Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 3

Dasanama

Dasanama iku sawijine basa sing ing basa Indonesia diarani sinonim, yaiku tetembungan
sing nduweni teges luwih saka siji. Tuladhane dasanama kacetha ing ngisor iki.
Anak = Suta, putra, sunu, yoga, siwi, weka, tanaya, atmaja, siwaya, ja, patut,
banu.
Awing-awang = Akasa, ambara, antariksa, awiyat, dirgantara, gagana, tawang
Ati = Budi, ambek, manah, galih, driya, praya, budaya, nala, prana, tyas,
wardaya, angen-angen, cita, sangka
Awak = Wak, lingga, dhiri, raga, angga, deha, badan, tubuh, sulaksana.
Bagus = Sigit, pekik, jenthara
Banyu = We, tirta, warih, har, sindu, wayi, tuban, her, amerta, arjuna, udaka,
sagara, jala, jahni, jahnawi, jahning.
Barat = Angin, anila, bajra, maruta, pawana, samirana, bayu, sindhung,
pancaura, prabanca, pracandha, prahara, ati, gati, indri, margana, lesus,
erawati.
Bebaya = Bencana, westhi, wancana, berna.
Becik = Adi, ayu, sae, tama, ajeng, yogya, darma, arja, suba, tulyasri, yoga
Biyung = Babu, biyang, rena, ibu, umi, wibi, indhung, darani, puyengan, bibi
Bumi = Mandhala, dharana, maetala, buwana, basundara, basundari, pratyana
Bocah = Rarya, wala, larya, walaka, rare, lare.
Dalan = Marga, sopana, enu, lebuh, lurung, yana, hawan
Dewa = Absara, dewata, bathara, jawata, amara, resi-gana, hyang, widadara,
nasa
Dewi = Apsari, bathari, widadari, dewati, sura-wadu, sura-retna, waranggana
Endah = Raras, rarasrum, senen, wicitra, berama, alep, resmi, listya
Emas = Jene, kancana, kanaka, rukma, rukmi, rikma, lancana, suwarna, iradya
Endhas = Sirah, mustaka, mastaka, murda, utamangga, kumba, sidhira, ulu,
mudangkara
Gajah = Asti, diradha, esthi, dwipangga, liman, matengga, waniti, gajahmuka,
angga
Geni = Agni, api, bahni, dahana, brama, pawaka, siking, guna, mreta, brahma,
puyika, latu., puya, jata
Gludhug = Grah, Guntur, gumuruh, gerah, guruh, gurnita, gurnang, geter, peter
Gulu = Tenggak, jangga, lungayan, lungkaya, leher, lungaya
Gunung = Adri, aldaka, ancala, ardi, arga, giri, parwata, wukir, enadra
Godhong = Ron, rondan, patra, taru, dhahon, parna.
Iwak = Mina, jita, matswa, oti, wiyangga, mira, maswa.
Jeneng = Bisikan, parab, juluk, tengran, sebut, wewangi, asma, sambat, tengeran.
Kedhaton = Karaton, kenyapuri, puri, pura, pusantara, kadhayatan, kadhartawan.
Kaya = Kadya, kadi, lir, angler, pindha, yayah, pendah, asawang, sasat, saksat
Kanca = Kanthi, rowang, rewang, graya, pasaya
Katon = Wuryan, kawangwang, kasatmata, keksi, kengis
kwruh = Pangawikan, sastra, weda, widya.
Kembang = Sekar, sari, puspa, puspita, kusuma, kumala, padma
Kesuwur = Kalok, kaonang-onang, kawentar, kombul, kaloka
Kuning = Pita, jenar, gadhing
Kuping = Talingan, padlingan, pangrenga, karana, karni, kenoh
Lanang = Jaler, jalu, priya, purusa, kakung
Lawang = Wiwara, dwara
Legi = Hartati, Madura, sarkara, manis
Lintang = Kartika, sudama, tranggana, sasa, taranggana, bintang, sukra
Marcapada = Madyapada, marapada, narapada, janmapada, janapada, janaloka
Mata = Aksa, aksi, eksi, tingal, soca, caksu
Mungsuh = Satru, ripu, lawan, parangmuka, weri, durniti
Momong = Among, wong-wong, wang-wang
Nagara = Praja, kutha, radya, pura
Omah = Griya, wisma, dalem, suyasa, graham, bale, panti
Padhang = Prawana, dipa, bawera, lasa
Pamulangan = Pawiyatan, pracabakan, kartawaran
Pangan = Bukti, boja, baksa, boga
Pinter = Nipuna, widura, guna, wasis, budiman, wicaksana, wignya, lebda.
Pitutur = Darma, warsita, wursita, wasita, warah, wuruk
Piwulang = Warah, wuruk, wiyata
Rembulan = Candra, badra, sasi, kirana, wulan, sitaresmi, sasadra, sitengsu
Sagara = Samodra, tasik, jaladri, jalanidi, lahut, gambiralaya, udadi
Satriya = Danudra, andanawarih
Senapati = Senapatya, breyapati, narawara, panglima, hulubalang, pramugari
Slamet = Ayu, basuki, yuwana, swasta
Sugih = Kaya, drebala, sardana
Srengenge = Raditya, pratangga, diwangkara, prabangkara, bagaspati, baskara
Tangan = Asta, lungia, lugiyan, sikara, bujaka
Tawon = Bremara, sadpada, tuskara
Teja = Wangkawa, kuwung, danu, danumaya
Utusan = Duta, cacala, caraka, cundhaka, gandhek
Urip = Gesang, hidhup, atma, juwita, tuwuh, jiwana, kayun, satmaka
Wadon = Estri, dyah, juwita, wanudya, garini, wara, reni, dayita, retna
Wangi = Amrik, arum, sumrik, wida
Widadari = Apsari, dewi, dewati, bathari, waranggana, yuwati

You might also like