Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 9

BUPATI KULON PROGO

Wedhar Sabdo Wonten ing Adicara


MALAM TIRAKATAN PENGETAN HUT RI
KAPING 74 TAHUN 2019
=============================================
Jumat, 16 Agustus 2019
=============================================

Assalamu’alaikum Wr. Wb.


Mugi kawilujengan, kasarasan lan karaharjan tansah
kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

Ingkang kula hormati ;

 Pangarsa ..................(Kecamatan/Desa/Pedukuhan)
 Bapak-Ibu sarta para rawuh kakung sumawana putri
ingkang kebak ing suka basuki ing pundi-pundi
panggenan.

Tirakatan 2019 Page 1


Langkung rumiyin sumangga sami munjukaken raos
syukur Alhamdulillah wonten ngarsanipun Allah SWT,
Gusti Ingkang Maha Kuwaos, bilih wonten ing
ri kalenggahan punika, kula lan panjenengan sami
taksih kaparingan berkah saha inayah, saengga taksih
dipun keparengaken makempal saha silaturrahmi
wonten ing papan punika kangge nindakaken adicara
“Malam Tirakatan Mengeti Ambal Warsa
Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping-74
(pitung dasa sekawan) wonten ing warsa 2019
(kalih ewu sangalas), kanthi wilujeng nir ing sambe
kala.

Para rawuh ingkang kula hormati,


Wonten ing wekdal ingkang mirunggan punika, kula
awit naminipun Pemerintah Kabupaten Kulon Progo
ngaturaken ndherek bingah awit kaleksananipun

Tirakatan 2019 Page 2


malam tirakatan ing pundi-pundi papan. Punika
mujudaken raos tresnanipun warga masyarakat
dhumateng bangsa lan negarinipun.
Sumangga kula panjengan sami ing wekdal punika
mratelakaken cihnaning raos syukur dhumateng
Pangeran Ingkang Maha Kuwaos, awit paringipun
berkah kamardikan dhumateng bangsa Indonesia
ingkang sampun kelampahan 74 (pitung dasa
sekawan) tahun lawasipun, saengga kula lan
panjenengan sami saged sesarengan makaryo kanthi
guyub rukun lan tentrem saben dintenipun.

Kados ingkang dados tema pengetan dinten


kamardikan ingkang kaping-74 (pitung dasa sekawan)
Republik Indonesia inggih punika “SDM UNGGUL,
INDONESIA MAJU”, pramila kula lan panjenengan
sumangga sami tansah makaryo ningkataken

Tirakatan 2019 Page 3


kemampuan diri kanthi semangat ingkang makantar-
kantar kangge gesang lan panggesangan kita, ugi
kagem bangsa lan nagari kita Indonesia. Amargi kanthi
seserepan ingkang tansaya wiyar, kemampuan diri
ingkang tansaya ageng lan semangat kerja ingkang
makantar-kantar, kita saged majengaken bangsa
kanthi mawarni-warni prestasi. Sumber daya manusia
punika potensi bangsa ingkang ageng sanget. Kita
saged nedahaken bilih kita punika bangsa ingkang
unggul, bangsa ingkang anggadhahi Sumber Daya
Manusia ingkang mumpuni, tiyangipun mboten
namung ongkang-ongkang, ananging sregep makarya,
lan bangsa ingkang gadhah semangat kerja inggil.

Mugi-mugi kanthi tirakatan punika, saha donga


saking Bapak Ibu para sedherek wonten ing titiwanci
punika, samangke nagari saha bangsa Indonesia

Tirakatan 2019 Page 4


tansah pinaringan berkah rahmating Pangeran, dados
bangsa ingkang ageng, rakyatipun sejahtera, saha tata
titi tentrem.

Sumangga kamardikan negari Republik Indonesia


punika kita isi kanthi ningkataken potensi lan
kemampuan diri, saenggo dados bangsa ingkang
unggul.

Para lenggah ingkang kebak ing suka basuki,


Saklajengipun wonten ing wekdal ingkang
mirunggan punika, kula ngaturaken agunging panuwun
dhumateng sedaya warga ing tlatah Kabupaten Kulon
Progo awit tansah guyub rukun lan kersa njagi
katentreman ing Kabupaten Kulon Progo, saenggo
kula lan panjenengan sami ngraosaken gesang
ingkang ayem lan tentren. Sumangga katentreman

Tirakatan 2019 Page 5


punika tansah kita jagi sesarengan. Saenggo menawi
wonten ingkang badhe ngrisak saged kita cegah
sesarengan.

Wonten wekdal ingkang sae punika kula ugi


gadhah pangajab, sumangga kula lan panjenengan
sami nindakaken kridha pembangunan miturut
kemampuan lan posisi kita piyambak-piyambak. Ugi
nglestantunaken kridha gotong royong ing gesang
kemasyarakatan, supados tansah guyub rukun lan
panggesangan lumampah kanthi sae ing tlatah Kulon
Progo punika, ingkang saestu saged paring
pangaribawa saha paring panjurung dhumateng
lampahing kridha pembangunan ingkang dipun adani
dening pamarentah punapa dene warga masyarakat.

Tirakatan 2019 Page 6


Kula lan panjenengan uningani bilih sakpunika
Pemerintah Kabupaten Kulon Progo gadhah
pangangkah kangge mujudaken Kulon Progo ingkang
nglestantunaken budaya, dados peranganing Jogja
ingkang Istimewa kanthi landhesan Budaya.
Sumangga budaya ingkang sampun wonten ing
masyarakat, kula lan panjenengan lestantunaken lan
dipun jagi sesarengan, supados anak putu kita saged
mangertosi bilih bangsa Indonesia punika bangsa
ingkang anggadhahi budaya-budaya luhur.

Sumangga kita sengkuyung sesarengan


wontening mawerni-werni pembangunan ing tlatah
Kulon Progo, saenggo kula lan panjenengan mboten
namung dados pamirsa, ananging ugi nyawiji wonten
ing pembangunan punika.

Tirakatan 2019 Page 7


Para rawuh ingkang minulya,
Semanten lan mekaten ingkang saged kula
aturaken, menawi wonten kekirangan saha kalepatan,
kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama.

Sakderengipun kula purnani, saestu kula minangka


ingkang dipun sepuhaken wonten ing Pemerintah
Kabupaten Kulon Progo ngaturaken sugeng tanggap
warsa kamardikan ingkang kaping 74 (pitung dasa
sekawan) Republik Indonesia. Mugi dados negari
ingkang ayom ayem, tata-titi-tentrem, kartaraharjo,
gemah ripah loh jinawi, thukul ingkang sarwa tinandur
lan mirah ingkang sarwa tinumbas, wilujeng kalis nir
ing rubeda.

Tirakatan 2019 Page 8


Mugi-mugi Allah SWT, Gusti Ingkang Maha Mirah,
tansah paring berkah saha inayahipun dhumateng kula
lan panjenengan sedaya. Aamiin.

Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

WAKIL BUPATI KULONPROGO

Drs. H. SUTEDJO

Tirakatan 2019 Page 9

You might also like