Babad Ajibarang 2

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 17

BABAD AJIBARANG

Kelompok :2
Nama Anggota : 1. Alifa Khoirunnisa (03)
2. Ariq Nur Ardiansyah (05)
3. Elsa Ayu Lestari (09)
4. Ikhlas Aiyon S (13)
5. Lulu Aliyah (16)
6. Nurul Hikmah (23)
7. Prabu Mukti (24)
8. Salsabila Ramadhanty (30)
Kelas : 8A

Naskah drama :

Ing jaman semana ana sawijining Negara kang jenenge Galuh Pakuan. Galuh Pakuan
kuwi kalebu wilayah Kerajaan Pajajaran. Nalika semana ing Galuh Pakuan lagi ana musibah.
Musibah mau awujud mangsa ketiga kang suwe banget sing gawe rakyat sengsara.
Paijo : ‘’ Ya Kisanak kepriye ya tahun kiye mangsane ora menaki.’’
Kisanak : ’’ Iya yah. Taun kiye nyong lagi gagal panen.’’
Sutinem : ‘’ Jen iya keh sangking panase gincune nyong nganti pada mletak.’’
Paijo : ‘’ Gara-gara mangsan paceklik warga-warga bangeting sengsarane.’’
Sutinem : ‘’ Iya nembe bae wingi kaki Bagyo ninggal.’’
Kisanak : ‘’ Lah bisane kena ngapa sii?’’
Sutinem : ‘’ Lah ya kaya kue, anu kurang pangan.’’
Paijo : ‘’ Inalillahi, ngampurane ya nyong tembe ngerti.’’
Kisanak : ‘’ Trus kepriwe tanggepane Adipati Munding Wilis?’’
Sutinem : ‘’ Ya mbuh mbuhaa bojone be lagi meteng.’’
Paijo : ‘’ Ya, ndean ngidame sing aneh aneh, dadine ora ngurusi wargane.’’
Kisanak : ‘’ Mula kuwe padha dibisaha maklumi.”
Ing kahanan kang mrihatenake mau, bojone Adipati Munding Wilis utawa Adipati
Galuh Pakuan njaluk digolekake dhaging kidang kang sikile putih.
Garwane adipati : ‘’ Kangmas........’’
Munding Wilis : ‘’ Iya adindaa..’’
Garwane adipati : ‘’ Rasa rasane jabang bayi kie lagi kepingin apa kayaa
kueee?’’
Munding Wilis : ‘’ Kepengin apa sih adinda?’’
Garwane adipati : ‘’ Kayane aku kepengin mangan daging kidang sing sikile
putih.’’
Munding Wilis : ‘’ Panjalukmu ko aneh dianjeng..’’
Garwane Adipati : ‘’ Iki dudu panjalukan saka aku kangmas, nanging panjalukan
sekang si jabang bayi kiye.’’
Munding wilis : ‘’ Nanging apa ora teyeng sing liane adinda? Masalaeh rakyat
lagi pada ngalami paceklik.’’
Garwane Adipati : ‘’ Apa kangmas ora wedi yen mbesuk gede anak kie dadi
ileran?’’
Munding Wilis : ‘’ Ya wis, nek ngana ngesuk aku tak menyang alas nggolet
kidang kang sikile putih.’’
Garwane Adipati : ‘’ Matur suwun nggih kangmas.’’
Munding Wilis : ‘’ Iya adindaku.’’

Amarga bojone lagi meteng, mula sang adipati nuruti panjaluke bojone.
Esuk-esuk dheweke lunga menyang alas nggolet kidang kang sikile putih
Munding Wilis : ‘’ Adinda, kangmas pamit lunga kanggo nuruti panjaluke si
jabang bayi ya.’’
Garwane Adipati : ‘’ Nggih kangmas, ati ati. Mugi slamet mangkat mulih.
Perbekalane sampun debekto sedoyo kangmas?’’
Munding Wilis : ‘’ Wis siap kabeh dinda,aamiin duh gusti.”
Adipati Munding Wilis akhire mangkat beburu kidang kang sikile putih,ngliwati alas-alas
kang kahanane medeni banget. Sedurunge butul alas, adipati lan jajarane nyasar neng desane
para brandal.
Munding Wilis : “ Ana sing ngerti dewek lagi neng ngendi?”
Jajarane : “ Kulo mboten ngertos adipati,rasa-rasane seniki
piyambek saweg kesasar”
Jajarane : ‘’

Pimpinan rombongane jenenge Abulawang. Banjur Abulawang mrentah anak buahe nggolet
pawarta babagan rombongan kang kesasar mau.
Abulawang : “He kowe!goletna pawarta babagan rombongan kesasar lan
apa bae kang digawa!!!”
Anak buah : “Ashiiiap bos abu!”
Anak buahe banjur budhal nyanggupi. Banjur mbarang 3 dinane,mulih ngadhep
Abulawang.
Abulawang : “ Olih pawarta apa bae kowe,ha?!”
Anak buah : “ Rombongan niku ingih puniko rombongane Adipati Munding
Wilis saking kadipaten Galuh Pakuan.’’
Anah buah : ‘’ Barang barang sing di bekto uga kathah. Amargi
rombongan wau niku, tiang tiang kerajaan.’’
Abulawang : ‘’ “Ya wis, saiki siapake pasukan kanggo nyerang rombongan
Adipati Munding Wilis!”
Anak buah : ‘’ Siap bos!’’
Abulawang lan anak buahe nyiapna rencana kanggo nyerang Adipati Munding Wilis.
Abulawang : ‘’ Rungokna nyong gyeh. Nyong duwe siasat kanggo
nglumpuhna rombongane Adipati Munding Wilis.’’
Anak buah : ‘’ Siasat napa niku bos Abu?’’
Abulawang :’’ Dadi engko dhewek nyegat rombongan kuwe, aja nganti
lolos, lan njimot apa sing teyeng dejimot.’’
Anak buah : ‘’ Sendiko dawuh Bos Abu.’’
Wektu Abulawang lan anak buahe nyegat rombongane Adipati Munding Wilis.
Abulawang : ‘’ Heh!!!’’
Munding Wilis : ‘’ Sapa kowe?’’
Abulawang : ‘’ Aku Abulawang, kepala rampok neng desa kiye. Kiye
kabeh anak buahku sing pada tresna lan manut marang aku.’’
Munding Wilis : ‘’ Apa panjalukmu.’’
Abulawang : ‘’ Wehna kabeh banda banda sing ko gawa! Ngger ora ko
bakal ko ora bakal slamet.’’
Munding Wilis : ‘’ Apa hakmu njaluk banda sing tak gawa?’’
Abulawang : ‘’ Halah kakehen omong ko. Heh kowe kabeh serang
rombongane Munding Wilis.’’

Perang antarane rombongane Sang adipati lan Abulawang akhire kedadean. Sang
Adipati lan rombongan kalah, banjur dicekel dening perampok kang dipimpin Abulawang.
Kabeh barang-barange Sang Adipati dirampok semana uga jarane. Banjur Sang Adipati
diolehake mulih marang kadipaten. Karo nahan rasa kang sedhih, akhire Sang Adipati lan
rombongan mulih mlaku, amarga jarane uga melu dirampok.
Jajarane : ‘’ Dados kepripun Adipati? Piyambek badhe wangsul
mawon?’’
Munding Wilis ; ‘’ Ya kepeksa dhewek kudu bali. Ora papa sing penting
dhewek esih selamet saka rampok rampok mau.’’
Karo nahan rasa kang sedhih, akhire Sang Adipati lan rombongan mulih mlaku,
amarga jarane uga melu dirampok.
Sawise tekan ing kadipaten, Sang Adipati ngrasa seneng. Bojone wis nglairake putra
kang bagus rupane. Putrane mau nduweni tandha ing lengen sisih tengen yaiku belong “toh
wisnu”.
Munding Wilis : ‘’Syukurlah adinda kowe wis nglairna putra kerajaan.
Kangmas begya banget bisa dianugrahi putra sing bagus rupane kaya kie.’’
Garwane Adipati : ‘’ Enggih kangmas, adinda uga bungah sanget kangmas saged
wangsul kanthi slamet. Pangampurane nggih kangmas.’’
Munding Wilis : ‘’ Iya ora papa adinda.’’
Wektu padha lagi seneng seneng tiba tiba Abulawang teka. Abulawang lan anak
buahe ngrampok lan ngobong kerajaan uga umah warga. Adipati deslametna neng Ki Juru
Taman, pembantu kerajaan.
Abulawang : ‘’ Jukut kabeh banda banda sing berharga trus obong kabehan
sisi kerajaan lan umah umah warga.’’
Anak buah : ‘’ Kepripun menawi wonten prajurit kerajaan?’’
Abulawang : ‘’ Lah ya dlawan priwe si ko!!! Cepet nganah laksanakna
periintahku.’’
Neng kerajaan
Munding wilis : ‘’ Ana apa kiye? Bisa bisane Abulawang lan anak buahe mlebu
kerajaanku. Ora bisa dijorna, aku kudu turun tangan.’’
Ki Juru Taman : ‘’ Adipati!’’
Munding Wilis : ‘’ Ana apa ki?’’
Ki juru taman : ‘’

Pas kehananane wis aman Adipati kemutan putrane. Nanging wis delogeti ngendi bae
ora ketemu. Sawijining dinten ana warga sing nglapor menawi putrane Adipati diculik neng
Abulawang. Amarga ngerasa sedhih banget wong loro kue nyamar dadi wong tani Pak Sandi
lan Nyai Sandi.
Munding Wilis : ‘’ Adinda kepriwe menawa dhewek nyamar bae nggo
mastikna apa iya putrane dhewek deculik Abulawang.’’
Garwane Adipati : ‘’ Nyamar dados napa kangmas? Adinda purun nglakokna
napa mawon kanggo ketemu kalih putrane piyambek’’
Munding Wilis : ‘’ Dhewek nyamar bae dadi wong tani adinda nggo nipu
Abulawang.’’
Garwane Adipati ; ‘’ Nggih kangmas. Piyambak nyamar mawon dados Pak Sandi
lan Nyai Sandi.’’
Munding Wilis : ‘’ Bener adinda.’’
Neng papan lia Abulawang lan garwane lagi bungah banget amarga bisa nyulik
putrane adipati sing bagus rupane. Lorone banjur ngangkat anak lan njenengi putrane Jaka
Mruyung.
Garwane Abulawang ; ‘’ Mas aku bungah banget bisa duwe anak sing bagus rupane
kaya kiye.’’
Abulawang : ‘’ Iya bojoku, nyong be seneng bisa gawe ko seneng
kaya kiye. Tapi dewek ora olih ngejorna Jaka Mruyung metu adoh adoh saka bukit mruyung.
Aku kuatir ana sing bakal njahati Jaka Mruyung.’’
Garwane Abulawang ; ‘’ iya mas.’’
Saiki Jaka Mruyung wis ngancik tambah gedhe. Dheweke diwenehi wejangan dening
Abulawang yaiku ora kena lunga adoh-adoh saka Bukit Mruyung. Apa maneh nganti metu
saka Bukit Mruyung.
Abulawang : ‘’ “Le, kowe ora kena lunga adoh-adoh saka Bukit Mruyung.
Apa maneh metu saka wilayah Bukit Mruyung iki!”
Jaka Mruyung ; ‘’ Kepripun sih pak kula mboten angsal metu saking Bukit
Mruyung?’’
Abulawang : ‘’ Ya pokoke ora olih. Bapak wedi ana sin duwe niat ala
maring koe. Mula ko kudu janji maring bapak menawa ora bakal metu saka Bukit Mruyung.’’
Jaka Mruyung : ‘’ Nggih pak.’’
Saya suwe Jaka Mruyung ngrasa ora betah manggon ning Bukit Mruyung. Dheweke
ora seneng karo wong tuwane kang nduweni watek ala kayata seneng ngrampok, nginum, lan
judi.
Jaka Mruyung : ‘’ Kenangapa ya wong tuaku seneng nglakokna pegawean sing ala?
Padahal ngarmpok, nginum, lan judi iku udu pegawean sing apik. Apa aku minggat bae ya?
Aku uga wis ngrasa ora betah neng kene.’’

Banjur Jaka Mruyung lunga (minggat) saka Bukit Mruyung. Jaka Mruyung nglanggar
janjine marang Abulawang. Jaka Mruyung lunga numpak jaran Dawuk Mruyung. Jaran
Dawuk Mruyung mau jebul duweke ramane dhewe (Adipati Munding Wilis) kang biyen
dirampok dening Abulawang.
Ana Anak buahe Abulawang kang nglapor yen Jaka Mruyung minggat numpak jaran
Dawuk Mruyung. Abulawang mrentah anak buahe supaya nggudag Jaka Mruyung.
Anak buah : ‘’ Pangampuntene bos, kula wau ningali den Jaka numpak
kuda nuju dalan ingakang digunakna ngge medal saking Bukit Mruyung.’’
Abulawang : ‘’ Apa ko ngomong? Kenangapa Jaka Mruyung bisa metu
sekang Bukit Mruyung?
Anak buah : ‘’ Kula mboten ngertos bpa.’’
Abulawang : ‘’ Ya cepet udag Jaka Mruyung! Priwe sih ko.’’
Anak buah : ‘’ Nggih bos.’’
Jaka Mruyung digudag-gudag dening anak buahe Abulawang, nanging Jaka Mruyung
bisa metu saka Bukit mruyung lan ora kecekel.
Karo nggawa sangu, Jaka Mruyung lunga ngetan ngliwati alas-alas. Dheweke tekan
ing sawijining papan kang jenenge Dayehluhur. Jaka Mruyung mampir ing omah cilik,
duweke Ki Mranggi.
Jaka Mruyung : ‘’ ngampunten ki, kula Jaka Mruyung saking Bukit Mruyung.’’
Ki mranggi : ‘’ celuk bae aku Ki Mranggi.’’
Jaka Mruyung : ‘’ Nggih Ki Mranggi.’’
Ki mranggi : ‘’ Lah ngapa ko adoh adoh maring ngeneh lek? Apa ko ora
duwe panggonan?’’
Jaka Mruyung : ‘’Nggih ki kula mboten gadeh umah.’’
Ki Mranggi :‘’ Ya wis ko manggon ngene bae lek, ngancani aku.’’
Jaka Mruyung : ‘’Nggih ki?’’
Ki Mranggi yaiku bekas prajurit Majapahit kang manggon ing papan iku. Jaka
Mruyung diwarahi maca, nulis, keprajuritan, bela dhiri, lan ilmu kesaktian.
Ki Mranggi : ‘’ Jaka Mruyung, aku ngijinna kowe ngembara nerusna
perjalanan, mlaku terus kanti arah wetan, lan goleka alas kang jenenge Pakis Aji, iki sesuai
karo mimpine aku. Jaka Mruyung, nek wis nemukake alas mau, tulung dibabadna, merga
mbesuk dadi negara kang gedhe.’’
Jaka Mruyung : ‘’ Kepripun kulo kedah ngembara marang alas sing namine
Pakis Aji ki?
Ki Mranggi : ‘’ Iki sesuai karo mimpine aku. Jaka Mruyung, nek wis
nemukake alas mau, tulung dibabadna, merga mbesuk dadi negara kang gedhe.’’
Jaka Mruyung : ‘’ Sendiko dhawuh ki.’’

Jaka Mruyung budhal saka papan mau, manut pratandha saka Ki Mranggi, kanthi
ninggalake pesen supaya papan mau diarani Desa Panulisan papan kanggo maca lan nulis.
Jaka Mruyung akhire tekan neng papan sing amba, akeh suket ijone. Banjur papan
kue diarani Gumelar sing artine papan kang amba. Pangambaraan diterusake lan Jaka
Mruyung wis tekan ing sawijining papan lan dheweke ketemu karo wong lanang enom
jenenge Tlangkas.
Jaka Mruyung : ‘’ Apa njenengan ngerti neng ngendi Alas Pakis Aji?’’
Tlangkas : ‘’ Ooooh Pakis Aji, wis cedhek ing sisih kidul Kadipaten
Kutanegara.’’
Jaka Mruyung : ‘’ Ewu ewu suwun pratandha saka njenengan.’’
Akhire Jaka Mruyung nerusake pangumbarane maneh banjur ninggalake pesen
kanggo Tlangkas. Pesene yaiku yen besuke Tlangkas arep dijaluki tulung mbabad Alas Pakis
aji lan Tlangkas nyangguhi.

Jaka Mruyung : ‘’ Tlangkas, apa koe saguh yen aku ngutus kowe?’’
Tlangkas : ‘’ Saguh apa?’’
Jaka Mruyung : ‘’ Nulungi aku mbabad alas Pakis Aji iku?’’
Tlangkas : ‘’ Gelem Jaka Mruyung.’’
Dicritakake yen Ki Sandi wis tekan ing Desa Panulisan lan leren ing omahe Ki
Mranggi.
Pak Sandi : ‘’ Maturnuwun nggih ki Mranggi, sampun purun nampung
kula kalih garwa kula.’’
Nyai Sandi : ‘’ Nggih ki maturnuwun sanget.’’
Ki Mranggi : ‘’ Iya padha padha lek.’’
Sawise leren ana pirang-pirang dina ing omahe Ki Mranggi, banjur Ki Sandi
nyritakake yen tujuane dheweke yaiku nggoleki anake lanang kang nduweni tanda ing lengen
sisih tengen yaiku belong “ toh wisnu”.
Ki Mranggi : ‘’ Sebenere apa tujuane ko pada lunga adoh adoh?’’
Pak Sandi : ‘’ Sebenere kula lan garwa kula saweg madosi putra kula.’’
Ki Mranggi : ‘’ Emange anake ko kepriwe?’’
Nyai Mranggi : ‘’ Putrane kula ical ki.’’
Ki Mranggi : ‘’ Apa ciri ciri putrane ko?’’
Ki Mranggi : ‘’ Teng lengen sisih tengene wonten belong toh wisnu.
Banjur Ki Mranggi nyritakake yen bocah sing lagi digoleki mau saiki wis gedhe
jenenge Jaka Mruyung. Jaka Mruung durung suwe lunga ngetan golek Alas pakis Aji. Ki
Sandi ngrasa seneng amarga dheweke wis oleh kabar yen Jaka Mruyung iku anake lanang
kang lagi digoleki lan saikine isih urip.
Ki Mranggi : ‘’ Sebenere bocah sing ko goleti siki wis gede arane Jaka
Mruyung.’’
Nyai Sandi : ‘’ Ki Mranggi ngertos saking pundi?’’
Ki Mranggi : ‘’ Wingi ana bocah lanang kaya kue maring ngeneh, siki wis
lunga. Tek kon maring alas Pakis Aji nggo mbabat alas kue.’’
Pak Sandi : ‘’ Maturnuwun sanget nggih ki sampun maringi pawarta.’’
Ki Mranggi : ‘’ Iya padha padha. Wis mendingan ko pada cepet melune
jejake Jaka Mruyung nganah.’’
Pak Sandi : ‘’ Nggih ki, kula pamit rihin nggih.’’
Sesuke Ki Sandi lan bojone nerusake pangambaraane mlaku ngetan nututi bekas
lakune Jaka Mruyung. Ki Sandi lan bojone ngliwati kali kang bening banyune lan swarane
banter (kemracak). Mula mbesuke papan mau dijenengi Desa Kracak. Ing sawijining papan,
Ki Sandi ketemu karo wong lanang kang nggawa buah banjur dheweke takon jenenge buah
mau.
Pak Sandi : ‘’ Pak punika buah napa?’’
Warga : ‘’ Le mah gondang amis.’’
Pak Sandi : ‘’ Le mah gondang amis niku artosipun napa?’’
Warga : ‘’ Artosipun inggih puniku buah gondang kang rasane legi.’’
Banjur papan mau besuke dijenengi Desa Gondangamis. Pangambaraane Jaka
Mruyung saiki wis tekan ing pinggir Alas Pakis Aji. Dheweke leren ing papan kang akeh
manuk jalake. Papan mau banjur dijenengi Pejalakan. Dheweke mlebu ing Alas Pakis Aji.
Jaka Mruyung tekan ing Kali Datar lan ing papan kana uga ana kedung. Ing kedung kana
akeh manuk Serwitine. Banjur papan mau dijenengi Kedung Serwiti.

Sawise Jaka Mruyung tekan ing pinggir Alas Pakis Aji, dheweke langsung mbabad
alas. Nalika dheweke lagi mbabad alas mau, Jaka weruh ing sakitare kana ana wong akeh
kang lagi padha gawe tambak iwak.
Jaka Mruyung : ‘’ Akhire butul neng alas Pakis Aji. Nyong kudu cepet cepet
mbabad. Eh kae kayane ana wong, apa nyong njaluk tulung bae ya? Iya lah.’’
Jaka Mruyung nyedaki wong-wong mau lan njaluk tulung mbabad Alas Pakis Aji.
Banjur wong-wong mau pada nyangguhi.
Jaka Mruyung : ‘’ Pak!’’
Warga : ‘’ Ana apa lek?’’
Jaka Mruyung : ‘’ Kula badhe sambat mbabati alas niki.’’
Warga : ‘’ Oalah, ya ngeneh lek ora ketang setitik tek tulungi.
Mumpung ana wong aleh kie.
Jaka Mruyung : ‘’ Maturnuwun nggih pak.’’
Warga : ‘’ Iya padha padha lek.’’

Jaka Mruyung lan wong-wong mau mulai mbabad Alas Pakis Aji. Nalika lagi mbabad
Alas Pakis Aji, jaka weruh naga (ula kang gedhe). Ula mau dicekel dening Jaka Mruyung
banjur dipateni banjur diobong.
Jaka Mruyung : ‘’ Apa kae? Kayane ana ula gede. Aku kudu gegiyan mateni
ulane, mbokan ana sing kena bisane.’’
Ula mau dicekel dening Jaka Mruyung banjur dipateni banjur diobong. Nalika lagi
ngobong ula, genine melu ngobong Alas Pakis Aji.
Jaka Mruyung : ‘’ Kenangapa alase melu keobong kaya kie yah? Aku kudu
minggir sekang alas kiye mbokan malak melu keobong.’’
Warta yen Alas Pakis Aji kobongan, wis ditrima dening Adipati Nglangak yaiku
Adipati Kutanegara.
Punggawa : ‘’ Sendiko dawuh Adipati. Kula angsal pawarta menawi alas
Pakis Aji keobong.’’
Adipati Nglangak : ‘’ Apa ko ngomong? Bisa bisane alas Pakis Aji kobongan.
Sapa sing wani wanine ngobong alas Pakis Aji?’’
Adipati Nglangak murka banget marang Jaka Mruyung. Semana uga wong-wong ing
Kadipaten Kutanegara, kabeh melu nyalahake Jaka Mruyung. Banjur Sang Adipati ngutus
para punggawane kanggo nangkep wong kang wis mbakar Alas Pakis Aji yaiku Jaka
Mruyung supaya diukum.
Adipati Nglakak : ‘’ Pokoke aku ora pengin ngerti. Ko, punggawa kudu nangkep
wong sing wis wani mbakar alas Pakis Aji. Lan ukum wong kue!’’
Punggawa : ‘’ Sendiko dawuh Adipati.’’
Jaka Mruyung digoleki dening punggawa Kadipaten Kutanegara. Ora mbutuhake
wektu kang suwe kanggo nggolek dheweke.
Punggawa : ‘’ Heh Jaka Mruyung!’’
Jaka Mruyung : ‘’ Ana apa kiye?’’
Punggawa : ‘’ Ko kudu melu dewek marang kerajaane Adipati Nglakak,
kadipaten Kutanegara.
Jaka Mruyung : ‘’ Emange apa salahku? Kenangapa aku kudu maring
nganah.’’
Punggawa : ‘’ Ko wis wani wanine ngobong alas Pakis Aji. Ko kudu
maring kerajaan nggo tanggng jawab karo sing wis ko lakoni.’’
Jaka Mruyung : ‘’ Aku ora sengaja ngobong alas Pakis Aji pas lagi ngobong
ula gede sing ana neng kono,’’
Punggawa : ‘’ Ko kudu tetep melu dewek marang kerajaan.’’
Akhire Jaka Mruyung teyeng kecekel neng punggawa. Jaka Mruyung diukum, banjur
dheweke dadi tahanan ing Kadipaten Kutanegara.
Adipati nglakak : ‘’ Punggawa siki lebokna Jaka Mruyung marang penjara.’’
Punggawa : ‘’ Sendiko dawuh Adipati.’’
Jaka Mruyung : ‘’ Pangampuntene Adipati nglakak. Mbok wau kula sampun
njelasna menawi kula mboten sengaja bade ngobong alas Pakis Aji. Kula nemu ula gede
banjur tek pateni lan tek obong. Tapi jebule apine ngrambat marang sekitar alas Pakis Aji.’’
Adipati Nglakak : ‘’ Bener orane ceritane ko, ko kudu tetep delebokna marang
penjara. Ko wis ngobong alas Pakis Aji amarga ceroboh.’’
Nalika dadi tahanan Jaka Mruyung ngetokake tingkah laku kang sopan santun.
Akhire Jaka Mruyung dibebasake.
Adupati Nglakak : ‘’ Jaka Mruyung siki koe tek culna amarga ko ora tau gawe
ulah sing aneh aneh selama neng penjara. Kelakuane ko apik.’’
Jaka Mruyung : ‘’ Maturnuwun Adipati Nglakak.’’
Adipati Nglakak : ‘’ Iya padha padha. Tapi aja nganti kejadian kaya kue keulang
maning.’’
Jaka Mruyung : ‘’ Enggih Adipati. Kulo uganyuwun pangampura atas sikape
kula sing ceroboh.
Adipati Nglakak : ‘’ Iya Jaka Mruyung.’’
Adipati Nglangak nduwe anak telu yaiku Dewi Pandansari, Dewi Pandanayu, lan
Dewi Rantansari. Ing sawijining dina, Kadipaten Kutanegara nganakake sayembara kanggo
ngolek Senopati Kadipaten Kutanegara. Senopati yaiku pemimpin perang utawa prajurit.
Adipati Nglakak : ‘’ Punggawa, umumna marang kabeh wong menawa
Kadipaten Kutaegara arep ngadakna sayembara kanggo nggolet senopati Kadipaten
Kutanegara.’’
Punggawa : ‘’ Sendiko dawuh Adipati.’’
Ing sajroning sayembara, Jaka Mruyung oleh lawan kang sakti jenenge Ki Ketol
Ireng. Wong loro mau padha-padha kuwate lan saktine.
Ki Ketol Ireng : ‘’ Heh Jaka Mruyung, mending ko ngaku bae kalah amarga ko
mesti ora bakal teyeng nandingi kesaktenane aku.’’
Jaka Mruyung : ‘’ Pertandingane bae orung demule ki, mentaka nyong arep
nyerah kaya kue. Mending Ki Ketol bae sing ngakuni kalah.’’
Ki Ketol Ireng : ‘’ Alah ya jawabaku kaya koe mau. Pokoke aku ora bala
mandeg sedurung menang saka koe.’
Jaka Mruyung : ‘’ Ya wis dhewek buktikna bae sapa sing lewih pantes
menang neng kene.’’
Wong loro mau padha-padha kuwate lan saktine. Nanging akhire Ki Kentol Ireng
nyerah, dheweke ngaku kalah lan Jaka Mruyung menang
Ki kentol Ireng : ‘’ Wis wis Jaka Mruyung. Aku ora kuat maning.’’
Jaka Mruyung : ‘’ Nah siki koe ngerti mbo ki sapa sing lewih tangguh.’’
Ki Kentol Ireng : ‘’ Iya aku ngerti. Aku ngaku kalah.’’
Banjur dheweke uga dinikahake karo anake adipati Nglangak kang nomer loro yaiku
Dewi Pandanayu.
Adiapati Nglakak : ‘’ Jaka Mruyung, koe tek amanaih kanggo njaga putriku. Aja
ngannti koe gawe masalah maning sing ora ora.’’
Adipati Nglakak : ‘’ Nggih ayahanda.’’
Sawise Jaka mruyung dadi adipati, dheweke mulih menyang Kadipaten Galuh
Pakuan. Wong-wong kadipaten wis ora padha kenal lan ora ngerti yen tamu kang nembe teka
mau jebule Jaka Mruyung, putrane Adipati Munding Wilis.
Tlangkas : ‘’ Sebenere Jaka Mruyung niku putrane Adipati Munding
Wilis sing mbiyen ilang.’’
Adipati Nglakak : ‘’ Ko jere sapa Tlangkas angger Jaka Mruyung kuwe
keturunane Adipati Munding Wilis?
Tlangkas : ‘’ Mbiyen Jaka Mruyung deculik teng perampok ingkang
namine Abulawang pas umure 4 dinten. Teras Jaka Mruyung diangkat anak.’’
Adipati Nglakak : ‘’ Angger bener kaya kuwe nyong wani nyerahna Kadipaten
Kutanegara kiye marang Jaka Mruyung.’’
Akhire Kadipaten Kutanegara diserahake marang Jaka Mruyung.
Adipati Nglakak : ‘’ Jaka Mruyung siki tek pasrahna Kadipaten Kutanegara
marang koe.’’
Jaka Mruyung : ‘’ Maturnuwun sanget sampun percaya kalih kula ayahanda.’’
Adipati Nglakak : ‘’ Iya. Tapi ko kudu ngurus Kadipatin kie kanthi bener. Aku
ora gelem angger krungu ko mrintah kadipaten iki asal asalan lan gawe kahanan kerajaan
dadi semrawutan.’’
Jaka Mruyung : ‘’ Nggih ayahanda, kula bakal senantiasa njaga Kadipaten
Kutanegara,’’
Sawise Jaka mruyung dadi adipati, dheweke mulih menyang Kadipaten Galuh
Pakuan. Wong-wong kadipaten wis ora padha kenal lan ora ngerti yen tamu kang nembe teka
mau jebule Jaka Mruyung, putrane Adipati Munding Wilis.
Kisanak : ‘’ Kae sih sapa ya? Kaya ora tau tuman ana neng kene.’’
Paijo : ‘’ Iya padha bae. Kayne tah anu wong lagi ngembara.
Sutinem : ‘’ Walaah apik tenan ya rupane. Kaya mirip sapa kaya kue.’’
Paijo : ‘’ Iya yah kaya ora asing karo raine.’’
Kisanak : ‘’ Ngger dedeleng deleng kaya madan mirip karo Adipati
Munding Wilis yah.’’
Sutinem : ‘’ Ala iya bener. Madan mirip.
Ing kahanan kang kaya mangkono, Ki Juru Taman nglapor yen Rama lan Ibune Jaka
Mruyung lunga nggoleki putrane kang digawa lunga perampok Abulawang.
Ki Juru Taman : ‘’ Lek.’’
Jaka Mruyung : ‘’ Eh nggih ki?
Ki Juru Taman : ‘’ Kenalna nyong ki juru taman,pembantu neng kene.’’
Jaka Mruyung : ‘’ Kula Jaka Mruyung ki, kula adipati saking Kadipaten
Kutanegara.’’
Ki juru taman : ‘’ Apaako lai nggoleti Adipati Munding Wilis karo
garwane?’’
Jaka Mruyung : ‘’ Enggih ki. Ki juru taman ngertos?’’
Ki juru taman : ‘’ Iya. Adipati Munding Wilis lan garwane lunga kanthi
nyamar dadi wong tani yaiku Pak Sandi lan Nyai Sandi sawise ngerti menawa anake kue
deculik neng Abulawang lan diangkat anak.’’
Jaka Mruyung : ‘’ Berarti saiki ibu bapak kula saweg madosi kula?’’
Ki Juru Taman : ‘’ Iya bener.’’
Jaka Mruyung banjur mrentah punggawane supaya nyebarake pengumunan kang isine
sapa kang bisa nemokake Adipati Munding Wilis lan bojone bakal diwenehi hadiah.
Jaka Mruyung : Punggawa!’’
Punggawa : ‘’ Nggih Adipati.’’
Jaka Mruyung : ‘’ Sebarna pengumuman marang kabeh wong menawa sapa
bae sing teyeng nemokna Adipati Munding Wilis lan bojone bakal olih hadiah.’’
Punggawa : ‘’ Sendiko dawuh Adipati.’’
Sawijining dina, Adipati Munding Wilis lan bojone maca pengumuman mau. Sang
Adipati lan bojone ngrasa seneng banget. Akhire wong loro mau sarujuk arep teka dhewe
marang Kadipaten Kutanegara nemoni putrane yaiku Jaka Mruyung.
Munding Wilis : ‘’ Adinda kayane kie putrane dhewek sing wis nganakna
sayembarane.’’
Garwane Adipati : ‘’ Enggih kangmas. Rasa rasane putrane piyambek sampun
ngertos menawi piyembek niku wong tuane.’’
Munding Wilis : ‘’ Iya bener adinda.’’
Garwane Adipati : ‘’ Adinda seneng sanget kangmas, sedela malih piyambek
saged ketemu kalih putra kito.’’
Munding Wilis : ‘’ Iya adinda, aku juga seneng. Mulane mending siki dhewek
langsung mangkat marang Kadipaten Kutanegara Nemoni Jaka Mruyung.’’
Garwane Adipati : ‘’ Enggih kangmas.’’
Sawise tekan ing Kadipaten Kutanegara, Adipati Munding Wilis lan bojone
nyritakake yen dheweke kuwi wong tuane Jaka Mruyung. Adipati Munding Wilis uga
nyritakake sebabe Jaka Mruyung bisa pisah saka wong tuwane.
Garwane Adipati : ‘’ Jaka Mruyung.’’
Jaka Mruyung : ‘’ Sapa ya?’’
Munding Wilis : ‘’ Kie ibu bapakmu lek. Aku Munding Wilis lan kiye garwaku
alis ibumu.’’
Jaka Mruyung : ‘’ Bapak? Ibu?’’
Garwane Adipati : ‘’ Iya lek. Koe mbok sing gawe pengumuman kae.’’
Jaka Mruyung : ‘’ Apa koe teyeng njelasna menawa ko kue ibu
bapakku?’’
Munding Wilis : ‘’ Teyeng. Ganu pas koe esih umur patang dina, kerajaan
diserang neng oerampok sing jenenge Abulawang. Abulawang ternyata ydy kur ngerampok
nanging uga nyulik koe lek.’’
Garwane Adipati : ‘’ Trus dhewek mutusna nyamar dadi wong tani supaya ora
dekenali kanggo nggoleti ko lek.’’
Munding Wilis : ‘’ Aku juga ngerti menawa ko tau ketemu Ki mranggi
sedurung marang alas Pakis Aji.’’
Jaka Mruyung : ‘’ Dadi niki ibu lan bapakku?
Garwane Adipati : ‘’ Iya bener lek.’’
Jaka Mruyung : ‘’ Pangampurane ya pak bu sampun sanjang sing
kasar.’’
Munding Wilis : ‘’ Iya lek ora papa.’’
Garwane Adipati : ‘’ Ibu seneng banget lek teyeng ketemu karo koe.’’
Jaka Mruyung : ‘’ Eggih bu, Jaka uga seneng sanget saged ketemu kalih ibu
lan bapak.’’
Sawise ngerti critane kabeh, banjur Jaka Mruyung arep nuntut bales marang
Abulawang. Nalika semana Jaka Mruyung isih jengkel.
Jaka Mruyung : ‘’ Punggawa siapna kabeh pasukan kanggo nyerang
Abulawang lan anak buaeh.’’
Punggawa : ‘’ Sendiko dawuh gusti.’’
Jaka Mruyung lan punggawane budhal menyang Bukit Mruyung.
Jaka Mruyung : ‘’ Pasukane wis siap punggawa?’’
Punggawa : ‘’ Sampun Adipati.’’
Jaka Mruyung : ‘’ Ya ayuh pada mangkat.’’
Punggawa : ‘’ Nggih Adipati.’’
Sadurunge tekan ing Bukit Mruyung, dheweke malah diserang dening Abulawang lan
anak buaeh. Banjur Jaka Mruyung lan punggawane genti nyerang.
Punggawa : ‘’ eeh, mengkin rihin Adipati.’’
Jaka Mruyung : ‘’ Ana apa punggawa?
Punggawa : ‘’ Niku wonten Abulawang lan anak buaeh. Pripun niki
Adipati?’’
Jaka Mruyung : ‘’ Ya ayuh deladeni.’’
Abulawang langsung nyerang Jaka Mruyung lan pasukane.
Abulawang : ‘’ Heh Jaka Mruyung!’’
Jaka Mruyung : ‘’ Apa Abulawang?’’
Abulawang : ‘’ Wani wanine ko nyeluk nyong kaya kue. Dasar bocah ora
ngerti diuntung!’’
Jaka Mruyung : ‘’ Njenengan sing ora ngerti diuntung, wis ngrampok kerajaan
tapi malah nyulik aku juga.’’
Abulawang : ‘’ Halah kakehen omong, kie uripku ngapa ko ngatur ngatur.
Aku ora peduli ko anakku apa udu. Wis, pasukan seraang!’’
Akhire Abulawang lan rombongane bisa dikalahake. Abulawang ngaku salah lan
njaluk pangapura marang Jaka Mruyung. Jaka Mruyung ora ngukum Abulawang amarga
dheweke esih eling karo jasa-jasane Abulawang kang wis ngopeni dheweke nganti gedhe.
Abulawang : ‘’ Ampun Jaka Mruyung, nyong njaluk pangapura, nyong
pancen salah.’’
Jaka Mruyung : ‘’ Sampun tek pangapurani, sedurung rika njaluk pangapura.’’
Abulawang : ‘’ Kesuwun banget Jaka.’’ ( Kro sujud maring Jaka Mruyung )
Jaka Mruyung : ‘’ Nggih sami sami, sampun lah rika menyat, kudune kulo ya
sing kesuwun,’’
Anulawang : ‘’ Lah deneng kesuwun?’’
Jaka Mruyung : ‘’ Kulo ya teksih kemutan, nek rika niku sampun rumat kulo
kanthi gedhe kados niki.’’
Abulawang : ‘’ Tapikan nyong wis nyulik kowe sekang Adipati Munding
Wilis.’’
Jaka Mruyung : ‘’ Nggih mboten nopo nopo, kulo ya nyuwun pangampura
sampun sanjang kanthi kasar.’’
Abulawang :‘’ Ya kowe juga wis tek pangampurani.’’
Abulawang lan bojone dipindah menyang Kutanegara.
Jaka Mruyung : ‘’Mending seniki Abulawang pindah mawon marang
Kutanegara.’’
Abulawang : ‘’Kenangapa sih Jaka Mruyung?’’
Jaka Mruyung :’’ Nggih mboten nopo, ken kulo saged urip kalih tiang tiang
sing tek tresnani.’’
Abulawang :’’ Kesuwun banget Jaka Mruyung ILY3000.’’

Jaka Mruyung akhire bisa urip tentrem lan seneng amarga urip bareng karo wong
kang ditresnani. Sawise kuwi ibukota Kadipaten Kutanegara dipindah marang Alas Pakis Aji
kang wis dibabad mau. Alas Pakis Aji mau dijenengi AJIBARANG. Mula Jaka Mruyung
kuwi Adipati Ajibarang kang kaping pisan.

Sawise Kadipaten Kutanegara ngadeg, Kadipaten Kutanegara dibagi dadi rong desa
yaiku Desa Kutawera lan Desa Candinegara. Bukti yen cerita iki pancen ana yaiku anane
kuburan kang jenenge Pandansari, yaiku kuburane Dewi Pandansari. Uga ana kuburan
Pandanayu yaiku kuburane Dewi Pandaayu bojone adipati Jaka Mruyung. Kuburan mau
ana ing sisih lor Ajibarang. Yen Dewi Rantansari ana ing Gunung Putri, sisih kidul
Ajibarang lan Gunung mau dijenengi Gunung Putri.

You might also like