Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 1

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun,

Ingkang kinurmatan Kepala Sekolah, Bapak/Ibu guru saha karyawan SMA Negeri 1 Gombong ingkang
mula bekteni, Bapak/Ibu/ Wali murid ugi para rawuhingkang satuhu kinurmatan. Mboten kesupen para
kanca siswa kelas 12 ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kita sesarengan ngunjukaken puji syukur dhumateng Gust Allah, ingkang
sampun maringi sedaya kenikmatan dumateng kita, lan saengga kita saged kempal sesarengan wonten
ing SMA Neger 1 Gombong.

Sholawat ugi salam mugiya kaunjuk dhumateng nabi Muhammad saw. ingkang kita tenggo syafaatpun
mbenjang wonten dinten akhir.

Para rawuh kula urmat, jumenengipun kula wonten mriki badhe nyampeaken sesorah amakili kanca-
kanca kelas 12. Kita minangka Siwa kelas 12 SMA Negeri 1 Gombong namung saged ngaturaken
agunging panuwun kagem Bapak/Ibu guru sedaya ingkang sabar Sareh anggenipun nggulawentah kula
lan kanca-kanca dangunipun tgang taun wonten ing pawiyatan sakmenika.

Kula lan rencang rencang inggih badhe nyuwun donga pangestunipun dhateng Bapak Ibu guru supados
saged lancar anggenipun makarya utawi nglanjutaken ing pawiyatan ingkang luwih inggil saengga cita
cita kula lan rencang rencang saged kawujud.

Kula inggih gadhah pesen kagem adhik adhik kelas X kaliyan kelas XI supados sregep sinau saengga saged
mujudake citacitanipun ingkang sampun dikarapaken,

Cekap sementen ingkang saged kula aturaken, mbok bilih wonten kalepatan anggenpun atur, kula
nyuwun aginging samudra pangaksami.

Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

You might also like