Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 1

Wenehana tenger teks pidato ing ngisor iki endi bae kang kalebu bagian-bagian pidhato!

Pidato Bahasa Jawa Dengan Tema Perpisahan

Assalamu'alaikum wr. wb

Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi
lan rencang - rencang kelas 6 ingkang kula tresnani.

Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang
sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito
sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sak manika.
Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 6 ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-
agengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco
dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun enem warsa.

Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing
pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang - rencang nyuwun
agenging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing enem warso ngangsu
kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang
dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo
kelepatan kulo lan rencang - rencang.

Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo
ingkang wonten dateng mriki sampun kados sederek lan kaluargo. Namung amargi kulo lan
rencang - rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih
inggil, kulo lan rencang - rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.

Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun
agenging pangapunten.

Wasslamu'alaikum wr. wb

You might also like