Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 5

BAB I

PENDAHULUAN
A.Latar Belakang Masalah

Macapat minangka sebutan metrum gurit jawa tengahan lan jawa anyar, sing nganti saiki isih
ditresnani masarakat, nyatané pancèn angèl dilacak sajarahé. [15] Poerbatjarakamratélakaké yèn
macapat lair bebarengan karo geguritan basa Jawa tengahan, nalika macapat wiwit kaloka, durung
diweruhi kanthi premana. Pigeaud duwé panemu yèn tembang macapat dipigunakaké ing wiwitan
kalamangsa Islam. Pratélan Pigeaud sing asipat informasi kira-kira iku isih perlu diupayakaké
kacocogan tauné sing mesthi. Déné Karseno Saputra ngira-ira adhedhasar analisis marang sawetara
panemu lan pratélan. Yèn nyata pola metrum sing dipigunakaké ing tembang macapat padha karo
pola metrum tembang tengahan lan tembang macapat tuwuh ngrembaka sairing karo tembang
tengahan, mula banjur dikira-kira yèn tembang macapat wis ana ing kalangan masarakat saora-orané
taun 1541 masèhi. Pangira-ira iki adhedhasar angka taun sing ana ing kidung Subrata, Juga Rasa Dadi
Jalma = 1643 J utawa 1541 masèhi. (Saputra, 1992: 14) Bab iki adhedhasar pola metrum macapat
sing paling wiwitan sing ana ing kidung Subrata. Watara taun iku tueuh geguritan abasa jawa kuna,
jawa tengahan lan jawa anyar ya iku kekawin, kidung lan macapat. Taun pangira-ira iku cocog uga
karo panemuné Zoetmulder luwih kurang ing abad XVI ing jawa urip bebarengan telu basa, ya iku
jawa kuna, jawa tengahan lan jawa anyar. Sajeroning Mbombong manah I (Tejdohadi Sumarto,
1958: 5) disebutaké yèn tembang macapat (sing nyakup 11 metrum) diciptakaké déning Prabu
Dewawasesa utawa Prabu Banjaransari saka Sigaluh ing taun Jawa 1191 utawa taun Masèhi 1279.
Nanging miturut sumber liya, macapat ora mung diciptakaké déning sawiji wong, nanging déning
sawetara wali lan bangsawan. (Laginem, 1996: 27). Para pancipta iku ya iku Sunan Giri Kedaton,
Sunan Giri Prapen, Sunan Bonang, Sunan Gunung Jati, Sunan Murya, Sunan Kali Jaga, Sunan
Drajat, Sunan Kudus, Sunan Geseng, Sunan Majagung, Sultan Pajang, Sultan Adi Eru Cakra lan Adipati
Nata Praja. Nanging miturut kajian ilmiah ana loro panemu sing duwé prabédan ngenani lairé
macapat. Panemu sapisan mratélakaké yèn tembang macapat iku luwih tuwa tinimbang tembang
gedhé lan panemu kaloro suwaliké. Kajaba panemu iku isih ana panemu liya ngenani lairé macapat
adhedahsar perkembangan basa.
A). Tembang macapat luwih tuwa tinimbang tembang gedhé Panemu pisanan nganggep yèn
tembang macapat luwih tuwa tinimbang tembang gedhé tanpa wretta utawa tembang gedhé
kawi miring. Tembang macapat timbul ing jaman Majapahit pungkasan nalika prabawa
kabudayan Islam wiwit surut (Danusuprapta, 1981: 153-154). Diandaraké déning
Purbatjaraka yèn lairé macapat bebarengan karo kidung, kanthi anggepan yèn tembang
tengahan ora ana. (Poerbatjaraka, 1952: 72)
B). Tembang macapat luwih anom tinimbang tembang gedhé Panemu kaloro nganggep yèn
tembang macapat lair ing wektu prabawa kabudayan Hindhu tansaya tipis lan rasa kabangsan
wiwit tuwuh, ya iku ing jaman Majapahit pungkasan. Lairé macapat urut-urutan karo kidung
banjur muncul tembang gedhé abasa jawa pertengahan, sabanjuré muncul macapat abasa
jawa anyar. Lan ing jaman Surakarta wiwitan muncul tembang gedhé kawi miring. Wangun
gubahan abasa jawa anyar sing akèh disenengi ya iku kidung lan macapat. Prosès
pamunculané wiwit nalika lair karya-karya abasa jawa pertengahan sing biyasa ingaran kitab-
kitab kidung, banjur muncul karya-karya abasa jawa anyar arupa kitab-kitab suluk lan kitab-
kitab niti. Kitab suluk lan kitab niti iku mènèhi sumbangan sing gedhé marang perkembangan
macapat.
C). Tembang macapat adhedhasar perkembangan basa Sajeroning hipotèsis Zoetmulder
(1983: 35) disebutaké yèn kanthi linguistik basa jawa pertengahan dudu arupa pangkal basa
jawa anyar, nanging arupa rong cawang singkapisah lan divergen ing basa jawa kuna. Basa
jawa kuna minangka basa umum sajeroning kalamangsa Hindhu – Jawa nganti runtuhé
Majapahit. Wiwit tekané prabawa Islam, basa jawa kuna tuwuh miturut rong arah sing béda
siji lan sijiné lan nuwuhaké basa jawa pertengahan lan basa jawa anyar. Sabanjuré, basa jawa
pertengahan lan kidungé berkembang ing Bali lan basa jawa anyar kanthi macapat-é tueuh
ing Jawa. Malah nganti saiki tradisi panulisan karya sastra jawa kuna lan pertengahan isih ana
ing Bali.

B.Rumusan Masalah

1.Apa kue tembang macapat ?

2.Apa ciri-cirine tembang mijil lan maskumambang ?

3.Apa watake tembang mijil lan maskumambang ?

4.Contoh-contoh tembang mijil lan maskumambang ?

C.Tujuan

1.Ngerti apa kue tembang macapat

2.Ngerti apa bae ciri-ciri tembang mijil lan maskumambang

3.Ngerti watake tembang mijil lan maskumambang

4.Ngerti contoh-contohe tembang mijil lan maskumambang

D.Manfaat

Supaya pembacane ngerti apa kue tembang macapat lan bisa ngerti makna
apa bae sing ana neng tembang macapat.
BAB II

PEMBAHASAN

A.Pengertian Tembang Macapat

Tembang macapat yaiku salah sawijining tembang kang ngrembaka ing tlatah Jawa kang
nduweni sawenehing paugeran. Paugeran-paugeran ing tembang macapat iku cacahe ana telu,
yaiku guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan. Miturut Padmosoekotjo (1953:13) guru yaiku
uger-uger, wewaton, paugeran, pathokan.

Tembang macapat iki ana kang ngarani yen macane papat-papat, kang dimaksud yaiku
macane saben patang wanda (suku kata). Miturut Widada, dkk (2011:449) macapat tegese
tembang sing kalumrah ing layang-layang anyar. Tembang macapat minangka asil saka
kasusastran periodhe sastra Jawa gagrag anyar.

Macapat cacahe ana 11 metrum, yaiku Mijil, Maskumambang, Kinanthi, Sinom, Asmaradana,
Gambuh, Dhandanggula, Durma, Pangkur, Megatruh, lan Pucung. Saben metrum macapat kasebut
nduweni paugeran panulisan lan cara nembangake kang seje. Ing saben metrum iku nduweni cengkok
sing akeh. Maneka warnane cengkok kasebut dumadi awit kreativitase masyarakat Jawa minangka
kang nduweni tembang macapat kasebut (Sugito HS, 2010:6).

B.Ciri-ciri Tembang Mijil lan Maskumambang


1.Ciri-ciri Tembang Mijil
Nggambarake laire bayi sing wis genah lanang utawi wadon
2.Ciri-ciri Tembang Maskumambang
 Saka 'kemambang' = nggambarake janin utawi jabang bayi nang njero rahim
ingkang durung jelas lanang utawi wadon
C.Watake Tembang Mijil lan Maskumambang
1. Mijil, watake wedharing rasa pangrasaning ati. Cocok kanggo pasemon
crita kang ngemu pitutur, lan uga cocok kanggo tembang ngungrum (gandrung).
2. Maskumambang, watake sedhih, susah, nelangsa, kelara-lara. Cocok
kanggo pasemon crita sedhih nelangsa.
D.Contoh-contoh Tembang Mijil lan Maskumambang
1.Contoh Tembang Mijil (10i – 6o – 10e – 10i – 6i – 6o)
Dedalanne guna lawan sekti
Kudu andhap asor
Wani ngalah dhuwur wekasane
Tumungkula yen dipundukanni
Ruruh sarwa wasis
Samubarangipun
2.Contoh Tembang Maskumambang ( 12i – 6a – 8i – 8o )
Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi
Ha nemu duraka
Ing donya tumekeng akhir
Tan wurung kasurang-surang
BAB III
PANUTUP
A.Kesimpulan
Kito saged mangerti ingkang tembang macapat iku tembang tradhisional ing
tlatah Jawa.Saben padha macapat ndarbeni ukara salarik sing diarani gatra,lan
saben gatra nduwe sawetara guru wilangan (suku tembung) tinamtu,lan
dipungkasi nganggo uni pungkasan sing diarani guru lagu.Kita uga saged
mangerti isine tembang macapat mijil lan maskumambang.
B.Saran
Kito kudu njaga kelestariane tembang macapat amarga tembang macapat iku
nyanyian utawa puisi saking daerah kito daerah Jawa.
C.Daftar Pustaka
WWW.GOOGLE.COM

You might also like