Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 4

KHUTBAH JUM’AH

IMAN KEPADA HARI AKHIR

Sedherek2 kaum muslimin wal muslimat ingkang dipun mulyaaken Allah, SWT

Sumonggo kito sami2 ningkataken taqwa dhumateng Allah, SWT kanthi nindakaken sedoyo
dhawuh-dhawuhipun lan nebihi sedoyo awisan2nipun. Lan sholawat soho salam sumangga kita
unjukaken dhumateng Kanjeng Nabi Muhamad SAW soho keluarga2ipun, sahabat2iput, soho
umatipun ingkang setya lan tuhu ngestoaken sedaya dhawuh2ipun. Inggih kanthi petedah mergi
ingkang lurus lan leres menika mugi2 kita mbenjang wonten dinten yaumil akhir pikantuk
syafaatipun lan kita pikantuk kabegyan, kaharjan soho kamulyan wonten ing alam donya puniko
punopo dene wonten ing alam akherat samangke, Allohuma Amiin ...! Sumonggo kito ngatos-
ngatos wonten perkawis iman soho taqwa dhumateng Allah, SWT.
Kito sedoyo ngakeni iman dhumateng Allah, SWT lan pitados wontenipun dinten akhir
utawi wontenipun dinten qiyamat, dinten puniko dipun tandai wontenipun tiupan sangkakala
(terompet) saking Malaekat Israfil, inggih puniko bumi bergoyang ngedalaken sedaya isinipun,
wontenipun kehancuran lan binasanipun alam semesta meniko, wedhal meniko sedoyo makhluk
ingkang tasih gesang badhe pejah, meniko pertanda minongko permulaanipun alam akherat ingkang
sampun dipun prasetyaaken Allah SWT. Artosipun sak sampunipun alam ingkang nembe kito
lampahi meniko wonten malih alam ingkang nomer kalih, inggih meniko alam pembalasan. Wonten
ing alam puniko Allah maringi alam pembalasan amal perbuatan manungsa, amal kesaenan dibalas
kanthi kesyaenan lan amal ingkang jahat dibalas kanthi siksa ingkang setimpal miturut amal
perbuatanipun piyambak2.

Jelasipun inggih meniko kito wajib beriman bilih kulo panjenengan sami meniko badhe
dipun bangkitaken/gesangaken malih wonten alam kubur lajeng dihisab (dihitung) sedoyo amal
perbuatanipun. Wonten ing alam akherat kito badhe dipun bangkitaken lan dipun kempalaken
wonten ing daratan ingkang luas, ingkang naminipun “Padang Mahsyar” lan dipun sediyaken
mizan (neraca) Lan wonten kawontenan meniko manungsa nampi balasan ingkang sak adil-adilipun
lan wonten alam akherat meniko manungso ngraosaken kelezatan usahanipun lan ngraosaken
penderitaan kepahitan kejahatanipun rikolo gesang wonten ing alam dunyo puniko.

Dialog kebangkitan manungsa wonten ing alam kubur sejatosipun sampun wonten rikolo
sakderengipun islam. Meniko terindikasi wonten penjelasan Al Qur’an inggih meniko :

1. Kisah wontenipun satunggaling Nabi rikolo ngliwati negeri ingkang sampun porak poranda.
Dipunriwayatken naminipun ‘Uzair, saking suku Bani Israil, negeri menika naminipun
“Baitul Maqdis” Dikisahaken bilih rikolo ngliwati negeri ingkang sampun porak poranda,
Nabi meniko nyuwun pirso kados pundi Allah SWT saget nggesangaken malih penduduk
negeri ingkang sampun pejah meniko? Lajeng Allah mateke piyambakipun kalih binatang
khimaripun. Sak sampunipun setunggal atus tahun, Allah nguripake piyambakipun kaliyan
binatang khimaripun. Sehinggo dados jelas persoalan kebangkitan tumrap piyambakipun,
sahinggo piyambakipun pitados. Amargi, Allah Maha Kuasa atas segala sesuatu.

Allah SWT berfirman QS : Al Baqarah 2 : 259


Ingkang artosipun :
Utawa sira durung sumurup lelakone Uzair, kang liwat ana negara kang gedhong-
gedhonge wis pada ambruk ? ‘Uzair mau celathu : “ Kepriye Allah anggone bakal
nguripakemaneh barang kang wis mati mengkene iki” Sanalika Allah banjur matike Uzair
sajroning 100 tahun lawase. Sawise 100 tahun, Allah nguripake ‘Uzair maneh Allah banjur
nguripake ‘Uzair maneh : Wis piro suwene anggonmu leren ana ing kene ? ‘Uzair banjur
munjuk : Anggen kawulo kendel wonten ing ngriki saweg sedinten utawi kirang” Allah nuli
ngendika : “ Anggonira leren ana ing kene wis 100 tahun lawase, mara sira dhelenga
sangunira pangan lan omben-ombenira, kabeh padha durung owah, lan sira dhelengen
Khimar-ira 1) (kang wis padha remuk), apadene sira dhelenga anggoningsun nguripake
balunge Khimar mau. Ingsun ing mangkono mau wis kanyataan kasat mata ing “Uzair,
dheweke banjur munjuk : “ Sak puniko kula sampun sumerep lan pitados, saestu Allah
puniko nguwaosi dhateng samukawis”.

2. Kisah pitakonipun Nabi Ibrahim ngengingi kados pundi Allah nggesangaken malih tiyang
ingkang sampun pejah. Sinaosa sampun yakin wontenipun dinten kebangkitan, Nabi Ibrahim
tetep kepingin mangertos kathi cara langkung pasti proses kebangkitan supados manahipun
langkung tentrem.
Allah berfirman QS. Al Baqarah 2 : 260

Ingkang artosipun :
Muhammad Sira nyritakno Nalikane Nabi Ibrahim matur marang Pangerane : Dhuh
Pangeran Kawulo, mugi Panjenengan paring petedah dhateng kawula kaliyan kasat mripat,
anggen Panjenengan nggesangaken tiyang ingkang pejah”, Allah paring dhawuh : Apa
sira durung percaya ?” Nabi Ibrahim matur maneh : “ Inggih sampun pitados, ananging
supados manah kula menika tentrem”. Allah banjur ngendika : “ Sira njupuka manuk 4,
banjur cicang-cincangen mbanjur dokokna ing saben-saben gunung/bukit sebagian saka
manuk-manuk mau nuli undangen, mesthi banjur padha nekani ing sira kalayan rikat. Lan
Sira sumurupa, saktemene Allah iku maha Mulya sarta Maha Wicaksana.

Mbenjang wionten ing dinten qiyamat tiyang ingkang Iman soho taqwa badhe dipun
lebetaken wonten surganipun Allah, SWT lan kosok wangsulipun tiyang tiyang ingkang mboten
iman soho taqwa dhumateng Allah, SWT dipun lebetaken wonten ing neroko lan badhe kekal
saklawase, kajawi tiyang2 mukmin ingkang dipun lebetaken neroko kangge sementara waktu,
kangge ngresikake tiyang kolowau saking dosa-dosanipun rikolo gesang wonten ing alam donya,
sak sampunipun nglampahi hukuman ingkang sampun dipun tentokaken batas wedhalipun tiyang
meniko lajeng dipun dhalaken saking neroko lajeng dipun lebetaken wonten ing surganipun Allah,
SWT.

Allah SWT berfirman : QS. Az-Zumar 24 : 70-74

Ingkang artosipun :

Siji-sijining wong padha diparingi wewales barang kang wis dilakoni naliko ing donya, Allah
nguningani barang kang wis dilakoni. Wong2 kafir padha dituntun marang neroko jahanam.
Barang tekan pinggiring neroko lawange neraka dibukak. Ing kono malaekat kang rumeksa padha
takon marang dheweke : “apa kowe biyen ora katekan rasul, pethilan saka kancamu , kang
ngundangake ayat dhawuhe Allah ? Sarta ngelingake marang kowe bakal kelakonan dina qiyamat?
Banjur padha mangsuli : Inggih sampun kedhatengan rasul ananging kula maiben, mila sampun
leres pangandikaning Allah nentokake siksa neraka dhateng tiyang kafir. Para wong kafir banjur
didhawuhi : “Padha mlebua marang lawange neraka jahanam langgeng saklawase”. Ala temen
panggonane wong kafir kang padha gumede. Dene wong kang padha bekti ing Allah Pangerane
padha dihirit marang suwarga banjur hambageake : “ sugenga, begja temen panjenengan
sumonggo sami lumebeto langgeng saklaminipun. Banjur padha memuji : “ Sakabehing puji
kagungane Allah kang prasetyaning biyen sak iki wis kanyataan temenan. Allah wis paring
panduman bumi lan suwarga marang aku, sak iki aku manggon sakarepku. Becik temen ganjaran
wong kang ngestokake dhawuh”.
Sedherek2 kaum Muslimin ingkang minulyo

Dinten qiyamat pasti badhe dateng, sekedhikpun mboten wonten keraguan lan meniko minongko
rukun iman ingkang kaping 5 ingkang wajib dados kercayaan tiyang2 islam inggih punika pitados
wonteneipun dinten kiamat. Inggih puniko satunggaling dinten bilih manungsa dibangkitaken
saking alam kuburipun.

Sayektos sanget dipun sayangaken menawi tiyang2 islam menika, mboten gentar wontenipun siksa
Allah wonten alam akherat mbenjang. Amargi mewani saestu-estu rumaos gentar mesti
piyambakipun badhe iman lan taqwa dhumateng Allah, SWT lan menawi ngendikan mesthi badhe
ngendikan ingkang syae, syae wonten wedhal makaryo, punapa nembe nglampahi pedhamelan
punopo kemawon mesthi badhe ginaaken pertimbangan soho ukuran-ukuran hukumipun Allah,
SWT.

Umumipun kita meniko kirang nggadahi gairah mbudidaya wontenipun pahala Allah wonten ing
akherat samangke. Menawi kita rumaos remen lan bergairah kangge mbudidaya pikantuk pahala
Allah , tentu kita badhe ginaaken sebagian wedhal kita kangge beribadah soho beramal.
Keengganan kita kangge nyisihaken sebagian wedhal kangge beribadah, menika nandhaaken bilih
cara gesang kita dereng sesuai pengakuan kita, bilih kita menika tiyang2 ingkang kawastanan
beriman wontenipun dinten kiamat.

Sumonggo kita buktiaken pengakuan kita wontenipun alam nyata! Ampun ngantos kita
terperangkap kados tiyang ingkang munafiq, ingkang wonten mulut mengaku beriman ananging
woten batosipun mboten wonten sekedhik mawon raos iman.

Allah, SWT berfirman : QS - Albaqarah : 8

Artosipun :

Allah wis ngecap atine si kafir kabeh lan pangrungune sikafir kabeh ana tutupe. Kabeh padha
katpatrapan siksa kang gedhe.

Sidang Jum’ah ingkang dipun mulyaaken Allah.

Kenging menopo kedhah kelampahan soho menopo perlunipun wontenipun dinten kiamat?

1. Allah SWT badhe ngetingalaken dhumateng khalayak, bilih sdoyo kasampurnaan sifat-
sifatipun, terutami sifat “adil lan kuwaos” “qudrat lan iradahNya” Kekuasaan si kuat
ingkang aniaya si lemah, kesalahan-kesalahan si zalim engkang bebas kanthi akal
busukipun, piyambakipun saged lolos saking pengawasan polisi lan hakim pengadilan dunia,
piyambakipun badhe dipun adili kanthi pertimbangan lan kebijaksanaan Pengadilan Maha
Adil. Mila dingendikaaken dinten menika minangka dinten Pengadilan utawi dinten
perhitungan agami.

2. Syae lan mboten syae, berbakti utawi khianatipun manungsa, sinaosa perkawis ingkang sak
alit-alitipun badhe dipun timbang. Sedaya alasan manungsa wonten ing dinten kiamat badhe
dipun midhangetaken, diperhitungaken kanthi bukti lan saksi ingkang leres.
Allah berfirman QS Az-Ziizaal : 7-8
Artosipun :
Sing sapa nalika ana ing donya ngelakoni kabecikan sanajan mung saboboting semut bakal
weruh ganjarane lan kosok baline Sing sapa nglakoni tumindak ala, sanajan sak boboting
semut hiya mesthi weruh patrapane.

Allah SWT berfirman : QS Yaassin : 65

Artosipun :
Ing dina iku sira ngunci cangkeme wong kafir kabeh (dadi ora bisa selak), tangane padha
munjuk marang Ingsun dene sikile padha nyekseni ngandhaake kabeh barang kang wis
padha dilakoni naliko ana ing dunya.

Firmanipun Allah malih wonten : QS-Al Isra’ : 13

Artosipun :

Lan Ingsun ndadeake wengi lan rina minangka kanggo tanda yekti kang nuduhake
kuwasaningsun. Ingsun nuli ndadeake peteng iku tanda wengi lan tanda awan iku padhang
supaya sira kabeh padha ngupaya kanugrahaning saka ngarsane Pangeranira kabeh, lan sira
supaya sumurup pawilangane tahun lan etungane dina lan sasi. Lan kabeh perkara (agama
sarta panguripan donyanira) yekti wis Ingsun wis pratelakake kanthi gamblang.

Sumangga kita sami2 mewaspadai lan neliti iman kula lan panjenengan sami wontenipun dinten
akhir ! Sumonggo kita ngawonteneken persiapan2 amal, mumpung tasih wonten wedhal meraih
menapa ingkang migunani lan nguntungaken dhateng kita, mbenjang wonten dinten pembalasan
amal.

Sumangga kita terus sinau ilmu agami , supados saged mangertosi pundi ingkang kawastanan
perintah Allah lan pundi ingkang dipun awisi. Sumangga kita beriman kanthi sak syae-syaenipun,
Allah badhe paring sak kathah-katahipun.

Allah, SWT berfirman : QS : Al Hajj : 1-2

Artosipun :

He manungsa, Sira padha bektia ing Allah Pangeranira, jalaran saktemene lindhu gedhe
ngarepake dina qiyamat iku perkara gedhe kang nggeggirisi. Nalikane sira andheleng lindhu mau,
Ing dina iku kabeh wong wadon kang nusoni padha lali marang susone, lan wong wadon kang pada
bobot padha gogrok bobotane, lan sira padha andheleng polahing manungsa padha kaya wong
mendem saking dening bingunge, ananging saktemene ora mendem. Mung wae siksane Allah iku
dhasar abot temenan.

You might also like