Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 10

WULANGAN 2

Dening :
Andi Putra Prasetiya, S.Pd
Kompetensi Dasar dan Indikator

3.2 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis unsur


intrinsik maupun ekstrinsik teks sastra klasik dan
modern secara lisan dan tulis.
3.2.1 Menganalisis unsur intrinsik cerita wayang
3.2.2 Menganalisis unsur ekstrinsik cerita wayang
3.2.3 Menganalisis relevansi isi cerita wayang dengan
zaman sekarang
Menginterpretasi, menanggapi dan mengekspresikan
4.2 teks sastra modern dan klasik (wayang) sesuai isi
secara lisan dan tulis.
4.2.1 Menceritakan isi cerita wayang
4.2.2 Menanggapi isi cerita wayang
4.2.3 Membaca indah teks dhialog cerita wayang
WAYANG SAKJONING
BEBRAYAN JAWA
Miturut sejarahe, wayang purwa mujudake reriptane para Wali nalika ngremakakake
piwulang agama Islam ing tanah Jawa. Panggunane wayang minangka sarana
dakwah Islam, kaleksanan saka kawicaksanane para Wali, kang bisa nggayutake
tradisi Hindu Buddha Kalawan kapitayan anyar kang asipat Islami.Wayang Mujudake
Asiling Kabudayan kang tuwuh lan tinampa bebrayan penyengkuyunge. Kanthi crita
apik utawa wira carita maneka warna, terus ngrembaka.

Sumbering crita, akeh-akehe saka manca, kayata: epos Ramayana utawa Maha
Bharãta saka tanah Indu. Ing tembe buri, sumber crita saya ngrembaka, kaya ta:
Critane Wong Agung Menak (saka Arab lan Persia), crita Panji apadene Damar Wulan
(epos lokal), crita mawa sumber mitos agama, kaya ta critane para Nabi lan Rasul
saka kitab suci Injil), caritane para Wali lan paraga mitos Islami liyane (saka tanah
Jawa), carita dongeng (kancil, lsp), lan paraga lumrah ing jaman saiki.

Senajan watake kabeh lakon wayang meh padha utawa ana empere, saben teks
carita wayang uga ana sambung rapete karo jinise wayang mau. Maneka warna jinise
wayang, ana sesambungane karo sumbere teks caritane. Sumber crita mau banjur m
bedakake jinise wayang, siji lan sijine. Ing kene jinis lan sumbere carita wayang bisa
kaprinci kaya ing ngisor iki:
PUNAKAWAN
Wayang Purwa / Madya

Semar Petruk Gareng Bagong


UNSUR INTRINSIK LAN
EKSTRINSIK

Satra mujudake asil imanji utawa yasane penuli.


Karya sastra Jawa kaya dene cerkak, cerbung,
novel, crita wayang, drama, lan geguritan iku Unsur kang mangun ing
karya sastra
mesti ora bakal uwal saka unsur-unsur kang
mangun ing sajrone karya sastra kasebut. Unsur
kang mangun ing sajrone karya sastra dibedakake
dadi rong werna, yaiku unsur intrinsik lan
ekstrinsik
Intrinsik Ekstrinsik
Unsur intrinsik yaiku unsur kang mangun ing saksjrone crita kuwi. Unsur instrinsik
kaperang dadi 8 yaiku:

1. Tokoh utawa Paraga


Mujudake wong sing ana ing jero crita. Tokoh dibedakake dadi 3, yaiku:
• Paraga Utama
• Paraga Pembantu/ Figuran

2. Penokohan/wateg/figuran
Wateg sing diduweni dening tokoh/ paraga ing crita ana 3, yaiku :
• Antagonis (mujudake wateg/sipat umume ala)
• Protagonis (mujudake wateg/ sipat umume becik/apik)
• Tritagonis (mujudake wateg/ sipate sing kerep owah antarane becik lan ala).

3. Tema
Mujudake punjering pikiran kang nglandhasi/ ndhasari crita.

4. Alur
Mujudake rerangken lumakune crita. Alur diperang dadi 3, yaiku:
• Alur Maju
• Alur Mundur
• Alur Campuran
5. Sudut Pandang
Mujudake kalungguhan panulis tumrap ing jero crita. Diperang dadi 2, yaiku
• Wong Kapisan, nggunakake tembung “aku”
• Wong Katelu, nggunakake tembung “dheweke”

6. Amanat
Mujudake pitutur kang ana ing sakjrone crita. Pitutur iki katunjokake marang pamaca.

7. Setting
Mujudake gegambaring papan/panggonan, wektu, lan kahanan kang dumadi ing sakjrone crita.

8. Gaya Bahasa
Mujudake cara khas/ mligi sawijine panulis sajrone medharake ide, gagasan liwat crita.
Unsur Ekstrinsik
Saliyane unsur intrinsic kang wus kaadharake mau, uga ana unsur ekstrinsik kang mangun
ing crita. Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mangun ing saka njaba crita kuwi. Kang dadi
perangane unsur ekstrinsik yaiku kayata :
• Latar belakang panulis,
• pandangan panulis, lan
• Kahanan sosial, budaya, politik, ekonomi kang dumadi nalika karya sastra kasebut
diciptakake

You might also like