Adicara Boyong

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 3

1.

Para aji sepuh miwah para tamu sinedhahan, pranyata wus ndungkap
wahyaning mangsa kala menggah tumapaking adicara ing ri kalenggahan
punika.
Ingkang puniko monggo tata adicara punika kita wiwiti kanthi waosan
Basmalah seserengan, murih manggih rahayu wiwit lekas ngantos
pungkasing adi cara punika. Sak lajengipun...
2. Ndungkap adicara angka 2, nenggih sabda pasrah manten sarimbit saking ibu
....................................................... ing Salatiga konjuk Ibu Dwi ingkang badhe
kasarira dening Bp. H. ...................................... rahayuning sedya kula
sumanggaaken. Nuwun.

Purna sabda saking Bp. H.............................. ingkang cihna, tatas, titis tan
ana ingang karempit, tamah putus kanthi widada.
Sak lajengipun ngancik adi cara ingkang angka 3 inggih punika

Tumuli sigra tinanggapan saking Ibu Dwi .................... dene ingnag sumulih
ngaturaken waluyan, nenggih panjenenganipun Bp. Drs. Suwita, ingkang ugi
badhe kasambet ngaturaken atur pambagyaharja lanjut tamu sadarum punika
wedal kula sumanggaaken engkang piniji.

Nyata lirmadu lan manise, yayah suruh lumah lan kurepe tuhu cumbuh sabda
saking priyagung kekalih, ingkang mahanani jenjem, ayem tuwin tentrem
dumateng ingkang samya miyarsi.

Cekap atur pasrah panampi temanten, saha atur pamabys, sak lajengipun
dhumateng para wira anem kula sumanggaaken menggah lumadining
pasugatan. Widadaning laksita kula aturakken nuwun (leladi) kelar semua

Sawiji mbaka sawiji lumadi adicara rikalenggahan punika, temah prapteng


purna. Minangka cihna purna sumonggo kita waos hamdallah:
alhamdulillahirobbil ‘alamin... sedaya lepat nyuwun aksama.
1. Atur pambuka
2. Sabda pratelan pasrahing temanten sarimbit saking ibu ...............saking
Salatiga, ingkang badhe kasarira dening Bp. H. ..................................
3. Atur waluyan saking Ibu Dwi .................. kasambet atur pambagya basuki
konjuk dhumateng para tamu sadarum ingkang kasarira dening Bp. Drs,
Suwita
4. Puja hastungkara ingkang badhe winaos dening Bp. K.H. .............................
5. Paripurna
Sak lajengipun ngacik adicara ingkang angka 3
ADICARA BOYONG TEMANTEN

Para sesepuh, aji sepuh tuwin pinisepuh ingkang dhahat ingabekten,para


tamu sinedhahan ingkang tuhu ingormatan, datan katalumpen pada kadang wira
anem ingkang mahambeg budi darma, kepareng kula sumela atur, lan nyuwun
pangapunten, karana punggeling panjenengan sami imbal wacana alir warta. Boten
nama dengsura lan ngirangi reh tata krami, inggih karana awrat mradapa dhawuh
saking ibu Dwi ..................... ingkang kalenggahan punika angadani tata upacara
boyong temanten, nenggih Bg. Agus........................ miwah Rr. .............................,
kula ingkang kajibah mratitisaken lampahing adicara.

Amung, saderengipun kula lajengaken atur kula, keparenga mangga panjenengan


sedaya kula dhereaken nguncupaken asta, ngaturaken puji sukur ing ngarsa dalem
Allah SWT, ingkang sampun kepareng anggrumentah aken sih wilasanipun, ingkang
arupi, kalodhangan, kawilujengan miwah samukawis ingkang anjalari kula lan
panjenengan sedaya saget makempal kanthi pinayungan ing suka basuki.

Dene rantamaning adicara ingkang sampun karakit dening kulawarga :

You might also like