B Jawa

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 7

I. Pilihan salah siji wangsulan kang kokanggep bener!

1. Artikel iku mujudake .........


a. Karangan nyata sing jangkep
b. Karangan nyata ora jangkep
c. Karangan imajinatif sing jangkep
d. Karangan imajinatif ora jangkep
e. Ora mesti bisa nyata lan imajinatif
2. Artikel eksploratif yaiku .........
a. Artikel kang nuduhake fakta miturut kajian wong liya
b. Artikel kang nuduhake fakta miturut kajian panulisane
c. Artikel kang nuduhake fakta miturut kajian wong ahli
d. Artikel kang nuduhake imajinatif miturut wong liya
e. Artikel kang nuduhake imajinatif miturut panulisane
3. Artikel kang nggambarake babagan sawijine pokok perkara kang kadadean ing masyarakat.
Saengga wong kang maca kaya weruh, ngrungokake, lan ngrasakake babagan kang ditulis
yaiku .........
a. Artikel dheskriptif
b. Artikel eksposisif
c. Artikel argumentatif
d. Artikel naratif
e. Artikel persuasif
4. Artikel kang duwe ancas/tujuan kanggo mbuktekake kabeneran sawijining panyuruwe utawa
dhudhutan utawa alesan utawa bukti yaiku ...........
a. Artikel dheskriptif
b. Artikel eksposisif
c. Artikel argumentatif
d. Artikel naratif
e. Artikel persuasif
5. Ukara ing ngisor iki sing bener panulisane .....
a. Wingi kowe lagi loro apa ?
b. Bapakku seng ngecet omae embah
c. Dino iki adhikku ora gelem ngaji
d. Adhik ora weroh cebloke layangane
e. Aku arep mangan sega goreng

Teks kanggo no 6 nganthi 11


GOBAG SODOR
Dina setu ing kelas XII ana pelajaran olah raga. Kabeh murid kelas XII wis padha baris
ing lapangan. Kabeh padha bregas lan seger. Barise manut klompoke dhewe-dhewe. Kabehe
ana limang klompok. Saben klompok bocah papat. Bima dadi ketua klompok telu.
“Dina iki dolanan gobag sodor. Sapa sing wis tau dolanan gobag sodor?”pandungane Pak
Imam. Bima, Niken, Wati, Ruslan lan Munip ngacung. Pancen bocah lima iku kerep dolanan
gobag sodor ing platarane Pak Jono.
Sawise padha hompipah, dolanan gobag sodor kawiwitan. Ketua klompok dadi sodore,
sing liyane dadi sing njaga. Pak Imam wis nggawe garis kothakan amba. Ana nem kothak,
telu ing sisih kiwa lan telu ing sisih tengen. Ing tengahe ana garis kanggo sodore. Sing jaga
padha ing garis mburi kothak.

Try Out USBN 2018-2019 6 SMKT Balung


Kabeh klompok wis main. Sing menang klompoke Munip. Jm pelajaran olah raga wis
rampung. Kabeh siswa isih ngethupyuk ngomongake dolanan gobag sodor. Kabeh padha
seneng, bisa luwih guyub rukun amarga dolanan tradisional.

6. Ing gobag sodor iku ana klompok sing main lan klompok sing .......
a. Jaga d. Nunggu
b. Dawa e. Ngenteni
c. Cendhak
7. Sodor iku manggone ing sisih .....
a. Kiwa d. Ngisor
b. Tengen e. Ndukur
c. Tengah
8. Ing ngisor iki gunane dolanan tradisional, kajaba ......
a. Bisa gawe rukun sakacane
b. Nglatih kelantipan lan ketrampilan
c. Gawe awak sehat, seger waras
d. Boros, wragade akeh lan larang
e. Garai males
9. Gagasan pokok saka wacan ing dhuwur yaiku ....
a. Dolanan tradisional
b. Pelajaran olah raga
c. Gobag sodor
d. Pemenange klompoke Munip
e. Kabeh klompok main
10. Wacan ing dhuwur iku kalebu waca jenis ......
a. Narasi
b. Dheskripsi
c. Persuasi
d. Argumentasi
e. Eksposisi
11. Salah siji titikan wacan narasi kaya ing ngisor iki, kejaba .....
a. Nyritakake pengalaman
b. Nyritakake dedongengan
c. Nggambarake kahanan
d. Urut wektu/kronologis
e. Nggambarake panggonan
12. Werkudara iku Pandhawa kang nomer ....
a. Siji d. Papat
b. Loro e. Lima
c. Telu
13. Pandhawa sing angka siji iku aran .......
a. Nakula d. Bimasena
b. Sadewa e. Arjuna
c. Puntadewa
14. Purbaya, Kaca Negara, Tetuka, iki mujudake dasanamane .......
a. Gathotkaca d. Semar Sukma
b. Abimanyu e. Bathara Guru
c. Duryudana
15. Ismaya, Badranaya, Nayantaka, iki mujudake dasanamane .......
a. Gathotkaca d. Semar Sukma

Try Out USBN 2018-2019 6 SMKT Balung


b. Abimanyu e. Bathara Guru
c. Duryudana
16. Pokok pikiran utawa babagan kang dirembung ing sawijine crita kang arep disampekake
pengarang liwat rerangkene crita arane .....
a. Tema d. Latar/setting
b. Tokoh/paraga e. Plot/alur
c. Gaya bahasa
17. Dalan crita utawa rerangken prastawa kang didhapuk adhedhasar hukum kausalitas (gayutan
kang nuduhake sebab akibat) arane .........
a. Tema d. Latar/setting
b. Tokoh/paraga e. Plot/alur
c. Gaya bahasa
18. Gambaran ngenani waktu, panggonan, lan swasana kang dumadi ing sajrone crita arane ......
a. Tema d. Latar/setting
b. Tokoh/paraga e. Plot/alur
c. Gaya basa
19. Antawacana yaiku .......
a. Dialog antarparagane wayang
b. Dialog antarparagane nayaga
c. Dialog antarparagane wiraswara
d. Dialog antarparagane dhalang
e. Dialog antarparagane sindhen
20. Sing seta kumpul padha seta, yen didelok saka kadohan kaya kuntul neba. Tembung seta
nunggal teges karo tembung ..........
a. Abang, abrit
b. Ijo, ijem
c. Putih, pethak
d. Ireng, langking
e. Kuning, jenar
21. Ukara semboyan iki sing migunakake tembung Kawi yaiku .......
a. Suradira jayaningrat lebur dening pangastuti
b. Becik ketitik ala ketara
c. Mikul dhuwur mendem jero
d. Rukun santosa crah bubrah
e. Bathok bolu isine madu
22. Tembung kasusul migunakake swara ........
a. a jejeg - u jejeg - u jejeg
b. a miring - u miring – u miring
c. a jejeg - u miring - u jejeg
d. a miring - a miring - u jejeg
e. a miring - a jejeg - u miring
23. basa sing bener manut unggah-ungguhe ......
a. Ibu nyeluk aku lan aku nyeluk bapak
b. Ibu nimbali aku lan aku nimbali bapak
c. Ibu nimbali aku lan aku nyeluk bapak
d. Ibu nimbali aku lan aku ngaturi bapak
e. Ibu ngaturi aku lan aku nimbali bapak
24. Basa sing bener manut unggah-ungguhe ...........
a. Budhe maringi jajan aku lan aku maringi jajan bapak
b. Budhe maringi jajan aku lan aku nyukani jajan bapak

Try Out USBN 2018-2019 6 SMKT Balung


c. Budhe nyukani jajan aku lan aku maringi jajan bapak
d. Budhe maringi jajan aku lan aku nyaosi jajan bapak
e. Budhe nyukani jajan aku lan aku menehi jajan bapak
25. “Minggu kepungkur para siswa dijak out school menyang Panti Asuhan”. Tembung ‘panti’
nunggal teges karo tembung ...........
a. Griya, dwija d. Kisma, pratiwi
b. Sasana, wisma e. Wangsulan a,b,c,d bener
c. Turangga, omah
26. “Budhe Wati .... , adhiku ... , aku ya .... pisan”. Sampurnakno ukara kasebut supaya dadi
basa ngoko alus.
a. Dhahar-mangan-nedha
b. Nedha-mangan-nedha
c. Dhahar-mangan-mangan
d. Dhahar-nedha-nedha
e. Nedha-nedha-nedha
27. “Ibu guru ... aku, aku nuli ... bapak Kepala Sekolah”. Sampurnakno ukara iki supaya trep
unggah-ungguhe.
a. Ndangu-ndangu
b. Ndangu-nyuwun pirsa
c. Nyuwun pirsa-nyuwun pirsa
d. Nyuwun pirsa-ndangu
e. Takon-nyuwun pirsa
28. Pak, kowe apa wis mulih ? Yen didadekake krama lugu .........
a. Pak, kowe apa wis kondur ?
b. Pak, panjenengan apa wis mantuk ?
c. Pak, sampeyan apa wis kondur ?
d. Pak, panjenengan apa wis kondur ?
e. Pak, sampeyan punapa sampun mantuk ?
29. Ukara iki : Ibu turu jam sanga bengi, yen didadekake krama alus .......
a. Ibu tilem jam sanga bengi.
b. Ibu tilem jam sanga dalu.
c. Ibu sare jam sanga bengi.
d. Ibu sare jam sanga dalu
e. Ibu sare jam sanga wau dalu
30. Tuladha basa krama alus (inggil) yaiku .....
a. Bapak tindak menyang kantor
b. Bapak tindak dhateng kantor
c. Bapak kesah menyang kantor
d. Bapak kesah menyang kantor
e. Bapak dugi saking kantor
Teks kanggo nomer 31 nganthi 35
Ora padha karo kanca-kancane kang katon sumyah gumbira, Sodin wiwit mau mung
lungguh ijen. Praupane peteng kaya ana bab sing didhelikake. Karepe Surti arep takon,
nanging sedhela maneh mendhung peteng ing praupane Sodin banjur owah dadi udan
brebel-brebel, mbrebes mili.
31. Ora padha karo kanca-kancane kang katon sumyah gumbira. Tembung sumyah
gumbirakagolong tembung .......
a. Camboran d. Lugas
b. Saroja e. Lugu
c. Entar

Try Out USBN 2018-2019 6 SMKT Balung


32. Tembung sumyah gumbira tegese yaiku .......
a. Seneng banget d. Gela
b. Susah e. Kuciwa
c. Bingung
33. Praupane peteng kaya ana bab sing didhelikake. Tembung praupane peteng kagolong
tembung ...
a. Camboran d. Lugas
b. Saroja e. Lugu
c. Entar
34. Tembung praupane peteng tegese yaiku ......
a. Seneng banget d. Gela
b. Susah e. Kuciwa
c. Bingung
35. Mendung peteng ing praupane Sodin banjur owah dadi udan brebel-brebel, mbrebes
mili.Tembung owah dadi udan tegese yaiku .........
a. Udan d. Kringet
b. Banyu e. Banjir
c. Tangis
36. Tembung entar yaiku sarupane tembung sing ........
a. Duweni teges sabenere
b. Duweni teges ora sabenere
c. Duweni teges kosok balen
d. Duweni teges mbangetake
e. Duweni teges warna-warna
37.
Yen diganti aksara latin .....
a. Mangan roti d. Sregep sinau
b. Jam dinding e. Sregep makani pitik
c. Jam tangan
38. Dongdinge swara saben pungkasane gatra diarani .......
a. Guru gatra
b. Guru wilangan
c. Guru lagu
d. Guru swara
e. Guru pada
39. Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,
Dawa kaya ula,
Pencokanmu wesi miring,
Sing disaba si pucung mung turut kutha.
Tembang ing dhuwur guru gatrane ana .........
a. 4 d. 6
b. 5 e. 7
c. 6
40. Sariadi lunga menyang Tuban.
Yen digawe ukara pitakon dadi ........
a. Kapan Sariadi tindak Tuban ?
b. Sariadi lunga menyang ngendi ?
c. Sariadi lunga karo sapa ?
d. Sariadi arep tindak menyang Tuban
e. Dhateng pundi Sariadi sak menika ?

Try Out USBN 2018-2019 6 SMKT Balung


II. Isenana nganggo tembung-tembung sing mathuk !

41. Apa tegese wayang iku ?


42. Apa tegese artikel eksploratif ?
43. Jlentrehna bedane protagonis lan antagonis ?
44. “Ibu menyang pasar karo adhikku”. Ukara kuwi dadino basa krama alus (inggil) ?
45. Sebutna jenenge Padhawa Lima ?

Try Out USBN 2018-2019 6 SMKT Balung


DOKUMEN SANGAT RAHASIA

UJIANSEKOLAHBERSTANDAR NASIONAL
TAHUNPELAJARAN2018/2019

LEMBARSOAL
MataUji :BAHASA JAWA
KodeSoal :K-13
SatuanPendidikan :SMK Teknologi Balung
Jurusan/Program :TKBB, TIPTL, TPM, TKR, TSM DAN RPL
Hari/Tanggal :Kamis, 28 Pebruari 2019
Waktu :10.00 – 12.00(120menit)

PETUNJUKUMUM

1. Mulailah denganmembacabacaanbasmalah.
2. IsikanidentitasAndapadaLembarJawabanUjianSekolahBerstandarNasional(LJUSBN)
Bahasa Jawayangtersediadenganmenggunakan pensil2B.
3. Hitamkan bulatandidepan namamataujianpadaLJUSBN.
4. JagalahLJUSBNagartidakrusak,sobek ataupunterlipat.
5. Jumlahsoalsebanyak 40 butirpilihanganda dengan4 (empat)pilihanjawabandan5 butir soaluraian.
6. Periksadan bacalahsetiapbutirsoalsebelumAndamenjawabnya.
7. Laporkankepadapengawasujianapabilaterdapatlembarsoalyangkurangjelas,rusakatau tidaklengkap.
8. PeriksakembalipekerjaanAndasebelumdiserahkankepadapengawasujian.
9. Lembarsoaltidakbolehdicoret-coret.
10. Apabila ada jawaban yang dianggap salah maka hapuslah jawaban yang salah tersebut sampai
bersih, kemudian hitamkanlah kotak pada huruf jawaban lain yang Anda anggap benar.
Contoh: A B C D
a. sebelummenjawab
b. sesudahmenjawab
c. sesudahdiperbaiki
11. Untuksoaluraian, tulislah jawabanpadalembaryangtersedia.
12. Setiapbentukkecuranganadalahpelanggaran.

Try Out USBN 2018-2019 6 SMKT Balung

You might also like