Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 18

Andwita Ayu Oktaviani

A510140232
VII F

BAB I
BASA LAN SASTRA JAWI
Pamarintah , bebraya agung, pawiyatan resmi tansah nguri – uri lan
ngrembakaken basal an sastra Jawi, jalaran tasih kaginaken wonten ing kulawarga,
masyarakat saha pamulangan, sarta pamarintah tansah anjagi lan nyengkuyung
gesangipun budaya Jawi, mliginipun babagan basal an sastra jawi.

A. Dhasar Hukum
Dhasaripun pranatan saha paugeran wigatosanipun pamarintah tansah cawe –
cawe dhumateng sumebaripun basa lan sastra jawi sampun kapacak wonten UUD
1945 Bab XIII, pasal : 32 mekaten, (1) Negeri tansah menggalih lan budidaya
majengaken budaya nasional Indonesia wonten ing samadyaning peradaban
mancanegari (globalisasi),kanthi paring jaminan dhumateng kamardikanipun
bebrayan agun anggenipun sami ngopeni, nguri – uri saha ngrembakakaken nilai
– nilai luhur budayanipun piyambak ingkang adiluhung.
(2) Pamarintah lan negari tansah badhe ngurmati lan ngopeni basa daerah (Jawi)
minangka sumbering kekayaan (raja brananing) budaya nasional.
Adhedasar paugeran pranatan menika,kita sedaya kedah rumaos remen,
rumangsa handarbeni dhumateng mekar saha ngrembakanipun basal an
kasusastran jawi wonten ing laladan bumi pertiwi (Indonesia).

B. Kedudukanipun Basa Daerah


Basa daerah, mliginipun basa jawi dipunlestarekaken jalaran anggadahi
paedah utawi jejibahan minangka; (1) lambing kebanggaan daerah. (2) lambang
identitas (jatidirinipun) daerah, (3) sarana kangge sesrawungan wonten ing
kulawarga lan wonten ing bebrayan agung.
Kanthi adhedasar tigang jejibahan menika, bebrayan utawi masyarakat Jawi
rumaos remen lan monggok jalaran anggadhahi basa Jawi, saged kangge
pratandha minangka jatidiri utawi kapribadenipun bebrayan Jawi, saha kangge
srawung antawisipun sesamining agesang wonten ing gesang bebrayan kanthi
kebak ing raos pakurmatan , daya – dinayan saha ajeningajenan.
C. Paedahipun piwulang Basa Daerah
Tiyang nyinau lan naliti satunggaling basa menika adhakanipun anggadhahi
pangajab 2 (kalih) prekawis, inggih menika : (1) Instrumental, tegesipun nyinau
basa kanthi pangajab kangge pados ketrampilan lan kepinteran, ginanipun kangge
pados sandhang pangan, ngewahi nasib (kelas social) supados gesangipun tambah
sakeca lan mulya.(2) Integratif, tegesipun nyinau basa kangge naliti piwulang –
piwulang , ajaran – ajaran kautaman agesang ingkang sumimpen wonting basa
ingkang dipunsinau, lan isinipun dipuntindakaken wonten ing gesang bebrayan.
Jaman globalisasi saha majengipun budaya manca ing wekdal menika anjalari
sedaya peranganing agesang bebrayan agung budaya jawi ngalami gingsir,
kalebet: unggah – ungguh, subasita, tatakrama, basa lan sastra, saha
karemenanipun bebrayan agung. Panggaribawa budaya informasi celak sanget
kalihan para putra, tundhonipun kapribaden budaya timur sangsaya luntur,
kapribaden budaya manca tambah ngrembaka. Pramila kangge nyawekani
perkawis menika kapribadenipun para putra kedah ginulawenthah lumantar tri
wiyata; wiwit wonten kulawarga pawiyatan (sekolah), menapadene wonten
bebrayan ageng (masyarakat).
Anggulawenthah para putra wonten ing pamulangan menika wigatos sanget,
supados para siswa dados generasi ingkang mumpuni, luhur ing budi, asih tresna
dhumateng sesame, saget dados satriya pinandhita lan sarjana sujaneng budi.
Sedaya gegayuhan menika saget dipun persudi lumantar piwulang paramasastra
saha kasusastran Jawi tetilaranipun para leluhur bangsanipun piyambak ingkang
sampun kaserat wonten ing buku – buku paramasastra jawi, sastra kapujanggan
saha lumantar sastra lesan ingkang sampun sumebar wonten bebrayan.
Fungsi lan guna paedahipun piwulang basa lan sastra jawi, inggih menika
kangge; (1) sarana komunikasi (2) edukasi (3) cultural. Basa lan sastra jawi
wontening kulawarga , masyarakat lan pawiyatan, kaginakaken kangge srawung,
ngudhar gagasan saha penggalihan tiyang setunggal kaliyan tiyang sense kanthi
kebak ing tatakrama lan subasita. Jalaran salebetipun basa jawi menika kawengku
dening ungguh – ungguhing basa , supados anggenipun sami sesrawungan lan
ngendikan saged njumbuhaken panggenan kalihan kawontenan boten nungkak
karma, boten kaduk wani kirang deduga.
Basa lan sastra jawi ugi saged kaginakaken kangge sarana andadar saha
anggulawenthah budi pekerti ingkang utami lan pinuji; umpamanipun wonten ing
sastra lakon(wayang), sastra lesan. Pranyata menawi dipundhudhah kebak pitutur
luhur saha kautamaning agesang. Gegayutanipun kalihan nilai cultural, pranyata
basa lan sastra jawi menika budaya ingkang edi, endah lan adiluhung. Amargi
ngemot piwulang – piwulang andhap asor, tepa slira, subasita, tatakrama, gotong
royong, asah-asih-asuh-angasihi, mulat sarina tresna asih dhumateng sesamining
bebrayan, karyenak tyasing sesame. Jumbuh kalihan unen – unen ; “ Jer Basuki
mawa beya ; sepi ing pamrih rame ing gawe; ajining dhiri ana kedaling lathi,
ajining awak ana tumindak, ajining raga wonten busana; pager mangkok
langkung kiyat katimbang pager tembok”, lan sanes – sanesipun.

D. Sababipun Basal an Sastra Jawi tansah Lestari


Basa lan sastra Jawi saoerangan ageng sampun boten dipunangge utawi
kaginakaken para putra jalaran: sami rumaos angel, boten mangertos tegesipun,
lan sampun boten sami kulina ngginakaken basa Jawi. Saperangan generasi sepuh
tetep pidatos bilih basa lan sastra Jawi boten badhe pejah, namun ngalami ewah-
ewahan nut jaman kalakone; lan generasi mudha (nem-neman) tetep tasih wonten
ingkang sami tresna lan purun nglestarekaken saha ngrembakakaken basa lan
sastra Jawi. Ingkang saged anjalari, mahanan lestari saha gesangipun basal an
sastra Jawi, inggih menika:
1. Tradhisi kasusastran Jawi ingkang sampun ambalung sungsum, sumebar
wonten ing bebrayan agung; wiwit wonten karaton (priyagung), bebrayan
agung (kawula alit)
2. Para sutresna, pametri budaya lan sastra Jawi ingkang sumebar wonten
bebrayan agung tasih khatah sanget.
3. Para penutur utawi masarakat Jawi ingkang sami ngginakaken basa Jawi
(bahasa ibu) cacahipun kathah sanget, sanajan kalamangsanipun sami
ngangge basa nasional (Indonesia) lan basa manca

E. Bab Basa (Paramasastra)


Basa menika dados wedharing gagasan utawi pangraosipun manungsa kanthi
runtut, dene wujud utawi blegeripun mujudaken manungsa hawa lan ingkang
saged dipunmangertosi tegesipun. Nitik blegeripun kalawau wusananipun sedaya
basa saged dipunperang dados kalih perangan, inggih menika sepisan ingkang
mujudaken wosing gagasan saha pangraos. Kaping kalih wujudipun ingkang arupi
suwanten. Pramila dumadinipun basa menika jalaran saking tiyang sami gineman
, pidhato, crita, lan sanes-sanesipun.
Sasampunipun tiyang pirsa utawi mangertos seratan, suwantenipun basa
lajeng kadamelaken tandha-tandha ingkang dipunwastani aksara utawi seratan.
Tuwuh utawi medalipun basa menika kanthi lesan, lajeng kawastanan basa lesan;
lan medalipunkanthi tulisan (seratan), lajeng dipunwastani basa seratan (tulisan).
Kejawi basa lesan lan seratan saged damel lirunipun basa, naming kemawon
menggahipun tiyang ingkang boten kulina badhe rekaos panampinipun
dipunwastani basa isyarat utawi simbol.
Basa Jawi kalebet basa ingkang tasih gesang, tegesipun basa ingkang tasih
dipunangge masarakat wonten ing gesang bebrayan. Saben dinten, minggu,
wulan, lan tahun tansah tambah, malah kamomoran utawi kacampuran basa
dhialek (enggon-enggonan), basa manca, malah keoara pakecapanipun dados
ewah lan geseh saking aslinipun.
Tuladha:
Buku, saking basa Walanda book; Sreban, saking basa Persi Saurband; Wolu,
saking basa Jawi Kina walu; Karo, saking basa Jawi Kina karwa.
1) Basa Lesan
Basa lesan utawi pangandikan menika cak-cakipun langkung gampil
menawi katandhing kaliyan basa tulisan utawi seratan. Tumrapipu tiyang
gineman (basa lesan), pikiran utawi pemanggih saged sesarengan kalihan
medalipun basa, ingkang dumadi saking suwanten-suwanten ingkang medal
saking tutuk sesarengan kalihan hawa.
Suwanten-suwanten kalawau dipun wastani “swarabasa” lan
suwanten menika ingkang mujudaken basa lesan. Biasanipun basa lesan
menika dipunsarengi kalihan patrap utami tandang tanduk, kadostaL
kedheping mripat, kumlawening asta, pasuryan (mimik), lan sanesipun. Utawi
swarabasa menika anggadhahi lagu (intonasi) ingkang lirih lan sora
(dinamik), sareh saha rikat (tempo), endhek lan inggiling suwanten (nadha).
2) Basa Tulisan
Basa tulisan (seratan) menika liruning basa lesan ingkang swara
basanipun kagambaraken kanthi sarana tandha-tandha aksara (fonem). Jalaran
tiyang ingkang amarsudi pinter lan wasisipun basa kedah nguwaosi
peranganipun ngeelmu: fonologi (widyaswara), morfologi (widyatembung),
sintaksis (widyaukara), lan semantik (widyamakna).
Andwita Ayu Oktaviani
A510140232
VII F
BAB II

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI

2. Jenesipun Leksikon (Kos Kata / Tembung) ing Basa Jawi


Adhedasar wujudipun tebung basa Jawi, saged kaperang dados 7 utawi
pitung jenis ( Antun Suhono, 1953: 9), namung menawi Sri Satriya (2004: 25)
jinising leksikon menika wonten 6 (enem); inggih menika:
a. Madya
Inggih menika leksikon krama ingkang kadar kehalusan
(anggenipun ngurmati) tasih andhap, namun sampun nedahaken
pakurmatan sanajan andhap.
Ginanipun : 1) gineman utawi pangandikan wonten kawontenan boten
resmi (informal)
2) sami kalihan ngoko, saged kaginakaken (O1, O2, O3).
Tuladha : nggih, onten, kriyin, nika ,niki, teng.
b. Krama
Inggih menika tembung ingkang kaginakaken nedahaken
pakurmatan ingkang saestu (kadar kehalusan dan penghormatannya
tinggi).
Leksikon karama menika wonten kalih warni :
1) Krama baku utawi Standar
Tuladha : rumiyin, wonten, benjing, kula, inggih, nama.
2) Krama boten baku utawi Susbstandar, utawi krama desa (dhialek /
enggen-enggen). Krama desa menika saged kaginakaken (O1, O2,
O3).
Tuladha : tanglet, sepah, karanten, semawis, bajul, kesupen, nami.
c. Krama Inggil
Inggih menika leksikon (tembung) ingkang kaginakaken kanthi
pakurmatan ingkang inggil sanget (kadar kehalusannya sangat tinggi).
Ginanipun :
1) ngurmati mitra wicara wonten ing swasana ingkang resmi.
2) Kaginakaken kangge tiyang sanes (O2, O3) lan boten saged kangge
dhirinipun piyambak (O1).
Tuladha : asta, sare, tindak, dhahar, siram,asma.
d. Krama Andhap
Inggih menika tembung ingkang kaginakaken kangge ngurmati
tiyang sanes (mitra wicara) kanthi angasoraken dhirinipun piyambak.
Ginanipun kangge dhiri pribadi (O1), lan boten saged kaginakaekn kangge
tiyang sanes (O2, O3).
Tuladha : sowan, matur, dherek, suwun, nyuwun, dipunsuwun.
e. Ngoko
Inggih menika tembung ingkang kaginakaken tumuju tiyang kanthi
boten ngurmati. Leksikon ngoko menikan dados dhasar wujuding
leksikon sanesipun.
Tuladha : mangan, turu, adus, mangkat, lara, jeneng.
f. Netral
Leksikon netral menika asring sinebat ngoko krama, jalaran saged
mapan (muncul) manggen wonten tataran ngoko lan krama. Leksikon
netral menika dumunung wonten tembung-tembung silihan (kata serapan)
saking basa manca, lan boten wonten leksikon krama, madya, krama
andhap, lan krama inggilipun. Jalaran leksikon netral menika boten
anggadhahi penanda morfologis kanthi mligi, amargi afiks (imbuhan)
ngoko lan krama saged manunggal kalihan leksikon sanesipun.
Tuladha : jiwit, tendhang, tivi, HP, komputer, radio, listrik, sapu, gambar.
g. Kasar
Inggih menika tembung-tembung ingkang kapilih saha
kaginakaken dhumateng tiyang sanes mawi tembung tembung kasar
kanthi boten ngurmati, malah kanthi ngina utawi ngremehaken.
Ginanipun tembung-tembung kasar menika menawi tiyang nembe duka,
muring-muring utawi bote kepranan manah utawi penggalihipun.
Tuladha : nguntal, mbadhog, nyekek (mangan), micek, mbathang (turu),
modar (mati), minggat (lunga), lan sanesipun.

E. Bentuk / Wujudipun Uggah-Ungguh Basa Jawi


Wujudipun Peranganipun Tetenger utawi Ciri-
Unggah- cirinipun
Ungguhing Basa
Ngoko Ngoko Lugu (ngoko) Ngoko netral
Ngoko Alus Ngoko, netral, krama,
krama inggil, krama
andhap
Krama Krama Lugu (krama) Krama, netral, madya,
ngoko (winates
imbuhan), krama inggil,
krama andhap
Krama Alus Krama, netral, krama
inggil, krama andhap.

1. Ngoko Lugu
Inggih menika wujud utawi bentuk unggah-ungguh basa Jawi
ingkang leksikon (kosakata, tembungipun) sedaya awangun ngoko +
netral, boten ngangge leksikon krama, krama inggil, krama andhap,
tumrapipun (O1, O2, O3).
Ater-ater tripurusa (dak-/tak-, kok-/ko-, di-)
Tembung susulih purusa (aku, kowe, dheweke)
Tuladha : Mau bengi aku sinau nulis aksara Jawa.
Kowe lagi mangan apa dhik?
Bukuku digawa dheweke wis telung dina.
2. Ngoko Alus
Basa ngoko alus wujudipun leksikon inggih menika: ngoko, netral
lan (krama andhap, krama kangge ngurmati mtra wicara (O2, O3).
Tuladha : Simbah lagi dhahar soto karo mirsani TV.
Ibu lagi sare lan bapak arep tindak kamar.
Mengko bengi sing tindak jagong ibu wae ya?
3. Krama Lugu
Krama lugu inggih menika wujud utawi bentuk unggah-ungguh
ingkang urmat dhumateng tiyang sanes, kanthi wujudipun : krama, madya,
netral, utawa ngoko, lan krama inggil/krama andhap (kangge ngurmati
tiyang omgkang dipunajak gineman). Krama lugu menika kalebet kadar
kehalusanipun utawi pakurmatanipun tasih andhap.
Tuladha : Mas, panjennegan napa empun nate tindak teng Jakarta?
Menawi dereng benjang napa kula dherekke nitih sepur.
4. Krama Alus
Inggih menika basa krama ingkang leksikon utawi tembung-
tembungipun krama sedaya + netral, krama inggil (kangge ngurmati tiyang
sanes), krama andhap (kangge ngandhapaken dhirinipun piyabak). Krama
alus menika leksikon madya lan ngoko boten wonten, jalaran kadar
kehalusan utawi pakurmatanipun dhumateng tiyang sanes inggil sanget /
ngurmati utawi ngejeni sanget.
Tuladha : a. Bapak Imam tindakipun dhateng kantor nitih sepedha motor.
b. Simbah saben enjing tindak dhateng peken dipundherekaken
wayahipun nitih becak.

G. Ewah-ewahipun Unggah-Ungguh Basa Jawi

1. Ngoko Lugu dados Ngoko Alus


Ngoko lugu inggih menika wujudipun unggah-ungguh basa Jawi
ingkang kaginakaken sedaya leksikon utawi tembung0tembungipun awujud
“ngoko lan netral”. Wondene ragam utawi wujud ngoko alus menika
tembung0tembungipun ingkang kaginakaekn awujud “ngoko, krama inggil
utawi krama andhap, lan netral”.
Ngoko lugu dipunwastani ingkang boten urmat utawi boten ngaosi
tiyang sanes ingkang kaajak gineman. Namung menawi ngko alus sampun
ngurmati dhumateng tiyang sanes ingkang dipunajak gineman, sanajan
anggenipun ngurmati tasih samadya kemawon.

Tata caranipun ngewahi wujud ngoko lugu dados ngoko alus,


inggih menika (Sri Satriya Tjatur Sasangka,2004; 125-129)

a. Sedaya tembung sesulih tiyang kaping kalih (O2) / madyamapusura


utawi tiyang kaping tiga (O3) / pratamapusura ingkang awujud ngoko,
kagantos karma utawi karma inggil.
Tuladha : Kowe kagantos sampeyan/ panjenengan (gumantung ingkang
dipunajak gineman. Dheweke kagantos penjenenganipun / piyambakipun.
b. Sedaya tembung kriya ingkang katujokaken dhumateng tiyang sanes (O2
lan O3), ingkang awujud ngoko kagantos karma inggil. Naming menawi
tembung kriya ingkang wujudipun ngoko katujokaken dhumateng
dhirinipun piyambak, kagantos karma andhap.
Tuladha : mangan (dhahar = ki), turu (sare)
c. Sedaya tembung aran, ingkang wonten gegayutanipun kaliyan pandarbe,
tiyang kaping kalih (O2) ingkang awujud ngoko, saged kagantos karma
utawi karma inggil.
Tuladha : tangan (asta = ki), rambut (rikma = ki)
d. Imbuhan utawi wuwuhan ngoko ingkang rumaket/ tumempel wonten
tembung kriya ingkang katujokaken (O2), tetep mawon boten perlu
dipunewahi.
e. Ater – ater dak – lan panambang – ku , boten ewah dados kula; namung
menawi ater – ater kok-/ ko- lan panambang – mu, saged ewah dados
panjenengan. Tuladha : kogawa (panjenengan asta).
Tuladha :
1) Mas, mobile digawa wae!
Mas, mobile diasta wae!
2) Dhik, sing arep mangkat nyang Yogya kapan?
Dhik, sing arep tindak nyang Yogya kapan?
3) Kowe sing teka kapan, nak?
Kowe sing rawuh kapan, nak?
4) Nak, mbok adus lan mangan dhisik !
Nak, mbok siram lan dhahar dhisik !
5) Mbak Dina, kowe mangkatoa dhisik wae, tinimbang kesuwen
ngenteni aku.
Mbak Dina, panjenengan tindaka dhisik wae, tinimbang kesuwen
ngenteni aku.

2. Ewah – ewahan krama lugu dados krama Alus.


Krama lugu menika penggenanipun basa ingkang wujudipun:
leksikon karma (minangka leksikon inti), netral, ngoko, lan madya
(minangka leksikon inti); lan saged katambah leksikon krama inggil utawi
krama andhap.
Caranipun ngewahi wujud Krama Lugu dados Krama Alus (Sri
Satriya Tjatur Wisnu Sasangka,2004: 130 -132 ), inggih menika.
a. Leksikon krama ingkang katujokaken dhumateng tiyang sanes, kagantos
mawi krmaa inggil. Namung menawi katujokaken dhumateng dhiri
pribadi, kagantos krama andhap.
b. Leksikon madya dipun-gantos leksikon krama.
c. Leksikon krama ingkang anggadhahi tembung kramanipun, kedah
kagantos leksikon krama.
d. Ater – ater lan panambang ngoko, kagantos krama. Kadosta: di- =
dipun-; -ake = aken, -e = - ipun . wondene imbuhan sanesipun tetep,
panggah boten ewah. Umpamanipun: -in- = tinuku - > tinumbas; -um- =
gumuyu - > gumujeng.
e. Tembung sesulih madyamapurusa (O2): sampeyan, mang - > kagantos
panjenengan.
f. Leksikon netral panggah utawi boten tetep eah.
Tuladha :
1) Mas Imam, sampeyan rawuhe kala napa?
Mas Imam, panjenenganipun rawuhipun kala menapa?
2) Ibu – ibu, empun mangga ndang mang pundhut, lajeng diasta kondur
kemawon.
Ibu – ibu, sampun mangga enggal panjenengan pundhut, lajeng
dipunasta kondur mawon.
3) Kula sakulawarga ajeng sowan daleme simbah benjang-enjang ten
Klaten.
Kula sakulawarga badhe sowan dalemipun eyang/ simbah benjing-
enjing dhateng Klaten.
4) Mas Budi, menawi kersa njenengan / sampeyan mengke kula dherekke
teng daleme Pak Darso.
Mas Budi, menawi kersa panjenengan mangke kula dherekaken
dhateng dalemipun Pak Darso.
5) Dhik Pardi, empun dalu ngeten prayogine njenengansare onten ngriki
kemawon.
Dhik Pardi, sampun dalu mekaten prayoginipun panjenengan sare
wonten mriki kemawon.

3. Ewah-ewahan Krama Alus dados Krama Lugu


Krama alus menika kalebet tataran unggah-ungguh basa Jawi ingkang
alus piyambak, anggenipun ngurmati tiyang sanes kalebet ngurmati saget
utawi sempurna; jalaran anggenipun ngginakaken basa “boten ngginakaken
tembung-tembung ngoko utawi madya, kalebet boten ngginakaken karma”.
Namung wonten ing pasrawungan utawi ing bebrayan agung asring
dipunprangguli bilih tiyang sepuh gineman kaliyan tiyang ingkang
kaprenah enem, sami ngginakaken karma lugu.
Caranipun ngewahi wujud karma alus dados karma lugu, inggih menika
(Sri Satriya, 2004: 13).
a. Leksikon karma inggil dipunewahi dados tembung karma, dados
mengandhap.
b. Tembung karma ingkang gadhah tembung madyanipun, kagatos
tembung madya utawi ngko.
c. Tembung karma ingkang boten wonten tembung madyanipun, boten
perlu dipunewahi; malah wonten ingkang ewah dados tembng ngoko.
d. Tembung karma andhap tetep mawon panggah boten ewah.
e. Imbuhan utawi wuwuhan karma (dipun-, -ipun, -aken) kagatos imbuhan
ngoko (di-, -e/ -ne, -ake). Wondene wuwuhan sanesipun tetep.
f. Tembung kula kagatos ngoko (dak-, aku); wondene tembung
panjenengan kagatos ngoko (kok-/ ko-, -mu).
g. Tembung panjenengan menawi kasambung tembung kriya,
kalamangsanipun ewah dados (sampeyan, njenengan)
h. Tembung (leksikon) netral tetep boten ewah.
Tuladha:
1) Bapak Budiarto rawuhipun sampun dangu nggih?
Bapak Budiarto rawuhe/dugine empun dangu nggih?
2) Mas Nurcahya, menapa panjenengan badhe ngrawuhi sarasehan
budya Jawa wonten Sastra Jawi FSSR UNS Sala?
Mas Nurcahya, napa njenengan/ sampeyan ajeng ngrawuhi/ ndugeni
sarasehan budaya Jawi onten Sastra Jawi FSSR UNS Sala?
3) Adhik Pardi, tinimbang sare wonten hotel, manga sare wonten griya
kula mawon.
Adhik Pardi, tinimbang sare/ tilem onten hotel, ngga sare/ tilem
onten griya kula mawon.

H. Tuladha Tataranipun Tembung


Soepomo poedjasoedarmo, dkk (1979: 12) ngandharaken bilih jinisipun
leksikon ingkang wonten sesambungan kaliyan unggah – ungguh utawi undha –
usukipun tembung inggih menika, (1) kata tugas , (2) tembung – tembung
ingkang gegayutan kalihan pronominal kangge ingkang dipunajak gineman (O2),
kata kerja, sipat, lan benda ingkang dados gadhahipun O2, (3) tembung –
tembung sanesipun.
1. Tuladha tataran/ kelas unggah – ungguh basa jawi
Ngoko Madya Madya Krama Mudha Krama
Tukua Mang tumbas Njenengan Panjenengan
Tukunen pundhut pundhut
Tukonana Mamg tumbasi Njenengan Panjenengan
pundhuti pundhuti
Tukokna Mang tumbaske Njenengan Panjenengan
pundhutke pundhutaken

2. Tuladha krama Inggril lan Krama Andhap


Ngoko Krama Ki Ka
Njaluk Nedha Mundhut Nyuwun
Weweh / weneh Suka Paring Caos
Kandha Criyos Ngendhika Matur
Takon Taken Paring pirsa Nyuwun pirsa

3. Tuladha Tembung Ngoko, krama lugu, krama inggil


Ngoko Krama Lugu Krama Inggil Indonesia
Alis Alis imba alis
Ati Manah Galih hati
Bathuk Bathuk larapan Kening
Bali wangsul Kondur Pulang
Bojo Simah Garwa Istri
PERIBAHASA JAWA

1. Adigang Adidung Adiguno Adiwacara.


Menyombongkan apa pun yang dimilikinya
2. Adigang,adigung,adiguna.
Merasa paling kuat, merasa paling agung, merasa paling penting
3. Kakehan gludhug, kurang udan
Banyak bicara tanpa kenyataan.
4. Kaya banyu karo lenga
Tidak pernah rukun
5. Kebo kabotan sungu.
Orang yang kelebihan beban
6. Kebo nusu gudel.
Orang tua yang nurut anaknya
7. Kegedhen empyak kurang cagak
Banyak pengeluaran kurang penghasilan
8. Kadangira pribadi ora beda karo jeneng sira pribadi, gelem nyambut gawe.
“Kadang” pribadimu itu tidaklah berbeda dengan dirimu sendiri, suka bekerja.
9. Kahanan donya ora langgeng, mula aja ngegungke kesugihan lan drajat ira,
awit samangsa ana wolak-waliking jaman ora ngisin-isini.
Keadaan dunia ini tidak abadi, oleh karena itu jangan mengagung-agungkan
kekayaan dan derajatmu, sebab bila sewaktu-waktu terjadi perubahan keadaan,
tidak akan menderita aib.
10. Kahanan kang ana iki ora suwe mesthi ngalami owah gingsir, mula aja lali
marang sapadha-padhaning tumitah.
Keadaan yang ada ini tidak lama pasti mengalami perubahan, oleh karena itu
jangan lupa dan meluapkan sesama hidup.
11. Iro yudho wicaksono
Satria yang berani berperang membela kebenaran dengan didasari
kebijaksanaan
12. Jaman iku owah gingsir.
Jaman itu serba berubah.
13. Kadangira pribadi ora beda karo jeneng sira pribadi, gelem nyambut gawe.
“Kadang” pribadimu itu tidaklah berbeda dengan dirimu sendiri, suka bekerja.
14. Kahanan donya ora langgeng, mula aja ngegungke kesugihan lan drajat ira,
awit samangsa ana wolak-waliking jaman ora ngisin-isini.
Keadaan dunia ini tidak abadi, oleh karena itu jangan mengagung-agungkan
kekayaan dan derajatmu, sebab bila sewaktu-waktu terjadi perubahan keadaan,
tidak akan menderita aib.
15. Gusti iku dumunung ana atining manungsa kang becik, mula iku diarani
Gusti iku bagusing ati.
Tuhan itu berada dalam hati manusia yang suci, karenya Tuhan disebut pula
sebagai wajah hati yang suci.
16. Gusti iku sambaten naliko sira lagi nandhang kasangsaran. Pujinen yen sira
lagi nampa kanugrahaning Gusti.
Mohonlah kepada Tuhan jikalau engkau sedang menderita sengsara. Dan memuji
syukurlah kepada Tuhan jikalau engkau diberi anugerah-Nya.
17. Ing donya iki ana rong warna sing diarani bener, yakuwi bener mungguhing
Pangeran lan bener saka kang lagi kuwasa.
Di dunia ini ada dua macam kebenaran, yaitu benar di hadapan Tuhan dan benar
di hadapan yang sedang berkuasa.
18. Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri andayani.
Didepan menjadi contoh, ditengah membimbing, dibelakang mendukung
19. Cakra manggilingan.
Hidup itu bagaikan roda yang terus berputar.
20. Crah agawe bubrah
Bercerai kita runtuh
21. Dhemit ora ndulit, setan ora doyan
Lepas dari mara bahaya
22. Dhuwur wekasane, endhek wiwitane
Akhirnya mulia, yang semula sederhana
23. Diobong gak kobong, disiram gak teles
Sakti, ditekan, dihina, disia siakan tetapi tetap sukses
24. Diwehi ati ngrogoh rempela
Diberi kebaikan, menunt pemberian lebih
25. Dumadining sira iku lantaran anane bapa biyung ira.
Terjadilah dirimu itu adalah melalui adanya ibu-bapakmu.
26. Gupak Pulut ora mangan nangkane
Capek pekerjaan nggak dapet hasilnya
27. Guru Sejati bisa nuduhake endi lelembut sing mitulungi lan endi sing
nyilakani.
Adalah Guru Sejati yang dapat menunjukkan mana mahluk halus yang menolong
dan mana yang mencelakakan.
28. Gusti Allah ora sare.
Tuhan tak pernah tidur
29. Ana catur mungkur.
Ada adu mulut/ pertentangan selalu dihindari
30. Anak polah bapa kepradah
Tingkah polah anak, orang tua ikut menanggung akibatnya
31. Asu gedhe menang kerahe.
Pangkat tinggi, pasti lebih menang dalam berperkara
32. Asu rebutan balung.
Berdebat hal yang sepele tak ada yang mau mengalah
33. Ajining diri dumunung ana ing lathi, ajining raga ana ing busana.
Nilai diri terletak di mulut, nilai fisik terletak pada pakaian
34. Ala lan becik iku gandhengane, kabeh kuwi saka karsaning Pangeran.
Buruk dan baik itu saling berkaitan, semua itu atas kehendak Tuhan.
35. Alon-alon waton kelakon.
Pelan-pelan saja asal berhasil
36. Becik ketitik ala ketara.
Berbuat baik maupun buruk akhirnya akan terlihat juga
37. Beda-beda pandumaning dumadi.
Beraneka warna pemberian Tuhan itu kepada ciptaan-Nya
38. Bener kang asale saka Pangeran iku lamun ora darbe sipat angkara murka
lan seneng gawe sangsaraning liyan.
Bener yang berasal dari Tuhan itu apabila tiada sifat yang angkara murka dan
tidak menyengsarakan orang lain. Salah kalau mempunyai sifat angkara murka
dan suka menyengsarakan orang lain.
39. Bener saka kang lagi kuwasa iku uga ana rong warna, yakuwi kang cocok
karo benering Pangeran lan kang ora cocok karo benering Pangeran.
Benar dihadapan Tuhan yang sedang berkuasa juga ada dua macam, yaitu yang
sesuai dengan kebenaran dari Tuhan dan yang tidak sesuai dengan kebenaran
Tuhan.
40. Bibit, bebet, bobot.
Keturunan, harta, bobot/mutu
41. Manunggaling kawula gusti.
Rakyat dan penguasa bersatu
42. Manungsa iku bisa kadunungan dating Pangeran, nanging aja darbe pangira
yen manungsa mau bisa diarani Pangeran.
Manusia itu dapat mempunyai zat Tuhan, namun jangan beranggapan bahwa
dengan demikian manusia itu dapat disebut Tuhan.
43. Manungsa iku kanggonan sipating Pangeran.
Manusia itu memiliki sifat Tuhan.
44. Manungsa iku saka dating Pangeran mula uga darbe sipating Pangeran.
Manusia itu berasal dari Tuhan oleh karena itu juga mempunyai sifat Tuhan.
45. Mikul dhuwur, mendhem jero
Menjunjung tinggi kebaikan orang tua dan merahasiakan semua keburukannya.
46. Mimi lan mintuno.
sepasang kekasih yang saling mencintai dalam cerita dunia barat seperti rommy
& juli
47. Nabok nyilih tangan.
Memanfaatkan orang untuk melakukan sesuatu.
48. Nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake.
Menyerang tanpa membawa pasukan, menang tanpa merendahkan lawan yang
sudah dikalahkan.
49. Ngono ya ngono ning aja ngono.
Kita boleh saja berperilaku sekehendak kita, tetapi jangan sampai berlebihan.
50. Nguyahi banyu segara.
Melakukan hal yang sia-sia.

You might also like