Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 2

Nama : Diana Permata Sari

NIM : K7115047

Kelas : 6A PGSD Surakarta

A. Tembung Rurabasa
1. Ibu nggodhog wedang ing pawon.
2. Pakdhe Tono nglinthing rokok nang ngarep omah.
3. Simbah mbunteli tempe ing pawon.
4. Ayu lagi nguleg sambel kanggo lawuh maem.
5. Adhiku tangi turu jam setengah enem esuk.
6. Mbah Putri ngenam klasa saking pandan.
7. Atika nulis layang kanggo Fenni.
8. Budhe Dendi nenun sarung warna ijo.
9. Ndekwingi tanggaku ndhudhuk sumur nang mburi omah.
10. Pakdhe Sugeng negor gedhang sakkepok.
11. Aku didhawuhi nunggu pitik supaya gabahe ora entek dithotholi.
12. Cak Nur mbakar sate ambune enak banget.

B. Tembung Kerata Basa


1. Kowe iku kaya wong sepuh, sabane ampuh.
2. Yen ana tambu langsung digawekke wedhang, gen iso gawe kadhang.
3. Wis gedhe kok kaya anak, karep apa-apa kudu ana lan enak.
4. Anugrah ikut kaya guru, iso digugu lan ditiru.
5. Dadi uwong iku kaya dhalang, mudhal piwulang.
6. Avifah kuwi kaya wedhus, suwe ora tau adus.

C. Tembung Saroja
1. Tanggal limolas padhang jingglang wulane bunder.
2. Wong Jawa pranyata duweni kabudayan kang adi luhung.
3. Mudha – mudhi karang taruna padha gotong royong lan padha guyup
rukun.
4. Tuku omah ing desa sing adem ayem.
5. Adhiku saiki wes bagas waras.
6. Kamarmu peteng ndedhet kaya gua.

D. Tembung Garba
1. Agemanipun penganten punika sarwendah. (sarwa + endah)
2. Kula kaliyan panjenengan sami – sami ngangsu kawruh wonten ing
UNS. (kalih + lan)
3. Bapak macul aneng sawah. (ana + ing)
4. Pak Ammar punika tiyang ingkang sugyarta. (sugih + arta)
5. Bu Carik kagungan putra jalwestri. (jalu + estri)
6. Nimas Wulan menika priyagung saking Yogya. (priyayi + agung)

E. Tembung Entar
1. Budi iku dowo tangane, amarga tau nyolong dolanane kancane.
2. Bapak adus kringet, nggolek duwit kanggo nyekolahke anak – anake.
3. Erik iku gedhe ndase, saben anyar klambine mesti dipamerake.
4. Bocah iku weteng karet mergo mangan ora ana warege.
5. Dongane ibu iku idu geni kanggo anak – anake.
6. Bocah iku yen dikandani kandel kupinge.

F. Tembung Yogyaswara
1. Wong tuwo kudu gemati marang putra- putrine supaya ora gampang
katut solah bawa sing ora becik.
2. Temanten loro kae ganteng lan ayune kaya widadara - widadari.
3. Siswa – siswi kudu sregep sinau amrih pinter lan oleh biji sing apik.
4. Budi karo Wati iku kasebut kendhana – kendhini amarga sedulur mung
lanang karo wadon.
5. Mudha – mudhi ing Indonesia katon kudu nunjukake semangat
kamardikan.
6. Dewa – dewi ing kahyangan katon ganteng lan ayu.

You might also like