Geguritan Ya

You might also like

Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 12

Isine Geguritan

Jeneng : Naufal Ahwi Ashidiqi A


Sekolah : SMP N 2 PURWOREJO

1
Eling Bebayaning Marga
Poma ngger sutaku
Sira wus pamit rama ibu
Nyuwun pangestu
Ngangsu Kawruh
Kang migunani sliramu pribadi
Ing tembe mburi
Wektu diwasanira prapta
Uga piguna ing nusa bangsa myang nagara

Sira tumungkul sadhela


Dakaras kanthi tresna
Tresnane yayah wibi
Nuli sakedhap ragi ndangak
Mandeng klawan anteng

Pratandha ngemu rasa


Nyadhong rumentahing donga
Murih widada nirbaya
Ngenti tekkaning ndon
Teka ing wisma tanpa wikara
Dumeling pamelinge yayah rena
Angger-angger gantilaning ati
Piyaraksana resepna, jroning jiwangganira
Eling eling, bebayaning marga

2
Isi per-pada
Pada 1

Poma ngger sutaku

Sira wus pamit rama ibu

Nyuwun pangestu

Ngangsu Kawruh

Kang migunani sliramu pribadi

Ing tembe mburi

Wektu diwasanira prapta

Uga piguna ing nusa bangsa myang nagara

Seng dak tresnani, anakku

Sira wes pamit bapak ibu

Njaluk pangestu

Kanggo ngudi kawruh

Kang berguna kanggo sira dewe

Seng neng akhire

Pas wes tekan diwasa sira

Bakal berguna neng nusa, bangsa, lan nagara


3
Pada 2

Sira tumungkul sadhela


Dakaras kanthi tresna
Tresnane yayah wibi
Nuli sakedhap rada ndengangak
Mandeng klawan anteng

Sira ndungkluk sedhela


Tak sun nganggo tresna
Tresnane bapak ibu
Banjur sedhela rada ndangak
Nggatekake kanthi anteng

Pada 3

Pratandha ngemu rasa


Nyadhong rumentahing donga
Murih widada nirbaya
Ngenti tekkaning ndon
Teka ing wisma tanpa wikara
Dumeling pamelinge yayah rena
Angger-angger gantilaning ati
Piyarsakna resepna jroning jiwangganira
Eling eling bebayaning marga

4
Tandha ndueni rasa
Nyandhong tibane donga
Supaya slamet tanpa alangan
Nganti nekani cita-cita
Teka ing omah tanpa alangan
Cetha pituture bapak ibu
Angger ndue kang ditresnani
Nggatekna, resepna, ing njero atimu
Eling bahayane dalanmu

Isi geguritan
Geguritan Eling Bebayaning Marga nyritakake supaya orang
nglalikake piwulang seko bapak ibu babagan urip iku abot. Supaya
dewe bisa nglakoni kui, dewe kudu ngudi kawruh ingkang sregep lan
lebokke piwulang mau neng njero ati.

5
Layang

Sejatine aku arep nulis layang prasaja


Menyang kadang kinasih ing metropolitan
Sejatine arep dakkabarake
Unine geguritan sing durug kober dakkirimake
Wujud epigram miskin tembung
Minangka sulihe panyawang tumlawung
Nggagas aboting sesanggan
Urip lan panguripan sing kelangan
Watak paseduluran

Layang lan geguritan epigram


Kutha metropolitan lan sedulur lanang
Manjing jroning angen-angen
Rasa kapang lan gegadhangan
Sumimpen primpen
Dadi impen wayah awan
Ngetutake lakumu
Uga kalane mapan turu

6
Isi per-pada
Pada 1

Sejatine aku arep nulis layang prasaja


Menyang kadang kinasih ing metropolitan
Sejatine arep dakkabarake
Unine geguritan sing durug kober dakkirimake
Wujud epigram miskin tembung
Minangka sulihe panyawang tumlawung
Nggagas aboting sesanggan
Urip lan panguripan sing kelangan
Watak paseduluran

Sebenere aku arep nulis layang


Menyang sedulur kan daktresnani ing kutha metropolitan
Sebener arep tak kabari
Unine layang sing durung kober tak kirimke
Wujude syair kurang tembung
Kang dadi gantine ndelok ngalamun
Nggagas abote sangga
Urip lan panguripan kang ilang
Watak paseduluran

7
Pada 2

Layang lan geguritan epigram


Kutha metropolitan lan sedulur lanang
Manjing jroning angen-angen
Rasa kapang lan gegadhangan
Sumimpen primpen
Dadi impen wayah awan
Ngetutake lakumu
Uga kalane mapan turu

Layang lan geguritan syair,


Kutha metropolitan lan sedulur lanang
Mlebu njero angen-angen
Rasa kapang lan gadhang
Disimpen primpen
Nganti dadi impen ing wayah awan
Meluni lakumu
Uga pas mapan turu

Isine geguritan
Geguritan layang ngekei ngerti anggone nulis layang kanggo
sedulur lanang lan amanat supaya aja nganti kelangan sedulur
amarga lali marang paseduluran

8
Sekar Wus Sumawur
sekar wus sumawur
sauruting lurung-lurung
lan donga kaduwung
ngumandhang ing awang – awang
rumesep ing gegodhongan
ngrenggani wengi kang sampurna
angin tumiyup,jenjem
lan kumesar pucuk-pucuk cemara

sekar wus sumawur


ing dedalanan rumpil
mblabar ing antaraning kriki
sesandhungan
ngiringi sukma oncat raga

sekar wus sumawur


ing pucuking raga
raga bakal sirna
sukma nuju kaendahan agung
mendhung gumantung ing tawang
sumilak
tan bisa munthes pengarep-arep
ngluru pepadhaning jati

sekar wus sumawur


ing akasa lan mega-mega
nalika suku tumapak
ing korining swarga
9
Pada 1

sekar wus sumawur


sauruting lurung-lurung
lan donga kaduwung
ngumandhang ing awang – awang
rumesep ing gegodhongan
ngrenggani wengi kang sampurna
angin tumiyup,jenjem
lan kumesar pucuk-pucuk cemara

Kembang kang sumebar


Urute lurung-lurung
Lan donga kang getun
Muni neng awang-awang
Resep ing godhong
Ngurmati wengi kang sampurna
Angin iyup, jenjem
Lan kumesar ing pucuk-pucuk cemara

10
08
Pada 2

sekar wus sumawur


ing dedalanan rumpil
mblabar ing antaraning kriki
sesandhungan
ngiringi sukma oncat raga

Kembang kang sumebar


Ing dalan kang angel
Amba ing antarane krikil
Padha nyandung
Ngiringi ati kan oncat ragad

Pada 3

sekar wus sumawur


ing pucuking raga
raga bakal sirna
sukma nuju kaendahan agung
mendhung gumantung ing tawang
sumilak
tan bisa munthes pengarep-arep
ngluru pepadhaning jati

11
09
Kembang kang sumebar
Ing pucuke ragad
Ragane bakal ilang
Ati pinuju endahing agung
Mendhung gantung ing langit
Resik
Lan iso pantes ngarep-arep
Nggolek padhaning ati

Pada 4

sekar wus sumawur


ing akasa lan mega-mega
nalika suku tumapak
ing korining swarga

Kembang kang sumebar


Ing angkasa lan langit
Nalika sikil tumapak
Ingkang menyang swarga

Isi geguritan
Geguritan Sekar Wus Sumawur ngekei piwulang nek dewe
kudu nyiapke bekal kanggo amal becik ing dino sesok

12

You might also like