Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 1

Cerkak Kisah Bocah Pangadol Koran

Neng sisih wetan, srengenge durung katon. Embun nang esuk iku krasa adhem banget. Alam isih
dikemuli embun esuk. Sawong anak ngontel sepedane neng tengah dalan sing isih sepi. Sapa sih
bocah kuwi? Dheweke yaiku sawong pangadol Koran, sing nduwe jeneng Dani.

Kawit gebug lima esuk, dheweke wis ketuk neng panggon agen koran saka pirang-pirang penerbit.
“Jupuk pira Dani?” Takon Bang Kirun. “Biyasane wae.”Jawab Dani. Bang Kirun njupuk sacacah koran
lan majalah sing biyasa digawa Doni kanggo langganane. Sakwise buyar, dheweke banjur mangkat.

Dheweke nekani pelanggan-pelanggan setiane. Saka siji omah menyang omah liyane. Ngonoa
pagawean Dani saben dinane. Ngenterne koran marang para pelanggane. Kabeh kuwi dikerjakne
dheweke kanthi seneng, ikhlas lan rasa kebak tanggung jawab.

Pas Dani lagi ngayuh sepedane, dumadakan dheweke dikagetke karo siji barang. Barang kesebut
yaiku bungkusan plastik arupa ireng. Dani dadi ndredek. Barang apa kuwi? Dheweke ragu-ragu lan
rumangsa keweden amarga akhir-akhir iki kerep kedadean peledakan bom nengendi-endi. Dani
kuwatir barang kuwi yaiku bungkusan bom.

Nanging akhire, dheweke nyoba mbukak bungkusan kesebut. Katon neng jero bungkusan kuwi ana
siji kardus. “Wah, apa isine ini?’’ pitakone neng njero ati. Dani cepet mbukak bungkusan kanthi
ngati-ati. Kagete dheweke, amarga neng jerone ana kalung emas lan panganggo liyane. “Wah apa
ini?” Pitakone njero ati. “duwe sapa, ya?” Dani molak-walik ali-ali lan kalung sing ana neng jero
kardus. Dheweke luwih kaget meneh amarga ana kertu kredit neng jerone. “Lho,…iki duwe pak Alif
ta, Meskae pisan pak Alif , rupane dheweke wis kemalingan.”Batine neng njero ati.

Apa sing dikiraknekne Doni kuwi pancen bener. Omah pak Alif wis kelebonan maling mau bengi.
Amarga maling kesebut kesusu, bungkusan panganggo sing wis dikumpulake dheweke tiba neng
ndalan. Dani kanthi cepet ngandani pak Alif. Dheweke nyeritoke apa sing kedadean lan dheweke
temokake. Ebo senenge pak Alif amarga panganggo duwe bojone wis bali. Dheweke bersyukur
banget, panganggo kuwi tiba menyang tangan wong sing jujur.

Dadi ucapan matur nuwune, pak Alif menehake modal marang Dani kanggo mbukak kios neng
omahe. Saiki Dani ora kudu ngontel sepedane maneh kanggo bebakulan koran. Dheweke cukup
nunggu panuku teka kanggo mblanja. Lagekne kanggo ngirim koran lan majalah marang
pelanggane, Doni digantekne saka sedulure sing kabeneran durung nduweni pagawean.

You might also like