Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 7

MALING CALURING DENING KELOMPOK 4

Paraga :

Caluring (Adigang, kaku, kuat pangarepe, gontok wicarane): Fendy (30)

Galuga Sakti (Prasaja, teges, andhap asor) : Wahyu (30)

Bapa Guru (Sabar, wasis, wicaksana) : Wulan (65)

Aguna (Ndhendheng, gupuhan, keminter) : Rezi (23)

Simbok (Sabar, sumelangan, open) : Febila (53)

Pak Lurah Sutris (Teges, abdi) : Adel (50)

Bu Lurah Endang (Crewet, sumelangan) : Azka (45)

Ningsih (Lugu) : Via (23)

Satpam Lastri (Prasaja, teges) : Nurul (35)

SINOPSIS

Babag 1

Ing sawijining perguruan ana 2 wong, yaiku Bapa guru lan Maling caluring

Maling caluring : "Eee, aku kok ngeser nang arek wadon, areke ayu, kok nggarai aku
kesemsem, ya apa iki...., Apa tak doleki ae ya areke "

(Bapa guru teka)

Bapa guru : " Ana apa ngger, olehmu tapa durung kelakon sakabehe, tapi kon wis
nang kene nggunem-nggunem gak bener"

Maling caluring : " Nuwun sewu Bapa, napa ingkang sampeyan ngendika niku wau
leres, awit napa anggen kula tapa dereng ngrantos 40 dina sampun kula
pungkasi"

Bapa guru : "Nyapo ngger ?"

Maling caluring : "Anggen kula tapa enten lare wadon, ayu rupane, kula rumangsa
tresna, tresna lair batin Bapa"

Bapa guru : "kon tak omongi ngger, arek wadon iku jenenge ningsih, putrne pak
lurah, sak temene arek wadon iku bisa gawe anggenmu ngudhi ilmu ing
kene ora khusyu' tur uga ora ajek tapane"

Maling caluring : "Menika leres Bapa"


Bapa guru : " Dadi ngene ngger anggene kon ngudhi ilu ing alam donya iki nganti
kebimbang kaliyan bandha, drajat, lan arek wadon, telu-telune bisa
nglunturake kawibawane manungsa. Kon kudu sing ngati-ati ngger, aja
nganti ngunu"

Maling caluring : " Nuwun sewu Bapa, timbangane urip ing alam donya, yen kula
mboten saget urip bebarengan kaliyan ningsih, kula lila yen tekaning
putih"

Bapa guru : "Caluring, teka semana anggenmu nglunturake kawibawan amarga


tembung kebimbang melbu ing atimu, Aja...aja ngger"

Maling caluring : " Nuwun pangestu Bapa, yen mengana, kula bakal tetep ing
panemuku, kula padosake ningsih"

(Galuga sing krungu omongane Baoa guru lan caluring, langsung metu lan ngomong)

Galuga : "Caluring", "salahe bapaku iki apa ?"

Maling caluring : " kon gak usah cawe-cawe nang perkara iki"

Galuga : " saksuwene aku manggon ing perguruan iki, kon iku enggal sak
perguruan. Yen pancen bisa sekarepe dhewe, aku ora nrima kahanan
kaya ngene, minangka gantine Bapa, iki Galuga sakti"

Maling caluring : " jaga omonganmu Galuga, lah kon njaluk geger karo aku, ayo golek
panggon sing jembar"

Galuga : "Tak turuti"

B.guru : "Aja Galuga (Suara sing gedhe medeni) yen kon nuruti omonge
galuga, iku mesti padha rugine"

Galuga : "kula mboten nrima Bapa, sampeyan iku guru kula, yen caluring
kados niku sampun mboten pantes meguru ing mriki"

B.guru :"wis, ora usah didawane. Rinio, madepa ning aku. Ing sajroning
kaluwargamu bakal ana prahara sing gedhe"

Galuga :"Prahara ?, Apa iku Bapa ?"

B.guru :"Ngene, saiki baliko nang omahmu, lan kandhanana adhimu uga si
Mbokmu, supaya jenenge adhimu iku maeng diganti, Yen ora kepingin
kedadeyan prahara"

Galuga :"Ngestuake dawuh Bapa"

Babag 2

Galuga banjur mulih menyang omah, suwi ora mulih, nggarai rasa senng ana ing raine
si mbok
Galuga : "Mbok, mbok, anak sampeyan mulih iki mbok" (Celuk celuk ing ngarep
omah)

Si mbok : "Galuga ta iku ? Lhoalah galuga anak ku sing gantheng dhewe, si mbok
kangen le" (Metu teka njero omah) (Suara bungah)

Galuga : "Inggih Mbok, kula uga kangen sampeyan, adhi ku aguna ning ngendi
mbok ?"

Si mnok : "Adhimu ana ing pawon le, areke lagi mangan, tak celukna ya !"

Galuga : "Gak wis mbok, mengko ae "

Si mbok : "Kon saiki ya apa kabare le ? Apik apik ae ?”

Galuga : “apik apik ae mbok”

(Aguna sing wis mari mangan, arep.metu, mara krungu omongane si mbok lan
galuga)

Aguna : “lho kang mas, kapan kon mulih ? kok aku gak diceluk ?”

Galuga : “gak apa dhi, aku mrene arep kandha kahanan sing penting”

Aguna : “apa iku kang mas, ayo ndang diomogake ing ngarep ku lan si mbok”

Simbok : “Iya, le. Blaka ae marang si mbok mu iki “

Galuga : “kula badhe ngandharaken napa ingkang sampun dipunandharaken Bapa


Guru marang kula “

Galuga : “Simbok, Bapa Guru niku sanjang menawi asmanipun Aguna kedah dipun
gantos”

Aguna : “Apa kang mas? Kate ganti jeneng ku??? “

Galuga : “Iya adhiku “

Alguna : “Gak, Aku gak katene ganti jenengku ”

Si mbok : “Sik toh le. Aja kesusu muring dhisik, kang mas mu mesti nduwe alasan.
Rungakna jlentrehane kang mas mu dhisik”

Galuga : “Si mbok leres. Apa kang wis dak andharake pancen ana alasane”

Alguna : “Halah.. Alasan apa toh mas. Aja ngana-ana”

Galuga : “Gak dhi, apa sing tak omongna gak ngana-ana, bakal ana prahara nek jeneng
mu gak di ganti”

Alguna : “Halah aku gak percoyo nang ngunu iku, sampeyan iku sapa kok weruh apa
sing bakal dadi ning ngarepe”
Si mbok : “Wis ta le maburo wae nang kang mas mu, dheweke ngomong ngunu iku
amarga ana dasare iku bapa gurune”

Alguna : “Mboten si mbok kula mboten kersa menawi asmanipun kula di pun gantos,
ya napa ya napa kula mboten kersa”

Galuga : “Ya wis nek iku pancen dadi kaputusanmu. Nanging nek ana prahara-prahara
apa ae sing dumadi ning ngarepe, aku ora bakal cawe-cawe. Aku ngomong
ngono amarga aku iki minangka gantine bapak sing kudu ngeman-eman si
mbok karo adhiku. Aku bakal mbalik ning Padhepokan kanggo nutukake
anggenku ngudi ilmu. Sing penting aku wis ngilingake kowe. Yen balale ana
apa apa, gawaen dhewe”

Si mbok : “Oalah le le, kok dadi kaya ngene kahanane”

Babag 3

Pak Lurah : “Ealah buk buk .bingung aku saya suwe desa iki kahanane saya akeh
malinge lan ora aman maneh”

Bu Lurah : “Oalah pak ya apa maneh,wong kahanane wis kaya ngene kudu ne di ati ati
ae”

Pak Lurah : “lha wong wong iki pada sambat kabeh nek desa iki ora aman, sakjane iki
ana apa se buk buk”

Bu Lurah : “Wis pak ayo dunga ae marang gusti pengeran mugi mugi desa iki. Bisa
aman lan tentrem maneh lan luwih dijaga maneh keamanane. yawis iki wis
bengi pak sesuk di sambung maneh, wis ndang turu pak”

Pak lurah : “Inggih buk ,bapak ya wis ngantuk tapi ningsih iki nang ndi ya buk kok ora
ketok areke”

Bu lurah : “Ningsih rene nduk”

(ningsih metu saka )

Ningsih : “Inggih buk wonten napa ?”

Bu Lurah : “Kon wis mangan apa durung nduk”

Pak Lurah : “Ndang mangan dhisik nduk”

Ningsih : “Inggih pak buk sampun, niki wau nembe dhahar kok”

Bu lurah. : “Ya wis ayo pada turu dhisik iki ya wis bengi, age nduk ndang turu”

Ningsih : “Inggih buk”

(Bpk.lurah, bu lurah lan ningsih wis podho turu ning kamare)


Omah wis sepi, kabeh pada turu, mung security sing tangi

(Nang tengah wengi caluring melbu kamare ningsih, lan nyawang ranei ningsih)

Caluring : “Bocah iki kok yo ayune tenan toh yo yo, jiannn puantes tenan dadi bojoku”

(Gak kesuwen caluring nggunakake ilmu sirepe kanggo nyirep ningsih, lan ningsih
uga di gawa metu saka kamare)

Caluring : “aku bakal nggawa bocah iki”

(Ing wayah isuk bu lurah bingung pas nggugah ningsih ning kamare.....)

Bu lurah : “Pak, pakkkkk, nang ndi anakmu iki kok ora ana pak”

Pak lurah : “Ana apa se buk kok bengok bengok wae, ya ning kamare wong areke
durung tangi kok”

Bu lurah : “Rinio talah pak iki areke gak onok ning kamar”

Pak lurah : (melbu kamare ningsih) “loh loh nang ndi loh arek iku parane”

Bu lurah : “ya gak ngerti pak, wong aku takon sampeyan kok malah sampeyan takon
aku, jupri kongkonen mrene pak kok isok isoke anakku ilang iki”

Pak lurah : “priii jupriiii..... rinio “

Jupri : “inggih pak tris wonten napa”

Pak lurah : “iki ningsih kok gak ana nang kamare iki nang ndi pri, awakmu ngerti apa
gak ? wong awakmu seng jaga omah maeng bengi”

Bu lurah : “awakmu ya apa prii , mosok awakmu gak weruh ? wong awakmu sing
njogo.”

Jupri : “lho, wau dalu mbak ningsih mboten medal lho pak tris bu tris wau enjing
kula dereng ketemu kalih mbak ningsih”

Pak lurah : “wis ngene ae awakmu gaweo wara-wara nek ningsih ilang saiki”

Jupri : “nggih pak triis”

(Sawise diprintah pak lurah jupri langsung mlayu ngabari warga)

(Salah siji warga ana sing ngeruhi yen aguna sliweran ning omahe pak lurah)

Jupri : “pak pak, wonten kabar menawi aguna wau dalu sliweran wonten dalem e
njenengan”

Pak lurah : “lho iya ta, titenono wae lek pancen bener de e sing gawa anakku ningsih
entek temen arek iku. Wis ngene wae paranono aguna nek de e gak gelem
mbalekno anakku kurang saka 5 dina de e bakal tak ukum mati”
Babag IV

Aguna : " Waduh ... mbok simbok, tulungana anakmu iki.."

Simbok : " Ana apa seh le, nyapa kon kok bingung tur wedi kaya ngana ?
Kandaa nyang simbok mu "

Aguna : " Aku diarani nyulik anak e pak Lurah mbok, sekjane aku mung
njupuk pencit nang kunu. Yen aku gak bisa nemokne anak e pak Lurah
Sasuwene 5 dina, aku bakal di pateni mbok"

Simbok : " Loh kok bisa sampe kaya mengkana seh le ... kepriye lek wis kaya
ngene (simbok banjur mikir) yen wis kaya mengkene le, coba njaluk o
pitulungan kang mas mu."

Aguna : " nanging kang mas wis kadung nesu marang aku mbok, kepriye yen
mengko kang Mas gak gelem nulungi aku"

Simbok : " jajal en disik le, Kang Mas mu gak bakal mentala yen ngerti
kahanane sing wis kaya ngene "

Aguna : " Inggih mbok, aku bakal nemoni kang mas, saiki "

Banjur iku Aguna metu teka omah lan budhal goleki Galuga. Aguna nemokno Galuga ing
padhepokane.
Aguna : “cak, cak, sing sampeyan omongno wingi kae bener kelakon, aku
diarani nylong ningsih anake pak lurah, nek aku gak bisa mbalekna sesok isuk, aku bakal
dikunjara”
Galuga : “iya to ? saiki lapo kon njaluk tulung nang aku ?”
Aguna : “nek gak sampeyan, sapa sing bakal nulungi aku ?”
Galuga : “ oalah terahne kon iku ngunu pancen, yo wis tak ewangi goleki
putrine Pak Lurah. Sakjane aku wis ngerti nek sing nyolong iku Caluring sing gak liya ya
kancaku sak padhepokan”
Banjur iku, caluring lan aguna muteri alas-alas lan kebon ndoleki caluring, kok
njelalah nemoake caluring ana ing sawijine panggon, wektu iku Caluring arep ngeruda peksa
ningsih, nanging gak sida amarga ujug-ujug dijejak karo Galuga teka mburi nganti ambleg.

Galuga : "Aguna, age cepetan iki ningsih terno balik, ben kon gak kenek
paukuman."

Aguna : "Iyo cak. "

Galuga : "Iki aku ae sing nahan caluring, kon ndang ngalih."

Aguna langsung ngalih karo Ningsih....


Caluring : "ora saenak iku gawa ningsih"

Galuga : "liwati Galuga sakti dhisik sakdurunge nguber Aguna adhiku."

Caluring : "kon iku lapo seh, kok metuek ngunu."

Galuga : "Percuma anggenmu ngudi ilmu sasuwenene nang padepokan nak


bakale arep nge ruda peksa anake wong, aku kuciwa karo kon."

Caluring : "Iki karepku, lapo kon melok-melok urusanku. Tak jar-jarne kok saya
kurang ajar ae kon. Ayowes saiki gelut nang kene."

Galuga lan Caluring gelut tanpa gaman. Nanging Caluring isih kalah, terus dheweke
ngetokne keris, uga Galuga.

Caluring : Nganti tekaning pati keris iki bakal mancep nang dadamu.

Galuga : (parikan)

Mene ngunduh apel karo tangga

Kene majua, mangga

Caluring : (parikan)

Tuku paku nang Pak Surana

Iki gamanku Rasakna

Sakwise iku, kasunyatane Caluring kalah karo galuga tur arep digawa karo Galuga nang
kunjara.

Galuga : "Sektimu isih kalah karo engkresmu."

Caluring : "Ampun Galuga."

Galuga :" Saiki kon bakal tak gawa lan tak serahno pak lurah cekno dikunjara,
kon isa getuni apa sing wis kok lakoni, lan wiwit saiki kon tak celuk, MALING
CALURING."

You might also like