Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 13

TINTINGAN FILOSOFIK SEJATINING URIP BEBRAYAN JAWA SAJRONE

SERAT WEDHATAMA
Philosophical Studies In Fact The Life Of The Javanese People Is In Wedhatama Script

Moh. Saifuddin Zuhria


a
Universitas Negeri Surabaya
Pos-el: saifudjackson@gmail.com

Naskah Diterima Tanggal .......—Direvisi Akhir Tanggal..........—Disetujui Tanggal .................


doi: .....................................

Abstrak: Panliten iki nduweni judhul “Tintingan Filosofik Sejatining Urip Bebrayan Jawa Sajtone
Serat Wedhatama”. Bahasan sajrone artikel iki ana rong poin penting, yaiku dadi manungsa diwasa
lan dadi manungsa sing legawa. Panliten iki nduweni tujuwan kanggo ngandharake rong poin sing
ana ing serat wedhatama sajrone pupuh pocung. Bahasan iki gunakake metodhe dheskriptif analitik
kanthi ngandharake lan mreteli teks banjur dianalisis. Tintingan sing digunakake yaiku tintingan
filosofik. Sumber dhata panliten iki yaiku arupa serat Wedhatama. Wujud dhata panliten iki arupa
tembang macapat pocung sing ngandharake ngenani sejatining urip bebrayan Jawa. Asil panliten
iki yaiku 1) Dadi manungsa diwasa 2) Dadi manungsa sing legawa.
Kata kunci: Filsafat, Wedhatama, lan Bebrayan.

Abstract: This research paper is entitled “Philosophical Studies In Fact The Life Of The Ja-
vanese People Is In Wedhatama Script”. The discussion in this articel papes is only two
aspects, namely become a human adult and be a relieved human being. This study aims to
uncover both aspects, which are foun in Wedhatama script in pupuh pocung. The discus-
sion uses a descriptive analytical methods by explaining and then analyzing. The theory
used is philosophical studi with a literary. The source of this research data is the tembang
macapat pocung that explains abaut in fact the life of the javanese people. The results of
this study are 1) become human adult. 2) be a relieved human being.
Keywords: Philosophic, Wedhatama, People

1. Landhesan Panliten weni tata laku urip sing beda karo pawon-
Bebrayan Jawa minangka salah sawi- gan liyane, ananging sejatine ana tata laku
jine bebrayan sing nduweni tingkat laku sing isih tetep diugemi lan ditiru sajrone
spiritual dhuwur. Amarga iku tetiyang Ja- urip ing bebrayan. maksude yaiku dadi
wa uga nduweni tata laku urip sing beda- masyarakat sing bisa migunani lan diugemi
beda saben tingkatan urip. Nalikane ma- sajrone nglakoni panguripan ing bebrayan.
nungsa dilairake ana ing jagad gumelar iku Jabang bayi sing lair terus diwasa lan
wis dadi wewujudan sing nglampahi tata dadi bocah sing seneng dulinan. Samarine
lakuning urip sajrone bebrayan masyarakat. iku dadi bocah enom. Nalikane bocah iku
Saben-saben pawongan wis pinasthi ndu- ngancik umur telulas taun bisa sinebut di-

@2018, Jentera, Volume 7, Nomor 1 | 1


wasa. Banjur nalika wis ngancik umur san- serat Wedhatama mligine ngenani se-
galas taun nganti patlikur taun wus dadi jatining urip. Babagan iki amarga bebrayan
pawongan sing nduweni rasa lan napsu masyarakat Jawa wis padha kelangan jati
gayut kalih seksual sing kuat. Amarga iku dirine minangka bebrayan Jawa. Minangka
pawongan sing wis ngancik umur semono objek sing dikaji iki kedah ngonceki siji-
kudu diajari lan dituturi kanthi bener lan siji aspek fiilosofi sing ana sajrone serat
pener supaya uripe ora namung ing puteran Wedhatama mligine ana ing pupuh pocung.
napsune. Yen ora diajari lan diuturi bisa Saengga kedah gunakake tintingan filsaafat
ndadekake dheweke dhewe iku dadi sajrone nglaksanani panliten iki.
pawongan sing kalah karo hawa napsune Konsep filsafat tumrap filsafat Jawa lan
dhewe lan ora bisa dadi pawongan sing filsafat barat nduweni bab kang beda.
migunani sajrone bebrayan. Astiyanto (2012:54) ngandharake kang
Sejatine ajaran sing bisa dicakake mbedakake antarane filsafat barat lan fil-
sajrone panguripan iku wis kaserat sajrone safat timur yaiku filsafat timur luwih
serat Wedhatama. Serat Wedhatama kase- ndadekake filsafat iku mung kanggo fil-
rat dening KGPAA. Sri Mangkunegara safat iku dhewe. Kawruh mung winates sa-
kaping IV. Piwulang ngenani sejatining rana kanggo nggayuh kasampurnan, sawi-
urip iku kaserat ana ing pupuh pocung. jine laku tumuju lepas utawa siji-sijine da-
Tembang pocung iku ngandhut piwulang lan kanggo manungs anggayuh tujuwane
sing bisa bukak pamawas lan kawruh nge- kang pungkasan (katentreman lan kasam-
nani jiwa sing luwih resik lan kudu dil- purnan). Dene filsafat barat nduweni pa-
akoni kanthi tenanan. Ora namung kulite mawas kang beda karo filsafat timur.
sing dipelajari ananging uga isine, amargi Sajrone filsafat barat ora ditemokake
samarine nyinaoni bisa langsung diprak- pasulayan kang ngrembug babagan filsafat
tekke sajrone bebrayan panguripan. Se- lan kawruh ngenani Gusti (Tuhan), anang-
mono uga koyok dene sing dikarepake den- ing ing filsafat barat mung ngudi
ing panliten sajrone tulisan iki, bisa aweh kawicaksanan utawa ngupadi kawicaksan-
kawruh ngenani sejatining urip sajrone an tumrao diri pribadi lumantar kawruh.
bebrayan jawa sing ana ing serat Wose, filsafat timur kan filsafat Jawa ngudi
Wedhatama pupuh Pocung. kasampurnan, dene filsafat barat ngudi
2. Tintingan Kapustakan kawicaksanan.
Panliten iki sejatine mbabar nge- Filsafat Jawa bisa dimangerteni
nani piwulang adiluhung sing ana sajrone minangka sawijine filsafat kang nengenake

@2018, Jentera, Volume 7, Nomor 1 | 2


kasampurnane urip. Manungsa nindakake tetembungan kang beda. Saben-saben dat,
olah cita, rasa, lan karsa kanggo ngupadi nduweni kalungguhan dhewe-dhewe trum-
integritas diri sajrone sesambungane ma- rap anggame manungsa. Lumrahe
rang Gusti (Kusbandriya, 2007:13). digayutake karo sufiyah, mudmainah, lau-
Panemu kasebut sejatine gayut karo filsafat wamah, lan amrah. Padha dene Jabarala,
Jawa kang ngrembug babagan ngudi Makahala, Hasarapala lan Hajarala, sedulur
kasampurnan. Tegese, tumrap gesang sadi- papat kasebut pinarcaya minangka pan-
na-dina, wong Jawa tansah nengenake laku gapite manungsa kang tansah ngampingi
spiritual kang digunakake kanggo ngupadi saben dina. Mula kanthi konseptual se-
kasampurnan kasebut. Ora ngemungake jatine filsafat Jawa mujudake sawijine
laku, sajrone kasusastran kang asipat etik pamikir kang nengenake ngudi kasam-
uga akeh kang ngrembug bab ngupadi purnan lan uga ngudi kawicaksanan. Sa-
kasampurnan. Manungsa nguntabake sa- kabehe bisa dimangerteni saka tata carane
kabehe eksistensi kang diduweni kang urip nasyarakat Jawa kang ora bisa uwal
arupa jasmani lan rohani kanggo nggayuh saka pamikir filosofis. Sakabehe piwulang,
tujuwan tartamtu. Mula, sejatine ora ana kawruh lan sapanunggalane akeh kang
bedane antarane metafisika. Epistimologi, digayutake karo pamikir filosofis. Mula
utawa etika sing saben-saben perangan nganti ana tetembungan ngupadi galihing
kasebut ora bisa madeg dhewe. Telung bi- kakung, sastra jendra hayuningrat
dhang kasebut mujudake bab kang ora bisa pangruwating diyu, memayu hayun-
dipisahake tumrap gesang sadina-dina ingrat¸lan sapanunggalane. Sakebeh muju-
kanggo tumuju kasampurnan. Amarga fil- dake kristalisasi pamikir filosofik kang
safat Jawa ora ngupadi sapa manungsa lan dumadi ing gesang sadina-dina tumrap
sapa Gustine. Ananging luwih nengenake masyarakat Jawa.
eksistensi manungsa minangka kanyatan. 3. Metodhe Panliten
Kanyatan kasebut bakal nuwuhake pitakon Sajrone perangan iki bakal dirembug
saka ngendi lan menyang ngendi ancase ngengingi metode sing arep digunakake
manungsa lumaku. (Wibawa, 2013: 56-57). sajrone panliten iki. Panliten iki arupa
Konsepsi kasebut uga diandharake ing nganalisis ngenani unsur instrinsik,
layang Jayabaya kanthi nyebutake Jabarala, minangka panliten sastra. Diarani panliten
Makahala, Hasarapala, lan Hajarala. Patang sastra amarga ngandharake sawijining
sebutan kasebut mujudake panyebute sedu- karya sastra lami kanthi analisis teks
lur papapt lima pancer kanthi istilah utawa sastra. Ancangan panliten digunakake

@2018, Jentera, Volume 7, Nomor 1 | 3


kanggo ngandharake prakara sing bakal implist, nemtokake tema, banjur njlentre-
ditliti. Saka asile nganalisis teks sastra hake teges-teges simbolik sajrone teks.
bakal tinemu arupa asil analisis nilai-nilai Koyok dene sing wis diandharake
salah sawijining teks sastra. Mangkono ing dhuwur, panliten iki nganalisis teks
uga ngenani fungsi teks tumrap manungsa. sastra arupa naskah, tintingan utawa
panliten tumrap Naskah Tabsir Kuran iki nganalisis dilakoni kanthi nengenake prin-
ditindakake kanthi cara maca lan sip metodhe kualitatif sarta hermeneutik.
mangerteni apa sejatine isi naskah lan Metodhe hermeneutika minangka aplikasi
nganggo jinis panliten sing asipat asipat kualitatif ing panliten iki sing
kuantitatif. Panliten kualitatif yaiku nengenake aspek penapsiran utawa in-
panliten kanggo mangerteni gambaran treprestasi. Kajaba iku sadurunge
sing digambarake dening pangripta ditapsirake, teks uga kudu dingerteni kan-
ngenani piwulang lan apa sing kudu thi alamiah. Panliten iki mujudake sa-
dilakoni sajrone bebrayan tetiyang agama perangan panliten sing nggunakake
mligine ngenani agama islam sing metodhe gegambaran utawa deskriptif.
dirembug. Panlithen kanthi cara menehi Metodhe deskriptif yaiku metodhe kanthi
gambaran ngenani tembung lan konteks dhasar kasunyatan sing ana ing sawijining
basa tartamtu. kedadeyan kanthi empris urip ing panuture,
Panliten iki gunakake metodhe sing asile busa awujud andharan. Amarga
deskriptif analitik. Metodhe deskriptif saka jinise panliten iki kalebu kualitatif
analitik niki mujudake sawenehing sing nggunakake metodhe deskriptif. Mula
metodhe sing ditindakake kanthi panliten iki sinebut panliten kualitatif
dheskripsikake kasunyatan-kasunyatan deskriptif, tintingan tumrap serat
banjur duwenehi tintingan (Ratna, 2004; Wedhatama iki kelaksan kanthi njlentre-
53). Kanthi metodhe deskriptif analitik, hake lan nganalisis isi sing kinandhut nge-
panliten iki bisa menehi gambaran sing nani sejatining urip bebrayan jawa.
cetha lan objektif ngenani suntingan teks Tata laku sajrone panliten iki yaiku
sastra mligine ana ing isi sing kinandhut kanthi cara (1) nemtokake objek sing arep
sajrone naskah Tabsir Kuran. Dene panlit- ditliti yaiku serat Wedhatama pupuh
en kualitatif iki bakal ngandharake kanthi pocung, minangka objek sing arep ditliti;
hermeneutika (Penafsiran) makna sajrone (2) maca serat Wedhatama pupuh pocung
teks kanthii nemtokake arti primer kanthi lan maca maneka werna refrensi dados ac-
langsung, njlentrehake teges kanthi cara uan sajrone panliten sastra, filsafat, lan

@2018, Jentera, Volume 7, Nomor 1 | 4


jurnal; (3) nemtokake pendekatan sing dadi manungsa legawa. Kabeh bahasan
selaras kalihan isi serat, nganalisis isi serat sing ana ngenani sejatining urip bebrayan
kanthi klarifikasi selaras kalihan pendeka- jawa iku ana ing Pupuh Pocung.
tan sing ditemtokake, wujud data panliten 4.1 Dadi Manungsa Diwasa
arupa tembang macapat pupuh pocung sing Manungsa diwasa iku salah sijine
ngandhut ngenani sejatining urip bebrayan kepenginan para tetiyang kanggo pakoleh
Jawa. Sajrone ngumpulake dhata, objek spiritual sing luwih dhuwur. Ananging
panliten arupa serat diwaca bola-bali lan sasuwene proses kanggo gayuh iku ana
klarifikasi dhata. alangan sing kudu diliwati yaiku kudu bisa
4. Pembahasan ngendalekake napsune lan emosine dhewe.
Tata laku panguripan bebrayan Jawa ndu- Kanggo nglawan hawa nepsu lan emosine
weni pambeda karo liyane. Kahan iku tetiyang iku kudu gelem ngelmu, ngelmu
amarga tetiyang Jawa mangerteni kepriye iku bisa dilakokake sapa wae lan ora
sejatine urip ing donya iki lan apa sing ku- mandheng umur. Kanggo pakoleh ngelmu
du dilakoni sajrone panguripan sajrone iku kudu nduweni niyat lan kasaguhan
bebrayan. tata laku sajrone panguripan iku supaya bisa pakoleh asil sing dipenginake
kaserat sajrone serat Wedhatama anggitane kanthi sampurna.
KGPAA. Sri Mangkunegara IV. Serat Ngelmu iku Kalakone kanthi laku,
Lekase lawan kas,
wedhatama ngandhut piwulang urip sing
Tegese kas nyantosani,
migunani lan bisa dicakake sajrone pangu-
Setya budya pangegese dur angkara.
ripan mligine ana ing bebrayan Jawa. (Wedhatama, Pocung, 1)
Wedhatama uga aweh tuntunan lan tuntu- Padha kawiwitan pupuh pocung iki
tan kanggo pawongan sing kepengin pa- gambarake yen pawongan wong ngelmu
koleh urip sing migunani. Panliten iki mi- iku kudu nduweni niyat lan kepenginan
gunakake tintingan filsafat Jawa sing gayut sing kuat. Amarga ngelmu ndek kene iki
kalihat objek sing arep ditliti saliyane iku ora namung kawruh, ananging uga kawruh
uga migunakake metodhe panlitian ngenani batin utawa ngendalekke hawa
dheskriptif analitik sing bakal dianggo napsu lan emosine. Saliyane iku uga
ngonceki serat wedhatama mligine ana ing sajrone ngelmu iku kudu nyantosani sing
Pupuh Pocung siji baka siji. Bahasan sing tegese ora gampang mundhur lan nyerah
bakal dibahas sajrone serat Wedhatama iku sajrone pakoleh ngelmu. Sejatine dadi ma-
kaperan dadi rong jinis, yaiku sing nungsa diwasa iku kawiwitan kudu
kawiwitan (1) dadi manungsa diwasa; (2) nyinaoni awake dhewe amarga yen bisa

@2018, Jentera, Volume 7, Nomor 1 | 5


ngendhalekke awake dhewe. Wong sing Tetiyang sing wis bsa ngendalekake
santosa wis pasthi nduwe prinsip sing man- angkara wis pinasthi nduwni sipat gam-
teb lan ajeg sajrone panguripan. Ananging pang pangapura. Sipat iki yaiku sing bisa
wis pasthi ana alangane yaiku angkara. garai manungsa iku dianggep diwasa.
Angkara gung, Amarga wis nduweni kesadaran sing
Neng angga anggung gumulung,
ndadekake tetiyang iku bisa tepa slira.
Gegolonganira,
Utawa gampange sinebut mawas diri. Asil
Triloka lekeri kongsi,
yen den umbar ambabar dadi rubeda.
saka panguripan sing sarwa sabar yaiku
(Wedhatama, Pocung, 2) loma, amarga sipat sombong, angkara wus
Angkara sing dimaksud sajrone ilang ing diri pribadine. Supaya luwih
tembang iki yaiku angkasa sing ana ing kuat anggene ngilangi angkara yaiku
njero awake manungsa. Kabeh manungsa nganggep kepentingan tetiyang liyane iku
pasthi nduweni sipat angkara, yen sipat luwih dhuwur tinimbang kepentingan diri
angkara iki dijarke bisa bebrayani kanggo pribadi. Ananging nalika awake loman
manungsane dhewe lan bisa nguwasai wis pasthi kena apa sing jenenge sipat ka-
Triloka. Sing dimaksud triloka yaiku rem ing kramat. Utawa kalah marang
wadag, pamikir, lan spiritual.1 Yen sipat kamulyane dhewe nalikane arep gayuh
angkara iku ora bisa dikendalekake dadi manungsa diwasa amarga kalah kena
pungkasane bakal ganggu panguripane gangguan ati.
manungsa sing ana ing bebrayan. angkara Taman limut Durgameng tyas kang weh limput,
Karem ing kramat,
ngajak pawongan supaya gelem nglakoni
Karana karoban ing sih,
bab sing ala lan ora apik amarga iku wis
Sihing sukma ngrebda saardi gengira.
pasthi adhoh saka sipat sing becik. Pawon- (Wedhatama, Pocung, 4)
gan sing wis bisa ngendalekake angkarane Supaya dadi manungsa diwasa sing
bakal dadi pawongan sing gampang ngapu- sampurna iku kudu bisa ngolah batin lan
ra utawa loman marang sapada. spiritual, ora kekurung amarga bab-bab
Beda lamun Kang wus sengsem reh ngasamun,
sing garai ganggu supaya ati dadi resik.
Semune ngaksama,
Karana karoban ing sih, nduweni teges
Sasamane bangsa sisip,
Sarwa sareh saking mardi martatama.
supaya apa wae sing ngalangi iku kudu
(Wedhatama, Pocung, 3) dileburke ana ing tengahing samodra. Sipat
sih utawa sipat sing asih iku sing kudu di-
jaga sateruse. Sipat sih iku sya suwe bisa
1
. Achmad Chodzin, 2016. Serat Wedhatama for our
gedhi kayata gunung. Panguripan sajrone
life.

@2018, Jentera, Volume 7, Nomor 1 | 6


bebrayan iku kudu nduweni sipat sing pan- Ing pada-pada sadurunge njelasake
gaksama, lan pangapura. Namung sipat bilih sejatine kanggo gayuh manungsa di-
asih iki sing bisa garai jagad dadi ayem lan wasa iku kudu ngerteni apa iku ngelmu,
tentrem. Manungsa sing nduweni sipat asih kudu bisa nglawan angkara, banjur ndu-
pasthi pakoleh welas asih saking sang weni sipat sing loman utawa welas asih.
hyang sukma lan bisa didadekake patu- Ing pada lima iki bisa gambarke bilih aga-
ladan utawi tinulad uga bisa diugemi lan ma islam iku wis digandrungi karo tetiyang
ditututi supaya bisa dadi manungsa sing ing jaman iku. Ing jaman iku nalikane akeh
diwasa. bebrayan sing seneng marang agama anyar
Yeku patut tinulat tulat tinurut, nganti lali marang warisan leluhure. Ba-
Sapituduhira,
bagan iku sing njalari serat Wedhatama di-
Aja kaya jaman mangkin,
tulis supaya ngerti apa iku hakekat ngelmu
Keh pra mudha mundhi diri rapal makna.
(Wedhatama, Pocung, 5)
marang bebrayan sing kapengin dadi ma-

Sajrone pada kaping lima iki nungsa diwasa lan mangerteni hakekat

nduduhake yen tetiyang sing wis nduweni ngelmu.


Durung becus kesusu selak besus,
welas asih iku pantes ditiru lan didadekke
Amaknani rapal,
guru. Saka pada iki nduduhake yen kanggo
Kaya sayid weton mesir,
gayuh supaya dadi manungsa diwasa iku Pendhak pendhak angendhak gunaning jalma.
ya kudu butuhake pawongan sing bisa (Wedhatama, Pocung, 6)
bimbing. Amarga yen ora ana sing mbimb- Pada iki terusane pada sing sadurunge
ing kanggo golek jati diri bisa-bisa kayata yaiku akeh wong sing urung pinter anang-
Keh pra mudha mudhi diri rapal makna. ing ngaku wis pinter lan maknani ayat-ayat
Ing kene sinebut bilih mudha mudhi ndek lan ngasorake para sesepuh. Bab iki sing
kene bisa dianggep pawongan sing kudu dielaki sajrone goleki ngelmu. anang-
kepengin dadi manungsa diwasa. Ananging ing bebrayan nduweni panganggep bilih
salah kaprah sing dadi sombong kamangka apal ayat iku luwih apik tinimbang ora apal
namung apal lan ora bisa maknani apa sing apa-apa. Kahanan iki sing njalari pawon-
diapalke. Bab iki sing njalari akeh wong gan keblinger lan ora bisa dadi manungsa
sing keblinger nalikane nyoba dadi pawon- sing diwasa. Kayata keblinger maneh karo
gan sing sampurna lan ngunggul-unggulke angkarane lan nyombongke awake dhewe
diri pribadine sing apal ayat-ayat, ananging kanthi ngasorke para sepuh lan para
sejatine ora bisa mangerteni makna saka pawongan sing ora apal ayat, kamangka
ayat sing diapal. ayat sajrone Al-Quran iku kudu dimaknani,

@2018, Jentera, Volume 7, Nomor 1 | 7


ora namung diapalke kemawon. Pawongan Anggere padha marsudi,
Kana kene kaanane nora beda.
koyok mangkono wis pasthi angel dadi
(Wedhatama, Pocung,8)
manungsa sing diwasa lan kalebu pawon-
Sejatine hakekat ngelmu iku ana ndek
gan sing wis kalah karo angkara murkane
diri pribadi saben pawongan. Bilih pawon-
dhewe.
gan iku tenanan ngupaya kanggo goleki
Kang Kadyeku kalebu wong ngaku aku,
Akal alangka, ngenani ngelmu panguripan, sejatine iku
Elok Jawane den mohi, nang endi wae pasthi padha. Senadyan
Paksa langkah ngangkah met kawruh ing Mekah. nang Mekah, senadyan nang Jawa sejatine
(Wedhatama, Pocung, 7)
hakekat ngelmu iku padha wae, ora ana
Miturut pada iki sejatine pawongan
bedane. Ananging sing dadi pambeda yai-
sing namung akon-akon apal ayat iku
ku tata lakune ananging nduweni tujuwan
urung karuan bisa mraktekne apa sing ana
sing padha. Bilih nduweni niyat lan
ing njero ayat-ayat sing diapal iku. Sejatine
kepenginan sing dhuwur kanggo pakoleh
pamikirane iku namung akal alangka sing
ngelmu wis pasthi ngelmu iku bisa dipla-
nduweni pamikiran cethek. Mula saka iku
jari. Amarga iku minangka bebrayan kudu
piwulang luhur ditampik lan ora ditampa
pinter-pinter milah lan milih endi sing apik,
kamangka iku piwulang sing luhur sing
endi sing elek. Sing apik dianggo bilih sing
bisa ndadekke dheweke bisa luwih diwasa.
elek disisihke. Sakabahe proses iku
Meksa mlajari kawruh saka Mekah anang-
duduhake kepriye dadi manungsa diwasa
ing kawruh sing ana ing sakupenge ora
sing ana ing lair uga batin. Ngelmu iku ku-
diplajari. Sejatine sajrone kawruh sing ana
du dipelajari ngati-ati supaya mlebu ana
iku bisa dianggo refrensi supaya nambah
ing njero ati lan bisa migunani tumrap
spiritualitas sing ana ing njero ati. Sejatine
bebrayan.
uga ngelmu iku ana ing dhiri pribadi asal Uger lugu den ta mrih pralebdeng kalbu,
gelem ngupaya kanthi sabar. Kanggo dadi Yen kabul kabuka,
manungsa sing diwasa iku kudu bisa nahan Ing drajat kajating urip.
Kaya kang wus winahya sekar srinata.
apa iku sung sinebut angkara murka, yen
(Wedhatama, Pocung, 9)
wis ora bisa ngendalekake wis pasthi
Pada iki njelaske bilih sejatine ma-
dikendalekake angkara murkane dhewe.
nungsa iku kudu nglewati proses sing cilik
kamangka sejatine hakekat ngelmu iku ana
lan dasar. Hakekate golek ngelmu iku kudu
ing njero awake dhewe.
mlaku lurus lan ajeg, kudu tenanan, ora
Nora weruh rossing rasa kang rinuruh,
Lumeketing angga, keblinger marang panggoda sing ana. Yen

@2018, Jentera, Volume 7, Nomor 1 | 8


wis ngancik iku wis pasthi manungsa iku Pada iki kawiwitan karo ngelmu sing
pakoleh sing jenenge hakekat ngelmu. luwih tumuju marang kebatinan lan
Amarga sejatine ngelmu iku ora bisa pengamalan saka nilai-nilai ketuhanan.
dipisahke karo hakekat urip manungsa Nalika ing jaman para ksatriya isih gesang,
dhewe. Manungsa sing wis diwasa iku ma- para satriya iku nglatih awake kanthi cara
nungsa sing wis mangerteni awake dhewe tripaka. Sing nduweni teges, lila, trima, lan
lan uga nduweni rasa welas asih. Ananging legawa. Menika dadi salah sawijine le-
sajrone panguripan bebrayan Jawa ma- landhesap urip bebrayan lan dadi manung-
nungsa diwasa iku manungsa sing wis sa sing legawa. Sing dimaksud lila, trima,
ngerti endi sing elek lan sing apik, mawas lanlegawa sejatine kayata nduweni rasa
dhiri lan uga eling lan waspada marang sa- welas asih sing wis diandharake ana ing
kupenge. dhuwur mau. Ananging ndek pada iki sing
Manungsa sing wis ngancik Kadiwasan dimaksud ora namung welas asih ananging
ing batine wis pasthi ora khwatir marang luwih dijelaske maneh. Teges ing pada iki
pacoban urip apa wae sing diwenehke ma- yaiku nduweni rasa lila, trima, lan legawa
rang diri pribadi. Yen ngupaya kanthi te- marang pacoban apa wae sing wis di-
men wis pasthi pacoban iku gampang dili- wenehke Gusti Akarya Jagad lan nglakoni
wati lan pakoleh kawicaksanan urip sing tanpa rasa sambat. Lila lan triman ora
sejati sajrone urip sesandingan karo bebra- getun marang pepastene Gusti.
yan. Lila lamun kelangan nora getun,
Trima yen ketaman,
4.2 Dadi Manungsa Legawa
Sakserik sameng dumadi,
Manungsa legawa iku tingkatan terusan
Tri legawa nalangsa srah ing Batara.
saka manungsa diwasa, babagan iku (Wedhatama, Pocung, 11)
amarga taksih ana sambung rakete karo Manungsa sing legawa kudu bisa lila
pupuh pocung, pada sadurunge. Dadi nrima apa sing dadi pacobane, yen paco-
sajrone pada lanjutan iki luwih nduduhake bane iku kudu kelangan wong sing cedhak
ngenani mantebake laku marang alam sing kudu bisa trima utawa ikhlas, lan bilih kena
sejati (akerat). musibah iku kudu sabar. Ananging kabeh
Basan ngelmu mupakate lan panemu,
iku sejatine namung pacoban supaya para
Pasahe lan tapa,
manungsa iku eling marang Gustine lan
Yen satriya tanah Jawi,
Kuna kuna kang ginulih tripakara. pasrah marang pepastene Gusti. Kabeh
(Wedhatama, Pocung, 10) sing urip ndek donya iku wis pasthi oleh
pacoban. Saben pawongan wis pasthi ndu-

@2018, Jentera, Volume 7, Nomor 1 | 9


weni pacoban sing beda-beda. Amarga iku ngandharake bilih ksatria diumpamakke
manungsa kudu bisa nata napsu lan sipate minangka pawongan sing seneng marang
supaya ora gampang kena angkara murka. Gustine. Mega dheweke pasthi sesandingan
Manungsa sing legawa iku sejatine namung karo gustine. Urip suci lan suwung iku ku-
pasrah marang Gusti. Apa wae pacoban du tetep dilakokake lan dijaga. Ananging
sing dirasakake iku wis pasthi ana mupan- ora parlu ngrumat sucining urp yen ningga-
gat kanggo kabecikan urip bebrayan. lake panguripan marang bebrayan.Nora
pawongan sing kayata mangkene uga bisa kaya si mudha mudhar angkara ora kayata
didadekke tetuladan. pawongan sing isih kalah karo angkarane
Kanthi urip sing legawa awake bisa lan seneng ngumbar angkarane marang
ngunggahke spirituale diri pribadi lan ati pawongan liyane. Iku ora nduduhake sipat
katon enteng ora sing mbebani. Legawa manungsa sing legawa sing kudu lila, trima
ndadekake manungsa dadi pasrah marang lan sabar marang pacoban urip.
urip, lan sipat seserahan diri marang Gusti Nora uwus kareme anguwus uwuws,
Uwose tan ana,
Akarya Jagad. Ananging sakabehe iku mau
Mung janjine muring-muring,
sipat legawa bisa ndadekake cepet kanggo
Kaya buta buteng betah anganiaya.
mangerteni diri pribadi. Tetiyang sing leg- (Wedhatama, Pocung, 13)
awa ngrasa urip tanpa kurang. Amarga iku Para tetiyang sing isish senengane nya-
pawongan sing legawa pasthi nduweni si- lah-nyalahke lan ngilokke marang para
kap sing positip, lan uga migunani marang sepuhe senadyan apa sing diomongke iku
panguripan sing ana sakupenge, mligine ora ana isine. Namung bisa nesu-nesu.
ana ing bebrayan. Kabeh sipat angkara iku namung bisa diat-
Bathara gung inuger graning jajantung,
asi kanthi legawa lan nyikapi kanthi di-
Jenek Hyang Wisesa,
wasa. Sejatine awake iki namung bisa
Sana pasentan suci,
Nora kaya si mudha mudhar angkara.
pasrah lan nyuwun panyuwun marang
(Wedhatama, Pocung, 12) Gusti Akarya Jagad. Pawongan iku wis
Pada iki ngandharake yen Gusti iku ana keblinger lan wis kena angkara murka wis
ing jantunging ati, Gusti iku ora perlu di- nguasani dirine.
sumbar-sumbarke. Bisa uga para satriya Sakeh luput ing angga tansah linimput,
Ing angga tansah linimput,
iku ora tau sumbar ngenani Gustine, anang-
Linimppet ing sabda,
ing nduweni sikap panguripan lan nduweni
Lumuh ala adane ginawa gada.
tata laku duduhke bilih Gusti iku ana ing (Wedhatama, Pocung, 14)
sakupenge. Amarga iku pada ing ndhuwur

@2018, Jentera, Volume 7, Nomor 1 | 10


Kabeh salah ditutupi gunakake pocap- rahmi antarane manungsa liya lan manung-
ane lan ngira ora ana sing ngerti. Kamang- sa liyane tanpa ana angkara. Sejatine urip
ka Gusti iku mangerteni apa sing ora di- bebrayan iku sing kudu dilakoni lan kudu
mangerteni manungsa. Kabeh kaluputan diwujudake yaiku rasa paseduluran anta-
iku ditutupi migunakake dalil-dalil agama. rane para manungsa.
Gegambaran iku wis duduhke angkara wis 5. SIMPULAN
ana ing diri pribadi lan ora nduweni pangi- Sajrone serat Wedhatama ana piwu-
lon manungsa diwasa apa maneh dadi ma- lang-piwulang luhur sing bisa diplajari lan
nungsa sing legawa. tetiyang sing ngono uga dicakake sajrone urip ana ing bebra-
iku sejatine wis angel kanggo ngeculke sa- yan, mligine yaiku ngenani manungsa di-
ka angkara murka sing wis ana ing njero wasa lang manungsa legawa. Bilih ma-
atine. nungsa diwasa iku manungsa sing wis bisa
Durung punjul ing kawruh kaselak jujul, ngendalekake nafsu lan sipate supaya apa
Kaseselan hawa,
sing dikarepke iku kawujud. Saliyene iku
Cupet kapepetan pamrih,
uga kudu bisa ngendalekake angkara sing
Tangeh nedya anggambuh mring hyang wisesa.
(Wedhatama, Pocung, 15) bisa ngrusak panguripane manungsa lan

Pada pungkasan ing pupuh pocung se- garai nglakoni bab sing ala, sabanjure iku

rat Wedhatama iki ngandharake bilih wong diwasa iku nduweni welas asih sing

pawongan sing isih ora bisa ucul saka dhuwur tumrap pawongan liyane. Bilih

angkara murka wis pinasthi ora bisa ma- sajrone manungsa legawa iki luwih man-

nunggal marang Hyang Sukma. Pawongan gerteni kepriye dadi wong sing lila,

iku mujudake pawongan sing nduweni ego nriman, lan sabar marang pacoban sing di-

lan ala sing migunakake agama minangka wenehke dening para bebrayan iku.

tameng. Amarga iku minangka bebrayan Amarga sejatine pacoban iku ya migunani

Jawa kudu bisa mangerteni kenapa ma- kanggo panguripan ing bebrayan supaya

nungsa diwasa lan manungsa legawa kudu eling marang Gustine. serat Wedhatama iki

disinauni lan dimaknani. Saperangan salah sawijine serat sing ngandhut falsafah

pawongan bisa nglampahi panguripan panguripan lan sejatining panguripan

tanpa nduwe rasa pamrih bilih pawongan bebrayan Jawa mligine ana ing pupuh

iku bisa luput saka angkara murka. Sejatine Pocung.

urip bebrayan iku ora namung ras, suku, Saliyane ana piwulang urip bebrayan

utawa agama. njunjun urip damai sajrone Jawa uga ana piwulang ngenani piwulang

panguripan bebrayan yaiku rasa silatu- agama sing diduduhake kanthi gamblang

@2018, Jentera, Volume 7, Nomor 1 | 11


lan cetha ngenani efek apa sing dilakokake digunakake kanggo mangerteni awake iki
nalikane pawongan iku wis kena angkara wis nduweni rasa sing diwasa lan apa wis
murka. Napsu lan sipate wis pasthi dadi nduweni rasa legawa sing bisa dicakake
ala. Anangin kabeh kedadean iku namung sajrone urip ana ing bebrayan, mligine ana
pacoban saka Gusti Akarya Jagad. Sing ing bebrayan Jawa.

@2018, Jentera, Volume 7, Nomor 1 | 12


6. Kapustakan
Buku
Astiyanto, Heny. 2012. Filsafat Jawa: Menggali Butir-Butir Kearifan Lokal. Yogyakarta:
Warta Pustaka.
Chodjim Achmad, 2016. Serat Wedhatama for our life. Tanggerang : PT Bentara Aksara
Cahaya.
Endraswara, Suwardi. 2016. Fasafah Hidup Jawa. Yogyakarta:cakrawal.
Koesbandriya, Bambang. 2007. “Pokok-Pokok Filsafat Jawa” dalam Menggali Filsafat
dan Budaya Jawa. Surabaya: LEmbaga Javanologi Surabaya.

Moleong, L. J. 2005. Metodologi Penelitian Kualitatif. Bandung: PT Remaja Rosdakarya.

Simuh. 2018. Sufisme Jawa: Transformasi Tasawuf Islam ke Mistik Jawa. Yogyakarta:
Narasi Pustaka Promethea
Jurnal
Sulistyo, Edy. (2012) “Ajaran Moral KGPAA Mangkunegara IV Bagi Masyarakat Jawa
Pada Era Global.” Jurnal Gelar, 3 (2), 1-10.
Muchson. (2013) “Nilai-Nilain Pendidikan Karakter Dalam Wedhatama” Jurnal Gelar, 3
(2), 87-99.

@2018, Jentera, Volume 7, Nomor 1 | 13

You might also like