Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 2

Gamelan Jawa

Gamelan jawa iku salah jinis corak gamelan sing urip nang Jawa Tengah uga Yogyakarta lan
sebageyan Jawa Wetan. Musik gamelan Jawa iki beda karo musik gamelan saka daerah liya.
Musik gamelan Jawa lumrahe nduwe nada luwih lembut lan luwih alon. Beda karo musik gamelan
Bali sing nduwe nada luwih cepet, uga gamelan Sundha sing rasa musike nglaras banget lan
didhominasi swara suling.
Gamelan Jawa iku nduwe gatra-gatra pentatonis lan nduweni 2 laras, yaiku laras slendro lan
laras pelog. Laras slendro nduweni urutan gatra-gatra 1 2 3 5 6 (ji ro lu ma nem). Ing Jawa, ana
telung pathet. Pathet iku kaperang dadi pathet nem, pathet sanga, lan pathet manyura. Urutan iki
umume kanggo pagelaran wayang. Laras pelog nduweni gatra-gatra 1 2 3 4 5 6 7 (ji ro lu pat ma
nem pi). Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kaperang dadi pahtet nem, pathet lima, lan pathet
barang.
Piranti Piranti gamelan Jawa bisa dikelompokake dadi 4 bageyan yaiku gongan, balungan,
panerusan, lan kendhang. Gong, kempyang, kethuk, kempul lan kenong menika kalebu gongan.
Balungan iku rangkeyan melodi ing gamelan. Dadi ing jinis musik gamelan iki inti melodine ana
ing rangkeyan swara balungan iki. Sing kalebu balungan yaiku saron panerus, saron barung,
demung lan slenthem. Saron demung utawa asring disebut demung iku salah sawijining piranti
gamelan Jawa sing ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron. Iki jinis saron paling gedhe
ukurane, sing paling cilik peking sing tengah-tengah saron barung tembe demung. Ana 2 jinis
saron demung yaiku pelog demung lan slendro demung. 2 jinis piranti panerus iki ndhuwe laras
beda-beda. Wilah saron demung iki paling gedhe ing kelompok saron ukurane kira-kira 35,5 cm
dawa lan ambane 9 cm. Saron demung ndhuwe swara paling rendah ing kelompok saron.
Panerusan yaiku bonang, gender, gambang, siter lan rebab. Bonang barung yaiku salah sawijine
bageyan perangkat Gamelan Jawa kang duweni bentuk pencu banjur diarani bentuk pencon. Laras
slendro wilahe ana 12 cacahe, banjur kang Laras Pelog wilahe ana 14 cacahe. Bonang Barung
manggone ing rancakan saka kayu kang bentuke kaya amben. Pencon kuwi mau ditata ing
rancakan ditumpangake ing tali kang diarani pluntur. Bonang barung ditabuh nganggo kayu kang
cacahe 2, kayu kuwi mau sing bageyan dhuwur diblebet nganggo kain lan pluntur. Cara nabuh
bonang kuwi ana akeh pola tabuhane, yaiku pola tabuhan gembyang, mipil, imbal, sekaran,
klenangan, lan liya-liyane. Bonang barung kuwi gunane kanggo mbukani gendhing. Sakliyane
kuwi, bonang barung uga bisa kanggo nuntun alur gendhing. Khusus ing pola mipil, bonang
barung kuwi bisa kanggo nuntun Instrumen liyane. Bonang Barung ora bisa dadi lagu penuntun,
nanging kolaborasi karo bonang penerus gawe pola lagu lan ing aksen-aksen penting bonang gawe
sekaran kang biasane ana ing akhir kalimat lagu.
Yen kendhang iku salah sijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh nganggo kombinasi antara
tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Ing musik modhern, piranti iki digolongake piranti
perkusi. Kendhang diselehake ing wadhah panyangga saka kayu sing wujude memper huruf Y.
Kendhang ing musik gamelan fungsine kanggo mimpin lan ngarahake musik. Kendhang nduweni
jinis lan ukuran kang werna-werna. Ukurane kendhang antarane 20 cm nganti 45 cm. Kendhang
bentuke kaya drum lan dimainake kanthi cara ditabuh. Masing-masing 4 kelompok iku nduweni
fungsi dhewe-dhewe kanggo nggawe swara sing harmonis.
Gamelan Jawa nduwe aturan-aturan sing wis pakem antarane katata saka pirang-pirang
rambahan lan pathet utawa jero cetheking swara, uga ana aturan sampak utawa cepet-rendhete
laku sing wis pakem, uga ana batesan-batesan gongan lan melodine wis diatur ing bageyan-
bageyan sing saben-saben ketata 4 gatra. Pandangan urip Jawa kang digambarake sajrone musik
gamelan yaiku kaselarasan kauripan jasmani lan rohani, kaselarasan sajrone omongan lan
tumindak saengga mujudake toleransi ing sasama. Wujud nyata ing musik gamelan Jawa yaiku
tarikan tali rebab kang sedengan, paduan seimbang swara kenong, srin, kendhang lan gambang lan
swara gong kanggo nutup irama. Gamelan Jawa biasane dianggo ngiringi pagelaran wayang lan
tari-tari. Saliyane musik, gamelan Jawa uga ana swara sindhen kang nembangake lancaran,
ladrang, lan gendhing-gendhing Jawa.
Ardhiyan Kurnia Ramadhany at 08:08

You might also like