Asal Mulane Kuta Balikpapan

You might also like

Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 3

Asal Mulane Kutha Balikpapan

Dek jaman biyen ing Kalimantan Wetan, ana kerajaan gedhe sing dipimpin karo Raja Aji
Muhammad. Raja iki kawentar kang adil lan bijaksana. Mulane negrine kuwi aman, makmur, lan
sentosa. Negrine nyakup wilayah kang amba, salah sijine teluk sing pemandangane apik banget.
Raja Aji Muhammad duwe anak wadon jenenge Aji Tatin. Dheweke siji-sijine calon pewaris
kerajaan Raja Aji. Mulane kabeh pada ngekekna perhatiane marang Aji Tatin.
Gedhene, putri Aji Tatin dinikahake karo putra bangsawan saka Kutai. Perayaan nikahane
meriah banget. Para tamu sing diundang ora mung saka panggedhe kerajaan tetangga nanging
kabeh rakyat negri melu ngrayakake perayaan kasebut.
Raja Aji Muhammad ngendhikan ing ngarepe kabeh tamu marang putri Aji Tatin menawa
dheweke arep menehi teluk sing pemandangane kang apik banget kuwi dadi hadiah nikahane uga
teluk kuwi mau wis dadi wilayah kekuasaane Aji Tatin. Putri Aji Tatin wiwit iki oleh munguti
upeti saka penduduk teluk mau. Sakwise ngrungoake perihal kuwi mau putri Aji Tatin bungah
banget atine.
Wiwit iku putri Aji Tatin dadi ratu ing teluk. Sing ngrewangi dheweke munguti upeti saka
penduduk yaiku garwane lan abdine sing setya yaiku Panglima Sendong. Wektu iku upeti sing
dipunguti yaiku kayu arupa papan, gawe bangun istana.
Dina iku, wong-wong kepercoyoane putri Aji Tatin dipimpin karo Panglima Sendong lagi
munguti upeti kayu. Upeti kuwi mau diangkut karo prahu kanggo nyebrangi segara. Nanging,
pas katene tekan ing teluk ora disangka-sangka angin gedhe dieloki karo omabak gedhe nerjang
prahu. Kabeh wong panik. Panglima Sendong ngongkon prajurite supaya ndang ngadoh saka
ombak gedhe mau karo dayung gunakake tokong.
Ning, kabeh sing dilakonake wis telat. Sadurunge perahu tekan teluk, ombake tambah
gedhe lan nabrak lambunge prahu sing nyebabake kabeh bagian prahune kisian banyu segara.
Ora sepira suwe, prahu iku mau banjur malik lan kelem.
Prahu sing kelem mau kegowo ombak lan natap karang gedhe ing cedhake teluk saengga
pecah ora karuan. Ora ana wong sing selamat, termasuk Panglima Sendong. Papan kayu sing
diangkut mau sebagian ana ing prahu sebagian maneh ngapung ing cedhake teluk. Tokonge para
pendayung uga puthul ora karuan.
Putri Aji Tatin lan garwane ngrasa kilangan lan sedhih banget amarga musibah sing
dialami wong-wong kepercoyoane. Mula, gawe ngenang kedadeyan iku wilayah panggone prahu
sing malik kuwi dijenengi Balikpapan, saka 2 wanda yaiku balik lan papan.
Pitakonan :
1. Sapa jeneng anak wadone Raja Aji Muhammad?
Aji Tatin
2. Kenangapa kabeh pada ngekekna perhatiane marang Aji Tatin?
Amarga Aji Tatin iku siji-sijine calon pewaris kerajaan
3. Putri Aji Tatin dinikahake karo putra bangsawan saking endi?
Saking Kutai
4. Sapa bae sing diundang ngrayakake perayaan nikahe Aji Tatin?
Panggedhe kerajaan tetangga lan kabeh rakyat ing negri iku
5. Apa hadiah Raja Aji Muhammad kanggo Aji Tatin?
Teluk sing pemandangane kang apik banget
6. Sapa jeneng garwane lan abdine Aji Tati sing setya?
Panglima Sendong
7. Apa bae upeti sing dipunguti Aji Tati saking penduduk?
Upeti sing dipunguti yaiku kayu arupa papan
8. Upeti sing dipunguti iku kanggo gawe apa?
Kanggo mbangun istana
9. Wilayah panggone prahu sing malik kuwi dijenengi?
Balikpapan
10. Balikpapan iku saka 2 wanda, yaiku?
Balik lan papan
Unsur Intrinsik :
1. Irah-irahan: Asal Mulane Kutha Balikpapan
2. Tokoh : Raja Aji Muhammad, Aji Tatin, Panglima Sendong
3. Latar : Ing Kalimantan Wetan
4. Amanat : Dhewek kudu ati-ati nalika nglakoni apa bae

Tembung Sing Angel :


1. Kawentar : Memerintah
2. Upeti : Pajak
3. Nyakup : Mencakup
4. Kelem : Tenggelam

You might also like