Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 5

SINOPSIS

Mumet, judheg, bingung, anyel, jengkel, ngono sing dirasakake jroning penggalihe sinuwun
Prabu silukrama raja ing sindureja. Anyel ora sebab kagol pepenginane. Judge ora sebab meng galih
kisruhing Negara. Bingung ora amar ga ngadhepi reruwet sing angel diwudhari. Penggalihe prabu
silukrama usreg njalari yen awan angel dhahar lan yen bengi angel sare. Satemene prakarane sepele,
nanging dadi gedhe sebb tumuli thukul rantaman anyar jroning penggalih kang tumus marang
dumadining lelakon.

Sinuwun prabu silukrama kagungan putra angkat kang jinunjung dadi senapati Negara
sindureja. Ora kanyana jebul putra angkat sing asma raden Sidapeksa mau kagungan garwa huwayuu
banget kang asma dewi Sri Tanjung, kalebu kang wayahe Begawan Tambrapetra ing Padhepokan
Prangalas. Ya merga ayune dewi Sri Tanjung ngungkuli prameswai nata iku kang mula ndadeake
angan-angene srinata dadi usreg lan penggalihe dadi umyeg. Ah, putri sing ayune kaya ngunu iku
kudune ora ginarwa abdi dalem senapati, pantese ya dadi prameswari nata. Mula saka iku prabu
Silukrama ngothak-athik penggalih amrih bisa ngrebut dewi Sri Tanjung saka regemane raden
Sidapeksa, garwane, bakal jinunjung dadi prameswari nata, angrenggani purulayaning tiyas anggana
jati ing Sindureja.

Sapungkura raden Sidapeksa sowan batara Ghandi, Prabu Silukrama kepareng rawuh nglangke
menyang ksatriyan nemoni dewi Sri Tanjung. Kanthi memalatsih srinata niyat ngrimuk ngglebuk lan
mblithuk amrih atine dewi bisa di luk. Ananging Sri Tanjung kadung tresno marang Sidapeksa.

Raden Sidapeksamatur sendika, nuli gegancangan tumurun menyang ngarcapada jumujung


jroning kraton sindureja, marak marang ngersane prabu Silukrama. Srinata kagyat geneya Sidapeksa
ora kasendhal-mayang ing Kahyangan, kathik bali wutuh bagas waras? Nanging kagete Srinata bisa
sinamun ing samudana malah cepet luru arti sampeka mrih bubrah brayate sang Sidapeksa. Prabu
Silukromo mitenah Sri Tanjung lakujina kalawan wong pidak pedakan.

Brol ! Muntap dugakene sang Sidopeksa, nuli gegancangan kundur menyang kasatrian. Ora
weruh sangkaning bilahi kusomo ayu Sri Tanjung kang sakawit bingah mergo rawuhing garwo, jebul
malah nuli linarak pinulasoro dinowo menyang alas setro gondromayit arep kaperjoyo sinurung
derenging bramantyo raden Sidopekso mentolo nyedani garwo sarono curiga. Getih muncrat aggodo
wangi, hanyarengi uncating nyowo. Unarpa gilang-gilang kawelas arso, nanging sapundurat ilang
saka pandulu. Raden Sidapeksa jegrek podo sakala dupi uninga gondo arum wangi angambar.
NASKAH DRAMA:

ADEGAN I

Prabu Silukrama : sidapeksa! Sira ngerti opo sanguine wong ngawulo ratu?

Sidapeksa : nun inggih sinuwun ngawula dhateng narendra mekaten kedah kanthi
manah ingkang mantep saha setya lahir tumusing batin. Bebasang ajur sinawurna saha putung
binalangna kedah sumanggem ing karya sauger kagem kaluhuraning asma nata.

Prabu Silukrama : bagus! La iki ngene sidapeksa. Sira aja wedi kangelan sowana pukulun
bathara Gandhi. Matura yen ingsun utus marak panjenengane saperlu nyuwun cupu manik kencana
kagungan ingsun sing biyen kapundut ngampil dening hyang suranata. Kajaba iku, layang iki aturna
pukulun bathara Gandhi kanggo sarana lakunira kasembadaning karya!

Sidapeksa : sendika sinuwun pangestu paduka kawula suwun.

Prabu Silukrama : hambanyumili pangestuku muga rahayu salakumu!

ADEGAN II

Prabu Silukrama : sri tanjung, apa sira wis marem ginarwa satria reh-rehaning raja?

Sri Tanjung : sinuwun pinesthining jodho menika mboten gumantung dhateng drajat
pangkat saha semad. Nanging cocoging manah saha gathuking katresnan mujudaken srananing
jejodhoan.

Prabu Silukrama : ngene ya sri tanjung. Mulane garwamu tak utus menyang kahyangan iku
tangeh lamun bisa bali menyang ngarcapada. Mula saka iku ingsun teka mrene iki niyat mboyong sira
sun ajak mlebu menyang datulaya. Sepisan kanggo njaga keslametanmu ing atase wanita kathik ana
ndalem ijen. Kapindhone ingsun ngresakkake sira ladeni jer paraning katrisnanku uga tumuju marang
sira. Malah, yen sira mathuk, tinimbang sira ngarep-arep tekane sidapeksa kang ora bakal bali, becik
sira tak sengkakkake ing ngaluhur, sun angkat dadi pramiswariningsun kang angka loro. Sira bakal
luwe kajen keringan kathik sinembah-sembah dening wong sak Negara! Gelem ya sri tanjung! Gelem
ah…!
Sri Tanjung : duh sinuwun. Nistha temen sritanjung menawi nuruti kersa paduka. Sae
kula pejah alampah sati menawi sampun jelas kakang sidapeksa murud dhateng kasidan jati awit
paeka paduka ingkang nan dukaken karti sampeka. Awit katresnan kula mligi kagem kangmas
sidapeksa.

Prabu Silukrama : yen sira dakrudapeksa?!

Sri Tanjung : sae kula nglalu lampus dhiri menawi ngantos paduka rudapaksa, sinuwun.

Prabu Silukrama : uh, lagi sepisan iku ana raja ora kasembadan sedyane! Yoh, sri tanjung!
Ingsun duwe panguwasa, ora angel nan dukake pitenah marang sira!

ADEGAN III

Bathara Gandhi : Heh, sidapeksa! Sira manungsa ora tata dene kumawani arep ngrusak
kaswargan! Apa wis minger keblatmu hei? Apa kowe kepengen dadi intiping kawah candradimuka?

Sidapeksa : Kula mboten lepat pukulun! Raden sidapeksa sesambat isining nawala
menika naming pitenah … kula babar pisan boten niyat ngrisak kaswargan… dhuh rama nakula…
Dhuh para pepundhen pandhawa… kula pejah tan uniga dununge lepat kathik kapidana.

Bathara Ghandi : Apa? Geneya sira sesambat marang raden nakula sumendining para
pandhawa? Kapernah apa kowe?

Sidapeksa : Kula mila putranipun kanjeng rama nakula, sumendhing para pandhawa
pukulun…

Bathara Gandhi : Oh, oh, titah pujangkara, angger. Apuranen luput ulun. Ulun yakin lamun
trah pandhawa ora bakal duwe osik ngrusak kaswargan. Bener tuturira kaki, lamun sira kena
pitenahe ratu gustimu prabu silukrama. Mula becik sira baliya marang Negara sindureja., aturna
cupu manik-kencana marang silukrama!

ADEGAN IV
Prabu Silukrama : Sidapeksa. Banget bungah athiku dene kowe wis bisa mboyong bali cupu
manik kencana. Nanging, sidapeksa. Ndadekna wruhanira! Ora suwe garwamu sri tanjung kok tinggal
jebul tumindak banget ngisin-isini, mung merga papin kepingin laku salulut. Wiwitane ngregik aku
kaajak laku bedhang. Aku ora mental nglanggati. Jebul banjur wae garwamu laku jina kalawan wong
pidak pedarakan. Mula pantes sira pegat utawa sira pateni!

ADEGAN V

Sri Tanjung : Duh kakang. Lupuku apa, dusaku apa dene mara-mara sira siksa kaya
ngene?

Sidapeksa : Heh, Sri tanjung leletheking jagad, sesukering bawana! Ayumu mung ana
ing tata lahir, nanging batinmu reged ngungkuli peceren. Sira wis laku bedhang, jinalan sedheng
sasuwene dak tinggal. Apa wis minger keblatmu, heh keparat! Ora ana paukuman liya kanggo wanita
sedheng kajaba kudu mati saiki uga!

Sri Tanjung : Oh, kakang. Dadi genahe si kakang butarepan ngono ta? Pandakwamu
kliru kakang! Uripku, bektiku lan katresnanku among mligi kanggo panjenengan! Aku babar pisan ora
nindakake pakarti nistha iku.

Sidapeksa : aja kakean wuwus heh, sundel! Keris ing tanganku iki sing bakal
ngoncatake nyawamu.

Sri Tanjung : Aku ora duwe kekuwatan kakang, bisa wae kok pateni. Nanging titenana,
yen sawise aku mati ana ganda banger bacin, ateges aku temen-temen laku sedheng cocok kalawan
pandakwamu. Dene yen mengko ana ganda arum wangi cetha aku ora nindakake laku nistha iku,
ateges pandakwamu sing salah!

ADEGAN VI

Bathara Gandhi : titah ulun ujangkara ngger kulup sidapeksa. Pagene sira kadhuk ati kajeron
rasa dene nganthi tega nglunasi urip peparinge hyang kang maha kawasa, kulup?

Sidapeksa : duh hyang premoni bathara Gandhi pedah menapa kula gesang nanggung
dusa ageng dene sampun kelajeng mejahi sisihan kula sri tanjung ingkang mboten lepat. Duh
pupulun mugi kabanjuta kewala kula ingkang gesang tanpa guna.
Bathara Gandhi : wruhanira kulup. Iki dina garwa nira nini sri tanjung isih urip, ana
padhepokan prangalas kumpul kalalan keng eyang Begawan tambrapetra. Mula age biraten
petenging tyasira lan di enggal tekoa padhepokan prangalas.

ADEGAN VII

Sidapeksa : heh, raja silukrama! Diage metuo menyang alun-alun, tandingana aku
raden sidapeksa sing niyat nugel janggamu! Sebab kowe wis mitenah lan ngrusak katentremane
brayatku!

Prabu Silukrama : wis minger kiblatmu heh, sidapaksa! Kumowani nantang sesembahanmu
keparat!

Sidapeksa : aja kok undang sidapeksa yen ora bisa nugel gulune silukrama!

You might also like