Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 3

GUGUREDASAMUKA.

PETENG remeng remeng jagat sintru pindha bangun kesaput lebu , mrabawani bumi
Nalengka , mendung ngendanu hanamengi soroting Hyang Raditya , riris riwis riwis
yayah tangising wiyati kaprabawan duhkitaning driya sang Yaksendra DDasamuka , ,
ngenes rumangsa apes , pepes sasat linolosan bebayuning sarira , kapanduking
kingkin kaduk kaduwung marang guguring sang Pangersnpati Raden Indrajit ya sang
Harya Megananda miwah tumpes tapis kadang kadeyan lan para prawira
gegeduging yuda , pepindhahe wit witan sang Rahwana Raja amung kari dedege
ndalujur , pang pange pagas den tutuhi , tanpa daya amung ngenteni tumekaning
titiwanci tumibaning pasti .
Sang nata kaduwung dene ing uni nora nggugu atur pemute ingkang rayi Wibisana
lan rayi Kumbakarna , apadene pitungkase ingkang eyang Bagawan Somali , kang
supaya masrahake bali Dewi Sinta marang Rama Wijaya , ing samengko kaduwung
wus nora ana gunane , Wus nora ana pengarep arepe bakal unggul ing yuda
mungsuh Rama Wijaya lan bala wanara . amung kari ana dalan rong prakara yaiku
nungkul aris luru urip apa maju perang lan gugur mbelani wadya baane . Gumregah
tuwuh kasudirane , emut jejering narendra kang kasusra gawe getering tri bawana ,
suthik nungkul marang mungsuh , Ngesthi mati utama , nedya ngetog kasudiran
nganti gugur aneng rana madyalaga
Sigra ngndangi bala Raseksa kang isih ana Mangungkung swarane tengara , ku
imerab kang wadya bala raseksa , sawuse samapta nuli bodhol mijil saka jroning
kutha, Sang Yaksendra Dasamuka nitih rata kancana abra markata sotya sumotya ,
pangirid kuda yaksa sewu , Bupatining raseksa kang isih ana , ditya Wilohitaksa ,
ditya Gothadara lan ditya Mahodara ngetap wadya ralseksa leksan , kethen , yutan
tanpa wilangan . Buta buta sesimpenan miwah para bua nujum kang gundul
mentilas arak arakan , melu ngater gustine maju marang payudan sarwi
gumarenggeng ngucap mantra pengapesaning satru sekti , Gumuruh lir rubuhing
gunung Suwela suraking bala raseksa , binarung swaraning kalasangka ,
pangempreting dwiroda lan pangeriking kuda yaksa , Gograg bumi prakempita , gora
gurnita kagir igiri , kumlebeting gandera dwaja lelayu tetunggul katiyuping maruta
minangka sasmita tekading bala raseksa kang nedya pulih getih marang bala
wanara .
Sang Gunawa Wibisana mulat ingkang raka Sri Dasamuka ngetoni jurit gupuh gupuh
marak marang Sri Rama Wijaya kasuwun kapareng mapag aneng payudan , Narpai
Sugriwa sigra dawuh marang Bupati Wanara debya kinen ngayap angampingi gusti
Sang Ragutama . Bala Wanara kang nora darbe tetabuhan nuli mere njerit
bebarengan swarane manengker langit . minangka tengara untabing wadya kapi
bala mapag panempuhing bala raseksa .Tandya bala gumregut riwut arebut nempuh
yuda kapi bala lumawan yaksa bala , geter pater prabawane . Bledug mangampak
ampak , jagat tinon remeng remeng , prabaning dewangkara sor prabawa kalawan
kumebuling bledug ing paprangan , udan sanjata braja saka bala raseksa
tinandingan udan watu lan gumlundunging wukir saka bala wanara , tanpa wilangan
kehing pepati .
Krodha sang Kapindra Sugriwa lan Jaya Anggada malumpat manjing payudan mapag
pangamuke para prawira ditya Ngalengka , Raseksa Wilohitaksa mati tinempiling
dening Prabu Sugriwa , Wil Gothadara kabentur pucuking gunung dening Sang
Kapindra , Ditya Mahodara ngamuk kasampluka gada dening Jaya Anggada mangga
puliha .
Prabu Dasamuka ngetkake kasekten musus astane mubal mijil dahana murub mulat
mulat ngebaki payudan , Sri Rama namakake jemparing panulak , mijil banyu banjir
nyirep uruping dahana , Prabu Rahwana numplak kasudibyan , saka tutuke lan
astane mijil sakehing sanjata lungit. Sri Rama Nglepasake sanjata panyirep , sirna
sakehing sanjata saka kemayane sang Dasamuka . Krodha muntab sang Raksasapati
, musthi sanjata sanjata peparinge Sang Hyang Rudra ing nguni , Lumepas mijillake
sakehing sato galak macan gembong , singa barong , , asu ajag , lan sakehing sarpa
mandi . ngebaki rananggana , Raden Wibisana nglepasake sanjata sekti wutah
Naracabala , sirna sakehing kewan galak kemayane sang Dasamuka , Prabu
Rahwana nglepasake sanjata Trisula kang wus winisik mantra sakti , ngancap
marang Sri Rama , kebat sang Sumitra putra nglepasisara dibya , Trisula sekti
katenggel tugel sadurunge ngenani sang Ragutama , Sansaya makantar kantar
krodhane sang Rahwana , ngembat enbat sabjata Kunta , , nanging lepasing sanjata
ngeles marang Sang Laksmana Widakda . Lambunge Sang Sumitraputra katama
sanjata kunta , butul dawah kantaka gumuling ing bantala , Sri Rama Wijaya mulat
ingkang rayi kataman sanjataning mungsuh , gupuh gupuh ingkang rayi rinangkul
tinangisan , Sigra sang Gunawan Wibisana mondong raden Laksmana ginawa
sumingkir saka payudan , nuli matak mantra sekti , Tatune sang Laksmana den usap
dening astane Raden Gunawan Wibisana pulih pada sanalika , Sang Sumitraputra
waluya jati temah nirmala , Sansaya wuwuh krodane Sang Pabu Ngalengka , mulat
ingkang rayi Wibisana ngusadani tatune Laksmana , Sansaya ndadi Sang
Raseksapati mutahake saliring aji aji lan guna piranti .
Kawuwusa kang aneng Suraloka Sang Hyang Surapati ya Bathara Indra mulat mulat
welas marang Sri Rama Wijaya dene mangsah yuda amung dharat tanpa titihan .
Sedhenge Sang Rahwana Raja nitih rata perang kang gedene sasat gunung anakan,
Nuli Bathara Indra maringake rata perang saka kaswargan wasta Rata Jatisura
miwah kusir jawata wewisik Bathara Matali , sarta maringake sanjata sekti Astra
Guwawijaya marang Sri Rama Wijaya , Sri Rama Wijaya nuli nitih rata Jatisura kang
kinusiran Bathara Matali magut jurit mentang langkap mutahake jemparing sekti
Naracabala , mrawasa ratane Prabu Dasamuaka renyu lebur pada sakala, Sri Rama
nusuli nglepasake jemparing sekti , nempuh Dasamuka bengkah dadane njrebabah
ndepani bantala. Kusir yaksa mulat gustine tumekaning pati nuli lumayu tinggal
glanggang lur urip , eling eling Prabu Rahwana kagaduhan aji Pancasona , nalika
dadane bengkah kwandane njrebabah ndepani bantala , aji Pancasonane dadi ,
tatune tuntum Dasamuka urip maneh , gregah tangi maneh , ngungundene rata
remuk lan kusire lumayu, Duka Prabu Dasamuka kusir den timbali den uman uman
supaya bali maneh sarta kinen nyawisake rata perang kang luwih nggegirisi .
Wus cumawis rata perang kang gedene ngleluwih , Prabu Dasamuka nulih nempuh
jurit , ngetog kasudibyan numplak saliring sanjata luwih , tinangapan dening Sri
Rama , nganti suwe anggone alancaran warastra rebut jaya ngunggar kasudiran ,
Bumi genjot samodra kocak mawalikan , Akasa gumuruh kilat tatit leliweran
kaprabawan wantere kang andon jurit , Prabu Rahwana rumangsa lagi iki antuk
tanding kang semene bobote nadya Sri Rama uga rumangsa antuk tanding mungsuh
kang tuhu pilih tanding , Kusir Jawata Bathara Matali banget maras kuwatir ketir ketir
, mulat solahe kang andon yuda , Sumelang Sri Rama kasor yuda labet Dasamuka
nandukake apus krama , Nuli Bathara matali atur pemut marang Sri Rama Wijaya .
Duh Pukulun Sri Rama Wijaya ,sampun dangu dangu paduka angladosi solahipun
Dasamuka , welasan dumateng jagat saisinipun ingkang tansah kasangsaya
angajeng ajeng tumurun paduka ing janaloka, Tumunten kalepasana sanjata
pamungkas Guwawijaya ing dinten punika kados sampun titimangsaning , kisasing
budi candala leburing hambeg angkara , ingkang sumadhang dumteng Dasamuka .
Mesem tanggap ing semu wong agung Ramawijaya , nuli ngembat sanjata
pamungkas peparinge Sang HYang Indra, Astra Guwawijaya , kang bobot tibane
ngluwihi bobote gunung Himawat , nyenyepe dumadi saka rertuning angin barat
sindhung riwut , reratuning geni kang minangka landepe , mawa lar kang dumadi
saka wulune peksi raja kadewatan , Ponang walastra wus sumandang aneng
kendhenging langkap saraga , Lumepasing Guwawijaya sasat kumeclaping kilat ,
nglanjak gulune sang Dasamuka mustaka sepuluh rantas pada sanalika ,
Gumlungdung bebarengan rubuhing gembung , gumebrug ing bantala yayah ring
prabata , Sirna marga layu lestari angemasi Sang Rasekdra kang sasat kalis ing pati ,
Dayane aji Pancasona nora ndayani marang kasektene Astra Guwawijaya .
Surak surak acikrak cikrak mere mere swarane manengker langit sakehing bala
wanara mulat gustine unggul ing yuda , ing akasa gumuruh swaraning para
widadari , Suragana pitri maharsi kaswargan kang umyung asesnti jaya jayanti sarwi
nawurake arum arum lan saliring sari minangka wiyosing pangayubagya marang
Prabu Sri Rama Wijaya .
Raden Gunawan Wibisana winisuda kajumenengake ratu gumanti keng raka ing
Ngalengka , wanter piwulange Sri Rama kinen ngrasuk ageming nata wursita adi
Astha Brata , Yaiku nulad wataking dewa wewolu :
Watake Bathara Indra
2. Watake Bathara Surya
3. Watake Bathara Bayu
4. Watake Bathara Kuwera
5. Watake Bathara Baruna
6. Watake Bathara Yama
7. Watake Bathara Candra
8. Watake Bathara Brama
Wursitaning Astha Brata kang hanulad watake Dewa wolu , seje saloka nunggal
surasa kalawan Astha Brata kang hanulad watake alam wolu yaiku Bumi , Banyu ,
Angin , Geni , Surya , Candra , Kartika , lan Mega . . Tancep Kayon .

You might also like