Soal Uts Kls VIII

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 6

I.

Pilihen salah siji wangsulan kang kokanggep bener, kanthi nyorek (X) ana ing wangsulan kang
kokanggep bener!
1. Pawarta kang ditujokake kanggo umum, kang surasane menehi pangreten tumrap sawijining prastawa
diarani ….
a. Layang c. majalah
b. wara-wara d. selebaran
2. Perangan kang kudu ana ing sajroning panulise wara-wara kajaba …
a. titi mangsa c. purwaka basa
b. peprenahan d. isi
3. Minurut surasane, jinising pengalaman bisa diperangi dadi piro…
a. papat c. wolu
b. limo d. loro
4. Minurut pengertian cerkak, unsur-unsur cerkak ana loro yaiku…
a. eksposisi, klimaks c. intrinsik, ekstrinsik
b. eksposisi, komplikasi d. penyelesaian, moral
Etimologi lan legendha asal
Aksara Hanacaraka jenenge dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki sing unine "hana caraka".
Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahe ana rongpuluh lan nglambangake kabeh fonem basa
Jawa. Urutan aksara iki kaya mengkene:
ha na ca ra ka
da ta sa wa la
pa dha ja ya nya
ma ga ba tha nga
Urutan iki uga bisa diwaca dadi ukara-ukara: "Hana caraka" tegese "Ana utusan"
"Data sawala" tegese "Padha garejegan"
"Padha jayanya" tegese "Padha digjayane"
"Maga bathanga" tegese "Padha dadi bathang".
Urutan ukara iki digawe miturut legendha yen aksara Jawa iku diasta dening Aji Saka saka Tanah
Hindhustan menyang Tanah Jawa. Banjur Aji Saka ngarang urutan aksara kaya mengkene kanggo
mengeti rong panakawane sing setya nganti pati: Dora lan Sembada. Kalorone mati amerga ora bisa
mbuktekake dhawuhe sang ratu. Mula Aji Saka banjur nyiptakake aksara Hanacaraka supaya bisa
kanggo nulis layang.
Caritane kaya mengkene:
Kacarita ing jaman mbiyen ana wong saka Tanah Hindhustan anom jenenge Aji Saka. Dheweke putrane
ratu, nanging kepengin dadi pandhita sing pinter. Kasenengane mulang kawruh rupa-rupa. Dheweke
banjur pengin lunga mencarake ngelmu kawruh ing Tanah Jawa.
Banjur anuju sawijining dina Aji Saka sida mangkat menyang Tanah Jawa, karo abdine papat sing jenenge
Duga, Prayoga, Dora lan Sambada. Bareng tekan ing Pulo Majethi padha leren. Aji Saka banjur nilar
abdine loro; Dora lan Sambada ing pulo iku.
Dene Aji Saka karo Duga lan Prayoga arep njajah Tanah Jawa dhisik. Dora lan Sambada diweling ora oleh
lunga saka kono. Saliyane iku abdi loro wau dipasrahi keris pusakane, didhawuhi ngreksa, ora oleh
dielungake marang sapa-sapa.
Aji Saka banjur tindak karo abdine loro menyang ing Tanah Jawa. Njujug ing negara Mendhang Kamolan.
Sing jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu Dewata Cengkar. Sang prabu iku senengane dhahar daginge
wong. Kawulane akeh sing padha wedi banjur padha ngalih menyang negara liya. Patihe ngaran Kyai
Tengger.
Kacarita Aji Saka ana ing Mendhang Kamolan jumeneng guru, wong-wong padha mlebu dadi siswane.
Para siswane padha tresna marang Aji Saka amerga dheweke seneng tetulung. Nalika semana Aji Saka
mondhok neng omahe nyai randha Sengkeran dipek anak karo nyai randha. Kyai patih karo nyai randha
iya wis dadi siswane Aji Saka.
Anuju sawijining dina sang prabu Dewata Cengkar duka banget ora wong maneh sing bisa didhahar. Aji
Saka banjur saguh dicaosake sang nata dadi dhaharane. Sang nyai randha lan patih dadi kaget banget.
Nanging Aji Saka celathu yen wong loro iku ora usah kuwatir yen dheweke ora bakal mati.
Banjur Aji Saka diaterake ngadhep prabu Dewata Cengkar. Prabu Dewata Cengkar ya rumangsa eman lan
kersa ngangkat Aji Saka dadi priyayi, nanging Aji Saka ora gelem. Ana siji panyuwune, yaiku nyuwun
lemah saiket jembare. Sing ngukur kudu sang prabu dhewe. Sang prabu Dewata Cengkar iya banjur
nglilani.
Nuli wiwit ngukur lemah diasta dhewe. Ikete Aji Saka dijereng. Ikete tansah mulur bae, dadi amba serta
dawa. Iya dituti wae dening sang prabu. Nganti notog ing segara kidul. Bareng wis meped ing pinggir
segara, ikete dikebutake. Dewata Cengkar katut mlesat kecemplung ing segara. Malih dadi baya putih,
ngratoni saisining segara kidul.
Wong-wong ing Mendhang Kamolan padha bungah. Awit ratune sing diwedeni wis sirna.
Seka panyuwune wong akeh. Aji Saka ngganteni jumeneng ratu ana ing negara Mendhang Kamolan
ajejuluk Prabu Jaka, iya prabu Widayaka. Dene patihe isih lestari kyai patih Tengger. Si Duga lan si
Prayoga didadekake bupati, ngarane tumenggung Duduga lan tumenggung Prayoga. Sang prabu Jaka, iya
sang prabu Widayaka nimbali si Dora lan si Sambada.
Kacarita sang prabu Widayaka, pinuju miyos siniwaka. Diadhep kyai patih sarta para bupati. Sang prabu
kengetan abdine sing didhawuhi ngreksa pusaka keris ana ing Pulo Majethi.
Ndangu marang Duduga lan Prayoga kepriye wartane si Dora lan si Sembada. Prayoga lan Duduga ora
bisa mangsuli awit wis suwe ora krungu apa-apa.
Kacarita si Dora lan si Sambada sing kari ana ing Pulo Majethi. Wong loro iku wis padha krungu pawarta
manawa gustine wis jumeneng ratu ana ring Mendhang Kamolan. Si Dora ngajak sowan nanging si
Sambada ora gelem awit wedi nerak wewalere gustine, ora pareng lunga-lunga seka pulo Majethi, yen
ora tinimbalan.
Nanging si Dora nekad arep sowan dhewe. Si Sambada ditilapake. Banjur mangkat ijen wae. Ana ing
dalan si Dora kapethuk karo tumenggung Duduga lan Prayoga. Utusan loro mau banjur diajak bali dening
si Dora. Awit si Sambada dijak ora gelem.
Wong telu banjur sowan ing ngarsane sang prabu. Sang Prabu ndangu si Sembada ana ing ngendi lan
diwangsuli yen dheweke ora gelem diajak. Mireng ature si Dora, sang prabu duka banget, lali dhawuhe
dhewe mbiyen. Banjur Dora, didhawuhi bali menyang pulo Majethi lan nimbali si Sambada. Yen meksa
ora gelem didhawuhi dirampungi lan kerise dibalekake.
Dora sanalika mangkat. Ing pulo Majethi ketemu karo Sembada. Kandha yen mentas sowan gustine.
Saiki diutus nimbali si Sambada. Pusaka keris didhawuhi nggawa. Nanging si Sambada ora ngandel
marang kandhane si Dora. Banjur padha padu rame. Suwe-suwe padha kekerengan, dedreg ora ana sing
kalah, awit padha digdayane. Wasana banjur padha nganggo gaman keris padha genti nyuduk. Wekasan
perange sampyuh. Si Dora lan si Sambada padha mati kabeh.
Sang Prabu ngarep-arep tekane si Dora. Wis sawetara suwene teka durung sowan-sowan mangka
didhawuhi enggal bali. Sang prabu nimbali tumenggung Duduga lan Prayoga. Didhawuhi nusul si Dora
menyang pulo Majethi. Sanalika banjur mangkat.
Bareng Duduga lan Prayoga wis teka ing pulo mau, kaget banget dene si Dora lan si Sambada ketemu wis
padha mati kabeh. Tilase mentas padha kekerangan padha tatu kena ing gaman. Pusaka keris sing dadi
rereksan gumlethak ana ing sandhinge. Pusaka banjur dijupuk arep diaturake marang gustine. Duduga
lan Prayoga banjur bali sowan ing ngarsane gustine lan mratelake kahanane. Sang Prabu Widayaka kaget
banget mireng pawarane, awit pancen kaluputane dhewe wis kesupen pandhawuhe. Banjur sang prabu
nganggit aksara Jawa nglegena kanggo mengeti abdine loro iku.

5. Aksara Hanacaraka jenenge dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki sing unine "hana caraka".
Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahe ana rongpuluh lan nglambangake kabeh fonem basa
Jawa. Kang duwe teges padha digdayane yaiku …
a. ha na ca ra ka c. ma ga ba tha nga
b. da ta sa wa la d. pa dha ja ya nya
SUMIMPEN ING POJOK ATI
Dening : Tatiek Kalingga
Kanthi ati kang krasa rinujit,
Kepengin ndak rakit gurit,
Sanajan krasa perih lan sakit,
Nyangga panandhang kang kudu dilampahi.
Nggoleki apa maknane saripati,
Yen ing kanyatan tansah tumindak nglarani,
Alam krasa panas bumi uga nangis,
Lan amarah tan bisa diendhani,
Nanging aku yakin isih ana sunar suci,
Sih katresnan, rasa tentrem kang sumimpen
Ing pojok ati

Uga rasa tulus lan luhuring budi pekerti.


Donga ing tengahing ratri, muga dadi tamba jampi urip iki,
Tanpa kendhat nyuwun berkahing Gusti

6. Kang dikarepake Kanthi ati kang krasa rinujit yaiku …


a. Ati kang bungah c. Ati kang kelara-lara
b. Rasa kang mantep d. Ati kang serakah
7. Wos surasane paragraf kapisan yaiku …
a. Gegambaran ati kang kelara-lara c. Ngerteni kahanan kang endah
b. Tumindak kang nalisir d. Ora bisa kecukupan
8. Wos surasane paragraf kapindho yaiku …
a. Gegambaran ati kang kelara-lara c. Ngerteni kahanan kang endah
b. Tumindak kang nalisir d. Donga marang Gusti
9. “Ibuk, tindak dhateng toko badhe …. menapa? Kok boten nimbali kula mawon, janipun kula ugi badhe
…. Buku tulis kangge cathetan.” Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku ....
a. mundhut, mundhut c. mundhut, tumbas
b. tumbas, tumbas d. tumbas, mundhut
10. “Mas, kula dipundhawuhi Bapak, sampeyan dipundhawuhi …. rumiyin, sabab Bapak kala wau
sampun …. wonten kantor.” Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku ….
a. dhahar, dhahar c. maem, dhahar
b. nedhi, nedhi d. nedhi, dhahar
11. Ing wiwitan taun 2017 bakal ditekakake jembatan timbang portable menyang kutha Magelang.
Kanggo para sopir sing adate nggawa momotan keladuk (over tonase) bakal nampa sanksi tegas saka
aparat.
Jembatan portable iki dituku nganggo dhana APBD Kutha Magelang. Ora tanggung-tanggung piranti rega
180 yuta rupiyah iki diimpor saka Italia. Bedane jembatan portable bisa dipindhahake menyang papan
sing dikarepake , beda karo jembatan konvensional. Jernbatan modern iki kanthi otomatis bisa nimbang
kendharaan kang ngliwati timbarigan elektronik digital kang nyambung karo komputer. Yen kendharaan
ngluwihi wates, (3) ...... bakal ngirim dhata kang bisa langsung dingerteni dening petugas ..
1. Undheraning pawarta ing ndhuwur yaiku ....
a. Tahun 2017 Magelang bakal nekakake jernbatan timbang portable
b. Regane Jembatan timbang kuw'i 180 uta rupiyah
c. Jembatan timbang kuwi dimpor saka Italia
d. Sanksi sing tegas marang sopir sing biyasa nggawa momotan keladuk
12. Miturut wacan ing dhuwur, piraregane jembatan portable iku?
a. 801 yuta rupiyah c. 180 yuta rupiyah
b. 180 ewu rupiyah d. 108 yuta rupiyah
13. Tembung rawan ing ukara "dalan kang rawan diliwati" ngemu teges ....
a. Arang-arang c. mbebayani
b. Ora tau d. rusak
Cerita Cerkak
SING NANDHUR BAKAL NGUNDHUH
Esuk iki langite katon isih peteng,pedhute kandel banget, Ian hawane uga adhem banget. Nanging kuwi
kabeh ora nyuda kskarepane Bu Umi kanggo dodol pohung menyang pasar. Sanadyan gaweyan iku abot,
nanging Bu Umi ora tau nggresula. Bu Umi saiki mung urip karo putrane sing isih kelas I SMP. Bu Umi
ditinggal bojone wis pitung taun suwene. Kuwi uqa dadi [alarah llham, putrane Bu Umi, urip karo ibune ..
14. Saka punggelan crita cerkak" Sing nandhur bakal ngundhuh" ing dhuwur kepiye watake Bu Umi ?.
a. Sabar c. Seneng tetulung
b. Garnpanq duka d. Ora gelem rekasa
15. llham saben dina nqrewanqi ibune nggawa dagangan menyang pasar, amarga pohung sing digawa
kira kira setengah kwintal. Sawise ngeterake dagangan, II ham bali rnenyanq ngomah kanggo tata - tata
mangkat sekolah.
Saka punggelan crita cerkak "Sing nandhur bakal ngundhuh" ing dhuwur kepiye watake ilham?
a. Wegahan c. Sregep
b. Nesunan d. Mutungan
16. Bu Umi wis tata-tata ngukuti dagangane amarga wis jam sanga esuk. Nanging, Bu Umi mandheg
sedhela amarga ana bocah cilik sing nangis neng ngarepe amarga nggoleti ibune.
Saka punggelan crita cerkaksing nandhur bakal ngundhuh ing ndhuwur, ing ngendi kedadeane?
a. Omah c. Sekolah
b. Pasar d. dalan
17. Ing ngisor iki piwulang kang bisa kapethik saka crita cekak "Sing nandur bakal nqundhuh" ing
dhuwur, kejaba ... .
a. Sing akeh nandur kabeclkan supaya akeh oleh kabecikan
b. Dadia bocah sing gampang tetulung marang wong liya
c. Dadia Bocah sing sreqsp ngrewangi wong tuwa
d. Sapa nandur kabecikan bakal oleh kacilakan
18. Bu Umi wis tata-tata ngukuti dagangane amarga wis jam sanga esuk. Nanging, Bu Urni mandheg
sedhela amarga ana bocah cilik sing nangis neng ngarepe amarga nggoleti ibune. Bu Umi banjur
nyedhaki bocah kuwirnau Ian mundhutke jajan reqane Rp. 5000 supaya ora nangis maneh.
Apa tumindake bu Umi marang cah cilik sing laq] nangis ?
a. Ora nggatekake c. Mundhutake jajan
b. Ora kersa nulungi d. Bu Umi malah ndukani
19. Ora dinyana ibune bocah cilik kuwi mau a. Mbalekake sing diparingake putrane
mbantu keperluane ilham ana ingsekolahne. Bu b. Mbayari kaperluane sekolah llham
Umi ora ngira yen tumindake sing kanqqone ora c. Mung ngendika matur nuwun
sepira kuwi bisa diwales kanthi kaya mangkono. d. Ora ana piwalese apa-apa
Bu Umi tansah percaya yen apa wae kang 20. "Bu Umi mung bisa sabar ngadepi kuwi
dilakoni ing donya iki mesti bakal diwales kaya kabeh mau Ian ngupayakake golek gaweyan liya
sing ditindakake, kaya unen-unen: apa sing sing bisa disarnbi dhodhol pohung."
ditandur, ya kuwi sing bakal diundhuh. Tembung sing salah panulisane saka punggelan
Apa tumindake ibune bocah cilik kuwi mau cerkak ing dhuwur yaiku ....
marang kluargane bu Umi? a. Ngadepi Ian golek c. golek
b. Dhodhol Ian gaweyan d. ngadepi lan dhodhol
21. Sing diarani pawarta dinan yaiku ….
a. Pawarta kang wektu lan panggonane kadadeyan ora kena dipastekake
b. Pawarta kang wektu lan panggonane kadadeyan wis dimangerti sadurunge
c. Pawarta kang ora dibatesi dening wektu lan panggonan
d. Pawarta kang ora nggambarake objek kang neng semake
22. Sebutno apa wae maceme perangan pawarta ….
a. Sesirah, ringkesan, isi pawarta, angle
b. Sesirah, angle, gambar, sumber
c. Sesirah, ringkesan, isi pawarta, gambar
d. Sesirah, ringkesan, isi pawarta, gambar, sumber
23. Pawarta sing paling apik yaiku warta sing nduweni pirang-pirang sifat yaiku ….
a. Aktual, faktual, cekak aos
b. Narik kawigaten, dingerteni, unik
c. Unik, faktuak, aktual, cekak aos, uga jangkep
d. Aktual, faktual, unik, uga jangkep
24. Tulisen nganggo Aksara Jawa kang bener!
Mangan sega jagung iwak asin
a.

b.

c.

d.

25. Aksara Jawa kang bener ing ngisor iki yaiku ….

a. Panen jagung
b. Bakul jamu
c. Anak yatim
d. Tumbas tahu

You might also like