Ceritarakyatbahasajawa 141220215106 Conversion Gate01

You might also like

Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 10

TIMUN MAS

Dek jaman biyen ing salah sawijining desa, ana mbok randa sing urip dewe ora ana anak
utawa sedululur. Amarga urip dewe mbok randa mau kepengin duwe anak. Saben dina mbok
randa ndonga awan bengi ing ngarsane Gusti Allah supaya diwenehi anak. Deweke yakin
menawa penjaluke bakal di kabulake dening Gusti Allah.

Tanpa sangertine mbok randa, anggone donga awan bengi ing omahe kuwi mau keprungu
Buto ijo sing kebeneran liwat sacedhake kono. Buto ijo banjur nyeluk mbok randa supaya
metu saka omahe. mbok randa kaget ngerteni ana Buto ijoing ngarep omahe.

Sawise ora miris maneh ngerteni Buto ijo sing gedhe tur medeni kuwi, si Buto ijongomong
menawa bisa nulungi menehi anak. Mbok randa bungah atine krungu kandane Buto ijo kuwi
mau lan nyaguhi kabeh penjaluke Buto ijomenawa diwenehi anak tenan.

Penjaluke Buto ijo yaiku menawa anake mbok randa wis gedhe dijaluk arep dipangan.
Sabanjure Buto ijo iku menehi wii timun sing kudu di tandur mbok randa. Sawise Buto ijo
kuwi mau lunga, mbok Randa nandur wiji timun iku ana kebone. Wiji kuwi dirumat lan
diopeni kanthi gemathi, disiram, diresiki sukete lan dirabuk supaya cepet tukul.

Sawise tukul lan dadi wit timun kang subur, wit timun iku mau wis pada uwoh. Ing antarane
akehe woh timun, ana salah sijine timun kang nganeh-anehi. Rupane kuning emas lan
gedhene sak guling. Timun iku banjur pecah lan ing njero timun mau ana bayi manungsane.

Mbok randa bungah atine amarga penjaluke kepengin duwe anak wis kaleksanan. Mbok
randa ngucapake syukur marang Gusti Allah amarga dongane wis diijabah. Bayi iku mau
wadon, pakulitane resik alus kaya kulit timun amarga laer saka timun sing kuning kaya emas,
bayi wadon kuwi mau dijenengake Timun mas.

Sawise Timun mas ngancik dewasa, mbok randa kelingan janjine karo Buta menawa arep
menehake Timun mas. Mbok randa dadi susah atine, rina wengi mbok randa donga supaya
entuk pitulungan saka Gusti Allah. Salah sawijining wengi, mbok randa ngimpi ketemu
pertapa ing gunung gandul. Pertapa kuwi mau sing bisa nulungi supaya Timun mas ora
dijupuk sang Buto.

Esuke mbok randa lungo menyang gunung gandul kaya impene. Sawise ketemu karo pertapa
kaya ing impene, mbok randa disangoni buntelan kanggo Timun mas. Pertapa kuwi mau
menehi pitutur piye carane supaya Timun mas bisa oncat saka bebaya ngadepi sang Buto.
Sawise ngucapake maturnuwun mbok randa pamitan mulih.

Tekan omah mbok randa menehi buntelan kang cacahe papat, lan dituturi piye carane
nggunake. Mbok randa ngonggkon Timun mas lungo saka omah lan mlayu sak cepet-cepete.
Sawise iku Buto ijo kang arep jupuk Timun mas teka ing omahe mbok randa banjur nesu
ngerteni Timun mas wis ora ana. Buto ijo nesu lan ngamuk, kebonne mbok randa dirusak
banjur bengok-bengok ngoyak Timun mas.
Amarga Buto ijo jangkahe amba sedela wae Timun mas wis meh kasil koyak. Timun mas
bajur nguncalake buntelan sing isine wiji timun. Dumadakan dadi kebon timun kang akeh
woh timune, Buto ijo mandeg lan mangan timun sing katon seger-seger kuwi mau. Sawise
timune entek sang Buto ijo kelingan menawa ngoyak Timun mas. Buto ijo banjur ngoyak
Timun mas maneh sing wis mlayu tekan adoh.

Lagi sedela wae sang Buto ijo wis meh kasil ngoyak Timun mas. Buntelan sing isi dom terus
diuncalake Timun mas. Dumadakan dadi alas pring sing ngalangi playune Buto. Tapi sedela
wae Buto ijo kasil bisa metu saka alas pring kuwi mau.

Timun mas banjur nguncalke buntelan kang isine uyah, lan malih dadi segara kang amba lan
jero. Buto ijo nglangi ing segara kuwi mau tetep ngoyak Timun mas lan kasil mentas saka
segara. Timun mas arep kasil koyak meneh, banjur nguncalake buntelan kang pungkasan.

Buntelan kang isine trasi malih dadi segara lendhut kang jero. Buto ijokecemplung lan
kangelan mentas saka lendhut kuwi mau. Pungkasane Buto ijo kang ngoyak Timun mas iku
mati kleleb ing njero segara lendhut. Timun mas akhire selamet lan urip tentrem karo mbok
randa.
JAKA TARUB
Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan
putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih
menika Jaka Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati
kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika dipunlintakaken
kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken
ngantos pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika
mbebedak wonten wana kangge ulamipun.

Wontan ing satunggaling dinten ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge dhaharipun
saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana kangge
mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada’ subuh supados konduripun
boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten angsal
punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu lampahipun
Jaka Tarub boten manggih.

Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa
piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun
wana. Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal punapa-punapa. Saking
sayakipun Jaka Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih
sanget lajeng Jaka Tarub sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng
suanten gumujuning tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten
menika punapa lan saking pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika.
Piyambakipun menika boten percaya kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu menika
Jaka Tarub kaget amargi ing tengahing wana wonten suanten widodari-widodari ingkang
sami gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan
widodari menika ingkang nembe siram kala wau amargi dalu punika kaleresipun wulan
purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih pengin garwa satunggal pramila
piyambakipun mundut rasukan satunggal lan dipunsinggitaken. Wonten satunggal widodari
ingkang kicalan rasukan dipun tilar rencangipun sami widodari. Widodari menika duka lan
nuwun lajeng widodari menika dipun caketi Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta
wangsul lan kagarwa dening Jaka Tarub, widodari menika gadhah nami Nawang Wulan.

Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putrid saking Jaka Tarub
ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila Nawang
Wulan nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi-
manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun Nawang Wulan wonten
lepen Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa Jaka Tarub kaget
menapa amargi ingkang dipun adang garwanipun naming satunggal kantun kemawon. Saking
kedadosan punika kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal
las dados satunggal bugak ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun
tiyang gesang wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung.
Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun
manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa,
piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun dipun
apusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng ngagem
rasukan. Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih
yen kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun
Nawang Wulan. Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipun tampi
malih dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan
menika lingsem lan boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun
pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu
Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi Roro Kidul.
RORO JONGRANG
Ing jaman biyen ana kerajaan gedhe sing jenenge Prambanan. Rakyate Prambanan iku ayem
lan tentrem sing dipimpin karo Prabu Baka.

Nanging kerajaan Prambanan diserang karo kerajaan Pengging. Prabu Baka lan pasukane
kalah amarga kurang persiapane. Prabu Baka lan pasukane mati amarga kena karo senjatane
Bandung Bandowoso. Kerajaan Pengging lan pasukane seneng amarga isok naklukno
kerajaan Prambanan.

Pada wektu Bandung Bandowoso ing kerajaan Prambanan, deweke ndelok putri sing ayu
banget. Putri iku jenenge Roro Jonggrang, putri Prabu Baka. Langsung Bandung Bandowoso
nglamar Roro Jonggrang.

“Roro Jonggrang, apa awakmu gelem dadi permaisuriku?” Jare Bandung Bandowoso.

Roro Jonggrang nanggepi pertanyaane Bandung Bandowoso “Aku gelem dadi permaisurimu,
tapi ana syarate.”

“Apa iku syarate?” Jare Bandung Bandowoso.

“Gawekno aku 1000 candi tapi wektune sakwengi!” Jare Roro Jonggrang.

Ing bengi, Bandung Bandowoso ngumpulno anak buahe yaiku jin lan setan. Sawise
ngerungokno perintahe Bandung Bandowoso, jin lan setan langsung nggarap sing
diperintaake karo Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang ndelengi pekerjaane Bandung
Bandowoso. Roro Jonggrang wedi kalo Bandung Bandowoso iso nggarap permintaake dewe.
Roro Jonggrang langsung ngumpulno dayang-dayange.

Roro Jonggrang mau ngongkon dayange mbakar jerami, munikno lesung lan naburno bunga
sing wangi. Jin lan setan mau wedi lan disangkakno wis esok. Jin lan setan langsung mbalek.
Asline candine iku wis ana 999, tapi kurang 1.

Bandung Bandowoso mangkel nang Roro Jonggrang amarga wis mbujuk deweke. Langsung
bandung Bandowoso ngesabda Roro Jonggrang dadi patung lan ngganepi 1000 candi.
JAKA TINGKIR
Jeneng asline yaiku Mas Karebet, putra saka Ki Ageng Pengging. Jeneng mau, asale saka
bapakke nanggap wayang beber ngepasi laire Jaka Tingkir. Nalika Mas Karebet umur
sepuluh taun, Ki Ageng Pengging diukum pati, merga dituduh mbrontak saka Kesultanan
Demak. Ora sawetara suwe ibune uga seda. Banjur Mas Karebet dipek anak dening Nyi
Ageng Tingkir. Dheweke pamit marang Nyi Ageng Tingkir saperlu meguru.

Mas Karebet nyinau ilmu agama. Dheweke meguru marang Sunan Kalijaga, banjur meguru
maneh menyang Ki Ageng Sela. Dening Ki Ageng Sela, diaku anak lan digandeng sedulurke
karo putu-putune yaiku Ki Juru Martani, Ki Ageng Pemanahan Lan Ki Panjawi. Jaka Tingkir
lunga menyang Kasultanan Demak Bintoro. Ing Demak, dheweke mangggon ing omahe Kyai
Gandamustaka (pamane Jaka Tingkir) kang dadi lurah ganjur (ngurusi mesjid). Dening Sultan
Trenggana, Tingkir diangkat dadi lurah wiratamtama.

Ing sawijining dina, Kesultanan Demak nganakake sayembara milih prajurit. Tingkir kang
diutus mbiji. Ana salah sijining calon prajurit kang rupane ala senengane pamer lan umuk,
arane Dadungawuk Jaka Tingkir kang ora seneng marang calon prajurit iku banjur nguji
kasektene, tanpa dinyana, Dadungawuk tiwas sanalika. Marga saka prastawa iku, Tingkir
banjur ditundung saka Demak

Jaka Tingkir banjur meguru marang Ki Ageng Banyubiru, Tingkir diwenehi lemah kang bisa
ndadekake dheweke bisa katampa maneh ing Demak Bintoro. Saka Banyubiru Jaka Tingkir
mangkat menyang Demak dikancani dening muride Ki Ageng Banyubiru kang aran Mas
Manca, Mas Wila, lan Ki Wuragil.

Rombongane Jaka Tingkir ngliwati kali Kedung Srengenge nganggo getek Kyai Tambak
Boro. Ing tengahing kali, rombongane Jaka Tingkir dicegat siluman baya. Kekarone adu
kasekten, baya-baya padha kalah, banjur aweh pambiyantu marang rombongane Jaka Tingkir
nganti tekan sebrange kali.

Tumekane ing Demak, Jaka Tingkir ngeculake kebo kang wis dileboni lemah ana kupinge lan
digiring menyang lapangan. Kebo mau ngamuk ora karuan. Lan ora ana kang bisa ngadepi
polahe. Sultan Trenggana kelingan marang kasektene Jaka Tingkir, lan ngutus prajurit supaya
Jaka Tingkir bisa ngrampungi ontran-ontran mau. Ora angel anggone Jaka Tingkir ngalahake
kebo mau. Marga saka tumindake, Sultan Demak ngangkat Tingkir dadi Lurah Tamtama
maneh.

Kasektene Jaka Tingkir, ndadekake dheweke dadi bupati Pajang lan ganti jeneng dadi Adipati
Hadiwijaya. Duwe bojo Ratu Mas Cempaka, putri saka Sultan Trenggana. Sawuse Sultan
Trenggana seda ing taun 1546, putrane kang aran Sunan Prawoto ngganteni dadi ratu,
ananging tiwas ing tangane Arya Penangsang kang isih kapetung sedulur saka Jipang. Aryo
Penagsang uga mateni Pangeran Kalinyamat (putra mantu Sultan Trenggana kang dadi bupati
Jepara).
Arya Penangsang ngirim utusan kangggo mateni Hadiwijaya ing Pajang, Ananging tekan
Pajang utusane Arya Penangsang malah diladeni kanthi becik lan diwenehi hadiah. Ratu
Kalinyamat njaluk Hadiwijaya supaya mateni Arya Penangsang, Ananging merga isih ana
gandheng sedulur Hadiwijaya rumangsa pakewuh yen mateni kanthi cara terang-terangan.

Mula dheweke nganakake sayembara. Sapa kang bisa mateni Arya Penangsang, tanah Pati
lan Mataram dadi duweke. Ki Ageng Pemanahan lan Ki Panjawi melu sayembara mau. Lan
kang bisa niwasake Arya Penangsang yaiku Ki Juru Martani (ipene Ki Ageng Pemanahan).

Sawuse prastawa ing taun 1549 kasebut, Ratu Kalinyamat menehake Keraton Demak marang
Hadiwijaya. Pusate dipindah ing Pajang lan Hadiwijaya dadi ratu kang sepisanan.Sultan
Hadiwijaya uga ngangkat Mas Manca dadi patih kanthi gelar Patih Mancanegara, banjur Mas
Wila lan Ki Wuragil didadekake menteri kanthi pangkat ngabehi.

Ki Panjawi antuk hadiah tanah Pati kanthi gelar Ki Ageng Pati. Ananging Ki Ageng
Pemanahan isih nunggu merga Sultan Hadiwijaya ora age-age menehake tanah Mataram.
Nganti taun 1556, tanah Mataram isih ditahan dening Hadiwijaya. Ki Ageng Pemanahan
pakewuh arep jaluk marang Hadiwijaya. Sunan Kalijaga kang ngerti kahanan mau, coba
nengahi. Alesane Hadiwijaya ngenani hadiah tanah Mataram iku, amerga dheweke was
sumelang krungu ramalane Sunan Prapen yen ing Mataram arep lair keraton kang bakale
ngasorake Pajang.

Sunan Kalijaga mbujuk Hadiwijaya supaya netepi ing janji. Lan Pemanahan uga wajib
sumpah prasetya mring Pajang. Ki Ageng Pemanahan jejuluk Ki Ageng Mataram, lan wajib
ngadep mring Pajang.

Ki Ageng Pemanahan peputra Sutawijaya, kang ngganteni dheweke sawuse seda. Mataram
ing tangane Sutawijaya saya makmur. Ananging Sutawijaya ora gelem menehi laporan uga
ora gelem bayar pajek mring Pajang. Ing taun1582 Raden Pabelan (ponakane Sutawijaya)
gawe geger ing taman kaputren Sekar Kedaton( anakke Hadiwijaya), Pabelan diukum pati,
lan ramane kang aran Tumenggung Mayang disingkirke menyang Semarang. Ibune Pabelan
(adhi saka Sutawijaya) njaluk pitulungan marang kangmase. Sutawijaya ngirim utusan
supaya bisa nylametake Tumengggung Mayang saka paukuman. Tumindake Sutawijaya
dianggep luuput dening Hadiwijaya, banjur Pajang nyerbu Mataram. Perang mau
dimenangake dening pasukan Mataram. Sawuse kalah perang, Hadiwijaya kondur neng
Pajang, nandang gerah, banjur seda lan disarekake ana ing Desa Butuh, Sragen.

Ana ing kraton, Lurah Ganjur langsung sungkem marang Sultan Demak lan nyuwun ngapura.
Nanging Sultan Demak ngendika yen piyambake kesengsem karo Jaka Tingkir, lan ngangkat
Jaka Tingkir dadi lurah prajurit pratama.

Ing sawijine dina, Sultan Demak perlu nambah 400 prajurit tamtama. Calo-calon lurah mau
kudu wong sing kuwat, lan sigap. Ing pendapa Kraton Demak dibuka lamaran kango ndaftar
prajurit tamtama. Salah sijine kang ndaftar yaiku Dadungawu. Dheweke jejaka saka desa
sacedhake Kraton Demak. Praupane medeni, kumisi dawa, kurang tata krama, lan suba sita.
Nanging Dadungawu ing desane terkenal dadi uwong kang kebal marang kabeh jenise
gegaman, lan uwong kang sakti mandraguna.

Meruhi Dadungawu kang duweni sipat kang kaya ngono, Jaka Tingkir krasa ora seneng.
Terus Jaka Tingkir nantang Dadungawu. Karo Jaka Tingkir, Dadungawu diuji nganggo sada
kang ditujes karo godhong suruh. Ana ing tantangan mau, Dadung awu kalah lan dadi patine.

Sultan Demak kang mireng kabar mau nesu, geneya uwong kang ora salah kok dipateni. Jaka
Tingkir kang rumamgsa salah, budhal saka Demak lan ngumbara saparan- paran. Jaka
Tingkir tekan ing Desa Butuh lan maguru marang Ki Ageng Butuh. Sawise ilmu kang
diduweni karo Ki Ageng Butuh wis diajarake kabeh marang Jaka Tingkir, dheweke
didhawuhi supaya bali ngabdi marang Demak.

Ing alun-alun Kraton Demak ana kedadeyan kang medeni. Yaiku ana kebo kang lagi ngamuk
ora ana prajurit apa dene uwong biyasa kang bisa ngalahake kebo mau. Sultan kang mirsani
yen Jaka Tingkir ana ing pingir alun-alun, ngutus marang prajurite supaya mrentah marang
Jaka Tingkir dikon ngalahake kebo mau. Jaka tingkir kang wis duweni ilmu kang akeh saka
Ki Ageng Butuh, langsung maju ing tengah alun- alun lan dheweke gampang wae anggone
ngalahake kebo mau.

Sultan Demak kang mirsani sekabehane, langsung dhawuhi Jaka Tingkir supaya sowan. Ana
ing Kraton Demak, karo Sultan Demak kabeh salah kang wis tau digawe karo Jaka Tingkir
dingapura, lan dheweke diangkat dadi lurah prajurit tamtama. Kanggo tandha pasrah marang
Sultan Demak, Jaka Tingkir ngowahi kabeh sikape kang ala. Lan dadi lurah kang apik,
tanggung jawag, pungkasane Jaka Tingkir dadi putra mantune Sultan Demak.
Cindelaras Boso Jowo
Kerajaan Jenggala dipimpin dening salah sijine rojo sing jenenge Raden Putra, sing
didampingi salah sijine permaisuri sing apik atine lan sing selir nduweni sifat iri lan dengki.
raja Putra lan bojone 2 pisaniku urip ing dalem istono sing megah banget lan damai. Hingga
ing salah suwijine dino selir rojo ngrencanakne suatu hal buruk marang permaisuri rojo. Hal
iki dilakoni mergo selir Raden Putro pengen dadi permaisuri.
Selir baginda sak bare komplotan karo salah sijining wong tabib istono kanggo nglakoni
rencono iku. Selir baginda ethok-ethok loro parah. Tabib istono age-age ndang di celok sang
Raja. Sak bare mrikso selir iku, sang tabib nyritakke yen enek salah sijining wong sing
ndelehne racun ing ombene tuan putri." Wong iku ora liyo permaisuri Baginda dewe",
ngendiko sang tabib. Baginda dadi murko ngrungokke penjelasane tabib istono. Dewek e
enggal mrintahaken patih kanggo mbuang oermaisuri nek hutan lan dipateni.

Sang Patih enggal nggowo permaisuri sing lagi ngandung iku nek tengah-tengah hutan
belantara. Tapi, patih sing bijak iku ora gelem mateni sang permaisuri. Tibakno sang patih
wes ngerteni niat nakale selir baginda. "Tuan putri ora pelu kwatir, hamba arep nglaporne
marang Baginda yen tuan putri wes hamba pateni", ngendiko patih. Kanggo ngelabui raja,
sang pating nglumuri pedange kanthi geteh trewelu sing dicekel. Raja ngroso puas naliko
sang patih lapor nek dewek e wes mateni permaisuri.

Sak bare pirang wulan nek hutan, sang permaisuri nglairne bayi lanang. Anak iiku diwenei
jeneng Cindelaras. Cindelaras urip dadi bocah sing cerdas lan ganteng. Wiwit cilik dewek e
wes konconan karo kewan penghuni hutan. Ing salah sijine dino, wektu asyik dolanan, ono
rajawali nyeblokne endog pitek. Cindelaras njupuk endog iku lan nduwe maksud netesne. Sak
bare 3 minggu, endog iku netes dadi anak pitek sing lucu. Cindelaras ngopeni anak pitek e
kanthi rajin. Sak teruse dino anak pitek tumbuh gedhe dadi pitek lanang sing gagah lan kuat.
Tapi enek sing aneh soko pitek iku. Unine kokok pitek iku bedho karo pitek liyane.
"Kukuruyuk.... Tuanku cindelaras, omahe ing tengah rimba, atape godong kambil, bapak e
Raden Putra....", kokok pitek iku.

Cindelaras takjub ngrungokke kokok pitek e iku lan enggal ndudohke marang ibune. Sak
bare, ibu Cidelaras nyritakne asal usul nyapo dewek e sampek ing hutan. Ngrungokke crito
ibune, Cindelaras nduweni tekat menyang istono lan mbeberne kejahatan selir baginda.
Wiwir ing perjalanan enek pirang-pirang wong sing pengen nyabung pitek e.Cindelaras
diceluk i wong-wong penyabung pitek. "Ayo, nek wani di adu, tibak epitek jantan
Cindelarastarung karo perkasa lan ing weku singkat, dewek e iso ngalahke lawane. Sak bare
ping ra kaping di adu, pitek e Cindelaras menang terus alias gak enek sing ngalahke.

Berita tentang pitek kang hebat Cindelaras iku kanthi cepet nyabar sampek Istana.
RadenPutra akhire krungu berita iku. Sak bare ngono Raden Putra ngakon hulu balange
ngundang Cidelaras nek Istana. "Hamba ngarep paduka, "ngendiko VCindelaras sinambi
santun. "Anak iki ganteng lan pinter, ketok e bocah iki turunan rakyat jelata, Nek pitek e
Cindelaras kalah maka dewek e sedia di pancung, nanging yen pitek e menang maka setengah
kekayakane Raden Putra dadi duwek e Cindelaras.

Pitel loro iku arung kanthi gagah, Tapi ono wektu singkat, pitek e Cindelaras berhasil
naklukke pitek sang Raja. Poro penonton sorak hore ngelokne Cindelaras lan pitek e. "Takon
Baginda Raden Putra. Aku arep nepati janjiku. Tapi, sinten sampean iku jane anak mudo?.
Cindelaras enggal njawab kanthi mbungkuk lan mbisikne sesuatu marang pitek e, ora suwe
pitek e muni. "Kukuruyuk... Tuanku Cindelaras, omahe ing tengah rimba, atape godong
kambil, ayahe Raden Putra..., " pitek lanang iku kokok ping ra kaping. Raden Putra bngung
krungu pitek e Cindelaras kluruk. "Bener tenan iku?" takon baginda kebingungan."Bener
Baginda, nama hamba Cindelaras, ibu hamba adalah permaisuri Baginda.

Barengan karo iki, Sang Ptih enggal ngadep lan crito kabeh peristiwa sing sak benere kang
wes terjadi marang permaisuri. "Aku sampum nglakoni kesalahan, "jare Baginda Raden
Putra." Aku arep menehi ukuman sing setimpal marang selirku, " lanjut Baginda kanthi
murko. Sak bare, selir Raden Putro dibuang nek hutan. Raden Putra enggal meluk Putrane lan
nyuwun ngapuro atas kesalahane. Sak bare iku Raden Putra lan Hulubalang enggal njemput
permaisuri nek hutan. Akhire Raden Putra, permaisuri lanCindelaras bisa kumpul maneh.
Raden Putra tinggal donyo, Cindelaras ngantekne posisi bapake. Dewek e mimpin negerine
kanthi adil lan bijaksana.

You might also like