Professional Documents
Culture Documents
B Jawa
B Jawa
B Jawa
Kijang Innova kang isih cring warna ireng meles mlebu platarane Cahaya Kita, koran
kaloka ing saindenging tanah Jawa. Sing mudhun saka palungguhan setir priya pidegsa,
praupan bagus, panganggone katon necis, hem lengen dawa warna abu-abu nom, clanane
ireng saka wool alus, dhasi biru tuwa, sepatune ireng Louis Vuitton gilap bisa mlesedake laler
menclok. Sawise metu saka setiran, kunci enggal dijabut lan diuncalake marang sawenehing
wong lanang kang wis ngenteni. Pawongan lanang mau wis ngerti jejibahane, nggawa mobil
menyang parkiran, njupuk tas kerja lan digawa munggah ing kantore sang priya flamboyan
ing gedhong susun ka- 7.
Tekan lantai 7 Suryo kober nginceng kamare Wakil Pemimpin Perusahaan kang
ngrangkep Pemimpin Redaksi saka bolongan kaca pernah ndhuwur lawang kira-kira padha
karo dhuwure mripat wong diwasa. Kacihna ing njero wis ana sing pinarak. Pawongan
sulistya, ayu merak ati lan katon jinem : Prihastuti Kusumo, lagi ibut njingglengi
berkas-berkas layang lan dhokumen kang numpuk ing mejane.
Mbak Tuti : “Mengko awan watara jam loro, Walikota ngajak sapatemon. Ning ya kuwi,
sing arep dirembug apa, ora ana paugeran kang gumathok. Wong sing telepon ajudane.
Tulung ya, samektakna file-file kang magepokan karo liputane Cahaya Kita ngenani
Walikota. Bisa ta?”
Suryo : “Kudu bisa lan mesthi bisa Mbak, masalah keciil.” (Karo nyeleh driji
jempole tengen ing rose driji jenthike. Sawise iku driji jempol lan penunggul dijethetake.
Kaya yen lagi metheti manuk. Muni banter.)
Suryo : “Apa maneh Mbak?”
Mbak Tuti : “Sekretaris Redaksi konen nyawisake berkas kabeh perjanjen kang
magepokan karo Kotamadya, mengko dakjak pisan!”
Basuki ngakak, njendhul gegere Redaktur Opini alon. Tekan ngarep ruwangane Wakil
Pemimpin Redaksi, Basuki nothog lawang, banjur dibukak. Suryo lagi tilpun. Nalika weruh
yen Basuki sing mbukak lawang, dheweke nutupi corong guneman,
Suryo : “Bas, sik ya sepuluh menit engkas!”
Basuki :“O, iya mas, ra pa-pa!” (karu nutup lawange maneh, Basuki ngerti ing salaga.
Suryo lagi rembugan bab kang alus-alus utawa siningid kebak wewadi, ora kena dirungu
dening wong liya)
Suryo ngakak. Amerga Pak Mitro kang Redaktur Budaya pancen wis sepuh, meh
pensiun, watara 60 taun. Nanging lelabuhane marang Cahaya Kita tan kinira.
Suryo : “Anak buwahmu sing isih polos lan idealis, sapa Bas?”
Basuki : “Tugas apa ta, Mas?, kok takok anak buwah sing isih polos barang?”
Suryo : “Investigasi!”
Basuki : “Investigasi (penyelidhikan) kok golek bocah polos? Mengko yen kecenthok
tembok kekuwasaan piye? Mesthine rak ya sing wis pengalaman ta?”
Suryo : “Bas, Bas! Pitakonmu ngalahke dawane Argo Bromo. Nanging ya lumrah.
Wangsulane magepokan karo strategi perusahaan, Bas! Tetimbangane akeh, ning aku ora bisa
njlentrehake saiki. Suk kapan ngono yen aku ora repot nemen-nemen kowe mesthi bakal
dakcritani!”
Basuki : “Yen iku kawicaksanane perusahaan, Mas Suryo ra sah crita ya ra pa-pa.
Kejaba iku, kapan ta Mas Suryo anggone ora sibuk?”
Basuki mentheng kelek, rumangsa dianggep remeh. Tembung “kawicaksanan”perusahaan
sing dianggep wadi mujudake bab kang…..
Wahyuni : “His, ngawur kowe, Bas! Mas Suryo mono isih jaka, thing-thing!”
Wahyuni : “Ya ngerti bae, wong daleme tanteku cedhak daleme ibune Mas Suryo!”
Basuki : “Eman ya Yun, wong bagus, pidegsa, pinter, sugih, yagene durung
duwe sisihan?”
Wahyuni : “Kowe ki piye ta Bas, mau wis ngadhep ngono ra gelem takon pisan? Lha
yen kowe takon aku, ye cetha ra ngerti!”
Basuki : “Lha yen ngono mbok openana bae ta Yun, timbang keliya?”
Basuki : “Hahaha “
Basuki ngakak, banjur ngadeg, sepisan maneh nyaut tisu kanggo ngelapi lambene.
Kuwatir ana turahan roti sing parkir. Sawise Basuki metu, Wahyuni nggawa disket isi opini
kanggo koran kang terbit sesuk, arep dipasrahake marang Redaktur Artistik utawa kang
mbawahi babagan lay-out.
***
Rudi :“Wilujeng Sonten Pak Suryo,” anggone uluk salam katon trapsila.
Najan jenenge Hamonangan, awit ibune wong Jawa deles, laire ing Ponorogo, mula nalika
lungguh sirahe tumungkul lan tangane ngapurancang.
Suryo : “Yen bab golek dana, cetha ora narik kawigaten Rud! Mesthine ya bab golek
berita, luwih-luwih sing magepokan karo investigasi, upamane!”
Suryo : “Sak liyane kuwi rud , ga onok sing seru maneh” ( Suryo mesam mesem )
Sakwise Pak Suryo marem karo crita critane Rudi, akhire Rudi dipersilahne pamit karo Suryo
Guritno : “Wih, mbakyumu wong ayu Tuti Kusumo ki jebul atos ya?”
Guritno : “Sur..!”
Kelingan jaman isih cilik, yen mrangguli wulangan saka sekolahan kang angel ajeg
takon marang Aryo Guritno, putrane Budhe Darmo, mbakyune ibune. Sapa ngira saiki Gurit
dadi Walikota. Mula dheweke ya ngajeni banget, ora wani nylinthis lan cengegesan kaya
nalika isih bocah biyen. Malah kerep Suryo sok rewa-rewa nangis lan rewel, pamrihe supaya
digendhong mburi dening Guritno. Ning dheweke kudu nyimpen kanyatan iki. Ora becik,
dikira duwe pamrih nempil kamukten. Sisip sembire malah bisa ngrusak reputasine Guritno.
Mula yen arep rembugan sing lembut-lembut sok semayan ing njaban kutha. Gajege Cisarua
Bogor, utawa ing pinggire Tlaga Batur ing Bali kana. Malah tau nyang Pulo Gili Meno
barang, kapernah lor-kulone pulo Lombok. Golek nggon sepi. Eman, ing Cahaya Kita
posisine Suryo dudu wong kapisan. Mula nuhoni suba sita, direwangi nyembah-nyembah
wong kuwasa ing Cahaya Kita, Tuti Kusumo. Jebul atos kaya wesi gligen. Kamangka….
Suryo : “Wah iya, nganti lali!” (Wakil Pemimpin Redaksi kaya kelalen tenan.)
Kamangka sejatine angon ulat. Ulate Tuti Kusumo kang mau njegadhul, saiki wis
rada padhang
Suryo : “ Bab sapatemon karo Walikota mau, piye Mbak?” (Lanjute Suryo)
Tuti : “Ya mau kae, lagi bae aku metu saka parkiran, ndadak Guritno celuk-celuk. Jare
rapate ora sida neng ruwang kerja Walikota, nanging ing Riung Sundha, lurung
Dokter Sutomo. Lha wong jam loro Sur, aku wis mangan awan! Ndadak anggone
pesen panganan jan ora mekakat! Aku mung ngicipi iwak bakare sak cuwil. Apa
dikira aku keluwen? Ning sing kurang ajar ki rak anggone mrentah, kaya aku ki
andhahane bae! Coba pikiren, wong isine mung sak opini lho, aku diwenehi disket
USB (universal serries bus). Apa dikira aku ora bisa tuku USB dhewe? Wis ngono
aku di pressure, supaya artikel opinine metu sesuk!”
Suryo : “Nanging Mbak Tuti saguh ta?”
Tuti : “Orak! Aku ora gelem dipeksa dening panguwasa! Jajal dheweke arep ngapa,
dakadhepane!” (Gagah tembunge Tuti Kusumo).
Tuti :“Aku ora gelem dadi pemimpin sing sesongaran. Apa meneh diedu karo anak
buwahku dhewe!” (Lanjute Tuti)
Suryo ora wangsulan, ning mbukak tutupe disket USB, dipasang ing note-booke
Pemred. Opini diwaca sedhela.
Suryo : “Isine apik kok Mbak, yen dipasang suk embèn ya kasep! Awit suk embèn wis
pembahasan anggaran karo legislatif!”
Tuti : “Aja golek mungsuh Sur, apa meneh karo anak buwah dhewe! Ora kajen! Yah mene
Yuni mesthi wis netepake opinine! Dadi aja diintervensi! Kejaba iku sing duwe urusan
karo legislatif rak Walikota, dudu Cahaya Kita!”
Suryo : “Dakkira ora nganti intervensi Mbak, aku yakin dheweke bisa ngerti! Nasibe
wetenge wong satus, lho! Ning dakkira gampang bae! Yuni dakuruse, Mbakyu!
Kejaba iku, pancen iya, sing magepokan karo legislatif Walikota, ning aja lali Mbak,
awake dhewe ~utawa cethane Cahaya Kita~ manggon ing wewengkone!”
Tuti : “Sur, aku ora perduli manggon ing wewengkone sapa. Sauger ora tumindak luput,
aku ora gigrig! Aja nganti Cahaya Kita dadi piranti propagandhane Walikota! Aja
lali karo visine Cahaya Kita, Sur!”
Suryo : “Aku ora bakal lali Mbak, ning becike aja nabuh gendherang perang karo
panguwasa! Yen nganti ngono, menyang sapa kita sendhen?”
Suryo : “Wis aja dadi penggalihan maneh, Mbak! Percayaa marang adhimu iki, dakature,
wis ta!”
Tuti : “Kowe ya ngono pisan Sur!” Tuti nyawang Suryo kanthi mencereng.
Suryo : “Aku yakin Mbak Tuti ora ngedhap ngadhepi tembok panguwasa! Ning iki bab urip
matine Cahaya Kita lho Mbak!”
Tuti bali sendhen ing geger kursi. Mripate merem. Kelingan nasibe….
Latare Kantor Departemen Mardi Putra kang jembar ngilak-ilak rame lan regeng awit
sawatara karyawan padha nindakake senam pagi. Swarane musik pengiring senam saka kaset
disetel banter. Eman sing senam mung sawetara. Upama kabeh melu kira-kira ya ora amot.
Dadi ana becike yen ora kabeh melu senam, tepa slira supaya lapangane ora seg-segan.
Kaya padatan, rampung senam Kepala Kanwil dalah para manggala ngener lapangan
volley kang dumunung ing mburi kantor. Regune Kepala Kantor Wilayah (jaman sadurunge
reformasi) adhep-adhepan karo bregada Kepala Bidang Perlengkapan, Ir. Murdanu. Rudi
gurung iso teko amarga deweke jek ngadek ning gapura amarga digembok.
Nalika melu jejer-jejer karo para pegawe sing kekancingan lawang lan ora bisa
mlebu, ponsele Rudi muni .
Nalika lawang dibukak, Rudi katut ombyaking pegawe kang teka kasep. Kaya
welinge Suryo dheweke sedhakep ing pinggir lapangan volley. Sajake tetandhingan volley
ora imbang. Bregada sisih kulon wong enem dene sing wetan mung lima. Sajake padha
sungkan musuh regune Kepala Kanwil.
Pas ganti bal sing sepisanan, Rudi teka. ana pawongan ireng manis nampa telpun,
nglirik dheweke, banjur nggeret Rudi, dijak main,
Rudi : “Volley opo iki ? kaya bocah cilik!” ( Batine Rudi karo plonga plongo )
Ndadak weruh-weruh ana sing nggeret mlebu blabar kawat. Ora ana sing wani protes.
Kamangka Rudi kang dhuwure 172 pancen jago smesh saka Fakultas Hukum. Lagi bae Rudi
main, tanpa sanggan awit ora weruh sing endi Kepala Kanwil sing endi Kepala Bidang,
bal-bal semesane blas-bles, ora bisa ditampani mungsuh. Mung ganti bal kaping telu, regune
Kepala Kanwil digunduli 15-2. Ijol enggon, main kapindho malah kojur : 15-1. Biji 15 sing
rolas dicithak Rudi! Pendheke Rudi dadi bintang lapangan tenan.
Kabeh gawok. Cah jangkung angklung-angklung iku saka ngendi? Merga sing
ngglandhang mlebu lapangan Ir. Murdanu meh kabeh ngira yen iku relasine. Ning ora wani
cemuwit lan protes. Malah Kepala Kanwil nyalami Rudi,
Kepala Kanwil : “Sip Mas kowe, kapan kapan melu main maneh ya?”
Rudi : ” Hehe , oke Pak “
Rudi mung manthuk, mesem karo ngowoh. Kaya ngimpi. Ning ora suwe Murdanu
kang mau ngglandhang menyang lapangan banjur ngglandhang Rudi meneh, sepisan iki dijak
menyang mburi, ngener warung meger, mepet pager.
Rudi :”Walah, sapa ngira? Ngertiya ngono anggone nyemesi bal ya tepa-tepa, rek!
Sakwise kuwi…
Murdanu ngadeg saka kursi kerjane banjur metu saka ruwang kerjane, nggoleki
Bendahara.
Murdanu : “Lehmu dadi Bendahara wis pirang taun ta? Kok isa ngelungke
amplop kothong!”
Guralawan jupuk duet kanggo Murdanu, Guralawan radak nesu marang Murdanu
amarga mesti jaluk duet marang bendahara amarga gak tau nggowo duet kontan. Murdanu
mesti ngomong lak mengko diijoli nanging nyatane yen mesti bar menyang ATM Murdanu
lali, utawa pancen ora ana niat ngijoli.
Sakwise Murdanu ngaleh Anton seng sak ruangan karo Guralawan delok Guralawan
wajahe rodok nesu.
Anton : “Ana apa wajahmu kok koyok pegel ngono?” (pitakone anton karo nggrap
laporane seng durung bar).
Guralawan : “Dadi bendahara pancen cilaka mencit tenan ton, yen laporan pengeluaran
menyang Pemimpin Proyek durung karuan dipercaya malah dijaluki duet
terus!”
Anton : “Ancen dadi bendahara iku yo repot wan, akeh salahe. Ngono kok akeh seng
rebutan dadi bendahara, malah enek seng nuku jabatan barang supaya diangkat
dadi bendahara”
Guralawan : “Atrah apese dadi bendahara, yen nganakake pelatihan mesti kerjo lembur
sampek bengi”
Anton : “Penak pesertane wan, awit honorarium hak e diteampa wutuh, malah
peneran iso dang muleh, ora sah kesusu mlebu kantor, bisa ngaso nang omah.
Mbolos ning oleh sangu mirunggan,
Sawise nampa amplop saka Bendahara, Murdanu banjur takon map. Amplop
diseteples ing map, digawa mlebu maneh menyang ruwang kerjane.
Murdanu : “Sip, Selamat bekerja ya! Yen ana apa-apa sing kurang cetha, sms bae, iki
nomerku.” (Murdanu ngulungake kartu nama. Nundhung Rudi kanthi alus)
Murdanu : “Sorry ya Rud, aku arep rapat! O iya iki aja lali, gawanen!” ( karo
ngulungake map)
Rudi : “Menapa Pak?” cah polos takon.
Rudi kepeksa nampa. Banjur pamitan. Lagi bae markir sepedha motore, ponsele...
Ing Rapat SPS (Serikat Penerbitan Pers) dipandhegani dening Antoni Purba.
Panggonane necis, luwih memper big-bos tinimbang wartawan. Ing rapat iki ditekoni
pemimpin pemimpin perusahaan redaksi. Saka Cahaya kita dirawuhi pribadi dening wakil
Pemimpin Perusahaan ngrangkep pemimpin redaksi : Prihastuti Kusumo
Supriyadi : “Punapa pak kok saget ngaten?” (pitakene salah siji peserta rapat)
Siswanto : “Coba ayo padha digalih! Yen koran kompetitor kang saiki lagi
nedheng-nedhenge digandrungi sutresnane banjur ana budidaya njugrugake
kanthi cara culika, apa iku etis?”
Sutrisno : “Inggih pak. Supaya gamblang! Banjur mengko padha petan siji-siji sapa
kang tumindak culika! Minangka jejere koran cilik, aku ora nrimakake banget
yen ana kang culika tumindak dudu! Kanyatan meh kabeh publik ing Surabaya
padha damang yenCandra Kartika berjuwang saka ngisor, mbudidaya bisaa
ngrangkul para maose. Lha yen budidaya mau banjur pepes awit tumindak
kang culika, rak ya eman banget! Lan ora pantes!”
Antoni Purba : (mung mesem karo ngacungake jempole tengen, lire ora kabotan marang
usule Pemimpin Perusahaan koran Anoraga).
Jumadi : “Matur nuwun! Para rawuh kabeh bae, Candra Kartika nyathet, ing sajrone
sasemester, utawa nem sasi, wis dirampog kaping telu!”
Alise Prihastuti Kusumo rada ngincang, socane ngriyip. Elok lan ngungun ing
Surabaya wis dumadi banalisasi -kaculikan-kaculikan sing wis dadi kalumrahan- dheweke
kok ora ngerti. Mula kanthi njengkerutake bathuk, wong ayu Pemimpin Perusahaan Cahaya
Kitaaweh kawigaten mirunggan. Pemimpin Perusahaan Candra Kartika nutugake sesorahe,
utawa cethane rasa murinane, protes, ora trima!
Prihastuti :“Saben-saben Candra Kartika macak pawarta kang disenengi dening para
maose, malah ing kantor udan tilpun, para maos padha ngundamana yagene…