Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 2

Nama: Salsabila Septiana

Kelas : 9E

Absen: 26

Kancil Karo Monyet


Sawijine dina ning rimba, ana akeh jenise kewan sing urip tentrem lan akur siji lan sijine. Kabeh
kewan nduweni keuripan lakune dewek dewek. Nanging ana kewan sing anane gawe drusila lan
licik, arane kancil. Kelicikane utek lan pintere ngomong nipu kanca batir. Kancil wis ning kenal
dene kewan sing duweni sayuto tipu daya. Nah iki sing dadi sasarane monyet. Sawijining dina,
ana monyet lagi penekan ngisor wit pring. Singsot nendang karo ngrasani roti. Kancil teka,
weruh monyet sing lagi asik karo rotine. Utek licike muncul pingin jukut roti kan tangane
monyet.

“Nyet…nyet…,” undang kancil marek monyet.

Monyet maringi kancil, “Ana apa cil? Ngundang kula?” takon Monyet.

Kancil : “Nyet, kula jaluk settik rotine, setitik bae aja akeh-akeh nyet.” Juluke kancil.

Monyet : “Sok bae.., kula kang apikan,kiye separoan karo kula.”

Kancil : “ Kasuwun nyet…, koe mancen apikan, nanging kula bae sing maro.” Jaluke kancil.

Monyet aweh roti nggo di paro maring kancil ora nduweni rasa curiga karo kancil.

Monyet : “ Kiyen…, koe paro sing adil.” Penjalukane monyet karo aweh rotine marang kancil.

Kancil maro rotine karo utek licike, siji gede sijie cilik, nanging monyet ora ngerti.

Sawise di paro kancil aweh bagean sing cilik maring monyet, bagean sing gede di mangan
dewek.

Monyet : “Cil…, nang ngapa sira gede, kula cilik?” takon monyet.

Kancil : “Mrene gawa mrene, tak gawe pada.” Banjur kancil mangan setitik rotine sing gecel
dewek.

Kancil : “Iki…” kancil aweh rotine ning monyet.

Monyet : “kesuwun cil!!!”


Kancil njiot roti sing nang tangane monyet, banjur di pangan setitik, kaya kue seteruse kanti
rotine entek di pangan kancil. Akhire kancil mngan rotine kabeh, monyet ulih kesuh karo kancil
wong monyet sing duweni roti malah ora tampa. Mancen kancil licik ora patut ditiru, urip nang
masyarakat kue kudu brayan urip lan siji liane. Urip bakal rukun ora kaya jaman sakien urip
padha karepe dewek-dewek.

You might also like