Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 3

Kethoprak

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Loncat ke navigasiLoncat ke pencarian

Kanggo kagunaan liya saka Kethoprak, pirsani Kethoprak (disambiguasi).

Kethoprak

Kethoprak kalebu salah sawijining kesenian rakyat ing Jawa Tengah, nanging uga bisa tinemu
ing Jawa Wétan. Kethoprak wis nyawiji dadi budaya masarakat Jawa Tengah lan bisa
ngasoraké kesenian liyané, umpamané Srandul, Emprak, lan saliyané.

Isi

 1Sajarah
 2Jinis
 3Isi carita
 4Perangkat pengiring
 5Uga delengen

Sajarah[besut | besut sumber]


Kethoprak wiwit bebukané awujud dedolanan para priya ing dhusun kang lagi nganaaké lelipur
sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan purnama ndadari, mau Gejog. Ana ing
tembé kaéring tembang bebarengan ing kampung /dhusun kanggo lelipur. Saterusé ana
tambahan kendhang, terbang, lan suling. Mula wiwit saka iku mau Kethoprak Lesung, kira-kira
kadadéan ing taun 1887. Banjur ana ing taun 1909 wiwitan dianakaké pagelaran Kethoprak
kanthi paripurna/lengkap.
Pagelaran Kethoprak wiwitan kang resmi ing ngarepé masarakat/umum, ya iku Kethoprak
Wreksotomo, dipandhegani déning Ki Wisangkoro, kang mandhegani kabèh kakung. Carita
kang dipagelarake ya iku: Warsa - Warsi, Kendana Gendini, Darma - Darmi, lsp..
Sawisé iku pagelaran Kethoprak sansaya suwé dadi lan apike uga dadi klangenane masarakat,
mligi ing tlatah Yogyakarta. Ing kadadéan sawisé Pagelaran Kethoprak dadi pepak anggoné
carita lan uga kaering gamelan.
Jinis[besut | besut sumber]
Anane gegayutan karo pagelaran "teater" para narapraja, mula pagelaran Kethoprak, bisa
dibédakaké mengkene:

 Kothékan Lesung: awujud awal mulané Kethoprak lan dadi winih ing tembé mburi dadi
pagelaran Kethoprak.
 Kethoprak Lesung Wiwitan: wiwitane saka kothekan Lesung ana jogèd-jogèd lan jangkep
karo carita , panguripané para tani.
 Kethoprak Lesung: Amujudaké pagelaran jangkep lan nganggo carita rakyat kaering
gamelan kaya ta kendhang, suling, terbang lan lesung. Iki kang bakal dadi laire pagelaran
Kethoprak.
 Kethoprak Gamelan: Wiwitan saka Kethoprak Lesung, dijangkepi karo carita Panji lan
ageman 'mesiran' (Baghdad).
 Kethoprak Gamelan Pendhopo: carita-caritane ngemungake carita Babad, dipagelarake
nganti seprené. Pagelaranne ana ing panggung tanpa payon, nanging wis nyedhaki ana ing
Gedhung/panggung , ya iku mau Kethoprak Pendapa (Pagelarane ana ing 'Pendopo').
 Kethoprak Panggung: Iki pagelaran Kethoprak ingkang pungkasan , ya iku Kethoprak kang
dipagelarake ana ing panggung kanthi carita campur, awujud carita rakyat, sajarah, babad
uga carita adhaptasi saka ing nagari manca ([[Sampek Eng Tay’’, Maling saka Bagdad lsp.).
Saiki bisa dipirsani Kethoprak Panggung ana ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wétan.
Pagelarane dadi profesional kanthi amungut bayaran karcis , uga kanggone para nayaga
(pemain) lan pradangga (penabuh gamelan) kethoprak wis dadi panguripan. Tehnik pagelaran
lan carita digawé luwih apik lan ditindakake kanthi teges lan tumemen. Tuladha mau bisa
dipirsani ana ing Kethoprak "Siswo Budoyo" saking Tulung Agung, Jawa Wétan kang wis
misuwur ana ing ngendi waé, dadi klangenane masarakat.

Isi carita[besut | besut sumber]

Pemain lan Pengkrawit ing Kethoprak Bhumi Sambhara Budhara

Rupa-warna carita pagelaran Kethoprak upama carita rakyat, dongèng, babad,legenda, sajarah
lan adhaptasi saka nagari manca bisa uga migunakaké swasana Indonésia, tuladhané karya
Shakespeare: Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng Tay. Carita-carita baku: Darma-Darmi,
Warsa-Warsi, Kendana-Gendini, Abdul Semararupi carita Menak, Panji Asmarabangun, Klana
Sewandana carita Panji, Ande-ande lumut, Angling Darma, Roro Mendut, Damarwulan,
Ranggalawe, Jaka bodo.
Carita klangenan masarakat bisa awujud carita pahlawanan, paperangan, carita nglempengake
kabecikan adate ing pungkasan carita kang tumindake becik, jujur bakal éntuk kamenangan.
Ageman para nayaga juru main dipadakake karo carita kang dipagélarake,. Biasane nganggo
ageman para Narapraja Jawa wektu jaman kraton biyèn. Upama Pangeran Wiroguna, Agemane
ngangga Priyayi Jawa Pangeran saka tlatah Jawa Tengah (Jogjakarta), Semono uga para
prajurit. Nanging uga ana ageman kang awujud simbolis ,upamané Piyantun Wicaksana aweni
ageman cemeng , Piyantun suci awerni agemmn pethak, ingkang kendhel agemane abang.
Carita Baghdad agemane mau "Mesiran" nganggo ageman sutra. Agemen Wayang wong uga
ana gegayutan karo Kethoprak, mligi Kethoprak pesisran tlatah Jawa sisih pasisir Lor.
Umpamane carita Angling Darma, Menak Jingga/Damarwulan.
Uga ana ageman mau basahan, ya iku ageman kejawen nanging cinampur ing liyan bisa wujud
ageman batik, lan beskap uga surban (racaké nganggo uga jubah). Ageman basahan iki adate
ana ing carita Menak utawa carita para wali/para ulama Islam ing sajerone praja.
Sing dadi ciri wancine Kethoprak: Carita kanthi para nayaga/juru main , kaering tabuhan
(gamelan) ,Ageman tembang kang dadi tetenger kethoprak. Rembugan uga biyasa nganggo
tembang ,dadi tembang bisa minangka dadi pangiring adegan, dialog, monolog (rerasan dewe)
utawa dadi narasi.
Wondene unining gamelan kanggo ngeringi tembang, adegan, ilustrasi swasana carita,
swasana dramatik, kang mbedakake adegan siji lan sijiné.
Kanggé para maos kang péngin midhangetake kethoprak ing format mp3 bisa ngundhuh ing
kéné http://web.archive.org/20090807133850/apdnsemarang.wordpress.com/dagelan-ludruk-
ketoprak/

Perangkat pengiring[besut | besut sumber]


Kendang, saron, ketuk, kenong, kempul lan gong bumbung utawa gong kemada. Gamelan
jangkep adate nganggo suling utawa terbang. kanthi tambahan keprak.
Para nayaga kethoprak racaké pinter anggoné "akting" uga kudu pinter nyanyi & nari.
Para pradangga gamelan, bebarengan karo sinden (waranggono),ngeringi irama gamelan
kethoprak.
Sanajan kang dianggo basa Jawa, nanging kudu nganggo "unggah-ungguh" basa. bisa
nganggo Jawa biyasa (ngoko), basa krama, lan Krama inggil.
Saiki, ana ing wolak waliking jaman, kethoprak uga duwé "improvisasi" kanthi wujud dagelan
kethoprak. Umpamane awujud Dagelan lan Kethoprak Humor ana ing giyaran Radio lan télévisi.
Carita bakune padha nanging dipagelarake kanthi dagelan. Mligi ngemungake lan nyenengake
pamirsane. Bab paugeran nomer loro. Kethoprak mau racaké wis ora nganggo unggah ungguh
basa lan tatakrama, kang baku bisa gawé geguyu. Carita lan basa ora nganggo paugeran baku.
Mula bisa diarani Kethoprak ora jangkep.
Tembung "pradangga", miturut Leksikon/Kamus Bausastra Jawa anggitane Poerwodarminta
taun 1939,iku tegesé "gamelan" dudu penabuh gamelan. Yèn penabuh gamelan iku ingaran
"niyaga". Sumangga dipriksani ing http://www.sastra.org/basa-dan-budaya/38-kamus-dan-
leksikon/781-bausastra-jawa-poerwadarminta-1939-75. Matur nuwun.
https://jv.wikipedia.org/wiki/Kethoprak

You might also like