Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 4

"JODHO"

Jujur wae, senajan wis pedhot watara limang taunan, nanging batinku ora bisa diapusi. Angel
angqonku arep nglalekake senajan wis keslimur maneka kegiyatan ing pasinaon lan sawise lulus
kuliyah terus nyambut gawe ngrumat pasien ing rumah sakit. Uga duwe samben nulis cerkak lan
guritan sing tak kirim menyang majalah basa Jawa, ngiras melu nguri-uri basa lan susastra amrih
ora kabuncang dening ombake globalisasi.

Triningsih jenenge kenya kembange desa kuwi. Citrane tansah kumanthil ing atiku, luwih-luwih
yen pinuju sepi ora ana kegiyatan. Gawang-gawang wewayangane tansah ngreridhu, lelewane
yen pinuju aleman, lan dhekik pipine yen lagi mesem. Wis dadi rahasia umum yen
sesambunganku karo Triningsih kayadene Kamajaya lan Dewi Ratih, ngalor ngidul tansah
rerenteng reruntungan. Mbuh kuwi ing bangku pasinaon, ing kegiyatan olahraga utawa yen
pinuju gladhen beksan ing padhepokane Resi Subroto.

Jane ora etungan cowok sing mambu ati marang Triningsih, kayata Prapto lan Robertus kanca
sekelas, nganti direwangi bengkerengan lan jothakan. Nanging lelorone mung dienjebi wae
dening Triningsih, ora ana sing digape.

Beja kemayangan dene aku sing ora mlebu nominasi ngesir dheweke bisa ketiban pulung. Bisa
cecaketan lan kena diarani pacaran. Nanging ya kuwi, imbase kanca-kanca priya padha ora
Seneng marang aku, temahan banjur nyatru lan mungsuhi. Kepara Robertus sing ngesir setengah
mati lan ditulak mentah-mentah dening Triningsih tau nantang ngajak gelut, nanging ora
takladeni.

“Mas Robert, ora apik yen perkara bocah wadon direwangi tukaran. Karomaneh sambung
katresnan kuwi sawijining pilihan antarane priya lan wanita lumantar keserasian jroning ati,”
ucapku nalika Robertus nyengkerem krah klambiku arep nempiling. Bubar kuwi Robertus terus
mundur teratur, ngerti yen Triningsih ora ngrespon marang dheweke.

Wusanane kanca-kanca sing maune gething marang aku padha nyadhari keluputane lan ngajak
akur maneh. Malah sawijining wektu rikala Triningsih ulang taun, kabeh kanca kanthi aklamasi
ndheklarasekake aweh sebutan anyar Mantri. Tembung mau digabung antarane jenengku lan
jenenge Triningsih. Wiwit kuwi saben ketemu, mbuh ing endi wae, uger ketemu kanca-kanca,
aku diundang Mantri, dudu jenengku sing asli.
Aku ora rumangsa kesinggung, nanging kepara tansaya bombong lan seneng banget amarga
Triningsih uga ora nesu yen ngepasi mlaku bebarengan banjur ana sing nyeluk Mantri. Nganti
kesuwure predhikat jeneng kuwi ora mung kandheg ing sekolahan wae, nanging ing
pasrawungan kampung uga anjrah. Mung emane sesambungan sing gawe semangate uripku mau
dadakan sumyur rikala sawijining sore Trininqsih mara menyang omahku karo kekembeng luh.

“Ana apa kok nangis? Didukani Bapak Ibumu?!” takonku marang dheweke sing isih ngelapi luhe
nganggo kacu pewewehku.

Triningsih ora semaur, kepara tangise saya ndadi nganti mingseg-mingseg. Taktunggu sauntara
karo tak elus-elus rambute. Sawise rada lerem aku mbaleni miterang ketang sinurung rasa
penasaran.

“Ana apa? Mbokmenawa aku bisa ngudhari sangganmu. Ora sah nangis, mundhak aku melu
sedhih.”

Triningsih meneng, terus celathu lirih, “Tak critani, nanging aja nesu lan nutuh wong tuwaku
ya?”

“Ora,” semaurku cekak karo dhegdhegan.

“Sasi ngarep aku arep dinikahake entuk priya pilihane Bapak.”

Krungu kandhane Triningsih, dhadhaku ujug-ujug seseg. Nyawa kaya arep ucul-ucula.
Pangrasaku kuwur. Suwe aku lagi bisa kumecap sakwise taklelimbang kanthi wening.

“Njur sekolahmu sing kari ngenteni ujian pungkasan piye?”

“Percuma! Bapak wis nyebar ulem,” Triningsih semaur ngemu rasa gela lan nutuh keputusane
wong tuwane.
“Rasah digetuni yen kabeh mau wis dadi rancangane wongtuwamu. Mung pangajapku senajan
kowe wis urip bebrayan, ning aja pedhot sedulurane ya.”

Triningsih manthuk, terus pamit mulih. Takuntabake lungane kanthi ati sing keranta-ranta.

Bubar nampa asil kelulusan SMA, aku ndhaptar ing Akper manut krenahe Bapak. Ndilalah
pasinaon telung taun sing akeh prakteke ngrumat pasien mau lumaku kanthi lancar, terus
disambung study profesi. Kabeh uga lancar, aku lulus pas wektu lan ora ana mata pelajaran sing
her. Ngaso telung sasi, banjur melu ndhaptar CPNS sing dibiwarakake Kanwil Kesehatan.
Pendhaptare cacahe atusan sing diperang saka jurusan Atro, Analis, Kebidanan lan Keperawatan,
Sakwise ngliwati tes nganti pirang-pirang tahapan, jenengku katut.

“Puji Syukur Gusti,” ucapku.

Saiba senengku nalika SK mudhun aku ditugasake ing rumah sakit pemerintah sing cedhak karo
kampungku. Kalodhangan iki pancen ngiras pantes dakgunakake kanggo ngendhangi Triningsih
senajan mung nyawang saklepasan wae. Saben aku budhal utawa mulih nyambutgawe takjarag
liwat ngarep omahe karo ngunekake klakson motorku, mbok menawa dheweke krungu banjur
metu saka njero omah. Weruh klebate wae kena kanggo tamba kangen, apamaneh yen disapa
aruh, ati iki dadi kumepyar. Iki sing jenenge cinta pertama kuwi, sing ninggal tabet angel
dilalekake.

Nuju dhines sore aku rada kaget awit ana pasien disurung menyang ruwang IGD. Sing ngetut
mburi Bu Mirah sing wis tak tepungi suwe banget, sing ora liya ibune Triningsih.

Baca Juga : Cerkak Basa Jawa "Sambel"

“Wonten punapa Bu? Sinten ingkang gerah?” pitakonku rada gupuh.

“A... anu Nak, Ningsih kacilakan, ditabrak angkot” Bu Mirah semaur pedhot-pedhot sajak gugup
terus ngetut brankrak sing disurung perawat.

Pasien sing disurung mau takplayoni, kepengin meruhi kahanane. Pranyata ora pati ndrawasi,
mung lengene tatu blesret lan bathuke rada mrempul. Mbok menawa ketatap aspal utawa barang
atos wektu kedadeyan kacilakan.

Rampung diupakara para coast lan oleh palilahe dhokterjaga sing disarujuki dening dhokter
seniore, Triningsih oleh mulih. Nanging aku dibisiki Bu Mirah jare kakunge Ningsih sing
mboncengake ora bisa ketulungan amarga tatu abot. Triningsih dhewe durung diwenehi weruh,
mundhak syok, mbuh mengko yen wis tekan omah.

Krungu kabar mau aku melu nggregeli. Mula sore kuwi uga aku pamit mulih ndhisiki saperlu
merlokake mampir layat ngiras lek-lekan melu asung belasungkawa. Triningsih sing nganggo
sarwa ireng lagi nunggoni layone sing lanang weruh tekaku kedadak semaput dadi royongan. Ing
kahanan kesusahan kuwi aku kelingan ngendikane Bapak sinambi guyonan nalika ngerti aku lagi
kepedhotan katresnan.

“Ra sah dipikir jero Le. Sapa ngerti senajan ora nemu prawane, mbesuk bisa nemu randhane.
Yen pancen jodho arep nyang ndi maneh.”

Apa ngendikane Bapak numusi tenan? Yen ngono predhikatku sedhela maneh komplit. Ora
mung dadi mantri kesehatan wae, nanging yen wis sewu dinane kakunge, Triningsih sida
taklamar.

Wis dadi prasetyaku biyen nalika pisahan, aku ora arep rabi ape dene gepok senggol karo wanita
yen ora karo Triningsih. Senajan aku asring dipoyoki kanca-kanca dadi jaka tuwa utawa diarani
banci, nanging atiku wis kebacut bingget amarga kepedhotan katresnan. Saiki Gusti mireng
sedyaku lan ngabulake panyuwunku. Triningsih sida takwengku dadi jatukramaku. Yen sida
kelakon temenan, putuku yen nyeluk aku ya Mbah Mantri. Wah... nggladrah! Lagi takziah kok
nggadhang ngayawara.

(Cuthel)

Cerkak Panjebar Semangat, 24 Desember 2016 "Jodho"

You might also like