Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 7

FNRP XXVI 2019

Hokya! Hokya Hokya! Ho...ya!


Hokya! Hokya Hokya! Ho...ya!
Hokya hokya hokya hokya ho…
Ho...ya.. Ho o ya! Hoya! Hoya! Hoya!
Ho...ya...

Hambukå gelaring caritå


Sang Hyang Digdåyå, sami kerså
Kang dumunung dewåtå, någå, yakså, gandarwå
Tebihaken målå kålå

Kambah Sang Klånå kairing wadyå


Nungkå Singå Barong jroning wånå
Kasorake geneping bebånå
Perang kadibyan datan katulak

Kambah Prabu Klånåsewandånå


Lan Sårådhadu måwå samnjåtå
Lumampah jroning alas Lodaya
Bendhè mangungkung samyå nyuwårå
Kambah Prabu Klånåsewandånå
Ngupåyå bebånåning akråmå

Jurit Bantarangin… Tandyå

Warok Sardulo Djojo, mamangun martå martani


Sinambi ing saben mangså, kålå kalaning nyepi
Warok Sardulo Djojo, mamangun martå martani
Sinambi ing saben mangså, kålå kalaning nyepi

Yå ngono ngger, uring ning alam bebrayan iku, kudu nggedèkne råså lé.
Kudu eling mrip budåyå.

Marmå sabiså mrih tyas marsudi


Muru kang patut lan traping wismå
Ånå ugering keprabon aboning panembah
Ingkang kambah rinå ratri mring siswå martapi

Nadyan rupane awon


Awas digawe bingung
Dasare Patih Bujang Ganong
Punikå tan wedi penthung

Sang Patih Bujang Ganong


Kridå setyå ing mitrå
Sang Patih Bujang Ganong
Tandyå belå negårå

Jathilan Jathilan Jathilan Ponorogo

Cukat trengginas atrampil


Tatag teteg tanggon tutug
Jejere wanitå tåmå
Kukuh lan tangguh
Tandang grayang
Rampak girang rumagang
Nrajang pepalang

Wus samaptå sawegå


Pra kenyå nitih turånggå
Sinawang katon ayu
Jathile Sardulo Djojo

Luk, eluk, eluk lumbu, gampang kepilu


Angin liwat selepak, sing njaluk milu
Katut kegåwå arus, lancing kang bagus
Luk, eluk, eluk lumbu, gampang kepilu
Angin liwat selepak, sing njaluk milu
Katut kegåwå arus, lancing kang bagus

Siyågå sawegå solah bawane sekti


Samaptå lan tandyå barise èdi pèni

Kembang mlati tak sebar sebar ngareping puri


Rupane endah sarta ambete gawe wangi
Rame sigrak guyu swaraning prå jurit putri
Ngresepake gawe sengsem ing jroning negari

Prabu Klana sampun rawuh ngarsaning wadyå

Prabu Klånå
Kerså såkå
Paring sabdå
Mring prå wadyå

Risang nåtå Prabu Klånåsewandånå


Bagus agung satria kang binantårå
Gagah prakoså såhå pidekså
Bantarangin kasebut asmåning pråjå
Swårå babas wadyå, mung gawe girå
Tumuju jroning wånå, sungkem marang Bathårå Sukmå
Sukmå bawånå, mugå legå ing karyå

Singå Barong wus angkårå


Mobat mabit jroning Lodåyå

Singå Barong ngamuk mergå katundhung-tundhung


Sirep wånå ora ånå kang wani mbendung

Gumregah gumregah ndang tangi


Lah åjå pijer ndheg tumolèh
Cèkat cèket ditandangi
Ndang ndang rampung migunani

Mingkar mingkuring angkårå


Perang carub wôr ing wånå
Singå barong datan nyånå
Pecut Samandiman nganani pusåkå

Mingkuring angkårå
Perang carub wôr ing wånå
Sang singå barong datan nyånå
Samandiman nganani pusåkå

Singå Barong, ya kerånå sliramu badar sardulå kanti kasinungan merak,


yå ing kene mbok
menåwå ancas ingsun keturutan ngupadi bebånåning akråmå.
Ora teges aku tegel marang sliramu, nanging terimånen pepesthi ning
Gusti.
Mulå, kanthi lumantar pecut samandiman, mugå sliråmu kuncårå
anjaning bawånå.

You might also like