Jaka Thole

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 2

JAKA THOLE

Ing kraton Majapahit ana sawijining nom-noman kang asale saka medura dadi prajurit, arane
Jaka Thole. Dheweke kawentar amarga kasektene. Nalika Lawang kraton ucul saka kusene, Jaka
Thole kanthi kasektene bisa mbenerke sanajan Lawang iku abot banget. Mula saka iku dheweke
di tresnani banget dening sang Raja lan kerep diparingi bebungah awujud apa wae.

Kaanan kang mangkono iku ndadekake ana prajurit liyane kang meri marang Jaka Thole. Prajurit
iku gawe rekadaya mitnah Jaka Thole ana ing ngarsane sang Raja.
“ Nuwun sewu sinuwun, sowan kula ing ngriki badhe matur bab kawontenanipun Jaka Thole.”
“ Ana apa ta ?” pamundhute sang Raja rada bingung.
“ Sajatosipun Jaka Thole punika prajurit ingkang mboten setya dhumateng paduka, ananging
manawi wonten ngarsa padhuka ethok-ethok ngetingalake kasetyanipun”, ature prajurit kang
sowan iku.

Sang Raja midhanget atur kaya ngana iku katon manthuk-manthuk lan katone ana sing di
penggalih. Panjenengane banjur ngendika kanthi wicaksana,” dak tampa aturmu iku, nanging
kowe saiki enggal
makarya maneh, isih akeh pagawean kang kudu dirampungake!”
“ Matur nuwun sinuwun”’ wangsulane prajurit iku kanthi ati kang marem banget, amarga
rumangsa yen sang Raja percaya marang ature iku.

Sapungkure prajurit mau, sang Raja banjur menggalih lan nimbang-nimbang atur mau.
Wekasane sang Raja kepingin mbuktekake kahanan kang sabenere. “ Aku kepingin Jaka Thole
dadi bojone putriku kang nandhang wuta iku, yen dheweke nampik iku ateges apa kang diaturake
prajurit mau bener, nanging yen dheweke gelem, iku ateges dheweke pancen setya marang aku
lan apa kang di kandakake prajurit iku nyata luput,” ngendikane sang Raja marang awake dhewe.

Sang Raja banjur nimbali Jaka Thole lan dangu,” Jaka Thole apa kowe gelem dadi bojone Dewi
Ratnadi?” . Kula purun sinuwun.” Wangsulane Jaka Thole mantep.

Kapethik Saka LKS Basa Jawa – Optimis.

1. Crita Jaka Thole iku kalebu jenise crita ….


a. fable
b. legenda
c. mite
d. sage

2. Kadadeyan apa kang ana ing crita Jaka Thole iku ….


a. Jaka thole dipitnah kara kanca prajurit
b. Jaka Thole didhupukake karo putri raja sing wuta
c. Jaka thole di catur dening para tamu
d. Dumaning sumber banyu saka tanceping tekening Dewi Ratnadi

3. Apa irah-irahan (judul) wacan ing dhuwur ?


a. panji laras
b. jaka lodhong
c. jaka kendhil
d. Jaka Thole
4. Kadadeyan pirang pada (alinia ) wacan ing dhuwur ?
a. 2
b. 3
c. 4
d. 5

5. Sapa jenenge bojone Jaka Thole ?


a. Dewi Ratnadi
b. Dewi Sekartaji
c. Dewi Rarayana
d. Dewi Shinta

6. Tembung loro utawa luwih kang digandheng (diraketake) dadi siji kanthi nyuda wandane,
diarani …
a. tembung entar
b. tembung surojo
c. tembung garba
d. tembung panyandra

You might also like