Professional Documents
Culture Documents
Materi Pawarta
Materi Pawarta
Maca pawarta kudu seru, nanging tetep nggathekake teknik-teknik maca pawarta,
yaiku.
1. Pamaca pawarta kudu nguwasani isi pawarta sing arep diwaca. Sadurunge maca, pamaca
pawarta kudu maca naskah luwih dhisik lan nliti umpamane ana sing kleru.
2. Pelafalan (pocapan) uga wigati. Konsonan utawa vokal kudu cetha supaya ora dadi samar
karepe amarga ana tembung sing meh padha pangucapane.
3. Unjal napas (jeda) kudu bener. Dawa cendhake jeda kudu digathekake. Biyasane pamaca
pawarta migunakake:
a. Tandha (/) : kanggo mandheg sedhela.
b. Tandha (//) : kanggo mandheg suwe.
c. Tandha (_) : kanggo pungkasan baris sing ora kena mandheg.
4. Ing wirama (dhuwur cendhake swara) kudu diselang seling supaya gampang mbedakake
antarane bagean sing wigati lan ora.
5. Anggone maca ora kena cupet banget utawa rendhet banget. Tempo sing cepet banget
angel ditampa pamiarsa. Suwalike yen rendhet banget bakal mboseni sing ngrungokake.
6. Bantere swara kudu cukup saengga gampang ditampa.
7. Menawa pamaca pawarta dipajang (di-shooting), sikep pamaca pawarta kudu wajar, aja
kaku lan sakarepe dhewe, pandeleng/netra aja ngasi naskah terus.
Pamaca luwih becik uga mangerteni sipat-sipate pawarta, yaiku.
1. Aktual (Anyar), yaiku pawarta kang luwih anyar luwih becik tinimbang pawarta lawas.
2. Jarak (Adoh/Cedake), yaiku pamaca luwih nggatekake tumrap prastawa kang dumadi
ing sakiwatengene tinimbang pawarta saka papan liyane.
3. Wigati, yaiku sawijining bab bakal dadi pawarta yen dianggep perangan kang wigati
amarga bisa ngendaleni panguripan ing bebrayan wong agung.
4. Akibat, yaiku sawijining bab dadi pawarta yen ngowahi kahanan.
5. Congkrah/Konflik, yaiku pamaca luwih seneng nyetitekake pawarta kang surasane
congkrahan.
6. Tintrim, tuladhane : nalika nulungi wong ing kacilakaan.
7. Kemajuwane, yaiku inovasi utawa owah-owahane teknologi. Pawarta kang anyar luwih
narik kawigaten pamiarsa.
8. Emosi, yaiku sawijining pawarta kang bisa ndadekake nesu, susah, nangis, lan gela.
Tuladha: nemokake bayi ing pinggir kali.
9. Humor, yaiku gawe sengsem, mesem, lan guyu.
D. Nulis Pawarta
Nulis pawarta nduweni cara dhewe kang kudu digathekake, yaiku:
1. Objektif
Ing babagan iki penulis ora kena martekake pawarta dikantheni kepentingan pribadi lan
sponsor. Pawarta kang tinulis kudu adhedhasar fakta utawa data kang sanyatane dumadi.
2. Cover Both Side
Pawarta iku kudu imbang, aja abot sisih. Luwih-luwih nyebutake pehak-pehak kang ana
gegayutane langsung karo pawarta kasebut.