‫صلكهة‬
‫كحمي كعكلىَ ال م‬
…………. nopo BU…? Inggih meniko sholat gangsal wekdal.
Mbok menawi wonten Umat Islam sing dereng nglampahi sholat,
mugu-mugi enggalo dipun paringi hidayang dening Alloh. Amergi
sholat meniko merupakan barometer utawi alat pengukur dateng
pengamalan kito sedoyo. Tegesipun pengamalan kito sedoyo saget
sahe utawi boten meniko dipun ukur utawi dipun tingali, kalihan
anggenipun ngalmpahi sholat. Kranten dawuhipun Alloh wonten
Surat Al-Ankabut, ayat 45 :

ۗ ‫صكلكة تكبهنبكهىىَ كعصن الهكفهحكشاصء كوالههمنككصر‬


‫إصمن ال م‬
Artosipun :
“Sholat iku saget mencegah sangking perbuatan keji lan mungkar“
Poro Bapak, poro Ibu, Hadirin sedoyo pramilo monggo urusan
ibadah meniko dipun tingkataken ingkang sa’estu, terutami
dumateng putra-putri kito utawi generasi kito sedoyo, meniko kito
didik, kito wulang, lan kito arahaken dateng urusan ibadah,
sampun ngantos kito umbar, mboten kito arahaken, supados
mangke dados generasi ingkang saget berguna tumrap agomo,
bongso lan negoro.
Kranten lare meniko saget sahe utawi awon tergantung tiyang
spuhipun ingkang mendidik. Dawuhipun bapak kiai :
1. Anak iku nisbat koyo dene wadah. Apik olo tergantung sing gulo
wentah
2. Senajan wadah cilik isi lengo wangi. Panggonane ing lemari
amon klambi.
3. Senajan wadah gede isi gemuk oli. Panggonane ono ngisro ora aji
Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin sedoyo
Nopo maleh wonten ing zaman akhir meniko katah sanget
pengaruh-pengaruh sangking arus gamebyaripun dunyo, katah
iman ingkang podo kenter ketendang banjir kepuntir-puntir ilmu
agama boten kepikir, maksud kulo, banjir kebudayaan-kebudayaan
ingkang merusak mental umat Islam.
Kanjeng Nabi naliko Mi’roj sampun diparingi gambaran-gambaran
ingkang dados lambang ingkang bade terjadi wonten ing dunyo
meniko. Termasuk kanjeng Nabi dipun sumerepi tiyang estri
ingkang ayu….teng pinggir dalan celuk-celuk dateng kanjeng Nabi,
tapi piambakipun boten mandeg, slajeng dipun tanggledaken
dateng Malaikat Jibril, Jibril maringi penjelasan, bilih meniko
lambangipun dunyo sak isine, kok menawi panjenengan wahu
mandek, tentu umat panjenengan bade milih dunyo sak isine,
ninggal perkoro akhirot.
Pramilo meniko manggo manah kedah dipun gembleng, dipun isi
iman ingkang kuat mugi-mugi kulo panjenengan benjang sagedo
wilujeng dunyo lan akhirat. AMin yaa Robbal a’alamin. Cekap
semanten aturan kulo, sedoyo kelepatan nyuwun angunging
pangapunten.

‫و بال التو فيق و الدايِةم‬


‫والسل م عليكم ورحةم ال وبر كا ته‬
PIDATO MENYAMBUT BULAN ROMADHON

‫السل م عليكم ورحةم ال وبر كا ته‬


‫ضبباكن كوهسب هبيبلكةمر‬ ‫م‬‫ر‬ ‫ر‬ ‫ه‬ ‫ب‬ ‫ش‬ ‫ل‬ ‫ب‬ ‫ع‬ ‫ج‬‫و‬ ‫ص‬
‫ن‬ ‫ب‬ ‫ي‬
‫ه‬ ‫ص‬
‫ل‬ ‫ا‬
‫ه‬‫و‬ ‫ص‬
‫م‬‫ل‬
‫ك‬ ‫س‬ ‫ص‬
‫ل‬ ‫ه‬‫ا‬ ‫ن‬‫ص‬ ِ‫ي‬‫د‬‫ل المصذيِ أًكنهبعمنا بص ص‬‫اكهلمهدص ص‬
‫ك‬
‫ك ك ك ك ه ك كك ك‬ ‫ك‬ ‫ه ك‬ ‫ه كك ه‬ ‫ك‬ ‫كه‬
‫ كو‬.‫ضبصل اهصلنهكسببان‬ ‫د‬ ‫ص‬ ‫ كوال م‬.‫صفب نكبهيبصل الهغههفبكراصن‬
‫صبلكةه كوالمسبلكهم كعلبكبىَ كسبيدكنا همكممبد اكفه ك‬
‫ص‬ ‫عكلىَ اكلصصه واك ص‬
‫أً صما بعد‬.‫ي بالهكقرآَن‬‫صكحابصه الههمتككميسك ه ك‬ ‫ك ه‬ ‫ك‬
Poro hadirin hadirot ingkang kulo hurmati !
Monggo wonten ing kesempatan meniko kulo lan panjenengan
sedoyo sami muji syukur dumateng ngarsonipun Alloh subhanahu
wa ta’ala. Kranten Alloh sampun paring Rohmat, Ni’mat dateng
kito sedoyo ingkang arupi tetepipun Iman lan Islam.
Ingkang kaping kalihipun mugiho Rahmat lan Salam Bahagia Alloh
selalu dipun limpahaken kanjeng Nabi Muhammad shallallahu
‘alaihi wasallam, poro ahli keluarga lan poro sohabatipun.
Poro Rawuh ! monggo kulo lan panjenengan sedoyo meniko samiyo
ningkataken anggenipun taqwa dumateng Alloh subhanahu wa
ta’ala. Tegesipun kito nindakkaken perintahipun, shoho nebihi
dateng laranganipun, dene termasuk perintahipun Alloh inggih
meniko : Alloh sampun majibaken dateng kito sedoyo inggih
meniko nglampahi poso wonteng ing wulan Romadhon, Alloh
sampun dawuh wonteng Al-Qur’an :

‫ب كعكلىَ المصذيِكن صمن قكبهبلصهك بهم‬‫صيام ككما هكتص‬


‫ك كه ه كه ك ك‬ ‫ي‬ ‫ال‬ ‫م‬ ‫ك‬
‫ه‬ ‫ي‬‫ل‬
‫ك‬ ‫ع‬ ‫ب‬‫يِا أًكيِببها المصذيِن آَمنهوا هكتص‬
‫ك ك‬ ‫ك ك‬
‫لككعلمهكهم تكبتمبهقوكن‬
Ingkang artosipun :
“Hei wong-wong kang podo iman, den wajibake marang siro kabeh
nglakoni poso. Koyo dene den wajibake maring wong-wong
sakdurunge siro kabeh. Supoyo siro podo taqwa” (Al-Baqarah : 183).
Pramilo saking meniko, monggo kedatangan wulan Romadhon
meniko kito sambut kanti gembira. Kito penuhi mawi kegiatan-
kegiatan, tadarrus Al-Qur’an, Shodaqoh dateng fakir miskin, lan
sanes-sanesipun.
Dene ingkang pokok inggih meniko, wonten ing wulan Ramadhan
meniko kito tindakaken poso kanti khusus’ khitmah, shoho nebihi
larangan-larangan ingkang nimbulaken batalipun poso. Kados dene
guneman ingkang awon, ngrasani tiyang sanes, lan lintu-
lintunipun. Kranten menurut sebagian Ulama’, tembung poso
meniko bahasa arabipun saking kata ‫صصصصصوومم‬
‫ ص‬ingkang hurufipun
wonten tigo. Inggih meniko huruf Shod, huruf Wawu lan huruf
Mim. Tigang huruf meniko anggadahei makna/arti piyambak-
piyambak.
Dene ingkang No. 1 (huruf shod) meniko sangking kata Shumtum (
‫ت‬ ‫ ) ص‬ingkang artosipun meneng. Berarti tiyang poso, meniko kedah
‫صوم م‬
meneng lisanipun saking guneman ingkang awon, utawi meneng
saking ngrasani lan sanesipun.
No. II (huruf Wawu) meniko saking kata Waro’un (‫ع‬
‫ )صوصر م‬utawi Wiro’i.
Ingkang maksudipun bilih tiang poso meniko kedah wira’i utawi
nebihi sangking perkawis ingkang haram, utawi perkawis-perkawis
ingkang dipun cela/dipun wodho minggahipun syara’.
No. III (huruf Mim) meniko saking kata Malakun (‫ )صمصلصصمك‬ingkang
artosipun ngeker, utawi mencegah, tegesipun bilih tiang poso
meniko kedah saget ngeker lan nyegah perkawis-perkawis ingkang
ndadosaken batalipun poso.
Poro hadirin hadirot ingkang kulo hormati ! Sak derengipun kulo
akhiri anggen kulo matur, manggo sepindah malih, datengipun
wulan Romadhon meniko kito isi kanti amalan-amalan ingkang
sahe. Supados mangke medal saking wulan Romadhon kito angsal
nilai-nilai ibadah ingkang sahe. Sehinggo saget dipun sepunten
duso-duso kito. kranten kanjeng ingkang sahe, sehinggo saget
dipun sepunten duso-duso kito. kranten kanjeng Nabi dawuh :

‫ضاكن إصهكيارنا كواهحتصكسا ربا غهصفكر لكهه كما تكبكقمدكم صمهن كذنهبصصه‬
‫كمهن كقاكم كركم ك‬
Ingkang artosipun :
“Sopo wonge jumenengi wulan Romadhon kanti Iman lan nuprih
krono Alloh. Mongko den ngapuro duso-dusone kang wis kliwat”
Poro rawuh….kintenipun cekap semanten atur kulo sedoyo
kelepatan, kulo nyuwun pangapunten lahir lan batin.
‫و بال التو فيق و الدايِةم‬
‫والسل م عليكم ورحةم ال وبر كا ته‬
PIDATO PERINGATAN NUZULUL QUR’AN

‫السل م عليكم ورحةم ال وبر كا ته‬


‫صبلكةه كوالمسبلكهم كعلكبىَ اكهشبكر‬ ‫ كوال م‬.‫يبب‬ ‫لب المبصذى أًكنهبزكل الههقبراككن هبردى لصهلمتم ص‬
‫ق‬ ‫اكهلمبهدص ص‬
‫ه هك‬ ‫ك ه ه‬ ‫كه‬
‫ أً صمببا‬.‫يبب‬ ‫ف اهلكنهصببصء والهمرسبلصي سبيصد نبكبا همممبدد وعلكببىَ اكلصبصه واكصبحا بصبصه أًكهجعص‬ ‫ص‬
‫ك هك‬ ‫ك ه ك‬ ‫ك كك‬ ‫ك ك هه ك هك ك‬
‫ إصمنا كهنهن نكبمز لهكنا اليذ هككر كواصنبمبا لكبهه كلبكبا‬: ‫ فقال ال تعلىَ ف القرآَن العظيم‬.‫بعد‬
.‫فصظههوكن‬
Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin-hadirot ingkang kulo hormati !
Lewat suasana ingkang indah, cerah, terang benderang saat
meniko monggo kulo lan panjenengan sedoyo tansah muji syukur
dateng ngersanipun Alloh subhanahu wa ta’ala. Ingkang sampun
paring Rahmat, Nikmat dateng kito sedoyo sehingga ing saat
meniko, kulo lan panjenengan saget bersilaturrohim wonten ing
meniko majlis ingkang mubarok, dalam rangka menghadiri acara
peringatan “Nuzulul Qur’an” ingkang kados meniko meriyahipun.
Ingkang kaping kalih sholawat soho salam sejahtera Alloh mugi
tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar
Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, soho poro ahli keluarga
lan sahabatipun. Amin
Poro Bapak, Poro Ibu ingkang kulo hormati !
Kisah perjalanan manusia gesang wonten ing alam dunia menuju
dateng Alam akhirot meniko saget kito ibarataken kados dene
seorang musyafir ingkang lagi menyebrang lautan, menuju sebuah
pantai. Utawi kados dene tiang ingkang lagi kesesahan nyebrang
segoro mawi sebuah perahu menuju suatu pantai (pelabuhan),
sampan sakmestinipun tiang ingkang lagi nyebrang. Meniko
wonten ing tengah perjalanan memaggihi pinten-pinten halangan
lan rintangan. Kadang-kadang si musafir lagi tenang-tenang
wonten nginggil perahu tiba-tiba angin datang meniup. Kadang-
kadang badai dan gelombang menggelegar ombak menyeberang. Ia
memenuhi suasana ingkang kados mekaten meniko kok si
musyafir meniko lengah anggenipun mengemudi, utawi boten
gadah gondelan ingkang kukuh, saget-saget kapalipun meniko
numplek lan tenggelam wonten ing tengah-tengah lautan.
Akhiripun mboten saget dumugi dateng suatu tujuan.
Poro rawuh ingkang kulo mulyaaken !
Semanten ugi kito gesang wonten Alam dunia menuju dateng alam
akhirat. Meniko sering kito panggihi pinten-pinten cobaan lan
rintangan. Kadang-kadang tiang gesang meniko dipun coba kalian
Alloh di timpa kemiskinan, ekonomi kirang mencukupi, kadang di
coba putrinipun sakit, usaha sesuatu boten berhasil lan sanes-
sanesipun lan kangge menanggulangi hal meniko, Alloh sampun
nurunaken kitab Al-Qur’an, ingkang supados damel pedoman
gesang wonten ing alam dunyo supados saget wilujeng lan bahagia
wonten akhirat. Dawuhipun Alloh surat Al-Hajr ayat songo :

‫إصمنا كهنهن نكبمز لهكنا اليذ هككر كواصمنا لكهه كك‬


‫لا فصظههوكن‬
Ingkang artosipun :
“Sa’temene ingsun wis nurunake Al-Qur’an sa’temene Ingsun tetep
jogo marang Al-Qur’an.
Poro rawuh, ugi wonten ayat lintu Alloh dawuhaken wonten surat
An-Nahl : 89

‫ب صهتببكيانرب ببا ليهكب ب بيل كشب ب بهيدء كوههب ب بردى كوكرهحكب ب بةمر كوبههشب ب بكرىى‬
‫ك‬ ‫با‬ ‫ب‬ ‫ب‬ ‫ك اله كص‬
‫ت‬ ‫ك‬ ‫…كونكبمزلهنك ب ببا كعلكهيب ب ب ك‬
‫ي‬ ‫م‬‫لصهلمسلص ص‬
‫هه ك‬
Ingkang artosipun :
“…Lan ingsun nurunake maring siro (Muhammad) kitab Al-Qur’an
kangge jelasake sekabehe perkoro. Lan minongko dadi pituduh lan
Rohmat lan kabar gembira tumrape tiang Islam” (QS. An-Nahl : 89).
Pramilo saking meniko monggo lewat pringatan “Nuzulul Qur’an”
niki, kulo lan panjenengan sedoyo ingkang sring mahos sring
mahos Al-Qur’an lan kito hayati utawi makna ingkang terkandung
wonten sak lebetipun Al-Qur’an. Selajeng kito to’ati nopo ingkang
dipun perintahaken Alloh wonten Al-Qur’an. Lan kito tebihi nopo
ingkang dipun larang dening Alloh wonten Al-Qur’an. Supados
gesang kulo lan panjenengan sedoyo saget wilujeng wonten ing
dunyo lan akhirat. Shoho nampi kabekjan wonten dunia lan
akhirat. Amin-amin yaa Robbal alamin.
Kintenipun namung mekaten ingkang saget kulo aturaken kirang
langkungipun sedoyo kalepatan kulo nyuwun agungipun
pangapunten.
Masang pulut nang nduwur cemoro
Menawi luput nyuwun ngapuro

‫و بال التو فيق و الدايِةم‬


‫والسل م عليكم ورحةم ال وبر كا ته‬
PIDATO RESEPSI HALAL BIHALAL

‫السل م عليكم ورحةم ال وبر كا ته‬


‫ كواكهو كجب ب م‬.‫اكهلكهمب بهد لب ب ال ببذى اكنهبكعب بكم كعكهليبنك ببا بصنصهعكمب بصةم اهصلهيكبباصن كواهصلهسب بلكصم‬
‫ب كعكهليبنك ببا‬
‫صبلك ةه كوالمسبلكهم‬ ‫ كوال م‬.‫ كأًوككمبكر نبكبا ببصبالي يتكبباصد كوصصبلكصةم اهلكهركحبباصم‬.‫صبكياصم‬ ‫صبلكصة كوال م‬ ‫صبال م‬
.‫ أً صمببا بعبد‬.‫صبكحا بصبصه الهصكبكراصم‬ ‫ا‬
‫ك‬‫و‬ ‫ وعلبكبىَ اكلصب ص‬.‫عكلىَ سبيصد نبكبا همممبدد خ صيب اهلكنبكباصم‬
‫ه‬
‫ه‬ ‫كك‬ ‫ك كه‬ ‫ك ك‬
.‫ي‬ ‫صمن الهعائصصديِن والهكفا ئصصزيِن تكبكقبمل ال صممن وصمهنهكم اكهجعص‬
‫ه ك ك ه ك ه ك هك‬ ‫ك ك هك ك‬
Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin sekalian ingkang kulo hormati !
Langkung rumiyin kulo muji syukur Alhamdulillah dateng Alloh
SUBHANAHU WA TA’ALA, ingkang sampun paring Rohmat shoho
ni’mat, sehingga kulo lan panjenengan saget pepanggihan wonten
meniko majlis, dalam rangka “bersilaturrohim”, utawi resepsi
“Halal bi halal” kanti keadaan sehat wal afiat, sami ugi sehat
lahiriah, utawi batiniyah.
Kaping kalihipun Rohmat Ta’dzim dan salam bahagia Alloh, mugio
tetep dipun limpahaken dateng kanjeng Nabi
Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, shoho poro ahli keluarga
lan sahabatipun.
Poro Bapak, poro Ibu, Hadirin sekalian !
Wonten ing saat meniko kito sampun manggihi wulan syawal
malih. Kranten wonten ing wulan sakderengipun yakni wonten ing
wulan Romadhon kito sampun sukses nindakaken ibadah puasa
sebulan penuh. Kanti menambah amalan-amalan ibadah
lintunipun kados dene sholat tarowih, tadarus Al-Qur’an lan
sanesipun. Lan ugi wonten akhiripun wulan Romadhon kita tutup
mawi Zakat Fitrah kanti harapan kulo mugi-mugi nopo ingkang
kito laksanakaken wonten ing wulan Romadhon kolo wahu
minongko dados amal ingkah sholeh. Ingkang mbuahaken amalan-
amalan ingkang sahe wonten wulan-wulan sakterusipun, sehinggo
saget ndadosaken fitrah utawi lambang kesucian, wonten ing
manah kito sedoyo.
Poro Rawuh ingkang kulo hormat !
Kranten hikmah nindaaken ibadah poso meniko disamping kito
ninda’aken perintahipun Allahsubhanahu wa ta’ala kanti ngeker
hawa nafsu wonten ing siangipun wulan Romadhon, meniko ugi
kito saget ngraosaken betapa sedih lan gelisahipun si Fakir-Miskin
ingkang wonten ing saben dintenipun selalu ditimpa kekurangan
dahar, ngunjuk, shoho keluhan lan kelemahan tenogo, ingkang
akhiripun kito timbul roso belas kasihan kito dateng Fakir Miskin,
sehinggo kito purun nafkahaken sebagian harta benda kito kangge
shodaqoh dateng Fakir-Miskin kolo wahu.
Poro hadirin ingkang kulo hormati ! menawi kito mboeten purun
nglampahi ibadah puoso, berarti kito meniko gesang nuruti
kemauan howo nafsu lan kemauan weteng utawi dados Abdul
butun alias hamba perut, selalu dikuasi Howo Nafsu. Setiap hari
selalu dalam pemborosan, mangan ngumbe sak katahipun, selalu
berlebih-lebihan, melampauai batas tanpa mengukur
kekuatanipun. Padahal, Alloh dawuh wonten Al-Qur’an :
‫ي‬ ‫ب الهمهشصرفص‬
‫ب‬ ‫هكلهو واهشرببوا ولك تهسصر فهبوا إصمن ال لك هص‬
‫ي‬
‫ه هك‬ ‫ه ك كه ه ك ه ه‬
Ingkang artosipun :
“Mangano siro kabeh lan ngumbiho. Lan ojo ngliwati bates.
Saktemen Alloh ikut ora demen marang wong kang ngliwati bates“
Poro Bapak, poro Ibu, hadirin sekalian !
Sak meniko sampun dugi wulan syawal, wulan ingkang penuh
dipun rameaken lan dipun meriahaken dening sedoyo umat Islam.
Kranten ing wulan menikolah saat meledakipun kegembiraan
ingkang penuh harapan menuju kearah hidup baru gesang ingkang
langkung sahe, katimbang wulan ingkang berlalu.
Pramilo monggo kesempatan wulan syawal meniko kito ginaaken
kangge bersilaturrohim, mempererat tali persaudaraan antara
keluarga, famili, konco-konco lan sanak, shoho sederek seagomo
lan seperjuangan. Mungkin wonten ing saat-saat ingkang berlalu
terjadi kesalahan-kesalana utawi sering melakukan hal-hal ingkang
mboten nyekecoaken manah. Sering timbul rasa iri, dengki, buruk
sangka, mangkel-mangkelan lan sanesipun.
Pramilo saat meniko kito bucal, kito lenyapaken mawi berjabatan
tangan, kito isi kanti halal bihalal, saling maaf memaafkan lahir lan
batin.
Monggo kito ndugeni, kito panggihi sanak keluarga, sahabat karib,
tiyang sepuh kito, guru-guru kito, kanti bersilaturahim, supados
gesang kito meniko angsal berkah sangking Alloh subhanahu wa
ta’ala. Kanjeng Nabi sampun dawuh :

‫صهل كرصحكهه‬
‫ط لكه صف صرهزقصصه ويِبهنساء لكه صف أًكثكصرصها فكبهلي ص‬
‫ك‬ ‫كه ك ك ه‬ ‫ب أًكهن يِبههبكس ك ه‬
‫كمهن أًككح م‬
Artosipun :
“Sing sopo wonge pengin diluasne rizkine, lan didawakne (di
berkahi) umure, mongko becik silaturrohmi (nyambung sanak
sedulure)”
Poro Bapak, Poro Ibu hadirin sekalian !
Dados wal hasil wonten ing kesempatan wulan Syawal meniko,
monggo kito tingkataken mutu pendidikan lan praktek, utawi
mewujudkan sedoyo amal ingkang saget mbeto bahagia, sejahtera
wonten ing duniyo lan akhirat. Mengingat kata penyair :

‫صنصهغ يِكردا فككما ذا كك صمهن عههمصرى‬‫ك‬


ً‫أ‬ ‫ل‬
‫ك‬‫و‬ ً*‫م‬
‫ه ر كه ه‬ ‫ل‬‫ه‬ ‫إصكذا فكبتكصن اهليبوم وكل أًكهكتكصسب ص‬
‫ع‬ ‫كهه ك ه‬
Ingkang artosipun :
“Naliko wis ngliwati aku sijining dino, lan aku durung ngasilken ilmu
pengetahuan, lan durung ngasilaken pekerjaan tangan, Mongko opo
gunane umurku ing dino iku”
Poro hadirin sekalian !
Sesuai kalian kata syair kasebut, monggo kito berusaha
ningkataken pendidikan dateng putri-putri kito generasi
mendatang, supados dados generasi ingkang berguna lan berjasa,
ingkang sanggup dibebani seribu macam tugas, saking agomo,
bangsa lan negoro. Kranten generasi meniko ingkang menentukan
masa ingkang bade dateng. Kata penyair malih :

‫س بكبهعكد كنا‬ ‫نا‬


‫م‬ ‫ال‬ ‫ل‬ ‫ك‬
‫ه‬ ‫ه‬
‫أ‬ ِ‫ي‬
‫ك‬ ‫ت‬
‫م‬ ‫ح‬
‫ك‬ ‫س‬ ‫لككقهد كغر هسهوا كفا ءك ككهلكنا كوإصنبمكنا *ً كلنكبهغ ص‬
‫ر‬
‫ك ه‬ ‫ه‬ ‫ك‬
Ingkang artosipun :
“Sa’temen wong-wong sakwuse kito wis podo nandur jasa, lan kito
sing mangan jasane. Lan yektine kito ugo nandur jasa supaya
wong-wong sing sak wusi kito biso mangan jasa kito (metik jasa
kito)”
Poro rawuh ingkang kulo hormat !
Kintenipun cekap semanten atur kulo, sedoyo kelepatan nyuwun
pangapunten.

‫ي‬ ‫صمن الهعا ئصصديِن واهلفائصصزيِن تكبكقبمل ال صممن وصمهنهكم اكهجعص‬


‫ك ك ه ك ك ه ك ك ه ك ه ك هك‬
‫و بال التو فيق و الدايِةم‬
‫والسل م عليكم ورحةم ال وبر كا ته‬
PIDATO HARI ULANG TAHUN KEMERDEKAAN RI
‫السل م عليكم ورحةم ال وبر كا ته‬
‫صبكر كعهببكدهها‬ ‫ن‬
‫ك‬‫و‬ ‫ها‬ ‫د‬ ‫ع‬ ‫و‬ ‫ق‬‫ك‬ ‫د‬ ‫ص‬ ِ‫ي‬ ‫ص‬
‫ذ‬ ‫م‬
‫ل‬ ‫ا‬
‫و‬ .‫ها‬ ‫د‬ ‫ح‬‫و‬ ‫ص‬
‫ةم‬ِ‫ي‬ ‫ر‬‫ي‬ ‫ل‬‫ه‬ ‫ص‬
‫با‬ ‫نا‬ ‫م‬ ‫ع‬ ‫ب‬
‫ه‬ ‫ن‬‫ك‬‫ا‬ ِ‫ي‬ ‫ص‬
‫ذ‬ ‫م‬
‫ل‬ ‫ا‬ ‫ص‬
‫ل‬ ‫اكهلكهمهدص‬
‫هكه ك ك‬ ‫ه ك كك ه ك ك ه ك ه ك ه ك ك‬
‫صلك ةه كوالمسلكهم كعكلىَ كسيصد نبكبا‬ ‫ كوال م‬.‫ب كوهحكدهها‬ ‫كأًوككعمز هجهنكدهاه كوكهكزكم اهلكهحكزكم اهلكهحكزا ك‬
.‫صكحا بصصه كوكمهن تكبصكع هرهشكدهاه أًصما بعد‬ ‫ا‬
‫ك‬‫و‬ ‫ وعكلىَ اكلصص‬.‫همممدد لك نكصب ببعكدها‬
‫ه‬
‫ك ه‬ ‫ك كه ه ك ك‬ ‫ك‬
Poro Bapak, Poro Ibu sederek-sederek, sebangsa lan setanah air,
ingkang kulo hormati !
Langkung rumien monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho
nglahiraken raos puji syukur dateng ngarsanipun Alloh subhanahu
wa ta’ala, ingkang sampun paring Rohmat, Taufik soho Hidayah
dateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehinggo wonten ing majelis
puniko, dalam rangka memeriahkan Peringatan dinten ulang tahun
Proklamasi Kemerdekaan Republik Indonesia ingkang kaping 49
mugi-mugi kerawuhan kulo lan panjenengan meniko dipun catat
dening Allohsubhanahu wa ta’ala. Minongko dados amal soleh kulo
lan panjenengan Amin.
Ingkang kaping kalih mugio tambahipun Rohmat lan salam
bahagia Alloh tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi
Besar Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, soho poro ahli
keluarga lan sahabatipun.
Kaping tigonipun kulo matur nuwun dateng sederek pembagi acara
ingkang sampun paring wekdal dateng kito kangge mengisi
wontenipun acara meniko mugi-mugi wekdal meniko saget kulo
ginaaken ingkang sak sahe-sahenipun.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Alloh subhanahu wa ta’ala sampun paring nikmat dateng poro
kawulonipun meniko sampun katah sanget, sehinggo ngantos
mboten saget kito itung. Dawuhipun Alloh wonten Al-Qur’an

‫صهو كها‬ ‫ت‬


‫ه‬ ‫ل‬
‫ك‬ ‫ص‬
‫ل‬ ‫ا‬ ‫ةم‬‫م‬ ‫غ‬‫ص‬‫ن‬ ‫ا‬
‫و‬ ‫ب‬
‫د‬ ‫ع‬ ‫ب‬ ‫ت‬ ‫ن‬
‫ه‬ ‫و اص‬
‫هه‬ ‫ك كه هكك‬
Ingkang artosipun :
“Lan lamun siro ngitung marang nikmate Alloh, mongko siro ora biso
ngitung“
Poro Rawuh ! Dene termasuk salah setunggalipun nikmatipun
Alloh ingkang ageng dipun parengaken kito bongso Indonesia,
Inggih meniko nikmat kemerdekaan ingkang dipun proklamiraken
tanggal 17 Agustus 1945, ngantos dinten meniko kito peringati.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Menawi kito ngemut-ngemut sejarah Bangsa Indonesia
sakderengipun merdeka, meniko pinten-pinten tahun dipun jajah
dening bangsa Asing. Inggih meniko dipun jajah dening Belanda
lan Jepang ngantos pinten-pinten tahun Rakyat Indonesia hidup
dibawah cengkraman kaum penjajah. Rakyat Indonesia mboten
anggadahi kebebasan, bahkan selalu di tindas lan dipun aniayaya
dening bangsa asing. Sehinggo berkat sifat Rohman Rohim
Alloh subhanahu wa ta’ala, lan ugi kanti semangat perjuanganipun
Poro Pahlawan lan poro Pejuang Bangsa Indonesia ingkang giat lan
gigih, berani, pantang mundur, para Pejuang kito saget ngalahaken
poro kaum penjajah sehinggo tepat tanggal 17 Agustus 1945,
Bangsa Indonesia memproklamasikan dinten Kemerdekaan
Republik Indonesia.
Poro Rawuh Ingkang kulo hormati !
Pramilo kito kedah bersyukur dateng Alloh subhanahu wa
ta’ala ingkang sampun pareng nikmat Rupi kemerdekaan meniko.
Supados Negri kito Indonesia tansah dipun paringi berkah dening
Alloh. Dipun paringi aman, damai, gemah ripah loh jinawi, toto
tentrem kerto raharjo, adil makmur penuh ampunan, lan Ridho
Alloh. Kranten Alloh sampun berjanji wonten Al-Qur’an surat
Ibrahim ayat 7

‫لكئصهن كشككهر ههت لكءك صزيِهكد نمهكهم كولكئصهن كككفهرههت إصمن كعكذا صب لككشصديِهمد‬
Ingkang Artosipun :
“Demi yekti lamun podo gelem syukur siro kabeh marang nikmat-Ku,
mangko Ingsun nambahi nikmat maring siro kabeh. Lan yekti lamu
siro kufur maring nikmat-Ku, mangko saktemene sikso-Ku iku
banget …….”
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Kejawi sangking meniko, kito ugi kedah matur nuwun dumateng
poro pahlawan lan poro pejuang ingkang sampun jerih payah, rela
ngorbananek jiwa rogo, harta benda kangge merebut Kemerdekaan
Meniko, pramilo wonten ing kesempatan sahe niki monggo sejenak
kito panjataken doa mugi sedoyo para pahlawan lan poro pejuang
ingkang sampun sukses merebut kemrdekaan Negeri Republik
Indonesia, meniko selalu dipun bales dening Alloh, dipun trami
jasa-jasanipun, lan dipun dadosna amal sholehipun, ingkang
berjuang wonten akhirat dipun paringi berkat soho kejembaran
wonten ngersanipun Alloh subhanahu wa ta’ala. Amin-amin yaa
Rabbal alamin.
Poro Rawuh ingkang kulo hormat !
Sak meniko kito termasuk generasi penerus pewaris kemerdekaan
Pramilo kito berkewajiban nerusaken perjuangan poro pejuang
ingkang rumiyin. Shoho memelihara lan melestarikan
kesejahteraan Negeri Indonesia meniko. Sampun ngantos nikmat
kemerdekaan ingkang meniko kito sia-siakan kanti ngawontenaken
pesta pora, lan hura-hura ingkang boten berarti, tanpa
ngawontenaken amalan-amalan ingkang beto kemanfaatan lan
kemaslahayan Negara. Sebab kemerdekaan meniko boten semata-
mata hadiah saking bangsa asing ingkang diberikan kanti cuma-
Cuma, meniko boten. Tapi berkah jasa-jasa poro pejuang ingkang
sampun rumiyin. Pramilo sepindah maleh kito ugi kedah mengisi
kemerdekaan kanti menanamkan jasa kangge tiang-tiang ingkang
bade dateng, utawi kangge generasi kita mangke. Hal meniko cocok
kalian dawuhipun Ulama rumiyin…..

‫س بكبهعكد كنا‬ ‫نا‬


‫م‬ ‫ال‬ ‫ل‬ ‫ك‬
‫ه‬ ‫ه‬
‫أ‬ ِ‫ي‬
‫ك‬ ‫ت‬
‫م‬ ‫ح‬
‫ك‬ ‫س‬ ‫لككقهد كغرهسهوا كفاءك ككهلكنا كوإصنبمكنا كلنكبهغ ص‬
‫ر‬
‫ك ه‬ ‫ه‬ ‫ك‬
Ingkang Artosipun :
“Yekti wongkang dingin wes podo nandur jasa lan kito sing
ngrasa’ake marang jasa lan sa’temene kito ugo kudu anandur jasa
supoyo wong-wong kangsakwusi kito biso mangan jasa kito.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Ingkang terakhir monggo, putro-putri kito sedoyo, kito didik
ingkang sahe lan kito arahaken dumateng perkaws ingkang sahe,
supados mangke saget dados generasi-generasi penerus ingkang
bertanggung jawab dateng kemajuan agama. Bangsa lan Negoro
AMin yaa Rabbal alamin.
Kintenipun cekap semanten atur saking kulo. Mugi-mugi saget
bermanfaat dumateng pribadi kawulo khususipun, lan umumipun
dateng panjenengan sedoyo.
Masang pulut ning duwur cemoro
Menawi luput kulo nyuwun ngapuro

‫و بال التو فيق و الدايِةم‬


‫والسل م عليكم ورحةم ال وبر كا ته‬
PIDATO THOLABUL ILMI

‫السل م عليكم ورحةم ال وبر كا ته‬


َ‫ص بلكةه كوالمس بلكهم كعلكببى‬ ‫ل ب المبصذى فك م‬
‫ كوال م‬.‫ض بكل بكص هن ب أًككدكم ببصبا لهعصهل بصم كوالهكعكم بصل‬ ‫اكهلم بهدص ص‬
‫كه‬
‫ب الهكككراكمب بصةم‬
‫صب بحا ص‬‫ك‬‫ا‬ ‫ و علكببىَ اكلبصبصه واكصب بحا ببصب ص‬.‫سب بيصدكنا همممب بدد علكببىَ هكب بيل حببادل‬
‫ه‬
‫ه ك‬ ‫ك ه ك‬ ‫ك ك ك‬ ‫ك ك‬ ‫ك‬
‫كوالهكككمهل أًصما بعد‬
Dumateng Poro Bapak, poro Ibu, Hadirin sekalian ingkang kulo
hormati !
Minangkani awalipun atur kulo ing mriki kulo muji syukur
Alhamdulillah dateng Allohsubhanahu wa ta’ala ingkang sampun
paring pinten-pinten Rohmat, Ni’mat, dumateng kulo, lan
panjenengan sedoyo, sehinggo kulo lan panjenengan saged karoyo-
royo bucal thempo ninggalno griyo, ninggal bondho lan rojo koyo
sami saget rawo wonten ing majlis puniko boten ategas prawan
golek joko, utawi dudo golek rondho. Nanging leres-leres golek ilmu
Agomo. Ilmu sing keno kangge sangu dateng griyane moro tuwo.
Shoho ilmu sing keno kangge sangune ngadep datang kang moho
kuoso.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Sebagai pengajak kulo monggo iang saat meniko kulo lan
panjenengan samiho niat ngaji. Niat ibadah dateng ngarsanipun
Allah subhanahu wa ta’ala. Keranten pancen dados tiyang Islam
lho Pak?! Bu?! Ngaji niku wajib tumrap kito sedoyo. Kanjeng Nabi
dawoh :

(‫ضةمم كعكلىَ هكيل همصسلصدم كوهمهسلصكمدةم )رواها ابن عبد الب‬


‫ب الهكعهلصم فكصريِه ك‬
‫طكلك ه‬
Ingkang artosipun :
“Bilih pados ilmu meniko dipun fardhuaken tumrap saben-saben
tiyang Islam jaler lan istri“
Soho kanti hadist meniko kito sampun jelas bilih pados ilmu
meniko merupakan proses ingkang serba terus tanpa wonten bates
waktu baik kapanpun, dimanapun dan dalam keadaan
bagaimanapun. Dados senajan tiyangnipun sampun tuwek, elek,
ngrowek, untune entek, ora tedas peyek, meniko tetep kewajiban
pados ilmu.
Poro Rawuh ingkang kulo hormat !
Keranten tiyang niku menawi boten gadah ilmu senajan toh ibadah
sampek jungkir balik, utawi ibadah mempeng, tapi boten dipun
ilmuni meniko tiwas bal gedual.

‫هو هكبل كمهن بصغك هصي صعهلم يِكبهعكمهل اكهعكمالههه كمهر هدهو كدةم لك تهبهقبكهل‬
Tiyang niku menawi boten gadah ilmu, ngamalipun boten dipun
terimo dening Alloh. Mardudatun Laa tugbalu.
Pramilo sangkeng meniko, monggo Poro Rawoh sedoyo terutama
adik-adik lan generasi Muda-mudi remaja Islam. Kito tingkataken
anggen kito belajar. Supados benjang angsal ilmu ingkang katah
lan manfaat soho ilmu ingkang saget beto bahagia lan wilujeng
donyo lan akherat. Hal meniko cocok kalian dawohipun Alloh
wonten Al-Qur’an, Surat Al-Mujadalah ayat 11

‫يِبرفكصع اله المصذ يِن آَمنهبوا صمهنهكم والمصذ يِن أًهوتهبوا الهعصهلم درجا د‬
‫ت‬ ‫ه ك ه ك ه ه ك كك ك‬ ‫هك ك ه‬ ‫كه‬
Artosipun :
“Allah bade ngangkat derajatipun tiyang-tiyang ingkang beriman lan
tiyang-tiyang ingkang nggadahi ilmu dateng pinten-pinten derajat“
Tapi sa’wangsulipun menawi kito boten anggadahi ilmu boten saget
ngaji lan boten purun belajar lan boten sekolah, tengriyo namung
kluyur-kluyur jogrok klimprak-klimprik kados sarung goyor, niku
nggih boten patut, sampun ketinggalan jaman. Amargi, niki
sampun jaman merdeka boten kados jaman penjajah. Sa’niki
sampun kathah sekolahan sampun kathah tempat-tempat
pendidikan. Pramilo monggo kito tingkataken anggen kito belajar,
pados ilmu pengetahuan ingkang kathah. Soho dumateng poro
Bapak, Ibu sampun ngantos ketinggalan, ojo sampek gadah putro
sing lolak-lolok, boten purun sekolah, boten purun ngaji, boten
purun datang masjid, datang langgar, lan sanes-sanesipun.
Keranten lare niku menawi boten kenal pendidikan, nopo maleh
pendidikan Ilmu Agama. Niku nggeh nyusahaken tiyang sepuh
nipun. Menawi kentandang gaweh boten purun. Sa’bendino
ngente’no sego, jaluki duwit, di tuturi boten manut, karo Ibu nesu,
karo bapak galak, karo Embah mbantah, karo Kakang mbangkang,
karo Paklek mendelik, karo Pakdhe gumedhe, karo dulur ngladur,
karo tonggo ora duwe dugho. Diajar nangis, kon minggat boten
budal, di guwak moleh bendino ngentekno sego, didhol ora payu
Akheripun tiyang sepuhipun namung susah, gelisah pikiran jibek
napas sesek, dodo ampek, awak dredek, kuping gemrebek weteng
muneg-muneg, irung pilek, awak sak kujur rasane dredek, bendino
kur telek-telek mergo duwe anak ndablek kon mergawe ora untek
menengahe malah mbegegek lek ngeteniki tiyang sepuh susah
menopo boten? Poro Bapak Poro Ibu? Mulane monggo putro-
putrine dipun didik ingkang saestu supados leres-leres saget kados
lare ingkang berguna bagi Agama, Bangsa lan Negoro, Soho
ingkang saget menjunjung tinggih Harkat lan Martabat tiyang
sepuhipun kaleh. Ingkang cocok dawohipun kanjeng Nabi

‫خيبهر المناصس أًكنهبكفعههههم صللمنآَصس‬


‫كه‬
Artosipun :
“Sa’bagus-baguse menongso yoiku sing manfaat marang, menungso
liyane“
Poro rawo ingkang kulo hormati !
Kintenipun cekap semanten atur kulo, kirang langkungipun kulo
nyuwun pangapunten.

‫و بال التو فيق و الدايِةم‬


‫والسل م عليكم ورحةم ال وبر كا ته‬

Contoh 1
Pertama adalah contoh teks ceramah singkat atau pendek tentang bersabar

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Alhamdulillahi rabbil alamin wabihi nasta’in waala umuriddunya waddin wassalatu


wassalamu ala asrofil ambiya’i wal mursalin waala alihi wasohbihi ajma’in ama ba’du

Segala puji kita panjatkan kehadirat Allah SWT atas segala nikmatnya yang telah
diberikan kepada kita semua. Nikmat sehat, nikmat taufik hidayah inayah, dan nikmat
yang paling besar adalah nikmat Iman & Islam. Shalawat serta salam tak lupa kita
sanjungkan keharibaan nabi besar Muhammad SAW
Pada kesempatan kali ini saya akan menjelaskan sedikit tentang “sabar”. Sabar berasal
dari kata “sobaro-yasbiru” yang artinya menahan. Menurut istilah, sabar adalah
menahan diri dari kesusahan dan menyikapinya sesuai syariah dan akal, menjaga lisan
dari celaan, dan menahan anggota badan dari perbuatan dosa. Sabar adalah pilar
kebahagiaan seorang hamba, karena dengan kesabaran sesorang akan terjaga dari
kemaksiatan, konsisten menjalankan ketaatan, dan tabah dalam menghadapi berbagai
macam cobaan.

Sabar merupakan ajaran yang banyak sekali disinggung dalam Al-Qur’an maupun
hadis, sehingga manusia senantiasa diarahkan untuk selalu bersabar dalan
kehidupannya. Kesabaran yang sebenarnya adalah kemampuan dalam mengendalikan
sikap, sehingga bisa dengan ikhlas dan rela hati menerima kondisi yang sedang
dihadapinya demi mendapat balasan yang baik di akhirat.

Allah SWT berfirman dalam QS Al-Baqarah:153

‫صاَبذذريين‬ ‫صيلذة ۚ إذلن ل‬


‫اي يميع ال ل‬ ‫يياَ أييَييهاَ اللذذيين آيمننوُا اسستيذعيِننوُا ذباَل ل‬
‫صسبذر يوال ل‬
“Hai orang-orang yang beriman, jadikanlah sabar dan shalat sebagai penolongmu,
sesungguhnya Allah beserta orang-orang yang sabar.”

Dalam ayat tersebut Allah menjelaskan kepada orang-orang yang beriman bahwa Allah
akan selalu beserta mereka yang menjadikan sabar dan shalat sebagai penolong. Allah
juga menjanjikan kedudukan yang tinggi (di surga) bagi hamba-hambanya yang
bersabar. Seperti firman Allah dalam QS Al-Furqaan:75
“Mereka itulah orang-orang yang dibalas dengan kedudukan-kedudukan tinggi (di
surga) dengan sebab kesabaran mereka.

Demikian saya akhiri, kurang lebihnya mohon maaf. Kesempurnaan milik Allah,
kesalahan milik saya. Wabilahi taufik wal hidayah, wa ridho wal inayah,
wasalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Contoh 2
Berikut ini adalah contoh teks ceramah kultum singkat tentang pendidikan
Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Pertama, marilah kita panjatkan puji syukur kehadirat Allah Saw, karena atas limpahan
rahmat-Nya kita dapat berkumpul pada siang ini dalam keadaan yang sehat.

Mungkin sudah banyak diantara hadirin yang paham mengenai pengertian globalisasi,
atau mungkin masih ada yang belum memahaminya?

Kali ini saya ingin sedikit mengajak hadirin semua untuk mengingat kembali beberapa
pola hidup yang mengakibatkan globalisasi. Apa pengaruhnya bagi kita semua dan
bagaimana kita menghadapi pengaruhnya.

Globalisasi berasal dari kata global yang memiliki arti menyeluruh. Globalisasi berarti
proses penyebaran unsur-unsur baru yang mencangkup informasi dari seluruh dunia
melalui media cetak atau elektronik.

Globalisasi mempunyai pengaruh yang hampir meliputi semua aspek lini kehidupan.

Misalnya, dalam bidang transportasi. Ada begitu banyak kendaraan yang dapat kita
jumpai di jalan raya setiap harinya. Transportasi ini membuat orang lebih mudah untuk
melakukan aktivitas ataupun pekerjaannya.

Hal ini tentu berbanding terbalik dengan zaman dahulu yang untuk ke suatu tempat
yang diinginkan, seseorang harus rela menempuh perjalanan dengan jalan kaki.

Selain transportasi, sistem telekomunikasi juga mempunyai dampak global dalam


aspek kehidupan. Sebagai contohnya adalah handphone. Zaman canggih seperti
sekarang ini, handphone nampaknya sudah tidak dapat dipisahkan lagi dengan
kehidupan kita.

Internet adalah salah satu contoh lain dari pengaruh globalisasi tersebut. Baik yang
sudah tua maupun yang muda semua berlomba untuk dapat menggunakannya.
Bahkan, tidak sedikit dari generasi muda yang bisa menemukan penemuan terbaru
hanya melalui internet.

Dampak globalisasi juga mempengaruhi dunia kuliner di indonesia. Perlahan namun


pasti masyarakat kita sudah dapat menerima makanan-makanan yang berasal dari luar
negeri. Misalnya pizza, hamburger, kebab, spaghetti, ramen dan lainnya.

Aspek berikutnya adalah fashion. Tampak jelas sekali berbagai jenis pakaian yang
booming di luar negeri segera di ikuti masyarakat kita.
Bidang lain yang tidak kalah heboh adalah olahraga. Kita sekarang sudah bisa
menyaksikan melalui channel televisi yang menyiarkan secara langsung pertandingan
olahraga dimanapun berada.

Begitu banyak aspek yang mampu dipengaruhi globalisasi. Hal ini jelas sebagai bukti
bahwa setiap masyarakat mampu merasakan pengaruhnya.

Beberapa aspek yang telah dijelaskan di atas, menandakan bahwasanya pengaruh


global sudah hampir merasuk dalam seluruh lini aspek kehidupan.

Semua orang tentunya merasakan pengaruh yang terjadi akibat globalisasi. Untuk itu,
sebagai masyarakat kita harus bisa memilah dan memilih globalisasi ini dengan hanya
mengambil manfaat baiknya saja dan menghiraukan unsur negatifnya, sehingga
budaya dari manapun yang akan masuk ke Indonesia dapat terfilter dengan baik.

Apabila hal ini dapat dilakukan oleh semua masyarakat, maka ciri khas kearifan budaya
Nusantara ini akan dapat dijaga dan dipertahankan dengan baik.

Semoga apa yang saya sampaikan ini dapat memberikan manfaat kepada kita semua.
Harapan kita bersama, semoga pengaruh globalisasi ini tidak akan merusak keutuhan
kita berbangsa dan bernegara. Terima kasih.

Wassalamualaikum Wr Wb.
Contoh 3
Berikut adalah contoh teks ceramah kultum singkat atau pendek tentang pergaulan
bebas remaja zaman sekarang

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Yth Bapak/Ibu Guru


Dan teman-teman yang saya banggakan

Pertama-tama mari kita panjatkan puji syukur kehadirat Allah Swt yang telah
melimpahkan rahmat serta karunianya sehingga dapat mempertemukan kita
dikesempatan kali dengan sehat wal afiat. Dan tak lupa juga kita curahkan shalawat
serta salam kepada Nabi Muhammad SAW.

Hadirin yang berbahagia.

Pada kesempatan kali ini, saya akan menyampaikan beberapa hal mengenai pergaulan
bebas di kalangan remaja.
Berbicara tentang remaja, remaja adalah masa peralihan manusia dari masa anak-
anak menuju dewasa. Pada masa ini pula sering terjadi ketidakstabilan emosi yang
tidak sehat. Emosi yang tidak terkendali ini pula mampu membuat mereka
berkeinginan untuk mencoba sesuatu meskipun hal tersebut tidak sepantasnya untuk
dilakukan. Mereka tidak lagi memperedulikan batasan yang sudah ditetapkan oleh
agama, lingkungan sosial maupun hukum yang berlaku.
Pada dasarnya kita adalah mahluk sosial, dimana kita kita juga perlu berinteraksi dan
bergaul. Namun, pergaulan saat ini cenderung menuju pada pergaulan bebas, dimana
“bebas” yang dimaksud adalah melewati batas-batas norma yang ada. Karena itu,
pergaulan bebas cenderung mengarah pada hal-hal yang negative, seperti seks bebas,
pemaiakan,mabuk-mabukan, tawuran serta penggunaan obat-obatan terlarang.
Lemahnya iman dan kurangnya ilmu agama yang ditanamkan secara kuat bagi remaja
juga dapat menjadi salah satu penyebab terjadinya pergaulan bebas. Sesungguhnya
Islam telah mengatur etika pergaulan bagi remaja. Perilaku tersebut merupakan
batasan-batasan yang dilandasi nilai-nilai agama. Oleh karena itu, sudah seharusnya
para remaja memperhatikan dan melaksanakan etika-etika pergaulan dalam
pandangan Islam untuk mencegah terjadinya sesuatu yang dilarang Allah SWT.
Allah memerintahkan untuk menahan pandangan karena memandang kepada orang
yang diharamkan termasuk bagian dari zina, sebagaimana sabda Nabi shallallahu
‘alaihi wasallam:
“Setiap anak Adam pasti mendapat bagian dari zina yang tidak terelakkan, kedua mata
berzina dan zinanya adalah memandang, kedua telinga berzina dan zinanya adalah
mendengar, lisan berzina dan zinanya adalah berbicara, tangan berzina dan zinanya
adalah memegang, kaki berzina dan zinanya adalah berjalan dan hati yang menarik
dan berangan-angan lalu kemaluan membenarkan atau mendustakan itu.”
(Muttafaqun ‘alaih dan lafazh hadits dari riwayat Muslim).

Oleh karena itu, sebagai orang yang beragama kita harus menjauhkan segala
sesuatu yang dapat menjerumuskan kita dengan membatasi pergaulan kita.
Bagaimana semestinya kita dalam bergaul. Bagaimana etika pergaulan yang harus
selalu kita jaga. Pergaulan harus dapat kita batasi guna selalu dpaat membedakan
mana yang diluar batas dan mana yang masih terlihat pantas. Jangan membiarkan diri
kita larut dalam buaian kenakalan. Jangan menjadikan diri kita pasrah akan perilaku
yang menyimpang. Mari terus membuka mata hati kita bahwa tidak semua dari apa
yang kita lihat pantas untuk kita sentuh.

Mari kita melakukan instropeksi diri, sudahkah kita menjadi remaja yang baik?
Sudahkan kita bergaul dengan tata cara serta etika yang baik? Sudahkah kita menjadi
remaja sesuai dengan harapan orangtua? Maka dari itu mari senantiasa kita
memberikan prioritas terhadap cara bergaul yang baik.

Demikian yang dapat saya sampaikan. Semoga sedikit kata yang dapat saya sampaikan
pada kesempatan hari ini mampu memberikan manfaat bagi kita semua.

wasalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

You might also like