Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 4

nakal [ nakal ]

rekasa [ rǝkↄsↄ ]

lunga [ luŋↄ ]

3).Swara Cethak (Palatal)

Swara cethak kang uga sinebut konsonan palatal bisa dibedaake dadi loro,yoiku
apikopalatal lan palatal.Apikopalatal uga sinebut retrofleks.Kang kalebu Retrofleks yaiku
[ d ] utawa / dh / lan [ t ] utawa / th / , dene kang kalebu palatal yoiku [ j ] , [ c ] , [ ñ ] , lan
[ y ] . Kabeh swara cethak basa jawa ora ana kang dumunung ing pungkasane tembung.

Tuladhane:

dhagelan [ dagǝlan ] jaran [ jaran ]

thukul [ tukʊl ] pijet [ pijǝt ]

4).Swara Gorokan

Swara gorokan uga sinebut konsonan velar.Sing kalebu swara iki yaiku [ g ] ,[ k ] lan
[ ŋ ] . Swara gorokan bisa dumunung ing wiwtan,tengah,lan pungkasane tembung.

Tuladha:

graji [ graji ] ngaya [ ŋↄyↄ]

kurang [kuranŋ ] tangan [ taŋan ]

5).Swara Laringal lan Glotal

Swara laringal uga sinebut swara hamzah,wondene swara glotal iku swara ampang
ing gorokan.Sing kalebu swara laringal yaiku [ h ] , dene sing kalebu swara glotal yaiku [ Ɂ ]
utawa / k / ampang.Swara glotal ora ana kang dumuning ing purwaning tembung lan racake
dumunung ing pungksane tembung lingga

Tuladha:

hara [ hↄrↄ ] pakpung [ paɁpuŋ ]

hardi [ hardi ] dakwa [ daɁwa ]


Kang kalebu swara ampang yaiku [ p ] , [ m ] , [ t ] , [ c ] , [ k ] ;Kang kalebu swara
anteb yaiku [ b ] , [ d ] , [ j ] , lan [ g ] ; Kang kalebu swara irung (nasal/sengau) yaiku [ m ] ,
[ n ] , [ ñ ] , lan [ ŋ ].Dene kang kalebu swara manda-manda utawa semivokal,yaiku [ w ] lan
[y]

KONSONAN BASA JAWA

Cetahak
Jinis Swara Lambe Untu Gorokan Glotal
retrofleks Palatal

Swara Anteb B B d j g
Nutup Ampang D T t c k ʔ
Ngeses v,f,s z h

Nasal M n ñ /ŋ ŋ
Geter l,r
Manda-Manda W y

Kang perlu antuk kawigaten mirungan yaiku antarane swara [ t ] ( / th / ) lan [ t ] sarta
[ d ] ( / dh / ) lan [ d ].Ing basa jawa,swara kasebut dudu alofon nanging kalebu fonem kang
beda kang bisa ngowahi surasaning tembung.

Tuladha:

adhi [ adi ] >< adi [ adi ]

kuthuk [ kutʊʔ] >< kutuk [ kutʊʔ ]

Tembung adhi ngemu teges ‘ bocah kang lair sawise awake dhewe ’ utawa ‘ uwong
kang luwih enom tinimbang awake dhewe ’, dene adi tegese ’ becik ’utawa’ linuwih ’.

Tembung khutuk tegese ‘ anak pitik ’ dene kutuk tegese ‘ arane jinis iwak ’ utawa ‘
iwak loh ’.

1.1.2.1 Konsonan Khas

Basa jawa duwe konsonan khas kang sinebut aspirat ( aspirata ).Konsonan aspirat iku
awujud swara [ h ] kang tansah tumempel ing swara anteb [ b ] , [ d ] , [ d ] , [ j ] , lan
[ g ].Kabeh konsonan anteb iku ing basa jawa bakal kaucapake dadi [ b] , [ d] , [ d] , [ j] , lan
[ g]

Tuladha:

bapak [ bʱapaʔ]

dluwang [dʱluwaŋ]

dhudhuk [dʱudʱʊʔ]

jiwit [jʱiwet]

gusthi [gʱusti]

Menawa dijingleng kanthi permati,konsonan khas kaya tuladh ing dhuwur iku jebule
mung alofon,dudu fonem sebab antarane swara [ b ] lan [ bʱ] , [ d ] lan [ dʱ ] , [ d ] lan [ dʱ ] ,
[ j ] lan [ jʱ ]

You might also like