Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 11

Jaman saiki, wong lelungan yen ora nduwe kendharaan dhewe jan rekasa.

Yen
mung jarak dhekat, ing jam-jam budhale bocah-bocah sekolah utawa pegawe mesthi
kebak mencep. Malah akeh wae sing mung trima nggandhul neng lawang sing sejatine
banget mbebayani. Ning ya piye, mbok menawa timbang tekan nggaweyan utawa
sekolahan keri/telat. Mula direwangi nggandhul ya dha dilakoni.

Kaya dene bis kota sing tak tumpangi wektu kuwi, lakune nggremet merga
kakehan penumpang. Ewadene ing sadalan-dalan kenek isih bengak-bengok tawa,
mangka njeron bis wis jejel riyel.

Bis sing wis nggereng-nggereng kabotan penumpang mau, sedhela-sedhela


mandheg, saperlu ngunggahake utawa ngudhunake penumpang. Wis jan ora ana
nikmate babar pisan kanggone penumpang, sing lungguhe tansah terus ditetel kuwi.

Sopir lan kenek sing dipikir rak mung daya-daya entuka dhuwit akeh, ra tekan
nggon mikirake kenyamanane penumpang.

Ya begjaku, dene wiwit munggah mau, aku entuk jejeran bocah ayu. Senajan
lungguhku jejer, ora bisa nyawang mat-matan, ning yen mripatku nglirik jam ? aku
kudu kepingin weruh terus bagiyan-bagiyan awake.
Wiwit saka sikil sing kuning mulus, kanthi kuku dikitek abang getih, njur
tangane, sing drijine mucuk-mucuk ri uga diabang kukune. Eman, aku mau munggah
kok ora gage kenalan.

Awit bocah mau lagi katrem maca koran, sing sajak asyik banget. Mung
rambute sing ketel njanges ireng kuwi, angger-angger nampegi raiku kena isise angin
jroning bis mau, nambahi nikmatku.

Aku bisa ngrasakake segere ganda parfum sing dienggo bocah kuwi, cetha dudu
parfum murahan sing bisa marahi neng sirah mumet.

Saking notole olehku kepingin kenal, tak bukani pitakonan sing dheweke bisa
ngalihake olehe maca.

?Wonten kabar ingkang hangat, mbak??, ngono pitakonku timbang anem


mundhak diarani lara gomen.

?Kabar pembunuhan semakin menjadi, mas?, ngono wangsulane cekak. Bar


kuwi bali maca maneh.

?Wih ? angkuhe bocah iki, dupeh ayu, njur jual mahal.? Pancingan pitakonan
gagal, wong nyatane ora ana tanggapan lan kawigaten. Ning dudu aku Suwarto sing
kondhang gawe lakon, yen nganti ora kasil nelukake cah ayu sing mung siji iki. Aku bali
muter utek, nganggo cara piye, supaya bocah iki gelem nggatekke aku. Bareng wis entuk
bahan gage ndak uncalake pitakonan maneh neng dheweke :

?Mbak, prastawa Rano Karno kenging musibah punika sampun mlebet koran
dereng??, pitakonku serius. Kontan dheweke leren olehe maca njur nyawang aku kanthi
nanjakke karo takon :

?Rano Karno bintang film kondhang punika, ta mas ? Kandha ngono mau karo
ngulungake koran sing diwaca marang aku, karo mangsuli :

?Kok dereng, mas, wonten mriku dereng dipun muat,? kandhane.

?Lajeng kenging musibah punapa, mas, Rano Karno ?? cah ayu mau ndhedhes
kepingin ngerti.

?Dhawah saking bis mbak? wangsulanku ngglayem. Mangsoa dimot, sebab


pawarta mau ora bakal ana, awit kabeh mau mung pangreka dayaku murih bisa kenal
becik karo dheweke.

?Rano Karno dhawah saking bis kota wonten pundi, mas??, bocah mau isih
ngoyak terus.

?Wonten Jakarta, mbak, ning kula kinten mboten badhe kababar ing koran,
amargi kedadosan punika pancen kajarag.?

?Lho kok aneh, mas, kajarag kados pundi ?? Uh kena pancinganku, jebul bocah
iki akeh guneme, kemrecek kaya grontol wutah ora kena diselani. Tiwas mau tak
sengguh angkuh. Gage aku mangsuli karo ngguyu.

?Inggih mbak, amargi menika rak namung nuruti skenario sinetron.? Si Dul
Anak Sekolahan? ingkang kaping kalih.? Krungu angsulanku mau, cah ayu mau kontan
njaguri pupuku, ndadekake bungahku. Wusana dheweke takon :

?Mas ini kayaknya wartawan ya ?? ngono kandhane nganggo basa


cakecandhake.

?Bukan?, kandhaku gedheg.

?Kalau bukan wartawan, pengarang ya ??. Aku gedheg maneh, ndadekke cah
ayu kuwi ngguyu karo kandha :

?Apa malah perayu, mas ?? Aku nyawang dheweke tajem. Uh jebul ayune
uleng-ulengan bocah iku. Yen ngguyu dhekik pipine, untune rintik-rintik rapi rinengga
janggut nyanthik, lan lambene ? ah, aku dadi nglameti lambeku dhewe. Ngerti olehku
nyawang nanjakke, cah ayu mau kecipuhan anggone ngendhani panyawangku, saya
nambahi gregetku. Dheweke njur kumlawe nganggo epek-epeke nutupi raiku karo
kandha :

?Uwis mas, lehe mirsani, ndhak sesuk njur jeleh,? kandhane. Epek-epek
tangane tak cekel banjur tak remet-remet, cah ayu mau meneng wae mung pitakone
ndedhes terus.

?Mas, mbok ngaku, penjenengan kuwi ngastane neng ngendi ?? jawabku :

?Penganggur, mbak, sekaligus pelamun.? Cah ayu mau gage nyaut :

?Ta rak tenan, penjenengan mesthi, nek dudu wartawan ya pengarang, loro-
lorone Kuwi ora bisa dipisahake, mas, mbok ngaku ta !?. Sidane aku ngaku, wong
nyatane wis kepojok ora bisa menggok lan nutup-nutupi maneh :

?Iya mbak, aku pancen nduwe andhil minangka skenario ing sinetron Si Dul
Anak Sekolahan? aku ngaku jujur.

?Mula, mas, ra mungkin wong lagi kenal kok wis ndang nakokke kahanane
bintang film sing wis kondhang yen ora ngerti seluk beluke.? Kandhane cah ayu
rumangsa menang.

?Oh iya mbak, awake dhewe rak durung kenalan ta ? Jenengku Warto.?
Kandhaku karo ngathungake tangan. Cah ayu mau nampani tanganku digegem kenceng
karo nyebut jenenge :

?Ningtyas.? Sawise padha meneng-menengan sedhela aku takon :

?Daleme ngendi mbak ??

?Aku Semarang mas, kuliahku mbiyen neng Yogya, ning saiki wis rampung,
saiki aku reka-reka nerusake pakulinane ibu, dagang bathik adol lan kulakan sing kerja
sama karo bulikku sing neng Yogya. Nek penjenengan, mas ?? Ningtyas genti takon.

?Asalku mono Sala mbak ? ah kok mbak, nek aku ngaturi Jeng ngono piye,
kersa ta ?, wong nyatane tuwa aku.?

?Wis kono sak kersamu, mas, wong diundang Ning ngono wae, aku ya gelem
kok.? Kandhane polos.
?Asalku Sala jeng Ning, ning rampung sekolah aku njur ngumbara neng
Jakarta, katut omku sing ngasta neng penerbitan surat kabar sing wis bonafide, wiwit
tahun sewu sangangatus sangang puluh wolu. Omku wiwit enome pancen seneng neng
jurusan jurnalistik, sing njur kersa nuntun aku neng bidhange.?

?Njur njenengan neng Yogya iki arep tindak ngendi, mas ?, Ningtyas takon.

?Mung arep neng nggone kanca lawas Jeng, Yogya akeh pakar-pakar sastra sing
pinter gawe crita, jeneng-jeneng lan novele aku nganti apal.? Wangsulanku blaka. Jeng
Ningtyas sajak isih arep kepingin crita akeh, ning embuh sidane kok kandheg sajak
mangu-mangu, wusana aku sing malah takon :
?Jeng, kapan awake dhewe bisa ketemu mirunggan ? Senajan lagi wae kenal
rasane kok kaya wis kekancan lawas. Sliramu baud crita lan aku rumangsa seneng
kekancan karo sliramu.? Kandhaku tulus. Ningtyas ngawaske aku karo mesem,njur
takon :

?Sing marahi seneng nggon ngendi, mas ?? Aku dadi salah tingkah lan klicutan
entuk pitakon kaya ngono kuwi. Mula wangsulanku sak kecekele :

?Sing marahi seneng ya kabeh, luwih-luwih sliramu sing sulistya kuwi. Wiwit
aku weruh sliramu munggah bis mau, atiku kok njur tansah pingin nyawang sliramu
terus. Denea sliramu pinaringan rupa ayu sing sampurna. Iba begjane mbesuk sing
kagungan ya, Jeng.? Kandhaku tulus, merga atiku pancen kandha ngono. Ningtyas
ngawaske aku mesem njur kandha :

?Aku dhewe ya gumun je, mas, bareng aku wis ngobrol karo penjenengan, atiku
kok ya njur ketuwuhan rasa seneng. Ning penjenengan rak ora ngagem guna-guna aji
pengasihan, apa jaran goyang ta, mas ?, pitakone karo nyekikik, sing njalari atiku saya
gregeten kepingin nyiwel pipine sing dhekik nggemesake kuwi.

Ning bareng aku eling neng njeron bis kabeh ndak ampah, kanthi ora diweruhi
penumpang liyane, Ningtyas ndak jiwit cilik iringan pupune.

Dheweke njingkat ning ketok yen seneng. Gandheng wis mlebu Yogya, aku sing
rumangsa durung marem ngobrol karo dheweke, aku mancing takon :
?Nek sing sliramu jujug daleme bulik, njur ngendi kampunge, e sapa ngerti aku
bisa nggoleki sliramu mrana Jeng ??.

?Daleme bulikku Tamansari, mas, ning penjenengan ora sah rawuh rana,
bulikku kuwi watake seneng praduga, mengko dikira0 aku cah sing seneng kangsen-
kangsenan karo priya.? Kandhane Ningtyas elik-elik kekarepanku, kepingin nemoni
dheweke. Ning sidane, dheweke njur kandha maneh :

?Ngene wae pa, mas, yen penjenengan kepingin nemoni aku ?? Ningtyas
meneng mikir. Gandheng atiku selak notol, gage aku ngoyak takon :

?Iya wis Jeng, aku manut ketemu neng ngendi aku ndherek, angger diparingi
ancer-ancer utawa alamat sing gumathok, mengko mesthi ndak goleki.?

?Iya, mas, nek ora kleru baliku suk emben dina Kemis, dadi aku rong ndina ana
Yogya, gandheng aku dititipi ibu nebus resep, entenana wae neng apotik ?Sumber
Waras? kira-kira jam loro awan neng Jl. Wonosari, awake dhewe ketemu ana kana. Piye
?? Ningtyas aweh keterangan.

?Ngono ya becik, pokoke sapa sing teka dhisik, ngenteni.? Bubar kandha ngono,
njur gage aba sopir :

?Pak sopir kiri, pak !?. Bis minggir njur mandheg, Ningtyas nyangklong tase
ngadeg njur siap arep mudhun ndak tutke kanthi mripatku sing kamitenggengen.

Mudhune wong ayu Ningtyas, gawe growahing atiku. Atiku sing mau kebak
kembang-kembang endah, saiki dadi angluh lan pepes. Upama bocah cilik mono,
pindhane direbut dulanane, sing lagi nedheng-nedhenge disenengi. Mesthi wae beka lan
nangis.

Gandheng aku jaka sing wis diwasa, growahing atiku ndak samudana. Isih ana
saplethik pengarep-arep, yen rong ndina maneh aku bakal bisa ketemu karo dheweke.
Grayah-grayah, aku reka-reka mbukak Koran sing mau diulungake Ningtyas marang
aku. Ning ya kuwi mung ndak enggo wangun-wangun. Wong mocoa ya ora ana sing
nyanthel neng utek utawa pikiran. Sing ana mung wewayangane wong ayu Ningtyas,
sing tansah gumawang neng pardo ning netra.

Nganti bis mandheg neng Terminal Umbulharjo, aku lagi sadhar yen wis entek
rutene. Aku melu-melu penumpang liyane klunuh-klunuh mudhun kanthi tanpa tujuan.
Acaraku sakawit, sing arep nekani omahe kanca-kanca pengarang dadi ambyar, merga
tekane widadari sing ora kenyana-nyana kuwi.

Ah, pancen kok, urip mono aneh. Mula saiki aku ora nggumun, yen ana wong
sing uripe wis diprogram ? dirancang tharik-tharik, ning gagal. Iki wae aku saka
ngomah mung ngrancang tilik-tilik kancaku lawas saka sanggar kayata : Ay. Suharyono,
Krisna Miharja, Ardini Pangastuti, Rita Nuryanti, Widi Pratiwi, Indria Siwi, sing
tulisane wis sasat angger irung ngerti lan padha disenengi.

Klitih-klitih metu saka terminal bis, aku wis ditawani taksi, becak, sing pating
craek, ning ora tak gape. Aku ngunyluk mlaku sing tanpa tujuan, embuh mengko tekan
ngendi, aku dhewe ora ngerti.

Aku pancen wis diwasa, wong umurku wis ngancik wolu likur taun, ning aku
durung tau ketaman rasa sing kaya ngene iki. Mangka sasat saben ndina, aku srawung
wong-wong ayu (para seleberitis), sing padha ngayahi main ing sinetron sing aku melu
nangani.

Apa ya ngene iki ta, sing diarani gandrung karo prawan utawa jatuh cinta ngana
kae ? Ah ? ya embuh.

Sing cetha, kabeh kekarepan sing tak gantha-gantha saka ngomah pingin
kangen-kangenan karo kanca lawas dadi ambyar. Ganti gawang-gawang lelawane sang
ayu anyar katon, sing kumantil neng telenging pikir, sing angel ndak kipatake.

Sidane aku njur neng Suryabrantan njujuk neng daleme budheku nak sanake
ibuku. Neng kana ana mas Wawan, putrane sing isih ana S.M.A. bocahe pinter nggitar
lan nyanyi, wis pokoke serba bisa. Nyanyi apa wae bisa.

Apa maneh yen gitare disetel banjaran, njur lagune lagu-lagu langgam utawa
kroncong, jan ? neng ati bisa nganyut-anyut ? rumesep neng sanubari. Ya iki sing bisa
njur malah nggugah atiku aku daya-daya inggal cepet kepingin ketemu Ningtyas.

Dina sepisanan aku neng nggone budheku, dikancani Wawan, aku bisa neng
Nitiprayan nggone mbak Widi Pratiwi, njur neng Pirak nggone Mas Krisna, lan dina
sing kaping pindhone, aku neng Kotagedhe nemoni mbak Ardini sing putrane pancet
lagi siji wae kuwi, durung tambah.

Gandheng wis kangsen karo Ningtyas, mula nemoni kanca-kanca liyane ndak
batalake dhisik, merga atiku selak kemrungsung. Saka nggone mbak Ardini jam rolas,
mula aku pamit budhe lan Wawan yen arep bali mulih menyang Sala.

Aku emoh diterke tekan terminal, alasanku arep mbecak wae, ngiras nglaras
wis suwe ora numpak ecak.

Tekan ndalan gedhe aku ngawe taksi. Pamitku karo budhe pancen mulih, ning
sopir taksi tak duduhi alamat Apotik ?Sumber Waras? ing Jl. Wonosari kok njur
manthuk ngerti, mula aku gage munggah, taksi nggeblas tumuju alamat sing tak
tuduhke.
Ora suwe taksi mandheg presis neng ngarep apotik, aku banjur mudhun. Saka
kadohan ndak sawang, apotik kuwi pancen gedhe. Barang cetha kaya pitudhuhe
Ningtyas, aku banjur nyedhak, ngawaske wong-wong sing padha ana ing kono siji-siji
tak jingglengi, ning aku ora nemokke dheweke.

Bareng aku ndeleng jam tanganku pranyata lagi jam siji seprapat, mangka
kangsene rak jam loro, ateges aku sing teka luwih gasik. Aku banjur lungguh kursi
sedhiyane wong-wong sing padha antri nebus obat.

Mripatku tansah ngawasake dalan gedhe. Ora suwe ana taksi mandheg lan
ngudhunake penumpang, ? oh kuwi Ningtyas sing tak tunggu-tunggu.

Aku menyat saka lungguhku terus methukke dheweke. Bareng weruh aku, wong
ayu kuwi malah mandheg lakune, nyelehake tas gawane, aku diawe supaya nyedhak.

Ya ampun ? gawane jeng Ningtyas gedhe tur katon yen abot. Kandhane bareng
cedhak :

?Rewangi yuk, mas, iki conto daganganku batik, sing sesuk kudu ndak setor
menyang Surabaya, penjenengan mau wis suwe lehe nunggu, mas ??

?Durung kok, jeng,? wangsulanku.

?Apa ngene wae mas, penjenengan neng kene sedhela, aku tak ngijolke resep,
dadi ora perlu ngoyong-oyong tas iki?, kandhane jeng Ning.
?Ngono ya becik, jeng?, wangsulanku. Jeng Ning terus mlebu apotik, saka
kadohan ndak sawang omong-omong sedhela karo pegawene, bar iku njur bali marani
aku karo kandha :

?Mas, obat sing dibutuhake ibu entek, sesuk wae tak golekne neng Surabaya? kandhane
santai. ?Njur iki kersane arep neng ngendi Jeng??, aku takon, mergane tak sawang jeng
Ning kok sajak riwut ora tenang.

?Wis golek hotel wae, mas, neng kana bisa ngobrol karo ngaso, merga budhalku
rak kudu mengko pesawat terakhir sing jam wolu take of.?
Jeneh kok ya mulih pesawat sing budhale wengi ta, Jeng ?. Dikengsel wae rak
bisa lewat tilpun, kanggo budhal sing sesuk-esuk.? Kandhaku aweh pamrayoga.

?Ora bisa, mas, wong aku wis kebacut janji,? wangsulane serius.

?Wah urusanmu dagang kok nguras tenaga lan pikiran ta, jeng.? Kandhaku.

?Lha piye, mas wis kebacut, dhuwit lan dagangan wis ana tangane wong-wong,
penjenengan ora seneng, ta mas ??

?Olehe seneng ya seneng, jeng, ning mesakake slilramu,? wangsulanku.

?Wis ayo, neng hotel ngendi lehe arep ngaso, aku tak golek taksi,? pangajakku
mbarengi tekane taksi, jeng Ning ngangkat tas sing gage tak jaluk. Karo mlebu taksi jeng
Ning aba :

?Pak, teng hotel Gadhing,? taksi banjur budhal, aku wong loro neng njeron
taksi mung meneng-menengan. Jeng Ning polatane surem, ora ceria kaya nalika ketemu
aku sepisanan neng ngebis kae.

Mlebu kamar hotel wasise wong loro nyelehake tas diseleh ing rak, Jeng Ning
terus ngebrukke awake neng dhipan karo kandha :

?Wis, mas, saiki awake dhewe bisa crita satutuge, dhasar iki sing tak anti-anti.?
Kandhane :

?Padha, Jeng, rasane cepet-cepet gek ndang ketemu sliramu, ya notol banget
neng atiku.? Kandhaku blaka.

?Wow ? yen ngono mung padha, wiwit tepung lan weruh penjenengan
sepisanan kae aku njur piye ? ngono je, mas, karo penjenengan.? Kandhane jeng Ning
karo ngguyu sajak piye ?.

Weruh untune sing rintik-rintik lan dhekik ing pipine, aku gage nyedhak,
rasane kaya kepingin nyiwel pipi sing empuk kuwi.

Jeng Ning banjur ngiringake awake, mepet lingir dhipan lungguhku, kaya aweh
lampu ijo kanggoku, tumindak sing luwih adoh.

Lagi wae sikilku ndak angkat munggah ing kasur, jeng Ning wis ngrangkul
bangkekanku kenceng. Ndak sikep dheweke ndak tangekake, dheweke nglendhot, sirahe
diseleh ing dhadhaku kebak pasrah, karo kandha :
?Mas Warto, iba bungahku yen aku bisa sesandhingan ngene iki terus karo
penjenengan, tanpa keganggu tugasku dagang sing nguras tenaga lan pikiran iki.?

?Mulane ta mulane jeng, lerena bisnismu, aja ngangsa. Pira akehe dhuwit sing
wis ana tangane wong, mengko tak ganti, kuwi rilakna !, sliramu ngasoa !.

?Masalahe ora segampang kuwi, mas.? Kandhane Ningtyas, karo dumadakan


kembeng-kembeng lan njur nrocos mripate. Atiku krasa welas banget, saya ndak kekep
kenceng ing dhadhaku karo tak ndhedes pitakonan :

?Jujur jeng, apa sliramu kejiret utawa kejeglong utang ?? Jeng Ning gedheg
tandha yen ora.

?Lha njur ngapa sliramu kok malah nangis ??

?O, mas, genea kok lagi saiki aku bisa ketemu penjenengan.? Kandha ngono
tangise saya mingsek-mingsek memelas.

Ndak elus rambute kanthi kebak soking asih, karo takonku :

?Jeng, apa merga sliramu wis kaiket ing priya sing ora mbok tresnani ?, utawa
wis dirembug dadi, ning sliramu gela utawa ora seneng ? Aku jeng mengko sing
mberesi, merga aku pancen tresna banget marang sliramu. Yen ora percaya, kapan jeng
Ning saguh ndak lamar ?, ? sesuk apa suk emben, aku saguh sowan wong tuwamu
nglamar sliramu.?

Jeng Ning saya kenceng pangrukete neng awakku, kaya-kaya wis emoh uwal.

?Wis Jeng ditata atine, mengko njur critoa apa sing gawe ribeting atimu,
mengko ndak rewang-rewangi mikir, angger wae aku bisa.? Kandhaku ngayem-ayemi.

?Tenan, mas, yen penjenengan mengko wis pirsa aku satenane, penjenengan
ora bakal gela lan gedhene ninggalke aku ??, pitakone kanthi swara nglentrih.
?Ora, jeng, tresnaku iki tulus, upamoa sliramu wis keblasuk ing donyaning
bocah nakal utawa wis nate neng papan jember, yen sliramu kersa mertobat, kapok ora
bakal nglakoni maneh, aku isih bisa ngapura, lan nampa sliramu apa anane. Kabeh
tumindakmu bakal ndak lalekake?. Kandhaku tulus.

?Oh ora, mas, dudu kuwi. Aku ora umuk, mas, aku iki isih wutuh kenya, aku
durung nate srawung kebablasen ngladeni priya. Senajan wis akeh sing ngarepke aku,
ning atiku durung tau kecanthol karo priya kejaba mas Warto iki. Yen penjenengan ora
percaya, mas, sarehne penjenengan wis blaka yen tresna lan bakal ngrengkuh aku dadi
garwa, saiki uga bakal ndak buktekake. Mas yen penjenengan ngersakke mustika
keprawananku, saiki uga bakal ndak caoske. Mengko penjenengan bakal pirsa yen aku
nyata-nyata isih wutuh.? Kandhane cetha.

?Oh, matur nuwun jeng, jebul kleru pndakwaku. Pangapuramu wae ya, jeng. Ha
njur apa sing marahi sedih penggalihmu ?? aku ngambali takon. Jeng Ning meneng
wae, mung ngusel-uselke sirahe ing guluku, kaya njaluk pangayoman. Nganti sawetara
meneng wae. Aku ya ora wani neter pitakonan mundhak dheweke saya bingung.
Wusanane dheweke takon maneh :

?Dadi penjenengan ora ngersakke, yen tak caoske mustika ajining dhiriku,
mas??

?Ora, jeng, aku percaya ing kandhamu kuwi kabeh. Anggonku bakal
mbuktekake, mbesuk wae yen awake dhewe wis tinalenan ing nikah sah jroning wengi
sing sepisanan. Mung welingku, jeng, jaganen kuwi, mbesuk ngemungna aku sing
mbuka wiwaraning kori kawanitanmu kuwi.? Krungu kandhaku mau, jeng Ning bali
ngruket aku kenceng karo kandha :
?Oh, mas, ya mung penjenengan priya seprana-seprene sing tak goleki, sing
bisa ndak enggo ngayom salawase.? Kandha ngono jeng Ning nyawang aku tajem
ngemu surasa jero, banjur kandhane :

?Mas, olehku arep matur akeh sing dadi aboting atiku, mbesuk wae ya yen wis
bali saka Surabaya. Lakuku wae dongakna slamet tekan nggone.?

?Iya, jeng, muga-muga tindakmu tansah pinaringan slamet tekan papan


tujuan,? kandhaku. Jeng Ning manthuk-manthuk isih karo gondhelan awakku kenceng
sajak eman ngeculke. Sawise mikir-mikir sedhela njur kandha :

Apa ngene wae, mas, gandheng numpak pesawat, rak mung sedhela, aku
mengko njur nyerahke conto-conto bathik dagangan kuwi karo bayar-bayaran. Bubar
kuwi wis rampung. Sesuk aku rak bisa bali mruput mrene maneh. Piye nek penjenengan
ngenteni tekaku neng hotel kene. Mengko mudhun pesawat, aku tak tuku tiket kanggo
penerbangan sing esuk dhewe. Piye, penjenengan kersa ? Terus terang aku durung tutug
mas. Sesuk aku tak crita akeh.?

?Ngono ya becik jeng, pokoke apa kersamu janji bisa aku manut,? kandhaku.

?Jeng Ning njur nyawang jam tangane, njenggirat karo kandha :

?Wis jam enem mas, aku tak siap-siap adus,? ngono kandhane karo mlayu neng
kamar mandi. Rampung adus terus dandan, cekat-ceket sedhela wae wis rampung. Aku
jan gumun karo tandange jeng Ning sing sarwa cepet, ora kaya bocah wadon sing sareh
lan aleman, yen ana ngarepe pacare. Iki blas ora, bareng wis arep budhal, jeng Ning
nyedhak aku ngrangkul karo kandha :
?Tenan ya, mas, aku ditunggu neng, hotel kene?, kandhane.

?Iya jeng, sing ngati-ati,? ndak aras bola-ali jeng Ning sing ayu kuwi kanthi ati
sumedhot. Let sedhela, keprungu lawang dithothok saka njaba.

?Masuk,? kandhaku dhasar lawange mung diinep. Bellboy mlebu aweh weruh,
yen wis ditunggu taksi. Sepisan meneh jeng Ning tak kekep kenceng sawise ndak
wudhari, dheweke banjur mlayu tumuju taksi sing bakal nggawa dheweke menyang
bandhara, ndak tutke kanti panyawangku sing tumlawung.

Bengi aku ora bisa-bisa turu, lam-lamen citrane Ningtyas sing ayu. Ning denea
atiku rasane kok melang-melang lan kebak rasa samar ?.

Lagi bareng wis kliwat tengah wengi aku lali keturon. Tangiku wis awan
therong-therong terus adus. Awak rada krasa seger, piyama sing tak nggo turu tak
copot, ganti hem lan clana njur metu lungguhan ing njaba. Koran anyar sing gumlethak
neng meja tak saut tak iling-ilingi.

Kagetku ngluwihi krungu bledheg ing mangsa ketiga, bareng aku weruh fotone
jeng Ningtyas ukuran gedhe kapacak ing surat kabar mau. Karo ndredheg ndak waca
tulisan ing ngisore, unine :

Telah tertangkap otak sindikat perdagangan narkoba di bandara kemarin


malam, dalam perjalanannya menuju ke Bali. Di dalam tasnya terdapat heroin setengah
kg, surat-surat/KTP palsu dari beberapa kota dengan sedhabreg nama contoh : Ida Ayu
Artini, Neneng Anisah, Rr. Prabaningrum, Ayuningtyas dan masih banyak lagi.

Sejak masuk kota Yogya sudah dikuntit oleh yang berwajib. Diantaranya di
Apotik Sumber Waras, di hotel Gading, dan akhirnya ditangkap di bandara. Sekarang
sudah diamankan di kantor polisi. Dheg ? atine Suwarto njola, dheweke rumangsa
ngancani sak awan neng hotel iki, ning blas ora ngerti. Malah dheweke wis kober
kecanthol atine. Warto gage neng kasir mbayar, lan cek out wektu iku uga. Karo
ninggalke hotel grenenge Warto : ?Oh ? Ning kowe kuwi cah ayu, jebul ayumu ora tulus,
ning tega ngrusak generasi bangsa lan penerusmu.?

?TAMAT?

Cariyos punika kula kintunaken dhateng sedaya para kadang sutresna giyaran
lelangen, kanthi atur mugi ndadosna panglipur sawetawis. Nuwun.

You might also like