Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 4

PENILAIAN TENGAH SEMESTER GANJIL 2019/2020

MATA PELAJARAN BAHASA DAERAH KELAS VIII

Hari : Senin, 16 Maret 2020 Jam : 07.30 – 09.30 Guru Mata Pelajaran : Sri Zuliati, Indah Sri Wulandari
Pilihen jawaban sing kokanggep bener!
Wacan kanggo pitakonan nomer 1-4!
Aryaprabu Sarabasanta lan Si Bungkus
Nalika Aryaprabu Sarabasanta lan punggawane wis tekan ing Alas Mandalasara, rombongan kuwi weruh Si Bungkus lagi
kempis-kempis kaya wong lagi ambekan karo keprungu swara “heemmm . . . hemmmm” kaya swara singa lagi nggerem. Ora
kakehan omong, Aryaprabu Sarabasanta lan punggawane ngontalake pirang-pirang gegaman marang Si Bungkus.
Nanging ora ana gegaman kang tumama mbedhah Si Bungkus. Malah suwalike, Si Bungkus banjur obah-obah, ngglindhing
ngantem wong-wong Gandaradesa kongkonane Arya Suman kasebut.
Aryaprabu Sarabasanta lan punggawane padha kelabakan lan padha mlayu tunjang palang ngadhepi obahe Si Bungkus.
Kabeh padha mlayu sumebar ing alas kaya dene ana watu gedhe kang ngglindhing mrana-mrene ing tengahing ngalas. Ora mung
kuwi, Si Bungkus uga bisa ngetokake angin lesus kang gedhe banget saengga marakake wong Gandaradesa padha mabur adoh
metu saka Alas Mandalasara iku.
Arya Suman, Raden Suyudana, lan Raden Dursasana krasa keder atine meruhi kahanan kang kaya ngono iku. Banjur wong
telu kuwi age-age mungkur, lan lunga ora sida mateni Raden Bima kang isih ing njero bungkus.
1. Aryaprabu Sarabasanta lan punggawane kalebu kulawarga . . .
A. Ngastina.
B. Pandhawa
C. Kurawa
D. bathara
2. Kang ndhalangi Aryaprabu Sarabasanta pengin merjaya Si Bungkus yaiku . . .
A. Puntadewa
B. Permadi
C. arya Suman
D. Patih Yamawidura
3. Lakune Aryaprabu Sarabasanta menyang Alas Mandalasara didherekake karo . . .
A. Punakawan
B. Pandhawa
C. Wong-wong gandaradesa
D. Kurawa
4. Latar saka crita kasebut yaiku ing . . .
A. Suralaya
B. Alas mandaraka
C. Kahyangan
D. Alas Dandaka
5. Satriya panengahing Pandhawa yaiku . . .
A. Puntadewa
B. Werkudara
C. arjuna
D. Nakula lan Sadewa

Wacanen kanthi premati kanggo mangsuli soal nomer 6-13.


Resi Subali
Resi Subali salah sawijine pandhita wanara sing masanggrah ana ing pretapan Wukir Sonyapringga. Resi Subali putrane
Maharsi Gutama. Nalika during jumeneng Begawan asmane Raden Subali. Duwe sedulur nom Sugriwa utawa Anjanarka. Ya
awit banjur wujud wanara mau Raden Subali kadhawuh dening rama laku tapa brata ana ing Gunung Tunon. Patrape nggone
semedi sumampir neng pange wit, dadi ngglantong kaya kalong.
Saka genturing tapane Subali sarirane nganti lunglit, padharane prasasat kraket karo wit. Amarga keprebawan sumuking
sarirane Subali, kewan-kewan alas padha ora kuwat manggon ing sacedhake wit mau, wusana padha sumingkir adoh. Bareng
anggone tapa ngglantong ing wit wis antuk sawatara warsa suwene, Subali antuk nugrahaning Dewa pinaringan Aji Pancasona.
Mungguh dayane aji mau njalari bisa kali sing pati, sasuwene isih ngambah ing bantala.
Pinuju sawijining dina Prabu Dasamuka lelana napak ing dirgantara. Bareng abure ngliwati ing sandhuwure Wukir
Sonyapringga, dumadakan mak brug. Dasamuka tiba ing bantala, sarirane gumlethak ana ing sangisore wit kang dienggo mertapa
Subali. Amarga kaget krungu swara gumebrug pindha gunung jugrug mau, Subali noleh mangisor. Bareng priksa ana raseksa
njerbabah ndhepani lemah, Subali nuli tumurun. Raseksa kang kapidara diusadani, satemah waluya sejati.
Nanging sawise eling purwa duksina, Dasamuka banjur sulaya ing rembug karo Subali, amarga kekarone padha ngaku
pinunjul ing jagad. Dasamuka ngelingake Subali supaya aja mbanjurake nggone mertapa. Sebab, sanadyan mertapa nganti pirang-
pirang ewu warsa, tanpa guna, awit ora bakal bisa nyundhul kasektene Dasamuka sing pancen pinesthi dening Jawata kudu
pinunjul dhewe ing sajagad.
Perang campuhe Subali lumawan Rahwana ngoregake bawana. Gegrumbulan kang ana sajrone Alas Sonyapringga bosah-
basih, wit-witan kang cilik-cilik padha rubuh. Nanging wreksa kang gedhe-gedhe padha sempal, ketrajang krodhane Subali lan
Rahwana.
Ora suwe amarga ketaman candrasa, Subali nggeblag ing bantala, mati. Nanging let sedhela tangi gumregah. Subali
njenggelak tangi maneh, tumuli ndugang Dasamuka nganti kepleset adoh. Subali saben-saben palastra kena candrasa. Nanging
saben ngemasi, let sakedhep netra, Subali mak gregah tangi banjur mrawasa marang Dasamuka.
Suwe-suwe Dasamuka tuwuh gagasane mangkane, “Subali darbeni aji-aji kang marakake ora bisa mati. Mendah senenge
penggalih ingsun Manawa bisa darbeni aji-aji kaya kang kadarbe dening Subali. Prayogane ingsun nungkul wae, lan banjur
suwita marang dheweke. Mbokmanawa ana welase Subali, gelem menehi aji-aji kang njalari bisa kali sing pati. Mulane bareng
Subali mati bisa waluya maneh.” Suwe-suwe Dasamuka nyelehake gaman nuli ngaraspada marang Subali sarwa ngrerepa.
“Dhuh Kakang Subali, kula sampun tobat, boten badhe wanton dhateng paduka. Sapunika kula pasrah jiwa raga kula, paduka
kersa kula aken kadang kula wredha, sarta wiwit dinten punika kula nedya suwita ing paduka kakang Subali.” Sanalika lilih
dukane Subali, nuli ngandika, “He, Dasamuka, ing sarehne sira wus nungkul marang ingsun, sarta sira ngaku rumangsa dadi
kadang taruna, prasetyamu sun tarima. Mula wiwit dina iki ingsun tampa nggonira puruhita marang ingsun.”
Bungah rasaning penggalihe Dasamuka, nuli mbaleni ngaraspada marang Subali. Bab ngelmu panembah Dasamuka wis
kulina, nanging bab nanggulangi krodhaning angkara dheweke nampa padhadharan kang abot dening Subali. Nanging kadereng
kepengin antuk aji-aji kaya kang kadarbe Subali suwe-suwe ngatonake kasetyane nggone puruhita, tansah manut lan mituhu.
Bareng wis sawatara warsa, nuju wulan purnama, Dasamuka klakon diwejang aji Pancasona sarta banjur kondur ing Ngalengka.
6. Watake Prabu Rahwana iku kepriye?
A. angkara murka
B. Welas asih
C. Jembar segarane
D. darma bekti
7. Prabu Rahwana jejuluk uga . . .
A. Kumbakarna
B. Kala Marica
C. Dasamuka
D. Sri Ramawijaya
8. Ing ngendi papan pasanggrahane Resi Subali iku?
A. Pretapan Gunung Tunon.
B. Pretapan Wukir Sonyapringga
C. alas Roban liwang-liwung
D. Pretapan Negara Ngalengka
9. Khasiyate Aji Pancasona yaiku . . .
A. kalis ing pati
B. kalis sing lelara
C. Kalis ing bebaya
D. Kalis ing gaman
10. Resi Subali iku salah sawijine pandhita kang awarna . . .
A. peksi
B. Sima
C. kukila
D. Wanara
11. Sedulur nome Raden Subali yaiku . . .
A. Wrekudara
B. Arjuna
C. Sarewa
D. Sugriwa
12. Sapa Sadewa iku?
A. pambarepe Pandhawa
B. panggulune Pandhawa
C. panengahe Pandhawa
D. Wuragile Pandhawa
13. Dewi Kunthi karo Raden Sadewa iku kaprenah apa?
A. Dewi Kunthi iku ibu kandhunge Raden Sadewa.
B. Dewi Kunthi iku ibu kuwalone Raden Sadewa.
C. Kunthi iku bulike Raden Sadewa.
D. Kunthi iku eyang putrine Raden Sadewa.
14. Pandhawa sing angka siji iku arane . . .
A. Nakula
B. Puntadewa
C. Bimasena
D. Arjuna
15. Pandhawa angka loro aran . . .
A. Nakula lan Sadewa
B. Puntadewa
C. Bimasena
D. Arjuna
16. Pandhawa angka telu aran . . . .
A. Nakula lan Sadewa
B. Puntadewa
C. Bimasena
D. Arjuna
17. Tembang macapat iku ana . . . warna.
A. 11
B. 10
C. 9
D. 8
18. Tembang macapat iku kaiket paugeran . . .
A. guru gatra, guru sastra, guru wilangan.
B. guru swara, guru sastra, guru basa
C. Guru lagu, guru wilangan, guru swara
D. guru gatra, guru wilangan, guru lagu
19. Kang diarani guru wilangan yaiku . . .
A. cacahing wanda saben sapada.
B. cacahing wanda saben satembung
C. cacahing wanda saben sagatra
D. Cacahing wanda saben sapada
20. Kang diarani guru lagu yaiku . . .
A. dhong-dhinging swara saben pungkasan wanda.
B. dhong-dhinging swara saben pungkasan tembung.
C. Dhong-dhinging swara saben pungkasan gatra.
D. Dhong-dhinging swara saben pungkasan pada.
21. cacahing gatra saben sapada diarani . . .
A. guru wilangan
B. Guru gatra
C. Guru wanda
D. guru lagu
22. Ing ngisor iki sing kalebu jenise tembang macapat yaiku ….
A. Gambuh
B. .gundhul-gundhul pacul
C. lir ilir
D. Menthog-menthog
23. Ing sawernane tembang macapat, sing darbe/nduweni paugeran 9 gatra yaiku . . .
A. Pangkur
B. asmaradana
C. sinom
D. dhandhanggula
24. Gatekna tembang ing ngisor iki!
Omahku ing sacedhake gunung watu
adoh saka kutha
resik ra ana polusi
warga sehat bagas waras adoh lara
Miturut cacahe gatrane, tembang ing dhuwur kalebu tembang . . .
A. pucung
B. Megatruh
C. maskumambang
D. Kinanthi
25. Tembang kang nduweni guru wilangan lan guru lagu 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i yaiku . . .
A. pucung
B. megatruh
C. Durma
D. Kinanthi
26. Tembang kang nduweni 7 gatra yaiku tembang . . .
A. pucung, kinanthi, mijil
B. asmarandana, pangkur, Durma
C. asmarandana, mijil, sinom
D. Dhandhanggula, pocung, mijil
Mangertenana isine tembang iki kanggo mangsuli soal nomer 27-31!
Sing mulang muruk iku
ingaranan bapak ibu guru
ndadekke aku sakanca dadi wasis
wasis pinter kawruhipun
ora dadi bocah kemplo
27. pawongan sing mulang kita kareben dadi wasis yaiku . . .
A. bapak lan ibu
B. simbah
C. Bapak lan ibu guru
D. adhik
28. Tembung wasis ing tembang kasebut tegese . . .
A. pinter
B. rajin
C. bodho
D. kemplo
29. Tembang kasebut ingaranan . . .
A. pucung
B. Gambuh
C. Asmarandana
D. Durma
30. Paugeran tembang kasebut dumadi saka . . .
A. 5 gatra= 7u, 10u, 13i, 8u, 8o
B. 5 gatra = 8u, 10u, 12i, 8u, 8o
C. 5 gatra = 7u, 10u, 12u, 7u, 8o
D. 5 gatra = 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
31. Guru lagune tembang kasebut yaiku . . .
A. u, u, i, u, o
B. ku, ru, sis, pun, plo
C. 7u, 10u, 12i, 7u, 8o
D. 7, 10, 12, 7, 8
32. Paugerane tembang dhandanggula yaiku . . .
A. sagatra = 10 pada
B. sagatra = 10 wanda
C. sapada = 10 gatra
D. sapada = 10 wanda
33. Tembang macapat iku kaiket paugeran cacah . . .
A. telu
B. papat
C. lima
D. enem
34. Guru lagune tembang pangkur yaiku . . .
A. i, a, e, a, a, u, a
B. a, i, a, i, i, u, a, i, a
C. a, i, u, a, u, a, i
D. u, a, i, a
Gatekna tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli soal nomer 35-38!
jago kluruk rame kapiyarsi
lawa kalong luru padhelikan
jrik kawanan ing semune
wetan bang sulakipun
mrandhani yen bangun enjing
rembulan wus gumlewang
neng kuloning gunung
ing padesan wiwit obah
lanang wadon pan samya anambut kardi
netepi kuwajiban.
35. Tembang macapat ing ndhuwur kadadean saka...gatra.
A. 7
B. 8
C. 9
D. 10
36. Guru wilangan lan guru lagu gatra kelima tembang ing dhuwur yaiku....
A. 8i
B. 10i
C. 12i
D. 8a
37. Tembang ing ndhuwur diarani tembang macapat . . .
A. mijil
B. maskumambang
C. megatruh
D. dhandhanggula
38. Tembung kapiyarsi ing tembang dhuwur tegese....
A. keprungu
B. Rame
C. swara
D. Pitik
39. Urutane tembang sing trep kang nuduhake lakuning manungsa yaiku . . .
A. mijil- maskumambang - sinom- asmarandana- kinanthi- dhandanggula- gambuh- durma- pangkur- megatruh- pocung.
B. maskumambang- mijil- sinom- kinanthi- asmarandana- gambuh- dhandanggula- durma- pangkur- megatruh- pocung.
C. maskumambang- mijil- sinom- kinanthi- asmarandana- dhandanggula- gambuh- pangkur- durma- megatruh- pocung.
D. maskumambang- mijil- sinom- kinanthi- asmarandana- dhandanggula- gambuh- durma - pangkur - pocung- megatruh.
40. Filsafat kang kinandhut ing tembang kinanthi yaiku . . .
A. Nalika isih enom, manungsa kudu golej elmu saakeh-akehe kanggo sanguning urip ing tembe mburine.
B. nggambarake wong kang ngancik alam kaluwarga. Manungsa dielingake menawa kabeh tingkah polahe manungsa iku ana
akibate.
C. kahanane manungsa kang wis sarwa kecukupan padha nindhakake darma marang sapadhane.
D. manungsa kudu bisa mungkurake kabeh hawa nepsune.

You might also like