Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 2

CATUR WEDHA

Bismillahirohmanirrahim,

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatuh

Catur Wedha tumuju marang angger anak mas


...................................................................

Insya Allah sira bakal dadi anak mantuku. Mula ing wanci malem
midadareni iki aku sumedya paring pitutur patang prakara kang wus lumrah
kasebut “Catur Wedha” kanggo sangu urip ing tengahing bebrayan agung.
Pidhangetna kanthi premati ya ngger, putraku.

CATUR WEDHA

Kaping pisan

Priya kang wus hangemong wanodya, tandang tanduke kudu wus


beneh lawan nalikane isih jejaka. Mangkono uga wanodya kang wus
kahemong guru laki, ing tandang lan pakartine, netepana wanodya kang wus
ora lamban.

Kaping pindho:

Jroning batin sungkema marang maratuwa, kadidene marang wong


tuwane dhewe. Awit kang padha hamangun bebesanan, pangrengkuhe
marang mantu, uga kaya marang anake dhewe.

Kaping telu:

Urip ing bebrayan agung, wajibe netepi hangger-hanggering praja.


Pikolehe: Pinutra ing nata, miwah kinasih ing sesama. Dimen sinuyudan,
satemah hanjalari gancar salwiring pambudidaya

Kaping papat:

Ngestokna dedhawuhane Pangeran lan singkirana wewalere Ingkang


Maha Kuwasa. Wewarahing piyandel, utawa agama kang den anut, tindakna
ing sadina-dina, dimen ayem, tentrem, miwah rahayu kang pinanggih.

Estokna ya angger, anakmas……………………………….. .......... (nama


Calon Pengantin Pria). Muga-muga Gusti Kang Maha Kuwasa, tansah paring
berkah, rahmat, taufik lah hidayah marang sliramu.

Amin, ya Rabbil allamin.

Wassalamu’alaikum warahmatullani wabarokatuh

You might also like