Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 2

UJIAN AKHIR SEMESTER GANJIL

MADRASAH IBTIDAIYAH IMAMI KEPANJEN


Tahun 2015 – 2016

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Nama : ..................................

Kelas : V (lima) Absen : ..................................

I. Wenehana tanda (X) salah sijine aksara a,b,c,d sak ngarepe wangsulan kang bener !
1. Mau sore Zanuar nonton bal-balan ing Kanjuruhan.
Keterangan wektune ukara dhuwur yaiku...
a. Mau sore b. Zanuar c. nonton bal-balan d. Kanjuruhan
2. Bisa ngangkat drajade wong tuwa, iku paribasane...
a. Asu rebutan belung c. demit ora ndulit
b. Mikul dhuwur mendhem jero d. pager mangan tanduran
3. Ciri wanci layu ginawa...
a. Mlayu b. lunga c. mati d. mabur
4. Omahe Maulana gedhe banget. Kosok baline omahe Irza...
a. Amba b. adoh c. apik d. cilik
5. Ukara ngisor iki sing klebu ukara pakon yaiku...
a. Dik, aku jupukno garisan, ya ! c. sapa sing nggawakno jajan iki ?
b. Pratama tuku klambi anyar. d. piro regane bukumu ?
6. Jangan terong,di campur jangan kluwih.
Ojo sombong...
a. Supaya ora ompong c. supaya dadi pinter
b. Sanadyan dadi wong sugih d. menko mundhak kuwalat
7. Sing diarani dina Kamardikan iku benere tanggal...
a. 17 Agustus b. 10 November c. 5 Oktober d. 5 Juli
8. Museum Brawijaya iku dununge ana ing...
a. Blitar b. Surabaya c. Malang d. Mojokerto
9. Mbantu wong sing wis sugih iku padha karo nguyahi...
a. Segara b. kolam c. kali d. banyu
10. Wong ketoke mbantu nanging malah nyengsarakake sing dibantu,pindhane...
a. Nekek gulu b. udan tangis c. adus keringet d. adol ayu
11. Tembang sinom iku sapada dumadi saka...
a. 7 gatra b. 8 gatra c. 9 gatra d. 10 gatra
12. Gatra kaping telu tembang sinom iku guru wilangan lan lagune...
a. 8 a b. 8 i c. 8 u d. 8e
13. Mas Fais krasa kaliren amarga nganti sore durung mangan.
Tembung kaliren tegese padha karo...
a. Ngelak b. kuwaregen c. keluwen d. kelaran
14. Rebutan balung sing sepele,iku paribasane...
a. Asu rebutan balung c. kere munggah bale
b. Dom murup ing banyu d. ucul saka kudangan
15. Kriwikan dadi grojogan. Paribasan iku tegese...
a. Perkara cilik dadi gedhe c. bisa ngangkat drajade wong tuwa
b. Rekasa kakehan anak d. karepe ngirit tambah entek akeh
16. Barang-barang sing disimpen ing museum iku kudu nduweni...
a. Seni b. artistik c. sejarah d. apik
17. Ukara ing ngisor iki sing kelebu jenise ukara andharan yaiku...
a. Sapa sing tuku buku ? c. sapine wis dipakani kabeh.
b. Balekno garisan iki ! d. amarga sumuk, bukaken lawange !
18. Kembang gedhang arane ontong, kembang nangka arane...
a. Tewel b. babal c. cempedhak d. gori
19. Godhong klapa enom arane janur, sing tuwa arane...
a. Mayang b. procot c. blarak d. manggar
20. Wit gedhang arane debog, wit klapa arane...
a. Glugu b. tal c. ruyung d. cikal
21. Aksara U ing tulisan aksara jawa diarani sandangan...
a. Layar b. suku c. pepet d. pangkon
22. Geguritan iku ing Bahasa Indonesia diarani...
a. Puisi b. pantun c. prosa d. teka-teki
23. Bapak Presiden bali saka Sumatera menyang Jakarta. Sinonime bali
a. Lunga b. budal c. mulih d. teka
24. Mburu uceng kelangan...
a. Wader b. dheleg c. lele d. barang
25. .........ngendhog ing kombong
a. Sapi b. dara c. bebek d. manuk
26. Paribasan “Bathok bolu isi madu.” Tegese : Wong...............sugih ilmu.
a. Pinter b. asor c. ala d. maca
27. Aku lali tanggal sedane ibu. Basa kramane lali...
a. Emut b. ical c. nyerat d. kasupen
28. Anak sing lair mburi dhewe arane anak...
a. Ragil b. mbarep c. panggulu d. pandhadha
29. Sing duwe rasa legi iku...
a. Sawo mentah b. banyu tawa c. tebu d. jahe
30. Bagong diutus Semar tuku mbako. Ukara iku klebu ukara...
a. Camboran b. andharan c. pakon d. pitakon

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung sing mathuk
1. Godhong gedhang garing arane....
2. .............polah bapak kepradah
3. Bocah sing dawa tangane, iku tegese....
4. Layah digawe saka....
5. Dasare Kali Brantas ana sing jero, uga ana sing....
6. Purwakanthi keperang dadi 3, yaiku guru swara, guru sastra, lan guru....
7. Yu Sami nguleg rujak lomboke telu. Rasane lombok....
8. Mbah Sonhaji nyapu latare masjid Ampel. Wasesane ukara....
9. Meri yen wis gedhe dadi....
10. Pandhita iku sekti amarga sugih japa....

III. Wangsulana sing bener !


1. Kak Bayu nglatih pramuka saben Jumat. Ukara iki udalen....
2. Buru uceng kelangan deleg. Apa tegese paribasan iki ?
3. Tatanen tembung-tembung iki dadi ukara sing bener !
Bu Siti – kurma – ing wulan Ramadhan – dodol
4. Gawea tuladha ukara pakon !
5. Parikan ngisor iki tulisen jawabane !
Iwak sepat, ing segara
Bilih lepat,..................

You might also like