Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 2

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillahirabil ‘alamin washalatu wasalamu ‘ala ashrofil anbiya wal mursalin


wa’ala alihi washohbihi ajma’in amaba’du
-Para pepunden, para pinisepuh, para sesepuh ingkang hagung mastuti, dhumateng
pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundi
- Bapak H. Mustafid SAG ingkang dahat kinurmatan
-Panjenenganipun bapak susanto minangka kepala dusun kedundang 3 ingkang kula urmati
- Bapak ibu ingkang kula urmati
-karang taruna cakra yodha ingkang kula tresnani
Langkung rumiyin, sumangga kita ngunjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun
Allah SWT ingkang sampun paring rahmat, hidayah, saha inayahipun dhumateng kita sedaya,
satemah kita saged makempal ing pepanggihan menika kanthi pinaringan karahayon saha
kabagaswarasan tebih saking rubeda nir ing sambekala. Shalawat sarta salam mugiyo tansah
katur dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kito ajeng-ajeng
syafaatipun wonten ing yaumul qiyamah, Allahuma Aamiin.
Keparengo kula matur ing mriki, kula ingkang kajibah minangka pranatacara badhe
ngaturaken rantamaning adicara Halal-bihalal ing enjang punika, nun inggih :
1. Pambuka
2. Gema wahyu ilahi punapa dene waosan ayat suci Al Qur’an.
3. Pambagyaharja
4. Inti acara Halal bihalal
5. Penutup
Mekaten menggah rantamaning adicara ingkang badhe kalampahan. Ngingeti wekdal
sampun winanci, sumangga adicara halal bihalal menika kito wiwiti.
Ingkang kapisan, mangga kita panjenengan sedaya purwakani adicara menika dening
waosan basmalah. Kula dherekaken. Matur nuwun. Mugi-mugi kanthi waosan basmalah,
adicara sageda kalampah kanthi lancar. Aamiin
Adicara ingkang kaping kalih nun inggih waosan gema wahyu Ilahi punapa dene waosan
ayat suci Al Quran ingkang bade kasarira dening adik Putri Rahayu N. Dhumateng Dik Putri
wekdal lan papan kula aturaken.
Ngancik acara kaping tiga, pambagyaharja ingkang badhe kaaturaken dening Bapak
Susanto minangka dukuh pedukuhan kedundang 3. Dhumateng bapak susanto,
kasumanggakaken.
Adicara salajengipun inggih menika inti halal bihalal, ingkang badhe dipunaturaken
panjenenganipun Bapak H. Mustafid SAG. Wekdal saha papan kasumanggakaken
sacekapipun. Matur nuwun dhumateng bapak mustafid, mugi mugi kita sedaya saged mendet
hikmahipun.
Adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup. Mekaten kala wau lampahipun
adicara halal bihalal sampun kalampahan kanthi lancar pramila sumangga kita tutup kanthi
waosan hamdalah. Matur nuwun. Cekap semanten atur kula ing pepanggihan punika, menawi
kathah klenta-klentuning atur salah solah bawa ingkang kirang mranani, saestu kula namung
saged ngaturaken sedaya lepat nyuwun agunging pangapunten. Mugi rahayu ingkang tansah
pinanggih. Nuwun.

You might also like