X Soal Bahasa Jawa

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 7

KEMENTERIAN AGAMA REPUBLIK INDONESIA

PENILAIAN TENGAH SEMESTER GASAL MADRASAH ALIYAH


TAHUN PELAJARAN 2017/2018

Mata Pelajaran : B. Jawa Hari, Tanggal :


Kelas/Program : X IPA/IPS Waktu :

PETUNJUK UMUM : 1. Semua jawaban dikerjakan di lembar jawaban yang tersedia.


2. Nama dan nomor siswa ditulis pada sudut kanan atas lembar jawaban.
3. Gunakan waktu yang tersedia dengan sebaik-baiknya.

PETUNJUK KHUSUS :
Pilihlah jawaban yang paling tepat diantara A,B,C,D, atau E yang sesuai dengan pernyataan
sebelumnya dari tiap nomor dengan tanda ( • ) arsir pada LJK yang tersedia !

Pethilan cerkak ing ngisor iki semaken kanggo nggarap soal nomer 1-5
…. Batine muntab kalawan pawongan wingi kang katon alus, ananging sardula awewujud manungsa,
kekudhung walulang macan. Wicarane alus manganyuwara, jebule juling lan culikan. Batine pengin nesu
ananing mung kadheng ing sajroning dhada.
Mbah surip mampir ing sangisore wit trembesi tuwo ong pojok tanggul sawah, dislonjorake sikile
banjur dheleng-dheleng.
“Dhuh Gusti Pangeran Kang Gawe Urip, paringana kuwat. Wong cilik ongklak-angklik kok tegel-
tegele diapusi. Wis bejamu Sri… aja dadi ari,” Mbah Surip seleh.
1. Mbah Surip susah amarga …
A. Kesel
B. Diapusi
C. Kelangan putu
D. Kelangan dhuwit
E. Tandurane dirusak macan
2. Crita ing dhuwur kelebu crita sing gawe …
A. Eling
B. Guyu
C. Marem
D. Seneng
E. Trenyuh
3. Kang dimaksud tembung sardula yaiku …
A. Sapi
B. Kebo
C. Macan
D. Manuk
E. Bantheng
4. Miturut pethilan cerkak ing dhuwur, Mbah Surip mujudake paraga kang duweni watak …
A. Juling
B. Culika
C. Kuwat
D. Pasrah
E. Gampang nesu
5.

Gambar ing dhuwuriki kelebu jinise omah …

A. Limasan
B. Tajug
C. Joglo
D. Panggung Pe
E. Kampung

6.
1

3
4 4
A 5 6 7
E

Nitik saka denah omah joglo ing dhuwur perangan pringgitan yaiku ing nomer …

A. 3
B. 6
C. 4
D. 1
E. 2
7. Semar Pinondhong iku perangane jinise omah …
A. Joglo
B. Tajug
C. Limasan
D. Kampung
E. Penggang Pe
8. Omah kang payone pelana, empyake rong iring kiwa lan tengen kanthi molo ana tengah iku
kelebu jinise omah …
A. Limasan
B. Penggang Pe
C. Tajug
D. Kampung
E. Joglo
9. Perangan omah kampung kang awangun maju telu ing iringane empyak diarani …
A. Molo
B. Blandar
C. Gebyok
D. Pengeret
E. Tutup keyong
10. Para warga samenika saged maos ariwarti ing perpustakaan desa.
Tembung ariwarti tegese …
A. Buku
B. Internet
C. Ensiklopedia
D. Koran harian
E. Majalah minggon
11. Panulise ukara miturut ejaan kang bener yaiku …
A. Budhe tindak kutho.
B. Aku duwe konco anyar.
C. Apa kowe durung sarapan to?
D. Goro-goro kowe aku keblasuk.
E. Pituture Simbah ojo dilalekno.
12. Paugeran penulisane basa Jawa mawa aksara Latin kang dienggo saiki yaiku Ejaan Bahasa Jawa
yang Disempurnakan dengan Ejaan Bahasa Indonesia yang Disempurnakan kang ditapak asmani
dening Menteri Pendidikan dan Kebudayaan, Syarif Thajib ing tanggal …
A. 18 Maret 1973
B. 18 Maret 1975
C. 18 Maret 1976
D. 18 Maret 1974
E. 18 Maret 1977
13. Tanggul kuwi jebol kemangka lagi wae dibangun.
Tembung kemengka mujudake tembung panggandheng kang nyatakake …
A. Akibat
B. Pilihan
C. Tujuwan
D. Panyetha
E. Kosok balen
14. Ukara ing ngisor iki kang bener miturut unggah-ungguhing basa yaiku …
A. Koran kuwi duweke pakdhe.
B. Bapak maca Koran ing ngarep omah.
C. Ibu mundhut Koran ing wonten caket peken
D. Simbah krungu kabar yen ratan ngarep omah arep diaspal.
E. Radhio nggiyarake menawa presiden arep teka ing Semarang.
15. Cacahe wanda saben gatra diarani …
A. Guru lagu
B. Guru gatra
C. Guru satra
D. Guru swara
E. Guru wilangan

16. Nanging janaka ingkang wus waspadeng semu. Tembung waspadeng dumadi saka tembung …
A. Waspada + ana
B. Waspada + ing
C. Waspada + aneng
D. Waspada + neng
E. Waspada + ning
17. Gunane tembung garba ing tembang yaiku …
A. Ngringkes tembung
B. Nyocogake guru lagu
C. Nyocogake cacahe wondo
D. Ndadekake basa dadi endah
E. Wangsulan A, B, C, D bener
18. Nalika gawe tembang kang ditemtokake luwih dhisik yaiku …
A. Ngepaske titilaras
B. Gawe ukara sing cacahe padha karo guru gatrane tembang
C. Nemtokake gagasan
D. Ngepaske guru lagu lan guru wilangan
E. Ngrakit ukara kang endah
19. Serat Wedhatama dumadi saka 5 pupuh, Ding diarani pupuh yakiu kumpulane …
A. Wialngan ing tembang
B. Pada ing tembang
C. Metrum ing tembang
D. Wanda ing tembang
E. Gatra ing tembang
20. Perangan njero minangka punjere omah joglo, isine ruwangan kanggo ngumpul kulawarga lan
ruwangan liyane sing sipate luwih pribadi yaiku …
A. Gandhok
B. Senthong
C. Krobongan
D. Pringgitan
E. Dalem ageng
21. Kang diarani ompak yaiku …
A. Watu sangganing cagak utawa ganjel cagak
B. Urung-urung kang digawe saka kanggo ngilekake banyu
C. Tembok kayu sing gunane kanggo mbatesi senthong karo pringgitan
D. Balungan omah kang ana dhuwur dhewe mujur ketumpangan wuwungan
E. Perangan omah kampung kang awungan maju telu ing iringane empyak
22. Pawarta oea kena mihak kana kene lan adhedhasar fakta, ateges isine pawarta kudu …
A. Aktual
B. Lugas
C. Objektif
D. Faktual
E. Cekak aos
23. Pawarta nduweni sifat-sifat faktual, tegese …
A. Diterangake kanthi basa sing cekak aos lan ora ngayawara
B. Nggunakake basa kang duwe teges lugu saengga gampang dimengerteni isine
C. Lagi wae kedaden lan isih rame dadi rerasaning wong okeh
D. Sumbere informasi saka kedadeyan nyata kang dumadi ana ing masyarakat
E. Kedadeyan kang diwartakake bisa narik kawigate masyarakat akeh
24. Kasustraan Jawa kang adhapur basa pinatok yaiku …
A. Saloka
B. Tembang
C. Sanepa
D. Cangkriman
E. Bebasan
25. Sinopsis kang becik yaiku kajaba …
A. Ukurane runtut
B. Saben ukara ditulis kanthi nggatekake tata tulis serta pilihan tembung kang bener lan pener
C. Kedadeyane ditulis kanthi runtut lan tinemu nalar (logis)
D. Kedadeyane ditulis kanthi jangkep satemah urutane crita ora pedhot-pedhot
E. Wangsulan A, B, C, D bener
26. Buku-buku kang isi babangan sejarah kalebu …
A. Sastra lakon
B. Sastra mistik
C. Sastra babad
D. Sastra roman
E. Sastra suluk
Rerepan tembang ing ngisor iki semaken kanggo nggarap soal nomer 27-31.
Kikisane mung sapala
Palayune ngendelken yayah wibi
Bangkit tur bangsaning luhur
Lan iya ingkang karma
Balik sira sarawungan wae durung
Mring atining tata krama
Nggon-anggon agama suci.
27. Tembang ing dhuwur kalebu tembang …
A. Sinom
B. Pangkur
C. Kinanthi
D. Asmaradana
E. Pocung
28. Tembang ing nduwur ngemut pitutur babangan …
A. Aja dhemen mitenah
B. Aja ngendelake kapinteran
C. Aja seneng sesorangan
D. Aja nyepelekake tata krama
E. Aja ngendelaku wong tuwo
29. Guru gatrane tembang ing dhuwur ana …
A. 8
B. 6
C. 7
D. 9
E. 5
30. Watake tembang ing dhuwur yaiku …
A. Nepsu, sereng sanget
B. Asih asuh
C. Nelangsa, prihatos sanget
D. Prihatin, welas
E. Sereng
31. Guru wilangan lan guru lagune tembang ing ngiringan yaiku …
A. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 7a, 8i
B. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
C. 8a, 11i, 8u, 8a, 12u, 8a, 8i
D. 8a, 12i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
E. 8a, 12i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
32. Sadurunge diwaca lan digiyarake utawa diterbitke umume teks pawarta kang wis dutulis kuwi
ditliti luwih dhisik lumantar tahap kang diarani penyuntingan. Ancas dianakake penyuntingan
yaiku …
A. Nambahi ukara supaya wektune tambah suwe
B. Nambahi basa rinengga supaya kepenak dirungokake
C. Nambahi isine berita supaya uwong sing diwartakake dadi seneng
D. Ngowahi struktur supaya runtut lan kepenak diwaca utawa dirungokake
E. Wangsulan A, B, C, D bener
33. Tembung panggandheng yaiku tembung sing bisa kanggo nggandheng tembung karo tembung,
frasa karo frasa, klausa karo klausa, ukara karo ukara. Kang kalebu tembung penggandheng sing
nyatakake sebab yaiku …
A. Nalika
B. Saengga, satemah
C. Amarga, jalaran
D. Saumpama, upama nyatakake syarat
E. Lan, miwah, saha, serta
34. Nalika aweh tanggapan kudu nggatekake bab-bab ing ngisor iki, kajaba …
A. Basa kang trep
B. Sikap kang becik
C. Ora ngasorake pribadine wong liyo
D. Diandharake saperlune wae lan ora ngayawara
E. Ora nggunakake pawadan sing ketemu nalar
35. Urutane stuktur cerkak yaiku …
A. Irah-irahan- komplikasi- klimaks- karampunganing- masalah- paparan crita
B. Irah-irahan- komplikasi- paparan crita- klimaks- karampunganing masalah
C. Irah-irahan- paparan crita- komplikasi- klimaks- karampunganing masalah
D. Irah-irahan- paparan crita- klimaks- komplikasi- karampunganing masalah
E. Irah-irahan- paparan crita- klimaks- karampunganing masalah- komlikasi
36. Struktur crita nalika masalah dadi gawat yaiku perangan …
A. Klimaks
B. Komplikasi
C. Irah-irahan
D. Paparan crita
E. karampunganing masalah
37. Bakuning gagasan kang dadi dhasar panulise crita diarani …
A. Alur
B. Tema
C. Amanat
D. Latar
E. Interpretasi
38. Basa ngoko alus digunakake kanggo guneman ing antarane …
A. Marang atasane
B. Bocah karo bocah
C. Bocah marang wong tuwo
D. Wong tuwo marang wong enom sing isih ngajeni
E. Wong enom marang sing luwih tuwa sing ngajeni banget
39. Ukara ing ngisor iki kang bener miturt unggah-ungguhe basa yaiku …
A. Bapak tuku griya joglo lawas.
B. Bapak tuku omah joglo lawas .
C. Bapak tumbas omah joglo lawas.
D. Bapak tumbas dalem joglo lawas.
E. Bapak mundhut omah joglo lawas.
40. Ukara ing ngisor iki kang kalebu ngoko alus yaiku …
A. Omahku saiki ono Magelang.
B. Daleme simbah saiki ana Magelang.
C. Omahe kancaku kuwi ana Magelang .
D. Griya kula semenika wonten Magelang.
E. Dalemipun budhe samenika wonten Magelang.
41. Pasangan ing aksara murda ana …
A. 4
B. 5
C. 6
D. 7
E. 8
42.

You might also like