Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 5

REMIDI PENILAIAN TENGAH SEMESTER GANJIL

Mata Pelajaran : BAHASA JAWA


Kelas : XI
Waktu : 80 Menit
Hari/ Tanggal :

I. Wenehana tandha ping ( X ) ing aksara a, b, c, utawa d kang dadi wangsulan kang
kaanggep paling bener!

1. Geguritan iku kanggo gampange diarani uga ...


A. Kakawin Jawa kuna
B. Kidung Jawa pertengahan
C. Tembang macapat
D. Tembang campursari
E. Puisi Jawa modern/gagrag anyar
2. Sing mbedakake geguritan lan tembang dijelaskake kaya ing ngisor iki, yaiku ...
A. Geguritan cacahe wanda lan cacahe gatra ana tata aturane.
B. Geguritan iku olehe maca kudu ditembangake/dilagokake.
C. Geguritan iku ora kaiket guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.
D. Tembang macapat iku ora nduweni guru gatra, guru wilangan, guru lagu.
E. Tembang iku nggunakake purwakanthi guru swara ab / ab.
3. Ing ngisor iki sing kelebu struktur batin ing geguritan yaiku ...
A. Tema lan amanat
B. Diksi lan tipografi
C. Enjambemen lan lelewaning basa
D. Purwakanthi lan wirasa
E. Panyitra lan diksi
4. // Gemricik swaramu ing wayah esuk/ agawe tentrem ning ati/ kricik-kricik
kata tatanan tembang kang enda//
Kutipan geguritan ing dhuwur nggunakake panyitra ...
A. Pandeleng
B. Pangganda
C. Pangrungu
D. Pangrasa
E. Panindak
5. //umpama Hongkong kuwi lor kali/ wis wingi-wingi/dakparani//
Purwakanthi kang digunakake yaiku purwakanthi guru ...
A. Swara i
B. Sastra t
C. Basa/lukamsita kali
D. Swara um
E. Sastra g
6. Tujuan maca endah geguritan yaiku ...
A. Nemokake struktur batin geguritan
B. Nemokake struktur fisik geguritan
C. Supaya sing mirsani padha nggumun lan eram marang sing maca
D. Bisa menehi tandha andhegan, nata napas, lan pangucapan
E. Sing nyemak, mirsani dadi ngerti isi, piweling lan kaendahan geguritan
7. Alon-bantere swara, selaras-seimbange swara, nganti dadi kaya wirama kang endah , iku
diarani ...
A. Diksi
B. Tempo
C. Dinamika
D. Artikulasi
E. Modulasi
8. Teknik Ambegan/napas iku penting banget, iku diarani ...
A. Dinamika
B. Ambegan
C. Intonasi
D. Modulasi
E. Andhegan
9. Owah-owahane swara, umpamane swara wong tuwa, iku diarani ...
A. Dinamika
B. Ambegan
C. Intonasi
D. Modulasi
E. Andhegan

Pitakon
Heh manungsa
Kepriye anggonira padha
Jejer dadi pangarsa
Gubernur, bupati, lan wali kutha
10. Geguritan ing ndhuwur iku aweh pitakonan babagan ...
A. Kaperluan
B. Rasa pangrasa
C. Pamikiran
D. Panguripan
E. Kuwajiban
11. Geguritan ing ndhuwur kelebu geguritan …
A. Modern
B. Lawas
C. Klasik
D. Mbeling
E. Anyar

12. Solah bawa, obah mosike sakujur awak nalika maca geguritan iku kudu bisa ...
A. Komunikatif, ekspresif, lan konsentrasi
B. Modulasi,intonasi, artikulasi
C. Tempo, diksi, ambegan
D. Komunikatif, modulasi, artikulasi
E. Dinamika, tempo, njawani
13. Tembung “sun nggegurit” iku lumrahe tinemu ana ing ...
A. Tembang macapat
B. Tembang tengahan
C. Tembang gedhe
D. Geguritan Jawa lawas
E. Geguritan jawa anyar

Gegarane wong akrami


Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Yen angel angel kalangkung
Yen gampang luwih gampang
Tan kena tinumbanas arta
14. Tembang macapat iki arane ...
A. Dhandhanggula
B. Pangkur
C. Mijil
D. Asmaradana
E. Maskumambang

Mingkar mingkuring angkara


Angkarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ngilmu luhung
Tumrap ing tanah jawa
Agama ageming aji
15. Tembang macapat iki arane ...
A. Dhandhanggula
B. Pangkur
C. Mijil
D. Asmaradana
E. Maskumambang
16. Struktur geguritan ana loro, yaiku ...
A. Struktur batin lan struktur rokhani
B. Struktur jasmani lan struktur fisik
C. Struktur intern lan eksteren
D. Struktur batin lan struktur fisik
E. Struktur lair lan struktur batin
17. Ritme iku mujudake ...
A. Purwakanthi (persamaan bunyi) ing geguritan
B. Dhuwur endheke, dawa cendhake, banter alone uni
C. Gegentenaning munggah mudhune swara secara teratur
D. Mimike wadana nalika maca endah sawijinine guritan
E. Wujud guritan kaya kaca (halaman)
18. Ing ngisor iki kang kalebu kabudayan dhaerah awujud adat istiadat yaiku...
A. Reyog
B. Tedhak siten
C. Kethoprak
D. Wayang purwa
E. Ludruk
19. Wayang kalebu jinise kabudayan dhaerah kang awujud ...
A. Kesenian tradhisional
B. Adat istiadat
C. Upacara adat
D. Tuntunan
E. Tontonan
20. Upacara adat kang ditindakake nalika wanita lagi mbobot watara enem utawa pitung
sasi diarani ...
A. Selapan
B. Mantenan
C. Brokohan
D. Siraman
E. Tingkeban
21. Ing ngisor iki kang ora kalebu ancase nindakake upacara adat tingkeban yaiku ...
A. Ngonjukake rasa syukur marang Gusti Allah
B. Minangka pangajab supaya bayine lair kanthi lancar nir ing sambikala
C. Minangka pangajab supaya bayi nduweni wewatakan kayadene wayang kang
kagambar ing klapa
D. Nuduhake marang tangga teparo yen laire lancar
E. Pangajab marang bayi kang bakal dilairake mbesuke oleh kabegjan
22. Ing ngisor iki kang ora kalebu upacara adat naliika bayi lair yaiku ...
A. Brokohan
B. Sepasaran
C. Selapan
D. Tedhak siten
E. Midodareni
23. Upacara adat kang dianakake nalika bayi wis lair ngancik umur pitung wulan diarani ...
A. Brokohan
B. Sepasaran
C. Selapan
D. Tedhak siten
E. Nyapih
24. Kang dikarepake ing upacara tedhak siten, yaiku ...
A. Kareben bocahe sehat
B. Kasiapan bocah kanggo nglakokake kauripan kang bener ing mangsa ngarep
C. Cedhake manungsa karo bumi
D. Kanggo ngendhani kadadean sing ora becik
E. Atur puji syukur marang gusti kang murbeng dumadi
25. Karepe bocah nyebar udhik-udhik utawa dhuwit, yaiku ...
A. Bocah saged ngliwati tantangan ing uripipun
B. Supaya si bocah nduweni dalan urip kang apik lan bisa agawe seneng kaluwargane
C. Bocah kuwi mlebu donya lan ing njero uripe bisa kacukupan awit saka pakaryane
kang wis dipilih wiwit cilik
D. Bocah iku nyeker-nyeker pasir kang nduweni teges nggoleki panganan
E. Bocah nalika diwasa bisa dadi bocah kang dermawan lan seneng tetulung
26. Sawise ditemokake ing omahe penganten putri, sepasar sabanjure diterake ing omahe
penganten kakung.
Tegese tembung kang kacetak kandel yaiku ...
A. Sedina
B. Telung dina
C. Limang dina
D. Pitung dina
E. Sepuluh dina
27. Upacara larung sesaji biyasane dilaksanake ....
A. Wulan Januari
B. Wulan April
C. Wulan Besar
D. Wulan Sura
E. Wulan Desember
28. “Adicara pasrah lamaran sampun kalampahan kanthi ... kalis ing rubeda nir ing
sambekala.”
A. Reja raharja
B. Rahayu wilujeng
C.Terang trawaca
D.Suka rena
E. Rila legawa
29. Penganten kaloro kapangku dening bapake penganten putri kanthi tangan loro,
karangkulan ing pamindhangane penganten sarimbit, sineksenan dening ingkang ibu
lan para tamu, para sepuh. Iki tinemu ing adicara ...
A. Dhahar kembul
B. Kacar kucur
C. Bobot timbang
D. Gantalan
E. Singep sindur
30. Ing kegiyatan iki dumadi balang – balangan suruh.
Iki tinemu ing adicara ...
A. Dhahar kembul
B. Kacar kucur
C. Bobot timbang
D. Gantalan
E. Singep sindur

You might also like