Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 2

Kendurenan

Wektu itu aku didhawuhi bapak supaya nekani adicara kendurenan ing daleme Pak Daryanto,
sesepuh ing kampungku. Ing dale Pak Daryanto, bapak-bapak ing RTku wis padha kumpul
kanthi lenggah ing klasa. Klasa kang dilenggahi bapak-bapak iku mau degelar ing ruwang tengah
daleme Pak Daryanto. Anggone lenggah mau tumata rapi, lenggah jejer pesagi ngupengi
ambeng sing uga ditata jejer. Ambeng-ambeng iku diwadahi baskom. Ana sing baskom plastic,
ana uga sing baskom seng. Ambeng-ambeng iku dumadi saka sega kang dhuwure ditatani lawuh
maneka warna. Kanggo misahake sega lan lawuh, ing dhuwur sega diwenehi lemek. Ana sing
nganggo lemek kertas, godhong gedhang, utawa plastik. Lawuh-lawuh sing tumumpang ing
dhuwur sega mau ditata kanthi rapi. Sing wujud jangan ana sing diwadhahi takir, sudhi utawa
lepek, dene lawuh gorengan tempe, gereh, peyek, entho-entho (rempah) cukup ditata kanthi rapi
mubheng manut wujude lemek. Ing dhuwur lawuh isih diwenehi tutup. Godhong gedhang,
serbet, lan Koran dadi tutup ambeng-ambeng iku. Ing antarane bapak-bapak sing lenggah mau,
ana priyayi sing lenggah ing pojok adoh karo lawang omah iku. Priyayi iku dadi sepuh ngagem
kupluk, ya priyayi iku sing mimpin donga ing kendurenan. Priyayi iku mau lumrah disebut
kaum. Lumrahe kaum iku wasis ing bab ilmu agama. Kaum mau miwiti donga sawise
rombongan kendurenan dianggep wis kumpul kabeh. Sadurunge donga, kaum ngandharake
tujuan dianakake kendurenan. Maksude ora liya nyuwun kaslametan, karukunan lumrah warga
lan kaluwargane sing padha ngumpul. Donga rampung, tutup-tutup ambeng dibuka .kanthi
mardika warga kang kumpul padha ngandhapi ambeng sing ana ngarep. Bisa milih ambenge
tanggane . Rampung ngandhapi ambeng sing cedhak karo lenggahe banjur padha kondur.
Candhi Borobudhur
Candhi Borobudhur mujudake candhi Budha sing mapan ing Borobudhur, Magelang, Jawa
Tengah, Indonesia . Papane candhi dumunung watara 100 km ing kidul kulone Semarang, 86 km
ing sisi kulone Surakarta, lan 40 km ing lor kulone Yogyakarta. Candhi kang awujud stupa iki
didegake daning para pengrasuk agama Budha Mahayana kira-kira taun 800-an Masehi ing
jaman paperentahan wangsa Syailendra. Borobudhur kuwi candhi utawa kuwil budha kang gedhe
sadonya, lan minagka salah sawijining monument budha kang paling gedhe sadonya. Candhi
Borobudur dumadi saka emen tataran kang awujud pesagi sing ing dhuwure ana telung plataran
mubeng .Ing temboke rinengga 2.672 panel relief lan sabenere ana reca budha cacahe 504 iji.
Borobudhur nduweni relief budha paling mapan ing tengah ngiras pantes minangka mustakane
wewangunan iki, dikupengi dening telung baris stupa kang ana balongane. Cacahe stupa sing
ngupengi yaiku 72.stupa baku ing jerone ana reca lagi lenggah sila ing sandhuwuring trate.
Candhi Borobudhur mujudake gambaran jagat raya kang dibangun minagkapapan suci kanggo
ngluhurake budha lan piguna minangka papan ziyarah kanggo nenuntun manungsa pindah saka
alam napsu kadonyan tumuju pepandhang kawicaksanan laras karo ajaran budha. Sing pada
ziyarah mlebu lewat sisi wetan lan mlaku mubeng saarah manut pandom jam, banjur munggah
undhak-undhakkan candake ngliwati telung tataran. Tataran kasebut yaiku Kamandhatu (tataran
hawa nepsu), Rupadatu (tataran wujud),lan Tataran Arupadatu (tataran tan maujud). Sajeroning
lumaku sing padha ziyarah ngliwati rerangkening trowongan lan undhak-undhakan kanti
jingglengi watara 1.460 panel relief kang endah ing temboking candhi. Miturut bukti sejarah,
borobudhur ditinggalake ing abad ka-14 bebarengan karo kendhone perbawa Karajan hindhu lan
budha ing jawa sarta wiwit mlebune perbawa islam. Jagat lagi wiwit nglenggana anane
wewangunan iki sawisewewangunan iki ditembokake dening sir Thomas Stamford rafles ing
1814 sing wektu iku dadi gubernur inggris ing jawa. Wiwit wektu iku borobudhur didandhani lan
dislametake. Ing taun 1975 nganthi 1982 candhi kasebut didandhani. Saka pambudidayane
pamarintah republik Indonesia lan UNESCO, candhi kasebut mlebu ing situs warisan dunia.
Borobudhur saiki esih digunakake kanggo ziyarah agama kabukti saben taun warga budha
saindhenging nuswantara lan Negara manca kumpul ing borobudhur kanggo mengeti trisuci
waisak. Ing jagatding pariwisata, borobudhur dadi papan wisata kang paling akeh ditekani para
plancong ing indonesia.

You might also like