Lakon Gatutkaca Kembar 5

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 1

LAKON GATUTKACA KEMBAR 5

RANTAMANIPUN INGKANG MEDAL:


1. R. NAKULA, R. SADEWA 6. R. ANTAREJA
2. P. PUNTADEWA 7. R. GATUTKACA
3. R. JANAKA 8. R. ANTASENA
4. P. KRESNA
5. R. WERKUDARA
JANTURAN NEGARI NGAMARTA

Rep- rep surup hyang pratangga pati ana ratu sudibyo pranatengrat
pramudibyo, mantra- mantra wetan anggendanu kilen, kilen pinayungan asta
gangga wirandanu.
Asta : tangan. Wira:papan
Gangga:banyu danu tegese tulis.
Wonten pitaken sepuh pundi papan saha tulis. Saweneh wonten ingkang
mastani sepuh papan seweneh wonten ingkang mastani sepuh tulis, menawi
dalang mastani papan saha tulis tan prabeda, ujaripun para winasis dalang
menika ngudal piwulang awit dalang menika anggelarake suraosing weda
sekawan ingkang winastanan.
Setunggal : wedha paramayoga
Kalih wedha pustakaraja
Tiga wedha purwakanda
Sekawan wedha mahabarata
Wedha sekawan ngemu suraos
Hanacaraka, datasawala, padajayanya, magabatanga
Hanacara dumunung sisih wetan, datasawala kidul, padajayanya kilen,
dene ler magabatanga.
Purwaning carios wewaton kandha budha purwaka.
Kandha marang critane, budha marang asale

You might also like