Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 9

Suluk ADA-ADA

Ada-ada Jangkêp Sléndro Nêm


Tan samar pamoring suksma ,
sinuksmaya winahya ing ngasêpi ,
sinimpên têlênging kalbu ,
pambukaning warana ,
tarlèn saking liyêp layaping aluyup ,
pindha pêsating supêna ,
sumusuping rasa jati.
Keterangan :
Ada-ada di atas adalah tembang pangkur ,
petikan dari “Serat Wedhatama” bait ke 13 ,
(yg masih dipertanyakan tentang pengarang yg sesungguhnya ,
R. Ng. Ronggowarsito ataukah KGPAA. Mangkunegara IV).
Ada-ada Hastakuwala Alit
Mundhur sang rêkyana patih ,
undang mring pra wadya bala sawéga ,
umyung swaranipun bêndé bèri ,
gubar gurnang kalawan ,
puksur tambur suling ,
pêpandèn tunggul daludag ,
bandhèra mwah kakandha mawarna warna ,
pindha jaladiyan asri kawuryan.
Ada-ada Hastakuwala Agêng
Grag-grag andhêmaning kang ,
jaran mrik magalak ,
gênti manitih pamêkak ira ,
ri sang sudarsana dahat ,
kêndhali rangah manjing ,
lak-lakané kuda ngrik mijil rah ,
kadya tuk sumarambah ,
mung jir … mung jir … mung jir …
yaksa têmahan krora sru manaut ,
yitna sang narpatmaja.
Ada-ada Budhalan Mataraman
Énjing bidhal gumuruh ,
saking nagri Wiratha ,
kèhing kang balakoswa ,
abra busananira ,
lir surya wêdalira ,
saka ing jalanidhi ,
arsa madhangi jagad ,
duk mungub mungub anèng ,
anèng pucaking wukir ,
mêrbabak bang sumirat ,
kênèng soroting surya ,
mèga lan gunung gunung.

Ada-ada Mataraman [1]


Rikat lampahireng rata ,
tan antara praptèng sukuning arga ,
éram tumingaling ,
pakuwon asriné dhêndhêng saéngga praja ,
umung kang pradangga ,
busêkan kang janma.
Ada-ada Mataraman [2]
Rasêksa prayitna anggrong krura wiroda ,
bêgor swara gurnita ,
samya sikêp sanjata ,
samarga girang-girang ,
mintonkên krodanira.
Ada-ada Mataraman [3]
Ènjing nêmbang têngara ,
gumuruh bidhaling wadya
sadaya samya samapta ,
abra busananira ,
samya sikêp sanjata ,
tumbak kêris pêdang ,
lan bandhèra warna-warna.
Ada-ada Mataraman Jugag
Ridhu mawor , mangawur-awur wurahan ,
têngaraning ajurit ,
gong maguruh gangsa ,
têtêg kaya butula ,
wor panjriting turangga èshti ,
rêkatak ingkang ,
dwaja lêlayu sêbit.
Suluk Pathêt Kêdu
Myat langêning kalangyan ,
aglar pandam muncar ,
tinon lir kêkonang ,
surêm soroting tan padhang ,
kasor lan pajaring ,
purnamèng gêgana ,
dhasaré mangsa katiga ,
ima anawêng ing ujung ancala ,
asênên karya wigêna ,
miwah isining wana ,
wrêksa gung tinunu.
Ada-ada Girisa [7]
Kukusing dupa kumêlun ,
ngêningkên tyas sang apêkik ,
kawêngku sagung jajahan ,
nanging sangêt angikibi ,
sang Rêsi Kanèkaputra ,
kang anjlog saking wiyati.
Kagyat ri sang kapirangu ,
pinêngkul kinêmpit-kêmpit ,
dhuh sang rêtnaning bawana ,
ya ki tukang walang-ati ,
ya ki tukang ngênês ing tyas ,
ya ki tukang kudu gêring.
Keterangan :
Dua bait (rong pada) tembang Kinanthi di atas ,
menceritakan tentang Rama Wijaya yg tengah bersemedi.
Ada-ada Girisa [8]
Mangalad-alad dahana ,
sumundhul marang akasa ,
kukusing dupa ngambara ,
umêsat mring antariksa ,
pan sigra Sri Naranata ,
sêdhakep saluku juga ,
amêpêt babahan nawa ,
ngêningkên pancadriya ,
sirna sagung kang rasa ,
sajuga sinidhikara ,
maminta sihing Jawata.

Keterangan :
Sembilan lubang hawa yg ada pada manusia adalah ,
Ada-ada Girisa [2]
Aglar ingkang samya sèba ,
pindha robing kang samodra ,
abra busananing wadya ,
pindha panjrahing puspita ,
têtindhihing pra prawira ,
rêkyana patih sudira ,
tidhêm kang samya suméwa ,
rumahab nilingkên sabda
saiyêg saêka praya ,
siyaga ngayahi karya ,
pakaryan ayahan praja.
Ada-ada Girisa [3]
Umyang swaraning wadya ,
wus samapta munya ,
kêndhang gong bèri arêbut papan
ing sajuru-juru ,
tan ana liru prênah ,
rêkyana patih mangka cucuking ,
pra wadya kuswa ,
risang Wrêsniwira mahambêg sudira ,
prawira tumangguh.
Ada-ada Girisa [4]
Lagi èca wawan sabda ,
horêg kang sumiwa ,
gègèring pasèwakan ,
kathah ingkang narka ,
wontên dirada mêta ,
pêdhot saking wantilan ,
sawênèh anarka ,
kuda tilar pandêngan ,
glis nindya mantri aniti priksa ,
darunaning gati ,
dupi wus uninging gati ,
gya sowan ngarsa éndra.
Ada-ada Girisa [5]
Tandhang Sri Baladèwa ,
nanggalanira pinusti ing asta ,
swandana umangsah ,
praptaning rananggana umiyat yitna ,
krura sru wirodra ,
kyai patih Pancatnyana ,
umangsah pêtuk samya wahana dwipangga ,
ngunda dhêndha.
Ada-ada Girisa [6]
Yogya malih kinarya palupi ,
Suryaputra Narpati Ngawangga ,
lan Pandhawa tur kadangé ,
lyan yayah tunggil ibu ,
suwitèng Sri Kurupati ,
anèng nêgri Hastina ,
kinarya gul-agul ,
Manggala golonganing prang ,
Bratayudha ingadêgkên Sènapati ,
Ngalaga ing Kurawa.
Ada-ada Grêgêt Saut Wana Wasa [1]
Bumi gonjang ganjing langit kêlap-kêlip ,
katon lir kincanging alis risang mawèh gandrung ,
sabarang kadulu wukir moyag-mayig ,
saking tyas baliwur lumaris anggandrung ,
Dhuh Sang Ri Sumitra ,
tanlyan (tan ana lyan) paran reh kabeh sining wana ,
nangsaya maringsun.
Ada-ada Grêgêt Saut [2]
Irika ta sang Gathotkaca ,
kinon mapag Arkasuta ,
têkapira Krêsna ,
Parta manêhêr muji saktinira.
sang inujaran wawang ,
masêmu garjita harsa marêk ,
mawacana bagya yan hana ,
pakon ri patik narpati ,
Keterangan :
Sekar ini menceritakan ketika Bharatayudha di hari ke 14 ,
Prabu Kresna memberi perintah kepada Gathotkaca untuk menghadapi Prabu Karna.
Ada-ada Grêgêt Saut [3]
Sigra kang bala tumingal ,
acampuh samya mêdali ,
lwir thathit wilêting ganda ,
dhanghyang gung manguncang niti ,
bénjang sang aji mijil ,
lathinya mêdali wuwus .
trustha sura wilaga ,
kaya buta singa wrêgil ,
pasthi jangga dhêndhanya mangambak baya.
Keterangan :
Sekar Sinom di atas ,
digubah dari Serat Aji Pamasa karangan R.Ng. Ranggawarsita.
Aslinya ada 4 bait (patang pada) , dari tiap bait masing-masing diambil 2 baris ,
kecuali bait ke 4 , diambil 3 baris.
Sehingga ketika diterjemahkan , maknanya nampak tidak secara luwes berkaitan.
Ada-ada Grêgêt Saut [4]
Buta Pandawa tata gati wisaya ,
indriyaksa sara maruta ,
pawana bana margana ,
samirana lan warayang ,
panca bayu wisikan gulingan lima.
Keterangan :
Dalam ketentuan “Candra Sengkalan Lamba” ,
angka tahun yg disandikan dalam kalimat ,
semua kata benda tersebut di atas melambangkan angka 5.
Meski sama-sama berarti “angin” , masing-masing memiliki makna yg berbeda ,
samirana adalah angin yg bertiup sepoi-sepoi , wisikan adalah angin malam hari ,
maruta adalah angin besar , maruti adalah angin kecil , dsb.
Ada-ada Grêgêt Saut [5]
Kadangmu warahên dèn bêcik ,
besuk amêndhêma baris prayitna ,
aywa saranta wong ing Dwarawati ,
tinimpês pan iku awak Pandhawa.
Ada-ada Grêgêt Saut [6]
Dhadha muntap lir kinêtap ,
duka yayah sinipi ,
jaja bang mawinga wêngis ,
kumêdhot padoning lathi ,
nétra kocak mangondhar andhir ,
kêrot-kêrot kanang waja ,
idêpnya mangalacakra ,
wadananira mbranang ,
lir kêmbang wora-wari ,
sinosog mêrang sagêdhèng ,
bêl mubal dahana.
Ada-ada Palaran
Rasêksa gora rèh kagiri-giri ,
gêngnya lir prabata ,
abang kawlagar ,
manguwuh ing mungsuh ,
haminta lawan ,
anggro sru singanabda ,
kadyènggal hyun manubruka.
Ada-ada Bima mlumpat [1]
Umangsah ambêk pêjah ,
cancut gumrêgut manjing ,
samudra tulya dreng ,
wiraganya lêgawa ,
banyu sumaputing wêntis ,
meleg ing angganira ,
sumingêp anampêki ,
migêg jangga kang warih ,
katon naga kumambang gêngnya sawukir anak ,
ngakak galak kumêlap.

You might also like