Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 1

Ritual adat Saparan Bekakak injih menika satunggalipun ritual budaya jawi saking Ngayogyakarta ingkang

dipun wantosaken rikala wanci wulan Sapar.

Miturut mitos jawi kino, rumiyin wulan sapar dipun wastani wulan sial. Amargi asring wonten kedadosan
musibah. Kapitadosan menika ndadosaken masyarakat jawi mboten ngawontenaken hajatan kadosto
nikahaken putra-putri nipun langkung-langkung dinten Rabu pungkasan wulan Sapar.

Ngantos sakmenika, masyarakat jawi wonten tlatah sakkanan keringipun


Ambarketawang,Gamping,Ngayogyakarta. Tak sih nguri-nguri ritual Saparan kagem mujud aken donga
kagem Gusti Kang Maha Agung supados lir saking sambikala. Ritual adat menika kagungan gegayutan
saking kraton Ngayogyakarta Hadiningrat.

Dipun riwayatken bilih Sultan HB I kagungan abdi kinasih inggih punika Kyai lan Nyai Wirasuta ingkang
nderek mesanggrah wonten ambarketawang. Sak sampunipun kraton dados Sultan sak penderekipun
lajeng boyong wonten kraton. Naming abdi kekalih tetep wonten pesanggrahan Ambarketawang boten
kenyana-nyana bebaya ageng wonten dinten jum’at kliwon wulan Sapar ndadosaken redi gamping
ambrol. Kewusananipun abdi dalem kekalih dados bebanten . anehipun dumugi sakmenika layonipun
boten saget kepanggih.

Ngantos lumintiripun wekdal. Warga ambarketawang gamping dipundaml ajrih amargi teras-teras an
wonten musibah ing wulan sapar. Warga taksih pitados menawi arwahipun Kyai lan Nyai Wirasuta tasih
wonten Redi Gamping.

Mangertosi kadadosan kados mekaten Sultan paring dawuh kagem warga Ambarketawang menawi
wulan Sapar kapurih ngawontenaken upacara slametan kanthi mbeleh penganten sajodo ( bekakak )
ingkang dipun damel saking uwos ketos. Ingkang dipun maksud kangge nggantos Kyai Lan NyaiWirasuta
ugi warga ingkang dados banten Redi Gamping, supados mboten wonten bebaya malih wonten Redi
Gamping.

Ritual adat menika tasih dipun uri-uri ngantos sakmenika menawikala rumiyin kagem tolak balak nanging
sak menika kagem komodias pariwisata saking tlatah Nusantara ugi saking manca negari.

You might also like