Teks Bahasa Jawa

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 6

TUGAS BAHASA JAWA

ANALISIS TEKS DRAMA

NAMA ANGGOTA:
1. ARRAYAN YEDHI NALENDRA
2. ATSILA MAULA TSABITA
3. DENI RACHMAD PRIYADI
4. DIMAS ADI KURNIAWAN
5. DWI AJENG PUTRI RAHAYU
6. DWIE THORIQ AGUNG PRAYODYA
KEONG MAS
Nuju sawijining dinten Raden Inu Kertapati lan Candra kirana wonten ing krajaan ngwontenake parepatan kangge
ngrembag babagan nikahane Raden Inu Kertapati kaliyan Candra Kirana. Ananging Dewi Galuh sedereke Candra
Kirana ora seneng yen Raden Inu kaliyan Candra Kirana nikahan banjur dheweke lungga saka krajaan kanggo
nemoni Mbah Dukun.

Dewi galuh   :  “Aku pengen adhiku dadi apa wae sing paling nggilani. Cepet saiki!”

Mbah dukun : “Ngapunten sakderenge putri, nanging wonten punapa saengga kula kedah ngutuk Candra Kirana?”

Dewi Galuh : ”Candra Kirana wes ngrebut Raden Inu Kertapati saka aku, aku ora pengen ngerti Candra kirana dadi
bjone Raden Inu Kertapati.”

Mbah Dukun : “Inggih.”

(Ing sawijining dina, ana wong tuwa utawa rondo tuwo sing diarani mbok randha dadapan sing lagi golek iwak
nganggo jala ing kali.)

Mbok Randha : “Rasa-rasane dina iki aku pengin mangan iwak. Ah … coba tak golek iwak nang kali nganggo jala,
mesthi luwih cepet entuk katimbang nganggo pancing.”

(Saktekane ing kali…)

Mbok Randha : “kira-kira sing akeh iwake ngendi ya?”

(Mbok Randha Dadapan banjur nggolek pakan iwak, supaya iwake pada teka lan gampang dijupuk nggo jala.
Nanging dheweke malah nemokake keong kang warnane emas sing nyangkut ing jalane. Keong mas banjur
digawa bali karo mbok Randha Dadapan.)

Mbok Randha : “Coba tak kei pakan supaya iwake pada nyerak. Aduh-aduh kok ora ana sing nyerak, nanging jalaku
abot, apa ya iki…? Weh…lah, keong mas apik bangetwarnane beda karo liyane. Tak gawa mulih wae diingu.”

(Sakwise tekan ngomah, keong mau banjur disimpen ana genthong. Dina sesuke, mbok Randha nunggu-nunggu
iwak njedhul, nanging wis dienteni suwe iwake ora njedhul-njedhul. Mbok Randha Dadapan banjur bali menyang
ngomah.)

Mbok Randha : “Endi iwake, awet wingi kok ora njedhul-njedhul apa lagi musim jagongan ya, iwake pada njagong,
yo wis lah mulih wae.”

(Saktekane ing ngomah Mbok Randha Dadapan kaget amarga neng meja pawone wis ana panganan kang enak-
enak dheweke kaget banget.)

Mbok Randha : “We ladalah, saka ngendi tekane panganan iki, sapa sing ngeteri ya?”

(Mbok Randha ngubengi omahe, ora ana wong siji-sijio dheweke tambah bingung mikir asale panganan kuwi.
Mbok Randha Dadapan banjur nduwe cara supaya ngerti sapa sing menehi panganan kanggo dheweke.

Sesuke Mbok Randha ethok-ethoke lunggo neng kali, padahal dheweke menyang mburi omah pengin ngerti asale
panganan akeh kuwi. Mbok Randha Dadapan kaget amarga keong mas sing neng genthong ngerti-ngerti dadi
perawan ayu. Perawan mau banjur masak lan nyepakake panganan neng meja. Mbok Randha Dadapan banjur
nemoni perawan mau.)

Mbok Randha : “Kowe sapa cah ayu? Kok iso keong alih dadi perawan ayu? Saka ngendi asalmu?”
Candra Kirana : “Kula putri Candra Kirana saking Kraton Daha ingkang disihir dados keong mas dening mbah dukun
ingkang kautus dening sedherek kula.”

(Sakwise njawab pitakonan saka Mbok Randha Dadapan, Candra Kirana banjur malih maneh dadi keong mas.
Mbok Randha Dadapan semaput amrga kaget banget karo kedadean sing dialami lagi wae.

Raden Inu Kertapati ngerti menawi Candra Kirana ilang. Dheweke banjur madosi Candra Kirana kanthi nembo-
nembo dadi wong cilik.)

R.Inu Kertapati    : “Waduh Candra Kirana ana ngendi ki? Hem…cah ayu ndang balio, kakang kangen karo kowe.
Wah aku kudu goleki dheweke, nanging piye carane ya? Aha…aku membo-membo dadi rakyat wae.”

(Nanging Mbah Dukun krungu menawi Raden Inu Kertapati arep ngoleki Candra Kirana. Dheweke banjur nembo-
nembo dadi manuk gagak lan niat nyelakakake Raden Inu Kertapati.)

Mbah Dukun        : “Ihihihih…aku bakal nyelakakake kowe Raden Inu Kertapati.”

(Nalika ana ing tenah ndalan, Raden Inu Kertapati arep goleki Candra Kirana dheweke banjur nembo-nembo dadi
manuk gagak lan niat nyelakakake Raden Inu Kertapati.)

Mbah Dukun     : “Raden, panjenengane badhe tindak pundi?”

R.Inu Kertapati : “Aku arep nggoleki Candra Kirana ana apa kowe kok ngalangi lakuku.”

Mbah Dukun     : “Ngapunten Raden, kula badhe nyaosi pirsa bilih Candra Kirana eonten ing tengah alas.”

R.Inu Kertapati : “Apa bener?”

Mbah Dukun     : “Inggih Raden!”

R.Inu Kertapati : “Tak cekel omonganmu!”

(Nalika ana ing tengah alas, Raden Inu Kertapati boten nemokake Candra Kirana. Dheweke ketemu pengemis,
pengemis iku kandha yen Candra Kirana ing pinggir alas cedak kali, Desa Dadapan.)

R.Inu Kertapati : “Candra Kirana… kowe ana ngendi cah ayu? Aku Raden Inu Kertapati!”

Pengemis          : “Raden paring-paring…”

R.Inu Kertapati    : “Niki kula wonten satunggal ewu rupiah.”

Pengemis          : “Nuwu Raden, ngapunten panjenengan madosi Candra Kirana?”

R.Inu Kertapati    : “Inggih Mbah, jenengan ngeros saking pundi? Turune manuk gagak Candra Kirana wonten ing
tengah alas mriki.”

Pengemis          : “Manuk gagak niku badhe nyelakakake panjenengan, sejatine Candra Kirana ing laladan
Dadapan.”

R,Inu Kertapati  : “Matur nuwun mbah, kula badhe nglajengaken lampah.”

Pegemis            : “Sami-sami.”

(Ing wektu iku, Mbah Dukun lan Pengemis adu kekuatan)

Mbah Dukun     : ”Woi ngopo kowe nyampuri urusanku? Apa kowe wani karo aku?”

Pengemis          : “Anggomku ngalahke kowe iku gampang rasakna penthungku iki!”
Mbah Dukun      : “Waduh…!”

Pengemis       : “Kalah tho!”

(Wonten ing dadapan Raden Inu Kertapati mampir ing salah sawijining gubuk arep mampir ngombe. Dheweke
weruh Candra Kirana ing njero gubuk kuwi.)

R.Inu Kertapati    : “Wah ngelak ki aku. Mampir neng gubuk iku sek wae lah. Kulo nuwun…!”

Candra Kirana     : “Mangga wonten perlu napa?”

R.Inu Kertapati    : “Candra Kirana … alhamdulilah akhire aku nemokake kowe.”

Candra Kirana     : “Inggih, kula Raden.”

R.Inu Kertapati    : “Aku nggoleki awakmu nganti ngendi-ngendi cah ayu, kepriye critane awkamu iso tekan kene?”

Candra Kirana     : “Niku Raden kula dipun kutuk dadi keong mas dening Mbah Dukun lajeng kula diopeni kaliyan
Mbok Randha Dadapan wonten mriki.”

R.Inu Kertapati    : “Nistha temen kelakuane Dukun kuwi, sakiki dening aku wis nemukake awakmu ayo balek nang
krajaan karo aku.”

Candra Kirana     : “Sembah nuwun Raden.”

Raden Inu Kertapati lan Candra Kirana lajeng ngadakake pesta kangge gelar syukuran dening baleke Candra Kirana
menyang krajaan maneh. Senajan tho Candra kirana boten nesu kaliyan Dewi Galuh nanging nasibe Dewi Galuh
yaiku sedereke Candra Kirana, tetep dimudhunke tingkatane amarga tumindhake sing nistha banjur  ora dadi dewi
maneh nanging dadi rakyat biasa ing Desa Dadapan
ANALISIS TEKS DRAMA

ORIENTASI:
1. Raden Inu Kertapati watake Apik, wicaksana, loman
2. Dewi Candra Kirana watake Mbiyantu, apikan
3. Dewi Galuh watake Meri, licik
4. Pengemis watake Mbiyantu, apikan
5. Dukun watake Licik, jahat
6. Mbok Rondho watake Mbiyantu, apikan

KOMPLIKASI:
Dewi Galuh kepingin adhine supaya dikutuk dadi opo
sing paling nggilani, dukun ngutuk dewi candra kirana
dadi keongmas, banjur ditemuake kale Mbok Rondho
lan digowo nang omah e.

RESOLUSI:
Keongmas digawa mbok rondho menyang omah lan
dijaga. siji wektu mbok rondo golek iwak mau bosen
amarga ora entuk iwak banjur mulih lan wis terasa wis
akeh sajian ing omah, dheweke kaget lan bingung. dina
sabanjure mbok rondo brpura nyamar lunga saka
omahe sanajan ana ing sangarepe omah, dheweke
weruh wanita ayu saka Keongmas, dheweke kaget.
raden inu kertapati nemokakeek dewi candra kirana
dheweke ketemu karo dukun kasebut, dukun kasebut
ngandhani yen dewi candra kirana beada ana ing
tengah alas, dheweke mlaku menyang alas lan nemoni
pengemis sing ngandhani yen dewi candra kirana ana
ing desa sing deleng. Raden Inu Kertapati langsung
menyang desa Dadapan lan ndhelik ono petubuk lawas
lan ternyata ana dewi Candra Kirana, dheweke ngajak
dewi Candra Kirana bali menyang kerajaan.

Koda:
Aja sombong karo kasugihan amarga sugih ora digawa,
lan aja cemburu karo wong liya

You might also like