Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 4

TATA PANGABEKTI MINGGU

RIYAYA PENTAKOSTA
GKJ SUMBERAGUNG
9 Juni 2019
(Pmp = Pemimpin; Psw = Pasamuwan; P+P = Pmp+Psw)

1. Votum lan Salam (Pasamuwan jumeneng)


Pmp : Ibadah punika lumampah ing Asmanipun Sang Rama, Sang
Putra, lan Sang Roh Suci.
Sih-rahmat lan tentrem rahayu saking Allah Sang Rama lan
saking Gusti kita Yésus Kristus, wontena ing panjenengan
ingkang sami ngempal ing Asmanipun Allah!
P+P : (ngidungaken Amin, Amin, Amin)

4/4 do = C
. .
5 7 1 . │ 5 7 1 . │ 5 4 3 ││
A - min A - min A- min

2. Kidung Pamuji KPK 289 : 1,2,3

3. Pangakening dosa (kapimpin déning satunggaling pradata)


Prdt : Sumangga kita nelangsani dosa ingkang tinalesan angger-anggering
katresnan kapetik saking : Injil Mateus 22 : 37-40

Paring wangsulane Gusti Yésus: “Sira tresnaa marang Allahira


klawan gumolonging atinira, gumolonging nyawanira lan
gumolonging budinira. Yaiku angger-angger kangng gedhé lan
luhur dhéwé! Déné angger-angger kang kapindho, kang padha
karo iku, yaiku: Sira tresnaa marang sapepadhanira, dikaya
marang awakira dhéwé. Kabèh isining Torèt lan kitabé para nabi,
iku gumantung karo angger-angger loro mau.”

Pasamuwan ingkang kinasih,


Sumangga kita ngesoraken diri wonten ngarsanipun Gusti lan nyuwun
pangapunten awit kita dereng saget nelakaken katresnanipun Gusti
kanti sampurna.
Sumangga kita ndedonga.
Sesarengan ngrepekaken kidung panelangsa angka KPK 284 : 1,2

4. Pawartos Sih Rahmat


Pmp : Sumangga sesarengan nampeni Pawartos Sih Rahmat ingkang kapetik
saking :
Mat. 25:34-36
Tumuli Sang Nata bakal ngandika marang kang ana tengené: Hé, para
kang binerkahan déning Ramaningsun, mara, padha tampanana
warisan Kraton, kang wus kacawisaké marang sira wiwit dumadining
jagat. Awitdéné nalika Ingsun kerapan, sira nyaosi dhahar Ingsun;
nalika Ingsun kasatan, sira nyaosi kang kanggo ngunjuk; nalika
Ingsun neneka, sira nyaosi palereban; nalika Ingsun kelukaran, sira
ngagem-ngagemi Ingsun, nalika Ingsun gerah, sira niliki Ingsun;
nalika Ingsun kinunjara, sira mara nemoni Ingsun.

Makaten sabdanipun Gusti.


Psw : Puji Sokur konjuk Gusti
5. Kidung Kasanggeman KPK 285 : 1,2,3
6. Pandonga Safaat (Pasamuwan lenggah)
7. Pisungsung
a. Pangatag (déning satunggaling pradata)
Prdt : Ing Minggu Péntakosta punika sumangga kita ngucapaken
sokur karana panganthinipun Sang Roh Suci ingkang
sampun mulihaken tuwin nyembadani gesang kita. Kita caos
sokur kanggé kesarasan, padamelan, miwah wewengan
ingkang sampun kaparingaken dhateng kita saking Gusti.
Sumangga kita caosaken pisungsung kita kanthi ngèngeti
pangandikanipun Gusti ingkang kaserat ing : 1 Babad 16:
29,
“Padha nyaosna kamulyaning asmané marang Pangéran
Yéhuwah, nggawaa pisungsung lan lumebua sowan marang
ing ngarsané. Padha sujuda lan nyembaha marang Pangéran
Yéhuwah kalawan ngrasuk kasucèn.”
KPK 286 : 1-
b. Pandonga ngempalaken pisungsung lan paladosing Pangandika
8. Paladosan Sakramen (Menawi Wonten)
a. Pratelan
b. Pisungsung

9. Paladosing Pangandika (Pasamuwan lenggah)


1. Pamaosing Kitab Suci.
Bacaan I : PurwaningDumadi 11: 1-9
Mazmur Tanggapan : Jabur Masmur 104: 24-35
Bacaan II : Lelakoné Para Rasul 2: 1-21
Bacaan Injil : Yohanes 14: 8-17, 25-27
Kapungkasan srana pratela : ingkang rahayu inggih punika ingkang sami
mirengaken pangandikanipun Allah lan ngéstokaken. Haleluya.
(Pasamuwan ngidungaken Haleluya, Amin)

4/4 do = C
. . .
1 . 2 3 5 │ 6 . 7 1 7 │ 1 . 7 6 5
Ha –le–lu–ya Ha – le–lu–ya Ha – le–lu–ya
. .
5 . 1 2 3 4 │ 3 . 5 1 5 │ 6 . 5 . ││
Ha –le– lu –ya Ha –le–lu–ya A - min
4 . 3 . │ 2 . 1 . │ 1 . . 0 ││
A – min A - min

2. Khotbah

3. Wekdal Ening (Pisungsung Pepujen Paduan Suara “Selaras Kasih”)

10. Pandonga pungkasaning pangabekti lan Donga Rama Kawula

11. Kidung Pungkasaning Pangabekti KPK 287 : 1,3

12. Pengaken Pitados Rasuli (Pasamuwan jumeneng)


13. Berkah
Pmp : Pangéran Yéhuwah maringi berkah dhateng panjenengan
Lan ngayomi panjenengan.
Pangéran Yéhuwah Nyunaraken cahyaning wedananipun
dhateng panjenengan lan maringi Sih rahmat.
Pangéran Yéhuwah nungkulaken wedananipun dhateng panjenengan
lan maringi tentrem rahayu. Amin.

P+P : (ngidungaken Amin, Amin, Amin)

You might also like