Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 1

Nama : Malihatuz Zairoh

Kelas : VIII A
Mapel : Bahasa Jawa

Pawarta Kecelakaan Maut Ing Kudus


Kecelakaan maut kedadean neng traffic light Proliman, desa Tanjungkarang, Kecamatan jati,
Kabupaten Kudus, Jawa tengah, dinten Kemis (31/8/2017) sekitar gebug 18.35 WIB.
Limang wong tilar neng lokasi kedaden. Sawentara puluhan wong liyane ngalami tatu-tatu lan
dimlayokake menyang rumah sakit sapanggon.
Satlantas Polres Kudus neyebutke, kecelakaan nglibatke sekitar 11 tunggangan. Yaiku bus PO
Indonesia nomer polisi H 7519 UV. Nuli Mitshubishi L300 nomer polisi K 1949 BN, Minibus Avanza
nomer polisi H 9189 BF.

Nuli Minibus Luxio H 9144 LR, montor Mio K 2495 BR, montor Supra nomer polisi K 5710 PK,
montor Beat K 2918 RR, montor CB 150 R nomer polisi K 3449 PR, montor Vario nomer polisi K
4972 QB lan montor Vario nomer polisi K 3290 HE, montor Vixion nomer polisi K 4295 LM.
Kapolres Kudus, AKBP Agusman Gurning nggamblangna, kecelakaan kemungkinan akibat saka rem
blong.
Kedaden kawitan wektu bus PO Indonesia sing dilakokake Ikhwan Mukminin (46), warga desa
Tireman, Kecamatan Rembang, Kabupaten Rembang mlaku saka arah lor menyang kidul kanthi
banter.
Nyedhaki lokasi kedaden, bus banjur ngglimpang menyang sisi wetan nganti ngenani sacacah
pangendaran sing lagi mandek neng traffic light/ bangjo.

"Korban tilar donya limang wong. puluhan wong tatu-tatu dimlayokake menyang RS Mardirahayu lan
RS dr Loekmonohadi," tembung Agusman.

Miturut Agusman, sopir bus PO Indonesia wis diamankan kanggo dijaluki katrangan. Wektu iki
pihake lagi njeroni penyebab awal kecelakaan kanthi nggandeng Tim TAA (Traffic Accident
Analysis) Subdit Gakkum Ditlantas Polda Jawa Tengah.
"Dugaan sewentara rem Blong dialami bus PO indonesia. Kejaba mangkene pihake isih nglakoke
penyelidikan luwih lanjut,".

Sumber: https://www.sesorah.com/2017/09/pawarta-bahasa-jawa-kecelakaan-maut-ing-kudus.html

You might also like