Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 7

A.

Wenehana tandha ping (X) aksara A, B, C, D, utawa E ing sangarepe wangsulan kang
bener.

Tembang sinom kanggo pitakon nomer1-5.

Mengkono janma utama


Tuman tumanem ing sepi
Ing saben rikala mangsa
Masah amamasuh budi
Laire anetepi
Ing reh kesatriyanipun
Susilo anor raga
Wignya met tyasing sasami
Yeku aran wong barek beraagama
Ing jaman mengko pan ora
Arahe para taruni
Yen antuk tuduh kang nyata
Nora pisan den lakoni
Banjur jujurken kapti
Kekene arsa winuruk
Ngandelken gurunira
Pandhitane praja sidik
Tur wus manggon pamuncunge mring makripat

1. Tembang Sinom ing dhuwur ana . . . . pada.


a. Siji d. Papat
b. Loro e. Lima
c. Telu
2. Tembang Sinom sapada ana . . . . gatra.
a. Lima
b. Enem
c. Pitu
d. Wolu
e. Sanga
3. Pathokane tembang Sinom yaiku . . . .
a. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
b. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8i, 12a
c. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
d. 8u, 11u, 8a, 7a, 12u, 8a, 8i
e. 8i, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
4. Janma nduweni teges . . . .
a. Jaman
b. Pungkasan
c. Manungsa
d. Gunung
e. Agama
5. Tembung nora pisan den lakoni nduweni teges . . . .
a. Ing jaman sesuk
b. Wong enom ora duwe paran
c. Nglakoni apa kang dipengini
d. Ora ana kang dilakoni
e. Ora ana sing ngajari
6. Wayang iku asale saka tembung . . . .
a. Eyang
b. Dhalang
c. Ma-yang
d. Ma-hyang
e. Mah-yang
7. Bratasena iku satriya ing . . . .
a. Pringgodani
b. Amarta
c. Ngastina
d. Plangkawati
e. Jodhipati
8. Unsur ing crita kang njlentrehake ngenani lakuning utawa urut-urutane crita saka
purwa nganti wasana kanthi runtut diarani . . . .
a. Alur
b. Tema
c. Amanat
d. Latar
e. Sudut pandang
9. Sing miji timun yaiku . . . .
a. Untune
b. Drijine
c. Tangane
d. Rambute
e. Sikile
10. Sing ngandhan-andahn yaiku . . . .
a. Drijine
b. Sikile
c. Rambute
d. Bangkekane
e. Untune
11.
Para pepundhen, para pinisepuh, para sesepuh
ingkang langkung mangastuti dhateng pepoyaning
kautamen ingkang kinurmatan.

Ukara kasebut kalebu . . . .


a. Uluk salam
b. Atur pamuji sukur
c. Panutup
d. Isi
e. Atur pangurmatan
12.
Byar cumlorot pindha sunaring narendra medal
saking puri kencana arsa lenggang siniwaka. Sinten
ta mustikaning bawana ingkang kepareng
hanglenggahi dhampar denta, inggih punika ta
warnane sang raja.

Panyandra kasebut kanggo nyandra . . . .


a. Para tamu
b. Kang duwe gawe
c. Temanten kekalih
d. Temanten kakung
e. Temanten putri
13. Babagan kang gegayutan karo patrap utawa solah bawa nalika ngandharake acara di-
arani . . . .
a. Wiraga
b. Wirama
c. Wirasa
d. Sarana
e. Busana
14. Ing ngisor iki dasanamane panatacara, kajaba . . . .
a. Panata acara
b. Pembiwara
c. MC
d. Pambagyaharja
e. Pranata adicara
15. Aja ninggal kaprayitna, sapa kang salah seleh, wong jujur mujur, wong temen . . . .
a. Beja
b. Mujur
c. Tinemu
d. Manis
e. Tuna
16. Eseme pait madu, tegese ulate . . . .
a. Ngapurancang
b. Irama
c. Manis
d. Tengah
e. Tinemu
17. Panatacara nindakake jejibahan kanthi dadakan, kelebu metodhe panatacara . . . .
a. Maos teks
b. Apalan
c. Ekstemporan
d. Impromptu
e. Langsung
18. Sega liwet asale saka . . . .
a. Karanganyar
b. Jawa Barat
c. Yogyakarta
d. Solo
e. Semarang
19. Sega liwet rasane gurih amarga berase dimasak nganggo . . . .
a. Santen lan duduh godhogan iwak pitik
b. Santen lan uyah
c. Uyah
d. Sere lan uyah
e. Godhong salam
20. Santen kang dikenthelake diarani . . . .
a. Blondho
b. Kumut
c. Jepan
d. Pindhang
e. Sega
21. Bakul sega liwet Wongso Lemu anane ing . . . .
a. Baluwarti
b. Kraton
c. Gading
d. Gladak
e. Keprabon
22. Sega gandhul iku panganan tradhisional saka . . . .
a. Rembang
b. Jepara
c. Purwodadi
d. Pati
e. Wonosobo
23. Randha royal jenenge liya yaiku . . . .
a. Tape ketan
b. Lemper
c. Godhong
d. Kupat
e. Tape goreng
24. Rurabasa tembung mikul soto yaiku . . . .
a. Mikul kwali sing isine soto
b. Mikul beras
c. Dodol soto
d. Adang glepung gaplek
e. Mikul klenthing sing isine dhawet
25. Dhawet ayu iku panganan tradhisional saka . . . .
a. Banyumas
b. Banjarnegara
c. Semarang
d. Purwodadi
e. Solo
26. Nalika nyandra kudu jumbuh karo gending kang diunekake. Bab iku kang diarani
keprigelan . . . .
a. Ngapurancang
b. Irama
c. Micara
d. Nulis
e. Nembang
27. “Tata cara salajengipun inggih liru kalpika.”
Tegese tembung kalpika yaiku . . . .
a. Kalung
b. Gelang
c. Sikil
d. Rambut
e. Ali-ali
28. Tumprap wong kang ngendikan ing sangarepe wong akeh kanthi ngadeg prayogane
kudu . . . .
a. Ngapurancang
b. Lelendhehan
c. Kaku
d. Mandhep mendhuwur
e. Mandhep ngisor
29. Sing ruruh jatmika yaiku . . . .
a. Sinome
b. Pawakane
c. Polatane
d. Pakulitane
e. Pundake
30. Panganan tradhisional kang wujude bunder dawa digawe saka beras lan dibuntel
nganggo godhong gedhang yaiku . . . .
a. Lemper
b. Lonthong
c. Kacok/cengkarok
d. Kupat
e. Randha royal
31. Praenane sumunar, lambehane mblarak sempal, pipine . . . .
a. Ngliyep alindri
b. Nyigar jambe
c. Ramping
d. Nduren sajuring
e. Ngembang bakung

You might also like