Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 3

TULADHA ATUR PAMBAGYAHARJA,

ABDI DALEM KARATON NGAYOGYAKARTA HADININGRAT


REH KAPRAJAN, GOLONGAN SOWAN KEMIS I
WONTEN ING PEPANGGIHAN SILATURAHMI/ ARISAN

1. Bismillahirrahmaanir rahiim
2. Assalamu’alaikum wr. Wb.
3. Alhamdulillahirobbil alamin
Kawilujengan, kasarasan tuwin sih wilsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, mugi
tansah kasalira dhumateng para kanjeng saha para rama sedaya. Amin
4. - Nuwun wiyosipun, dhumateng ngersanipun Kanjeng …… minangka pangarsanipun
Tepas Dwarapura, ingkang satuhu kinurmatan
- Dhumateng Kanjeng …… Pengirit sowan bekti Kemis I, ingkang sinuba ing
pakurmatan
- Miwah para kanjeng tuwin para rama sedaya ingkang manggih suka basuki
5. Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken tansah munjukaken raos suka syukur
alhamdulillah, wonten ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring barakah,
hidayah sarta nikat dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, kacihna para
kanjeng, para rama sedaya ing ari punika saged rawuh ing griya kula punika kanthi
widada wilujeng nir ing rubeda.
6. Awit saking punika, sanajan kapara randhat, ingkang sepisan, kula ngaturaken
pambagya wilujeng, rawuh panjenengan sedaya.
Dene ingka angka kalih, kula ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindan,
awit rawuh panjenengan sedaya.
Angka tiga, kula nglenggana, anggen kula sakulawarga nampi rawuh panjenegan,
saha atur pasugatan ingkang awujud punapa kemawon, ingkang kirang mranani,
boten jumbuh kaliyan kalenggahan panjenengan, kula nyuwun agenging pangaksami.
Para kanjeng saha para rama, punika pasugatan unjukan, saha dhaharan prasaja,
ingkang sampun katur wonten ngarsa panjenengan sedaya, sumangga kersa dhahar
ingkang prayogi. Nuwun.
7. Mawantu-wantu panyuwun kula, dipun sakecakaken anggenipun lenggah ngantos
paripurnaning acara punika. Ambok bilih samangke taksih wonten pasugatan malih,
kasuwun hangrahapi kanthi merdhikaning penggalih
8. Namung mekaten ingkang saged kula aturaken, kathah lepatipun nyuwun
pangapunten.
Santen gula klapa, semanten atur kulo
Wassalamu’alaikum wr. Wb.

Cecala :
Menawi ingkang matur agaminipun Katholik :
1. Angka 1 dipun ganti : Konjuk ing asma Dalem Hyang Romo, Hyang Putra tuwin
Hyang Roch Suci.
2. Angka 2 diganti : Wilujeng siang, Berkah Dalem

Kaserat Dening

KMT. Dwijawiguno, BA
TULADHA ATURIPUN PANATACARA WONTEN ING PEPANGGIHAN
SILATURAHMI/ ARISAN ABDIDALEM KAPRAJAN
GOLONGAN SOWAN BEKTI KEMIS I

1. Bismillahirrahmaanir rahiim
2. Assalamu’alaikum wr. Wb.
Wilujeng siang, salam rahayu
3. Alhamdulillahirobbil alamin, wabihi nasta’inu alla umuriddun ya waddin,
Ashsholaatu wassalaaamu ‘alaa khotami ambiya wal mursalin, sayyidina
Muhammadin wa’alaa alihi wa asyhhabihi ajma’in. Ama ba’du
Kawilujengan, kasarasan tuwin sih wilsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, mugi
tansah kasalira dhumateng para kanjeng saha para rama sedaya, sumbrambahipun
para lenggah sedaya. Amin
4. Saha Kanjeng Pengirit, Para Kanjeng dalasan para rama, ingkang manggih suka
basuki
5. Sakderengipun pepanggihan silaturahmi/ arisan punika dipun purwakani, langkung
rumiyin mangga sareng-sareng kula dherekaken munjukaken raos suko syukur
Alhamdulillah, wonten Ngarsa Dalem Alag SWT, ingkang sampun paring Rahmad
lan nikmat dhumateng panjenengan sedaya dalasan kulo, kacihna kula panjenengan
sedaya ing ari punika …….. surya kaping ….. saged rawuh wonten dalemipun
Kanjeng Rama …… kanthi widada wilujeng tebih ing rubeda. Amin
6. Para Kanjeng, Para Rama ingkang sinuba ing pakurmatan, kulo minangka jejering
panatacara pepanggihan silaturahmi punika, kepareng ngaturaken tata urut
reroncening titi laksana ingkang sampun karantam :
1) Purwaka
2) Atur pambagyaharja yuwana
3) Panembrama
4) Tanggap wacana/ paring pangandikan saking Tepas Dwarapura
5) Arisan
6) Pangandikan saking kanjeng pengirit
7) Warna sari. Manasuka
8) Panutup kalajengaken sumene andrawina
Sagung para kanjeng dalasan para rama, mekaten reconening titi laksana ingkang sampun
karantam. Tumulikatur adicara ingkang Angka Setunggal nun inggih Purwaka. Kanthi

You might also like