Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 1

Beskap inggih punika ageman Jawi ingkang dipun-ginakaken saben upacara utawi acara-acara

tradhisional Jawi. Beskap awujud rasukan ingkang kandel, boten mawi gulon lempit, limrahipun awarni
peteng, nanging tansah saking bahan ingkang polos. Pérangan ngajeng awangun boten simètris, kanthi
pola kancing miring (boten lempeng mangandhap). Gumantung dhumateng jinisipun, wonten prabédan
potongan ing pérangan wingking, kanggé papan medalipun keris. Beskap tansah dipunkombinasi kaliyan
bebed arupi jarik kanggé panutup suku.

Jinis beskap Besut

Beskap gadhah sawatawis variasi ingkang bènten-bènten potonganipun. Ing ngandhap punika jinis-jinis
beskap:

beskap gaya Sala

beskap gaya Yogya

beskap landhung

beskap gaya kilèn

Rujukan

Pranala njaba

You might also like