Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 2

PRANOTO ACORO PENGAJIAN AKBAR

Assalamualaikum Wr. Wb.

Alhamdulillahirabbil alamin. Washolatu wassalamu ala asrofil ambiyaiwalmursalin sayyidina


wamaulana muhammadin wa ala alihi washohbihi ajmain, Wasaari’uu ila maghfiratin min
rabbikum wajannatin ‘ardhuhaas-samaawaatu wal ardhu u’iddat lilmuttaqiin(a)

Hadrotal muhtaromin, dumateng poro alim ulomo, poro kyai, ustadz ustadzah ingkang
kawula hormati, wabil khusus dumateng panjenenganipun Almukarom Romo KH. Budi
Harjono saking Meteseh Tembalang utawi Semarang ingkang kito mulyaaken lan kito
tenggo-tenggo nasihat utawi mauidzoh hasanahipun.

Dumateng panjenenganipun Bopo Lurah Ngadirgo nun inggih Bopo Karyoso ingkang kawula
hormati, dumateng panjenenganipun ketua Tanfidziah NU Ranting Ngadirgo ingkang kawula
hormati, dumateng panjenenganipun ketua takmir masjid Nurul Huda Kelurahan Ngadirgo
ingkang kawula hormati soho sesepuh ajisepuh wontening tlatah kuripan ingkang tansah
kinurmatan, mboten kesupen dumateng sedoyo hadirin ingkang kawula mulyaaken.

Puji syukur alhamdulillah dumateng ngarsanipun Allah swt, kranten berkat rohmat soho
hidayahipun sahinggo wonten kalodangan meniko kito sedoyo saget makempal wonten ing
pengaosan akbar wonten ing halaman masjid Nurul Huda kanti keadaan sehat wal afiat,
mugi-mugi nikmat engkang kados mekaten dipun langgengaken dening Allah swt.

Sholawat soho salam mugi-mugi tetep dipunaturaken dumateng junjungan kita Nabi
Muhammad saw, kranten meniko Nabi utawi Rasul engkang kito ajeng-ajeng syafaatipun
mbenjang wonten yaumil qiyamah.

Poro rawuh ingkang kawulo hormati

Keparing matur bileh wonten ing mriki kawulo minangko pranoto acoro, badhe ngaturaken
soho waosaken reranci adicoro ingkang badhe lumampah wonten ing wekdal dalu puniko

1. adicoro engkang sepindah inggih puniko pambuko


2. adicoro engkang ongko kalih inggih puniko waosan ayat suci al-quran
3. adicoro engkang ongko tigo inggih puniko sambutan-sambutan
4. adicoro engkang ongko sekawan inggih puniko waosan tahlil
5. adicoro engkang ongko gangsal inggih puniko waosal maulid Nabi
6. adicoro engkang ongko enem inggih puniko mauidzoh hasanah
7. kalajengaken adicoro engkang ongko pitu inggih puniko doa panutup soho

poro rawuh ingkng kinurmatan, meniko rerancining adicoro ingkang bakal lumampah wonten
ing wekdal dalu puniko.

1. Adicoro ingkang sepindah inggih puniko pambuko, monggo acoro wonten dalu
puniko kito bikak kanti waosan umul kitab, ‘ala hadiniyyah assholihah alfatihah...
2. Adicoro ingkang ongko kalih inggih puniko waosan ayat suci alquran ingkang dipun
waosaken sederek ....................................., dening sederek ................................
kawula sumanggaaken.
*Dipun aturaken matur sembah nuwun
3. Adicoro ingkang ongko tigo inggih puniko sambutan-sambutan
a. Sambutan ingkang ongko setunggal dipun aturaken dening Lurah Ngadirgo,
dumateng panjenenganipun Bopo Karyoso kawula sumanggaaken.
b. Sambutan ingkang ongko kalih dipun aturaken dening...................... dumateng
panjenenganipun ………………………… kawula sumanggaaken.
*Dipun aturaken matur sembah nuwun
c. Sambutan ingkang ongko tigo dipun aturaken dening ketua panitia, dumateng
kang mas Aghis Yuniko kawula sumanggaaken.
*Dipun aturaken matur sembah nuwun
4. Adicoro ingkang ongko sekawan inggih puniko waosan tahlil ingkang bade dipun asto
bopo ………………………., dumateng panjenenganipun Bopo …………………
kawula sumanggaaken.
*Dipun aturaken matur sembah nuwun
5. Adicoro ingkang ongko gangsal inggih puniko waosan maulid nabi ingkang bade
dipun pimpin rebana REMO saking UNNES, dumateng grup rebana REMO kawula
sumanggaaken.
*Dipun aturaken matur sembah nuwun
6. Adicoro ingkang ongko enem inggih puniko mauidzoh hasanah ingkang bade dipun
asto Romo KH. Budi Harjono, dumateng panjenenganipun Romo KH. Budi Harjono
kawula sumanggaaken.
*Dipun aturaken matur sembah nuwun
7. Dumawah adicoro ingkang ongko pitu inggih puniko panutup soho halal bihalal
ingkang bade dipun pimpin ………………….. dumateng panjenenganipun
…………… kawula sumanggaaken.

Poro sederek ingkang minulyo, meniko reranci ingkang dipun sampun lumampah wonten
ing wekdal dalu puniko, kawula atas nami pranoto acoro mbok bileh wonten klenta
klentunipun atur kawulo nyuwun agungipun samudro pangaksami.

Wallahul muwafiq illa aqwamitttoriq

Wassalamualaikum Wr. Wb.

You might also like